Anda di halaman 1dari 2

Topik : Sehat niku larang

Judul : Pola Urip Sehat

Pembukaan
Ngedeken jambu ning jero peti

Jambune di imbu kangge pengaosan

Bapak lan ibu sing kule hormati

Kule ende nyerios gagasan

Damar totok ning duhur lembedang

Damare nungkeb ngobongi pari

Alhamdulillah kule sampun tekang

Nyumponi pengaturan saking dewan juri

Assalamu 'alaikum Warrahmatulloh Wabarakatuh,


Alhamdulillahirobbil ‘alamin, wabihi nasta’in ‘ala umuriddunyawaddin,
ashsholatuwassalamu’ala asrofil ambiyaa iwal mursalin wa’ala alihi washohbihi ajma’in.
amma ba’du
Sing kehormat maring ibu lan bape guru. Sing kehormat maring pare dewan juri, pare
hadirin lan rencang-rencang kule sing milet rawuh ning acare puniki.
Selajenge kule haturaken puji lan syukur mareng gusti Allah SWT ing kang sampun
ngisungi rahmat sehat wal’afiat lan rahmat liane sing boten bangkit diitung
Sholawat lan salam mugi-mugi kelimpah curahaken mareng junjungan kule habibina wa
syafiina wamaulana Muhammad Saw, kangge keluargane, sahabate lan ummate
sampe akhir kiamat.
Isi
Dulur-dulur sing kule hormati

Kule antuk keamanatan atanapi ngewakili rencang-rencang kule sing SDIT Al-
Zahira, nggih puniku nyampekaken sios topik sing wenten hubungane sereng
kesehatan.

Rencang-rencang, waras atanapi sehat badan niku salah sios sing utami kangge
ngelakoni keuripan saban dinten. Dados kule sedanten napik meleng nalike
kewentenane badan sing sehat. Sababe sehat niku bangkit diumpameaken larang.

Maler katah uwong sing ngederebeni angluh ning badan, sababe mergi uwong sing
jarang open sereng badane dewek. Wenten sing derebe angluh atanapi penyakit
sing maler anyar, sampe wenten penyakit sing kelebete pun lambat, ugah wenten.

Pare hadirin sedanten

Nanging kule sedanten napik meleng sereng kewentenane penyakit niku, kule
sedanten kedah bangkit ngelakukaken sing antuk dilakoni. Cepe dokter lamun
kangge ngejage kesehatan niku katah, diantawise nggih puniku : kedaharan sing
bergizi, olahraga, nginum wedang putih sing katah. Niku sebenere care kangge
ngejage kesehatan, supados boten berobat lan sereng biaye sing larang.

Dados, wenten katah kegiatan sederhane kangge ngejage kesehatan, sing bangkit
kule sedanten lakoni saban dinten dipuni kesehatan kule sedanten angger kejage.
Nanging kule sedanten niku tampolane boten open kangge ngelakoni, padahal pola
urip sehat niku boten mahal. Dados sing ngegawe mahal niku pola urip sing boten
sehat, atanapi lamun wenten penyakit ning badan bakalan katah metu duite.

Derebe pola urip sing sehat niku penting, mergi sereng pola niku, kule sedanten
antuk ngelawan macem-macem penyakit. Dados, ayo dulur-dulur sedanten sareng-
sareng dibiasakaken ngejage pola urip sehat tiap dinten, dipuni kule sedanten
derebe badan sing sehat lan kuwat.

Anda mungkin juga menyukai