Anda di halaman 1dari 3

Muga iki dalanku

Wektu sekolah aku dadi pemenang lan perwakilan provinsi Jawa Timur gawe
melu Olimpiade Sains Nasional bidang Fisika. Wektu pengumuman juara tingkat
nasional aku kepingin banget dadi juara, wong tuwoku yo podo arep-arep, kahanan
e wektu pengumuman iku udan deres sing nggarai atiku ndredek gak karuan, opo
maneh wong tuwoku uga antusias mirsani acara penganugerahan juara Olimpiade
Sains Nasional ing tv. Aku ndungo ing njero ati “Ya gusti muga-muga jenengku
klebu juara amiin,nek gak juara wong tuwoku piye ya opo bakal nelangsa lan
kaciwa?”.

Moro-moro hpku muni onok telepon teka uwong sing ora kenal, ing njero ati aku
ngomong “ Alhamdulilah Ya Allah, pasti iki telpon teka panitia sing kate ngandani
nek jenengku kelebu juara “ atiku girang banget
“ Asalamualaikum bapak/ibu ini nomornya siapa ya?” aku takon.
Wong e takon nang aku “ Waalaikumsalam ini benar atas nama Fathkhurrahman
Fikri, Juara 5 olimpiade Sains Nasional Fisika Tingkat Provinsi?”.
Terus aku ngomong ing njero ati “Alhamdulilah iki paling wong njero utowo
panitia olimpiade sains.” Aku tambah bungah.
Terus wong e nyahut“ Halo mas mohon maaf apa anda bisa mendengar suara saya
? “. Aku njawab “ Halo iya benar ini Fathkhurrahman Fikri.”
“ Baik perkenalkan saya Oktino dari Polres Mojokerto ingin menanyakan apakah
anda bersedia mendaftar sebagai Bintara Rekpro Polri Tahun Ajaran 2023?”
Aku kaget karo kaciwa, tak kirakno wong iki kate ngandani aku nek aku termasuk
juara olimpiade sains nasional tibakno duduk. Waktu iku aku lagi ndelok
pengumuman juara karo njawab telpon teko mas Oktino nggawe Basa Jawa soale
sek kaet ngerti nek podo-podo uwong Mojokerto .” Oh nggeh mas, mangke kula
telpon panjenengan, ngapunten kula nyuwun wektu kagem ngendika kaliyan ibu
lan bapak,kula maturnuwun sanget ten panjenengan mas.” Mas Tino mbalesi. “Oh
nggeh mas kula nggeh maturnuwun, sampeyan saged rundingan kaliyan ibu lan
bapak riyin”
Maringunu tvku muni buanter Jrenggg pengumuman juara Olimpiade Sains Fisika
Tingkat Nasional adalah…….
Wektu iku aku lan wong tuwoku podo ndungo lan pasrah, tapi akhire jenengku gak
diceluk, wong tuwoku lan aku uga kaciwa nanging tetep usaha supaya ikhlas lan
nriman.
Bapaku ngandhani” Le, bapak ngesakno ndelok awmu giat sinau nanging kalah
sing sabar yo!”. Terus aku njawab “Inggih pak, kula sabar lan ikhlas” maringunu
aku rundingan ngenani tawaran teko Polres Mojokerto gawe melu pendaftaran
polisi, bapak lan ibu setuju lan ndukung. Maringunu aku nelpon Mas Oktino lan
diwenehi arahan gawe daftar polisi. Berkas-berkas lan kabeh keperluan siap,
nanging wektu jam 3 isuk aku kelingan onok sing kurang yaiku rapid antigen
covid. nek ganok rapid antigen aku otomatis digugurno karo panitia e, Bapak lan
ibu nesu amarga aku gak ngandani winginane.
Bapak nyeneni” Aku gak seneng kowe koyok ngene le, wes iki gara-gara awmu
dewe lo ojok nyalahno uwong.” Aku sedih lan bingung maringunu
ibu nyeneni” Lah wingi bengi lapo ae le, wes gak sip blas kowe.” Maringunu
Bapak telpon uwong sing cedek banget lan dianggep koyok anak angkat e yaiku
mas Arik perawat rumah sakit gatoel. RS Gatoel siap Rapid test 24 jam , akhire
bapak lan aku nang RS gatoel jam 4 isuk, hasil e postif. Rasane atiku ambyar,
daftar polisi e gugur nek aku postif covid.
Nanging Bapakku tetep teges lan ngomong, “ Ayo wes dihadapi ae resiko e ,
awakmu kudu yakin sek bisa melu tes nang Polda Jatim Surabaya”. jam 5 isuk aku
diterno Bapak budal nang Polda Jatim Surabaya.
Maringunu onok telpon teko polisi” Sampeyan ten pundi mas Fathkhur? Tak enteni
gawe tes lo.”
Aku njawab“ Ngapunten kula telat amargi antri tes covid.”
Polisine jawab ” Nggeh mas Fathkhur, budal e karo kaluwarga tah? ati-ati nang
dalan ya!” Polisine apik banget.
Pas teko nang ruang tes aku dikongkon nduduhi rapid tes covid, aku alasan antri
lan kepepet. Alhamdulilah polisi mangerteni kondisiku, akhire aku iso melu tes
melbu polisi.
Dino pertama yaiku tes tulis maringunu menene tes jasmani lan tes kesehatan. Aku
gugur amarga kalah karo peserta lain e. Saka pengalaman iku aku seneng amarga
bisa eruh rasane bersaing karo peserta liyane. Sing paling berkesan yaiku tes
jasmani soale isine iku balapan renang, balapan mblayu, lan adu kekuatan ing
Gelora Delta Sidoarjo. Wong tuwoku uga ikhlas ngenani kahananku, saiki aku ora
iso lali jasa e wong tuwoku sing terus ndukung gawe masa depanku.

NAMA: FATHKHURRAHMAN FIKRI


ABSEN : 13
KELAS: XII MIPA 5

Anda mungkin juga menyukai