Anda di halaman 1dari 5

Hadirin sidang jumat Rohimakumulloh saking nduwur mimbar puniko

khotib wasiat dumateng kito sedoyo khususipun diri pribadinipun khotib


supados ningkataken kualitas iman lan taqwa dumateng Alloh SWT
kanti nglakoni nopo ingkang dados printahaipun Alloh lan nebihi nopo
ingkang dados cecegahipun Alloh

Allah SWT sampun berfirman wonten Surat al-Baqarah ayat 43:

َّ ‫َوَأقِي ُمواال‬
َ‫صاَل ةَ َوآتُواال َّز َكاةَ َوارْ َكعُوا َم َعالرَّا ِك ِعين‬
“Lan Lakonono Sholat, lan bayaro Zakat lan ruku’o sartane wongkang
podo ruku’.“ (QS. al-Baqarah: 43)

Salah setunggaling perintah Allah SWT ingkang dados kewajiban kito


sebagai tiyang islam inggih meniko nglampaih sholat. Sholat
merupakan salah setunggaling rukun Islam ingkang sopo wonge
nglampaih sholat mongko temen2 ngadegaken agomo lan sopo wonge
kang ninggalaken sholat mongko temen2 wes ngajuraken/Ngruntuhaken
agama. Wonten jumat kolowongi sampun khotib aturaken bilih onten
hadist ingkang memuat 10 golongan/model tiyang sing mboten ditampi
sholatipun

1. Tiyang ingkang sholat piyambakan tanpa maos bacaan sholat


2. Tiyang sing mboten purun mbayar zakat
3. Imam sing dibenci makmum
4. Budak sing minggat saking majikane
5. Sholate tiyang ingkang minum khomr/minuman keras/narkoba
6. Tiyang setri ingkang angasal bendune bojone
7. Tiyang setri ingkang sholat tanpa penutup(khimar)
8. Tiyang ingkang makan bondo riba
9. Pemimpin ingkang Zalim
10. Tiyang ingkang sholate mboten nyegah saking perbuatan keji
lan mungkar

Nglampaih Sholat tentu mboten sekedar anamung nglampaih sholat ala


kadare mawon, mboten naming sing penting mpun Sholat, tapi kepripun
carane supadaos saged sholat kanti sepenuh jiwo lan rogosupados saged
dumugi kesempurnaan sholat lan angsal fadhilah, buah utawi ibrah
ingdalem gesang kito sak nyobonipun sholat. Sahenggo sholat kito
dados sholat ingkang luar biasa mboten dados sholat ingkang biasa2
kemawon.

Hadirin sidang jumat Rohimakumulloh…

Wonten pinten2 perkawis ingkang kito kedah lampaih supados kito


saged angsal nilai2 lan keutamaanipun sholat. Perkawis meniko inggih
meniko:

Setunggal: sholat kanti khusyu” selain ibadah jasmaniyah sholat ugi


termasuk ibadah rukhaniyah. Sholat meniko dzikir dateng Alloh, kito
kedah yakin bilih wonten sholat kito saweg ngadep maring Alloh SWT
lan saweg guneman/ngendikanan kalian Alloh SWT. Mulo kranten
meniko lah wonten keadaan sholat kito kedah selalu berusaha
mengkondisikan jasmani kito, rukh kito lan ati kito supados saged
ngadep maring gusti Alloh wonten keadaan sesae mungkin, setenang
mungkin. Kanti sikap kolo wau kito saged angsal buahipun sholat inggih
meniko raos tenang lan saged mencegah saking perbuatan keji lan
mungkar. Allah berfirman:

‫ت ََراهُ ْم ُر َّكعًا ُس َّجدًا يَ ْبتَ ُغونَ فَضْ اًل ِمنَ هَّللا ِ َو ِرضْ َوانًا ِسي َماهُ ْم فِي ُوجُو ِه ِه ْم ِم ْن َأثَ ِر ال ُّسجُو ِد‬
“…ningalio siro marang wong kang ruku’ lan kang pados karunianipun
Alloh lan pados keridhoanipun. Tondo2 niku nampak wonten wajahipun
lan bekas sujud”(QS.Al-Fath: 29)

Kaping kalih sholat wonten awal waktu. Waktu sholat adalah kewajiban
yang telah ditentukan waktu pelaksanaannya. Allah berfirman
dalamSurat an-Nisa’ ayat 103:

َ‫صاَل ةَ ك‬
َّ ‫ِإ َّن ال‬ ‫ى ْال ُمْؤ ِمنِينَ ِكتَابًا َموْ قُوتًا‬

“Setuhune shalat niku adalah kewajiban sing sampun ditentuakenn


waktune kadueh wong2 ingkang beriman”.(QS. an-Nisa’: 103)

Lan sholat wonten awal waktu merupakan salah setunggalin amalan


ingkang paling di senengi Allah SWT. Kados dene dawueh kanjeng nabi
Muhammad SAW ingkang naliko di dangu amalan ingkang paling
utomo nabi bersabda:

‫صاَل ةُ فِي َأ َّو ِل َو ْقتِهَا‬


َّ ‫ال‬

“inggih meniko Shola ting awal wektu.” (HR. Abu Dawud)

Sholat wonten awal waktu ugi nunjukkan tingkat keimanan, ketakwaan


lan tresnone hamba maring Allah SWT.

Hadirin sidang jumat Rohimakumulloh…

Ingkang kaping tigo, sholat kanti berjamaah. kagem meraih


keutamaanipun sholat kito kedah ngusahakaken nglampaih sholat kanti
berjamaah. Ibnu Umar R.A ngriwayataken Nabi Muhammad
SAWdawuh::
ً‫صاَل ةَ ْالفَ ِّذ بِ َسب ٍْع َو ِع ْش ِرينَ َد َر َجة‬ ُ ‫صاَل ةُ ْال َج َما َع ِة تَ ْف‬
َ ‫ض ُل‬ َ
“(Pahala)sholat berjamaah luwih uttomo pitulikur derajat katimbang
sholat dewekan”. (HR. al-Bukhari Muslim)
Gede sanget ganjaranipun sholat berjamaah, nanging tesih katah tiyang
sing mboten purun jamaah sebab pinten2 alasan. Onten sing alas an
supados lewih cepet rampungipun,lan alas an lio2nipun.

Rasulullah sampun memperingataken :

‫ك بِ ْال َج َما َع ِة‬ ُ َ‫صاَل ةُ ِإاَّل قَ ْد ا ْستَحْ َو َذ َعلَ ْي ِه ْم ال َّش ْيط‬


َ ‫ان فَ َعلَ ْي‬ َّ ‫َما ِم ْن ثَاَل ثَ ٍة فِي قَرْ يَ ٍة َواَل بَ ْد ٍو اَل تُقَا ُم فِي ِه ْم ال‬
َ‫اصيَة‬ ِ َ‫فَِإنَّ َما يَْأ ُك ُل ال ِّذْئبُ ْالق‬
“mongko lamon ono wong telu ono ing deso lan wong iku ora solat
berjamaah ono ing deso mau wong mau kabeh wes dikuasai setan.
Mongko podo sholat berjamaah, mergo anamung mendo kang terpisah
saking kaume sing bakal dipangan serigala (HR. Abu Dawud)

Sholat berjamaah ugi anggadaih katah pelajran hidup lan pengaruh baik
niku secara rukhani maupun pengaruh secara jasmani mongko kito
sedoyo nglampaih sholat kanti berjamaah.

Ingkang kaping sekawan sholat wonten ing masjid. Sholat wonten ing
masjid terutama kagem tiyang jaler dados amalan ingkang banget dipun
tekananken deneng rosululloh SAW. Ananging sak meniko tesih sering
kito tingali masjid2 sepi saking jamaah sholat. Awak kito sehat, kuat lan
nggadaih wekdal ingkang luang, ananging kito tesih lewih seneng sholat
wonten ing nggriyo.

Nabi Muhammad SAW dawuh

Lamon ono wong ingkang wudhu lan nyempurnaaken wudhune, lajeng


medal nuju masjid kanti niat semata2 kagem ngerjaaken sholat, mongko
saben2 langkahipun samparan bakal dibales ngangge diangkat
derajatipun lan dingapuro kalepatanipun. Lamon wong mau nglampaih
sholat mongko malaikat senantiasa ndedungo kagem tiyang wau selagi
tiayang wau onten ing masjid wonten keadaan suci kanti ngucap sopo
poro malaikat: Ya Alloh paringono rahmat kagem tiyang meniko, ya
alloh paringono welas asih kagem tiyang meniko. Lan tiyang meniko
senantiasa dipun catet wonten keadaan sholat salami nunggu sholat
ingkang sakterasipun.(H.R. Bukhori Muslim)

Wonte hadits lionipun Abu Hurairah r.a ngeriwayatkan bilih wonten


tiang ingkang wuto /buta sowan teng Rasulullah SAW lan matur:

Wahai Rosululloh, kulo niki mboten nggadaih penuntun ingkang saged


nganteraken kulo teng masjid. Mongko tiyang wuto meniko nyuwun
keringanan teng Rosululloh SAW supados angsal sholat wonten
dalemipun piyambak lan Rosululloh maringi keringanan. Nanging
naliko wong wuto mau lungo Rosululloh terus ngundang tiyang wau
kanti bersabda: opo kwe krungu panggilan Sholat? Trus tiyang niku
njawab, nggih ya rosul kulo miring, Rusululloh SAW lajeng dawuh:
lamon kwe krungu panggilamn sholat mongko tekoo siro dateng masjid
supados sholat berjamaah (HR. Muslim) saking hadis kolo wau saged
diambil kesimpulan tiyang ingkang wuto mawon nek tiyang niku tesih
miring suara adan mongko tiyang meniko kedah teng masjid kangge
sholat berjamaah, nopo melih tiyang ingkang sempurna kados kito
sedoyo.

Ingkang kaping limo nyempurnaaken sholat fardu kanti nglampaih


sholat2 sunat. Sholat sunat saged dados tambel kangge kekurangan
sholat2 fardu kito. Menikolah sebagian usaha2 kito ingkang kedah kito
laksanaaken supados sholat kito dados luar biasa mboten biasa2
kemawon, supados sholat kito saged maringi manfaat, pahala ingkang
katah lan pengaruh ingakng positif kangge kehidupan kito.. amin2
yarobal alamin

Anda mungkin juga menyukai