Anda di halaman 1dari 2

Ing tanggal 12 Agustus 2022, bocah osis ngeneake rapat kanggo peringatan dina Kamardikan ing tanggal

17 Agustus 2022. Rapat dilaksanakake ing ruang osis, anggota osis sing melu rapat, yaiku Dhiya' (ketua
osis), Iyan (wakil ketua osis), Bahrul (Sekretaris), Ninda lan Dela(Bendahara 1 lan 2). Ketua osis sing
jenenge Andi teko banjur lungguh ing kursi ne.

Dhiya' : “Ayo rek Ndang dimulai Rembugane

Bahrul: “sek², Iyan durung teko.”

Ninda : “Oh iya Iyan nyandi ya ?”

Dela : “Paling isih nek toilet bocahe, mergane aku meng weruh de’e mlaku tumuju toilet.”( kandane
Dela sinambi kipas kipas amarga sumuk)

Dhiya' : “Ya wis, di enteni disik.”

Ora suwe Iyan teko banjur lungguh sandinge Dhiya'.

Dhiya' : “Awakmu bar kongendi lho, Yan?” (Dhiya' takon marang Iyan)

Iyan : “Toilet, he..he” (kandane Iyan karo cengengesan)

Dhiya' : “ Oalah tak Kiro di gondol om om.

Iyan: Iyolah sugar daddy

Dhiya’ : Yek, yo wis ayo di mulai diskusine! Assalamualaikum Wr. Wb. Rek, dilut engkas kan tanggal 17
Agustus 2022 sing artine Indonesia bakal ulang tahun kamardikan, lha awake dewe oleh tugas saka pak
kepala sekolah supaya ngrancang acara opo wae kanggo meriahne dina Kamardikan, menawa ana sing
duwe ide ayo dirembugne ing kene.”

Iyan : “Aku duwe usul, Dhi, awake dewe ngeneake acara fashion show sing temane klambi batik, piye
menurut mu, Dhi?” ( Usul e Iyan kanthi nyawang Dhiya')

Dhiya' : “Hmm...apa alasan mu usul ngono kui, Yan?” ( Pitakone Dhiya' marang Iyan )

Iyan: “Amarga batik iku wis dadi ciri khas e bangsa Indonesia lan dadi budaya bangsa sing wis terkenal
teko luar negeri, dadi cocok kanggo tema dina kamardikan lan bisa kanggo ngenalake batik marang
generasi muda.”

Ninda : “Pinter tenan bocah siji iki, cocok do usulmu, setuju aku, piye pendapat kanca liyane ?” (kandane
Rina karo ngacungi jempol marang Aldo).

Dhiya' : “Ok aku yo setuju, wis ditentoke salah sijine acara, yaiku fashion show tema batik.”

Bahrul : "Terus liyane fashion show acara liyane opo wae iki?"

Bahul: Yopo lek ngadakake turnamen Mobil lejen?


Dhiya’: kemerdekaan nak, duduk acara sunatan mu Iki.

Bahul: Hahaha ya Wes nurut.

Ninda : "Drama tema pahlawan piye?"

Dhiya' : "Iku yo kenek, mengko karek dikoordinasi karo perwakilan kelas, supaya iso melu partisipasi
kabeh, terus acarane ditambahi karo lomba sing edukatif supaya meriah."

Dela: terus yopo lek di tambahi acara Madang Madang.

Dhiya’: iyoh gapopo sukur awm gelem mbayari arek sak sekolahan.

Iyan: wes² iku AE sek, mangan-mangan barang gae opo cobak.

Dhiya’: ya wes iku tok Yo, makasih wes hadir rapat ini saya tutup wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Kanca kancane kabeh pada setuju lan wis ditentokake acara apa wae sing cocok kanggo meringati dina
Kamardikan antarane, yaiku fashion show tema batik, drama tentang tema pahlawan, lomba lomba
edukasi lan liya liyane.

Anda mungkin juga menyukai