Anda di halaman 1dari 19

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL

SMP NEGERI 2 KREMBUNG


TAHUN PELAJARAN 2022-2023

MATA PELAJARAN : Bahasa Jawa


HARI, TANGGAL : Sabtu, Desember 2022
WAKTU : 90 Menit
KELAS / SEMESTER : 8 / Ganjil

"SUPOYO NGIRIT"

Glendhoh, wong sugih sing kondhang medhit ing salah sijining kampung pinggiran ing Kutha Solo
saiki kerep nesu karo rewange sing jenenge Klithuk. Prekarane sajane amung sepele. Yakuwi prekara
sogok untuk sing kanggo ngilangi sliliden ing untu sawuse rampung mangan.

Dina kuwi kaya biasane, Glendhoh muring-muring amarga meruhi sogok untuk sak wadhah sing lagi
esuk mau dituku ing supermarket wus entek gusis, amung kari wadhahe.

Glendhoh: Thuk…Klithuk. Mrenea!!


Klithuk: Wonten dhawuh punapa juragan.

Gledhoh: Karepmu kuwi kepriye ta! Yen tak kandhani mbok rungokake apa ora ta??
Klithuk: Lhah…wonten punapa nggih? Kula kok mboten sumerep.

Glendhoh: Kowe ki pancen seneng gawe aku nesu. Coba eling-elingen. Aku wus kaping pira ngandhani
kowe, supaya ngirit nalika nganggo sogok untuk. Saben-saben mesthi mbok entekke. Sajane caramu
nganggo kuwi piye ta??

Klithuk: Ooo..nuwun sewu juragan. Makaten, untu kula punika nembe sakit. Wonten ingkang krowok.
Saben bibar nedha, mesthi kathah ingkang nyangkut. Mila, kula kathah ngangge sogok untuk lan
sasampunipun inggih kula buwang, Ngertos-ngertos isinipun sampun telas.
Glendhoh:Ning caramu ya aja ngono kuwi. Marai boros, ngerti po ra??

Klithuk: Inggih juragan, kula janji mboten nelasaken sogok untu malih.

Liya dina, Glendhoh sing lagi wae mulih saka kantor lan mlebu ruang tamu meruhi wadhah sogok
untune isih apik. Disawang tenanan, isine ya isih akeh, ora kaya adate. Glendhoh banjur jupuk siji lan
dianggo cuthik-cuthik untune.
Klithuk: Sugeng rawuh juragan.

Glendhoh: Eh Thuk. Aku seneng meruhi kahanan iki. Saiki kowe pinter dikandhani lan nurut
omonganku. Sogok untune isih akeh. Kayane kowe wus bisa ngirit anggone nganggo sogok untu. Ora
kaya sing mbiyen-mbiyen. Apa untumu wus mari? Ora krowok maneh?
Klithuk: Mboten juragan. Untu kula taksih krowok.sogok untuk ing meja adate tak sawang isih wutuh?

Klithuk: Nggih taksih ngangge punika juragan. Namung sasampunipun ngangge kula wansulaken
malih wonten wadhah. Supados ngirit.
Glendhoh: Lhah?? Dadine sing tak anggo iki sisamu??

sumber: http://seindahsenja.wordpress.com/category/cerpen-

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 1


1. Ide sing ndasari cerita diarani apa? …

a. tema

b. amanat

c. alur

d. watak

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 2


2. Apa tema crita “Supaya Ngirit”?..
a. ekonomi

b. politik

c. sosial

d. etika

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 3


3. Masalah apa sing nyebabake juragan Glendhoh muring-muring?...

a. amarga klithuk untune linsem

b. amargo klithuk untune aboh

c. amarga klithuk untune bolong

d. amarga klithuk untune untu pasangan

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 4


4. Piye lara-larane anggone nganggo sogok untu klithuk dadi luwih boros tinimbang biasane?...
a. yen bar nganggo langsung dibuwang

b. sogok untune dikeake wong-wong

c. gosok untune langsung dicukleki

d. yen bar ngaggo langsung dibong

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 5


5. Latar sing ora ana ing cerita”Supaya Ngirit”?...

a. kampong

b. kantor

c. ruang tamu

d. pawon

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 6


6. Sapa tokoh utama ing cerkak” Supaya Ngirit”

a. Glendoh

b. Klithuk

c. Adhine glendha

d. Adhine klithuk

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 7


7. Konflik ing cerkak supaya ngirit yaiku …

a. Glendha muring-miring amarga sogok untune cepet entek

b. Klithuk sliliten, kanggo ngilangi slilite klithuk njupuk sogok untune juragane

c. Klithuk sliliten, kanggo ngilangi slilite klithuk njupuk sogok untune tanggane

d. Glendha muring-miring amarga omahe reget

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 8


8. Alur cerkak supaya ngirit kalebu alur ……

a. maju

b. mundur

c. ora jelas

d. campuran

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 9


9. Amanat sing bisa dijupuk saka cerkak Supoyo ngirit ….

a. di wong iku sing giat kerja

b. . dadi wong iku aja medhit-medhit

c. aja seneng ngurus urusane liyan

d. dadi wong iku sing ngerti tatakrama

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 10


10. Latar panggonan sing ana ing cerkak Supaya ngirit ..

a.kampung
b. ruang tamu
c ruang keluarga
d.kutha

11. Tokoh sing sifat alane luwih akeh kalebu jinise tokoh …
a. antagonis
b. protagonist
c. tritagonis
d. apikan

12. Pesen sing disampaina pengripta lewat karya sastrane diarani apa …
a. alur
b.latar
c. amanat
d. konflik

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 11


13. Sudut pandhang gaya ceritane pengripta ngganggo sudut pandhan …
a. wong ka pisan
b. wong kapindho
c.wong katelu
d. sudut pandhang aku

14. Basa kang endah sing digunakake kanggo becikake ukara diarani......
a. guru basa
b. guru lagu
c. basa rinengga
d. basa karma

15. Sapa wae sing biasane migunakake basa rinengga? ..


a. pranatacara
b. bapak ibu
c. murid
d. para tamu

16.Bocah iku polahe anteng kitiran. Anteng kitiran tegese!...


a. meneng banget
b. pinter banget
c. ora bisa meneng
d. bodho banget

17. Yen ibune 3 ora duwe anak, yen ibune 2 anake 1, yen ibuke 1 anake 2 sapa aku?..
a. sepet
b. seret
PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 12
c. salak
d. nanas
18. Sing cilik brukut banget lha sing tua malah wudo ..
a. wit nanas
b. wit pring
c. wit jati
d. wit pelem

19. Aku duwe gulu tapi ora duwe sirah,duwe silit ora tau bebuang sapa aku ...
a. clana
b. botol
c. genthong
d. blumbang

20. Ana kuthuk dilebokna kurungan ora dibukak buka, bareng 2 wulan kurungane dibuka kuthuke
ilang,menyang endi ...
a. nang sendhang
b. nang kandhang
c. malih dadi gedhe
d. malih dadi pitik

21. Olah raga apa sing paling reksa banget …


a. sumo
b. angkat besi
c. skak
d. lempar lembing

22. Bocah cilik blusak-blusuk nang kebon ....


a. dom
b. benang
c. dolanan
d. dulinan

23 Darmi: Njanur gunung kadingaren mbakyu, ketiban ndaru temen aku.Panjenengan esuk-esuk
kok wis tekan kene, gek kok sajak lemeskaya wayang ilang gapite ngono, ana kersa apa?
Ketiban daru tegese ....
a. Nemu kabegjan gedhe
b. Nemu kacilakan gedhe
c. Nemu who ndaru
d. Nemu sial gedhi

24. Koyo cebol gayuh lintang rekasa banget. Kalebu jinise basa rinengga sing endi ....
a. paribasan
b. bebasan
c. saloka
d. entar

25. Jarane mlayu putere nang ndi ....


a. dalan
b. kurungan

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 13


c. omah
d. sekolah

26. Bab-bab sing kudu digatekake nalika wawancara salah sijine yaiku pitakon kudu runtut
lelandhesan pedhoman wawancara genea/kenapa kok ngunu ....
a. runtut lelandhesan pedhoman wawancara yen bakal nyusun laporan wawancara luwih
gampang
b. runtut lelandhesan pedhoman wawancara bakal struktur wektu ing laporan bakal luwih runtut
lan gampang dimengerti dening sing maca laporan wawancara kita
c. runtut lelandhesan pedhoman wawancara yen bakal nyusun laporan wawancara ora ana
gunane
d. runtut lelandhesan pedhoman wawancara yen bakal nyusun laporan wawancara luwih ribet

27. Struktur teks wawancara kedadean Idhentifikasi, Klasifikasi/dhefinisi lan Dheskripsi bagean,
struktur tek sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha iku struktur teks sing endi ...
a. Idhentifikasi
b. Klasifikasi/dhefinisi
c. Dheskripsi bagean
d. identifikasi awal

28. Nggunakake unggah-ungguh sing apik kanggo ngajeni marang narasumber, genea
pawawancara kudu nglaksanakake bab kuwi ...
a. amarga narasumber minangka piyantun salah sawijine sumber data pawawancara
b. amarga narasumber minangka piyantun salah sawijine sumber penghasilan pawawancara
c. amarga narasumber minangka piyantun sing penting ing proses wawancara sing kita
laksanakna
d. amarga narasumber minangka piyantun salah sawijine sumber data pawawancara lan menawa
kita ngajeni wong liya kita bakalan diajeni liyan uga

29. Ukara tanduk salah sijine duwe cirine wasesane arupa ....
a. tembung kriya
b. tembung aran
c. tembung kahanan
d. tembung aran tanpa wujud

30. Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber
diarani kagiatan …
a. wawancara
b. guneman
c. rembugan
d. rempon

31. Wasesane ukara tanduk sakliyane biasane oleh ater-ater ....


a. tri purusa
b. anuswara
c. /pra-/
d. /a-/

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 14


32. Sapa sing nggunakake teknologi mesin press? Ukara kasebun kalebu ukara…
a. tanggap
b. tanduk
c. pitakon
d. pakon

33. Ukara sing wasesane arupa tembung kriya sing oleh ater-ater tri purusa, /kok-/ lan /di-/ yaiku
ukara ....
a. tanduk
b. tanggap
c. pakon
d. pitakon

34. Kripik kang dirembakakake pranyata kang paling akeh yaiku rasa asin,manis, lan rasa bawang.
Ukara iki kalebu jenise ukara ....
a. tanduk
b. tanggap
c. pakon
d. pitakon

35. Supaya wektu wawancara kita ora mlenceng saka topik kita kudu nyiapna daftar apa ....
a. pitakonan
b. isi
c. wektu
d. panggonan

36. Iklan ing dhuwur isine nawakake ....


a. panggawean
b. lembaga kursus Hangtuah
c. lapangan kerja maritime
d. jasa computer

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 15


37. Miturut jinise iklan salah sijine Iklan Komersial sing tujuanne ....

a. ndukung pemasaran sawijine jasa diasilake saka perusahaan utawa UMKM


b. ndukung pemasaran sawijine produk utawa jasa diasilake saka perusahaan utawa UMKM
c. ndukung usaha produk utawa jasa diasilake saka perusahaan utawa UMKM
d. ndukung usaha keberhasilan produk sing diasilake saka perusahaan utawa UMKM

38. Iklan sing bagian saka kampanye social marketing sing ndhuweni tujuan ngelayani gagasan
utawa ide kanggo kepentingan utawa layanan masyarakat lan biasane arupa ajakan, takonan
utawa himbauan kanggo masyarakat supaya nglakoni sawiji tindhakan sing kurang apik
dadi sing luwih apik maneh iku kalebu iklan ....

a. iklan komersial
b. iklan layanan masyarakat
c. iklan taktik
d. iklan informative

39. Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan iklan tujuane kanggo narik kawigaten
lan ndayani konsumen supaya ketarik marang prodhuk sing diiklanakeb. Ngowahi persepsi
konsumen, saengga sing maune ora kenal malih kenal, sing maune ora ketarik malih
ketarik, sing maune anti pati malih dadi ketagihan marang prodhuk sing diiklanake.
Ndayani marang konsumen sing pancen wis ketarik enggal tuku barang sing diiklanake.
kalebu iklan ...

a. iklan remainder
b. iklan informative
c. iklan persuatif
d. iklan komersial

40. Perangan iklan kang pancen sengaja ditonjolake kalebu bagian struktur sing endi ....

a. tagline
b. amplifikasi
c. subheadline
d. headline

41.

Njanur guneng tegese …


a. ngumun
b. kadingaren
c. kok ngunu
d. anane

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 16


42.

Ketiban ndaru ing cuplikan ukara ketiban ndaru temen aku. Panjenengan esuk-esuk kok
wis tekan kene tegese …..
a. ketiban kasangsaran
b. katiban tugas gedhe
c. nemu kabengjan gedhe
d. nemu kasangsaran

43.

Kriwikan dadi grojogan ing cuplikan ing dialog Iya dhik, mung pengin nggenahake prakara
wingi kae lho, aja nganti kriwikan dadi grojogan. Tegese …
a. prakara cilik dadi gedhe
b. prakara gedhe dadi dilik
c. bab sepeleh yo tetep sepeleh
d. ora ana gunane

44. Jinis ragam basa manut panganggone sing trep manut unggah-ungguh yaiku ….
a. Basa formal-basa informal
b. Basa tulis-basa lisan
c. Basa ngoko basa-basa krama.
d. Basa gancaran-basa sastra

45. Ragam basa formal lan informal iku ragam basa sing dititik saka ….
a. panganggone
b. wilayahe
c. sapa sing nganggo
d. situasine

46. Rumah prodhuksi punika dipunparingi nami punapa bu?


Ukara kasebut kagolong jinise ukara …
a. ukara tanggap
b. ukara tanduk
c. ukara pakon
d. ukara carita

47. Bu Siti mundhut gedhang raja setangkep.


Ukara kasebut kagolong jinise ukara …
a. ukara tanggap
b. ukara tanduk
c. ukara pakon
d. ukara pitakon

48.

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 17


"Ana perlu apa kok sajak wigati banget. " Tembung wigati tegese ....
a. temenan
b. gumun
c. penting
d. pengin

49.

Kunci jawaban: b

50. Sing dudu tujuan disusun pedhoman wawancara....


a. Supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep.
b. Supaya ora ana pitakonan kang kliwatan.
c. Supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah.
d. Supaya anggone nindakake wawancara suwe

Sugeng makarya

PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 18


PAS/BAHASAJAWA/KELAS 8 /SMPN 2 KREMBUNG/2022 19

Anda mungkin juga menyukai