Anda di halaman 1dari 3

Preian Ten Bromo

Dening : Aditya Ramadhan Putra Amari


adityaramadhanputraamari@gmail.com

“Kenalno jenengku Adit, aku nduwe kanca


sing paling tak banggakno, jenenge Gimen.”

Sekolah wis prei nanging aku lan kancaku


isih bingung arep preian nandi, “Prei sekolah
enake nang endi ya?” Takonku marang
kancaku. Dheweke njawab “Enake mlaku-
mlaku lan nggoleki hal anyar”. “Iya aku
ngerti, tapi nandi enake?” Takonku maneh
nang dheweke, banjur dheweke njawab, “Ya
kayata nang gunung utawa menyang
kebon/alas ngunu kuwi”. Kanthi rai serius lan
akhire aku oleh ide kanggo liburan menyang
panggon sing becik lan kahanane kawah sing
linuwih. Mesti pamasaran ta aku arep neng
endi?

Isuke aku lan kancaku sing nduwe jeneng


Gimen kuwi budal menyang panggonan,
nanging kancaku iku isih durung reti panggon
tujuan sing arep dituju, kepeksa aku ora
ngandhani dheweke disik. Hehemmmm yen
tembung wong jaman saiki SURPRISE,
sakwise meh nganti sampek panggon tujuan
sing arep dituju, aku ngandhani jeneng
panggon wisata sing tak tuju iku, kanthi rai
seneng dheweke pitakon marang aku,
“Panggon apa iki? becik banget
pemandangane lan udarane sejuk banget”.
Aku kanthi bangga njawabe, “Iki panggon
sing tak idam-idamake yaiku Gunung
Bromo”.

Ana video tiktok sing mbahas Gunung Bromo


iki, kahanan alam e becik, mawa udarane
sejuk banget nggawe aku milih liburan
menyang kene iki. Kanthi numpak montor,
Aku lan Gimen banjur munggah menyang
Gunung Bromo kesebut.

Sakwise sak jam kepungkur akhire nganti uga


ning puncak Bromo, Aku lan Gimen banjur
mudhun menyang padang pasir sing amba
ning sekitar Gunung Bromo, kanthi setitik
kendala yaiku ban motor sing kepleset mawa
keblekok ngliwati padang pasir kesebut,
nanging semangatku akhire nganti uga ning
panggon parkir sing panggone tepat ana ing
ngisor Gunung Bromo. Kanthi rasa ora sabar
Aku ro Gimen banjur markirke motor, banjur
mlayu menyang undak-undakan sing
dihubungna sikil Gunung Bromo kanthi
Puncak Bromo.

Sakwise sekitar kurang luwih 10 menit


munggahi undak-undakan kuwi akhire tekan
ning puncak Gunung Bromo, mung tembung
sing terlintas neng benak kami yaiku, “Bromo
apik bangettt”.

Ya tembung kuwi sing tak pikirke sangati


ning puncak Bromo kasebut, saka puncak
kuwi Aku lan Gimen ndeleng pemandangan
sing becik lan alami. Mawa Aku uga bisa
ndeleng apa sing ana ning sikil Bromo saka
kene, contohe : Wong sing nunggang jaran
utawa suku Tengger, banjur aku uga ndeleng
montor sing tak parkir nang ngisor.

Anda mungkin juga menyukai