Anda di halaman 1dari 11

TEMBANG

Tembang Jawa iku ana 3 Warna :


1. Tembang Cilik (Tembang Macapat)
a. Asmaradana
b. Dhandhanggula
c. Durma
d. Gambuh
e. Kinanthi
f. Maskumambang
g. Megatruh
h. Mijil
i. Pangkur
j. Sinom
k. Pocung
2. Tembang Tengahan

a.Balabak
b.Girisa
c.Jurudemung
d.Wirangrong
3. Tembang Gedhe

a.Citramengeng
b.Kusumastuti
c.Mintajiwa
d.Pamularsih
Tembang Dolanan

a.Jamuran
b.Lir-ilir
c.Padhang bulan
d.Cublak-cublak suweng
e.dll
Tembang Gambuh

Sekar gambuh ping catur


kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluarsa kapatuh
kapatuh pan dadi awon
Ing tembang jawa ana pathokan-pathokan, yaiku :

1.Guru Gatra
Guru gatra yaiku Cacahing gatra (larik) saben sapada
(bait).

Tuladha:
Sekar gambuh ping catur (gatra ke 1)
kang cinatur polah kang kalantur (gatra ke 2)
tanpa tutur katula-tula katali (gatra ke 3)
kadaluarsa kapatuh (gatra ke 4)
kapatuh pan dadi awon (gatra ke 5)

cacahing guru gatra ing tembang gambuh iku ana 5 gatra.


2. Guru Wilangan
Guru wilangan yaiku cacahing wanda (ucap/
suku kata) saben sagatra (sak baris)

Tuladha:
Se/kar/ gam/buh/ ping/ ca/tur (7 wanda)
kang/ ci/na/tur/ po/lah/ kang/ ka/lan/tur (10 wanda)
tan/pa/ tu/tur/ ka/tu/la/-tu/la/ ka/ta/li (12 wanda)
ka/da/lu/ar/sa/ ka/pa/tuh (8 wanda)
ka/pa/tuh/ pan/ da/di/ a/won (8 wanda)
3. Guru Lagu

Guru Lagu yaiku tibaning swara (vokal) ing


pungkasaning gatra.

Tuladha:
Sekar gambuh ping catur (u)
kang cinatur polah kang kalantur (u)
tanpa tutur katula-tula katali (i)
kadaluarsa kapatuh (u)
kapatuh pan dadi awon (o)
Ciri – ciri lan watak tembang gambuh ing nduwur:
1.Nduweni guru gatra 5,
2.guru lagu, lan guru wilangan yaiku 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
3.Nduweni watak wani wanuh, kulina, lan rumaket
4.Tembang gambuh dalam bahasa jawa “jumbuh atau
sarujuk”. Yang menggambarkan komitmen atau
kecintaannya terhadap sesuatu dan kesiapannya dalam
menghadapi kehidupan yang baru.

Anda mungkin juga menyukai