Anda di halaman 1dari 2

SEKAR MACAPAT

Sekar macapat wonten sawelas, inggih menika sekar Maskumambang, Pocung,


Gambuh, Megatruh, Mijil, Kinanthi, Durma, Pangkur, Asmaradana, Sinom, saha
Dhandhanggula. Saben sekar gadhah paugeran utawi titikan piyambak-piyambak.
Paugeranipun sekar macapat wonten tiga, inggih menika guru gatra, guru wilangan, saha
guru lagu.
a. Guru gatra inggih menika cacahipun gatra (larik) saben satunggal pada.
b. Guru wilangan inggih menika cacahipun wanda saben satunggal gatra (larik).
c. Guru lagu inggih menika dhawahing swanten wonten ing pungkasanipun gatra
(larik).

SEKAR GAMBUH
Sekar Gambuh awatak grapyak saha rumaket. Sekar Gambuh trep kangge
nggambaraken piwulang ingkang radi tegas amargi sampun tetepangan kanthi rumaket,
satemah basa ingkang dipunginakaken inggih menika basa ragam ngoko.

Paugeranipun sekar Gambuh inggih menika:


a. guru gatranipun wonten 5 gatra;
b. guru wilanganipun menika 7, 10, 12, 8, 8;
c. guru lagunipun inggih menika u, u, i, u, o.

GAMBUH

Sekar gambuh ping catur


Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon.

SOAL
A. Negesi Tembung (Ubah ke Basa Indonesia)
1. Sekar gambuh =
2. Catur = empat
3. Cinatur =
4. Polah =
5. Kalantur =
6. Tanpa tutur =
7. Katula-tula katali =
8. Kadaluwarsa =
9. Kapatuh =
10. Katutuh =
11. Pan dadi = akan berakibat
12. Awon =
B. Isilah pertanyaan di bawah ini dengan jawaban singkat!
1. Menapa watakipun tembang gambuh?
2. Kados pundi paugeranipun tembang gambuh?

Anda mungkin juga menyukai