KURIKULUM MERDEKA
Kata kunci Unggah-ungguh Jawa, basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus,
tetepungan/ kenalan, pamitan, tata krama mlaku, sapa aruh
Deskripsi umum Pertemuan 1 : jinising basa
kegiatan Pertemuan 2 : Unggah-ungguh tetepungan lan pamitan
Pertemuan 3 : Unggah-ungguh sapa aruh lan mlaku
Pertemuan 4: Penerapan teks unggah-ungguh yang sudah dipelajari
(kelompok)
Pertemuan 5 : Asesmen
Mempersiapkan pembelajaran
Menyiapkan LK
Kegiatan pembelajaran : awal, inti, penutup
Refleksi
Mengerjakan asesmen
Materi ajar, 1. Teks unggah-ungguh Jawa
alat, dan bahan 2. Salindia / Power point unggah-ungguh Jawa
3. Platform media sosial
Sarana 1. Perpustakaan
Prasarana 2. Buku
3. Lcd/video
4. Komputer, jaringan internet
5. Majalah
PERANGKAT AJAR BAHASA JAWA KELAS TUJUH
POKOK BAHASAN: UNGGAH UNGGUH BASA KANGGO TETEPUNGAN LAN PAMITAN
10 Waktu Persiapan
Langkah-langkah Pembelajaran
Aktivitas pertemuan 1
Aktivitas pertemuan 2
Aktivitas pertemuan 3
Pertemuan 3: Penerapan unggah-ungguh yang sudah dipelajari dalam teks drama sederhana
(kelompok)
Aktivitas pertemuan 4
Pertemuan 4: Praktik penerapan unggah-ungguh yang sudah dipelajari dalam drama sederhana
(kelompok)
Pelaksanaan Asesmen
Hasil LK individu
Proses bekerja dalam kelompok
Hasil kerja kelompok
Hasil asesmen individu
Kriteria Penilaian
Penilaian individu
Penilaian proses: berupa catatan/deskripsi kerja saat diskusi kelompok
Penilaian Akhir: Skor nilai 10-100
Rubrik Penilaian
Berilah penilaian terhadap aspek pengamatan yang diamati dengan membubuhkan tanda chek (√)
pada berbagai nilai sesuai indikator.
SKOR PENILAIAN
KURAN SANGAT
NO ASPEK YANG DIAMATI CUKUP BAIK
G BAIK
1 2 3 4
1 Pendahuluan
2 Kegiatan Inti
Mengajukan pertanyaan
Menyampaikan pendapat
3 Penutup
Keterangan Penskoran:
Skor 1 = Kurang
Skor 2 = Cukup
Skor 3 = Baik
Skor 4 = Sangat Baik
…………………
Guru Mata pelajaran
(……………………..)
NIP. ………………..
PENILAIAN TEST TERTULIS
Kelas : …………………………………
Jumlah Pertemuan : …………………………………
Hari/Tanggal Pelaksanaan : …………………………………
PERTEMUAN
NO NAMA KELOMPOK
1 Kelompok 1.
2 Kelompok 2.
3 Kelompok 3.
4 Kelompok 4.
5 Kelompok 5.
6 Kelompok 6.
7 Kelompok 7.
8 Kelompok 8.
Pleret, 11 Juli
2022
…………………
Guru Mata pelajaran
(……………………..)
NIP. ………………..
LEMBAR PENILAIAN HASIL PRESENTASI KELOMPOK
Berilah penilaian terhadap aspek pengamatan yang diamati dengan membubuhkan tanda chek (√)
pada berbagai nilai sesuai indikator.
SKOR PENILAIAN
KURAN
TIDAK SANGAT
NO ASPEK YANG DIAMATI G SESUAI
SESUAI SESUAI
SESUAI
1 2 3 4
Keterangan Penskoran:
Skor 1 = Tidak Sesuai
Skor 2 = Kurang Sesuai
Skor 3 = Sesuai
Skor 4 = Sangat Sesuai
…………………
Guru Mata pelajaran
(……………………..)
NIP. ………………..
Refleksi Guru
Apakah kegiatan belajar berhasil?
Berapa persen peserta didik mencapai tujuan?
Apa yang menurut Anda berhasil?
Kesulitan ap yang dialami guru dan peserta didik?
Apa Langkah yang perlu dilakukan untuk memperbaiki proses belajar?
Apakah seluruh peserta didik mengikuti pelajaran dengan baik?
Daftar Pustaka
Bausastra Jawa
Modul MGMP bahasa Jawa kota Yogyakarta
Kartika Basa kelas VII
Gladhi Basa Jawa kelas VII
Lembar Kerja
Lembar Kerja
Pertemuan ke-1
MATERI PEMBELAJARAN
1. UNGGAH-UNGGUH BASA LAN TATA KRAMA
Unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhe tatakrama.
(W.J.S Poerwadarminta, 443:1939). Tembung tatakrama iku kedadeyan saka tembung
‘tata’ kang tegese becik pangetrape, lan ‘krama’ ateges pratingkah utawa patrap.
Tembung tata krama bisa ditegesi pangetrape patrap utawa pratingkah kang becik.
Dene unggah-ungguh basa bisa ditegesi cak-cakan utawa cara nggunakake undha-
usuk utawa tataran tembung sing trep lan bener laras karo pangetrape basa kang becik.
Miturut owah gingsiring jawan unggah-ungguh basa kaperang dadi 2 yaiku ngoko
lan krama. Dene ngoko kaperang dadi loro ngoko lugu lan ngoko alus. Krama
kaperang dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus.
Unggah-ungguh Basa
1. Basa Ngoko Lugu
Basa ngoko iku basa kang isih lugu utawa asli, mula diarani basa ngoko
lugu. Basa ngoko iku kabeh tetembungane nganggo tembung ngoko
tanpa ana campuran tembung krama utawa tembung krama inggil.
Dina sepisanan mlebu kelas ing taun ajaran anyar, mujudake dina kang anyar tumrape
para siswa kelas pitu, amarga antarane siswa-siswa iku akeh kang padha durung
tepung marang kancane, uga marang bapak ibu guru. Katon siswa anyar kang aran
Santi marani siswa liyane kang lagi padha lungguhan ing emperan kelas saperlu
tetepungan.
Santi : “Ditepungke, aku Santi. Aku siswa kelas pitu C. Jenengmu sapa?”
Sekar: “Jenengku Sekar. Aku ya kelas pitu C. Wah yen ngono awake dhewe
sakelas ya?’’
Santi : “Wah kebeneran yen ngono. Ngomong-ngomong, kowe saka SD
ngendi?”
Sekar: “Aku saka SD Kembang Putih. Yen kowe saka SD ngendi San?”
Santi : “Aku saka SD Bibis.”
(Durung tutug anggone padha tetepungan wis keprungu tembang ”Garuda
Pancasila” saka kantor kang sumebar ing saben kelas minangka tandha mlebu kelas.
Bu Ranti guru wali kelas wis katon tindak tumuju ing kelas pitu C. Para siswa enggal
mlebu kelase dhewe-dhewe.)
Bu Ranti : “Sugeng enjang para siswa!”
(Kanthi bebarengan para siswa ing kelas iku padha mangsuli)
Siswa : “Sugeng enjang Bu!”
Bu Ranti : “Bocah-bocah, kanggo piwulangan kang sepisanan iki ora ana alane
menawa bocah-bocah padha tetepungan dhisik jalaran mbokmenawa
bocah-bocah padha durung tepung klawan siji lan sijine. Semono uga
marang ibu guru!”
Siswa : “Inggih Bu! Leres..!”
Bu Ranti : “Iya bener kandhamu. Saiki luwih dhisik ditepungake, Ibu guru iki
asmane Ibu Ranti genepe Hening Sih Miranti nanging para siswa
kepareng ngaturi Bu Ranti ngono wae.”
Santi : “Nuwun sewu Bu guru, dalemipun pundi?”
Bu Ranti : “Ibu guru pidalem ing Perumahan Sekar Asri Blok sepuluh nomer siji!
Jenengmu sapa Ndhuk, bocah pinter?”
Santi : “Ndherek nepangaken, nama kula Santi Tyas Utami, Bu. Griya kula
Perumahan Giri Asri blok setunggal E nomer tiga. Kula saking SD
Bibis.”
Bu Ranti : “Iya. Saiki ayo padha nepungake urut mbaka siji!”
Pitutur, piweling lan donga saka wong tuwa iku wigati banget tumrap para
putra, jalaran bisa dadi sarana lancaring gegayuhan, bisa dadi sarana raharja lan
tentrem. Mula aja lali kanggo para putra tansah nyuwun pamit marang wong tuwa
saben arep lelungan menyang ngendi wae, kalebu menawa arep mangkat sekolah.
Jam 06.15 WIB Galih wis rampung adus lan nganggo sragam sekolah kang wis
disetlika mlithit. Galih banjur sarapan bareng karo bapak, ibu lan adhine sing
jenenge Galuh. Sawise rampung sarapan Galih lan Galuh padha njupuk tas banjur
pamitan marang bapak ibune. Galih ngajak salaman bapakne karo diaras astane.
Galih : “ Pak, kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah. Kula
nyuwun donga saha pangestunipun bapak!”
Bapak : “Iya Le, muga-muga sliramu tansah antuk keslametan lan lancar
anggonmu sinau!”
Galih : “Matur nuwun Pak, paringipun donga.”
(Sawise iku Galih banjur pamit marang ibune dene Galuh uga mangkono.)
Galuh: “Kula ugi makaten Pak, Bu, keparenga kula nyuwun pamit rumiyin!”
Ibu : “Iya Ndhuk. Ngati-ati ing dalan!”
(Sapungkure bocah loro iku bapakne Galih uga banjur tata-tata budhal kerja, ora
lali uga pamitan marang ibu.)
Bapak : “Wis ya Bu! Bapak uga dakbudhal nyambut gawe dhisik!”
Ibu : “Inggih Pak. Ngatos-atos!”
(Sawise garwane tindak nyambut gawe, ibune Galih tumuli nutup pager omahe
sabanjure nerusake pagaweyane.)
Isenana nganggo ukara kang trep karo pranyatan ing kothakan ngisor iki!
Para siswa kudu ngerti wigatine wong aruh-aruh ing bebrayan. Aruh-aruh bisa
nambah sedulur lan ngraketake paseduluran. Kejaba iku uga tandha menawa
awake dhewe ngajeni marang liyan. Nanging menawa ora pas anggone
ngetrapake unggah-ungguh basa nalika aruh-aruh, uga bisa nglarani atine sing
diaruh-aruhi. Mulane kudu trep anggone milih tetembungan lan nglarasake
kahanan. Umpamane marang sapa, ing ngendi, kepriye kahanane lan
sapanunggalane. Ing ngisor iki tuladha-tuladha ukara kanggo aruh-aruh.
1. Nalika ing wayah esuk, kepethuk bapak utawa ibu guru bisa aruh-aruh kanthi
ukara “Sugeng enjang, Bu!”, yen wayah awan kanthi ukara “Sugeng siyang,
Pak!”, yen wayah sore kanthi ukara “Sugeng sonten, Bu!”.
2. Nalika ing warung kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara
“Badhe mundhut menapa, Bu?”
3. Nalika ing dalan kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara
“Badhe tindak pundi, Pak?”
4. Nalika ing ngomah ana tamu kepengin ketemu bapak utawa ibu, bisa aruh-aruh
kanthi ukara “Nuwun sewu, badhe pinanggih sinten, Pak?”
B. Evaluasi
A. Pilihan Ganda
3. Kepriye jawabe kanthi basa krama yen ana pitakon “Ngendi omahmu ?”
A. Omah kula Jejeran Wonokromo Pleret Bantul
B. Griya kula Jejeran Wonokromo Pleret Bantul
C. Dalem kula Jejeran Wonokromo Pleret Bantul
D. Dalemku Jejeran Wonokromo Pleret Bantul
4. Sintia arep takon jenenge guru basa Jawa, becike kepriye anggone matur?
A. Namanipun ibu sinten?
B. Namine ibu guru sinten?
C. Asmane ibu guru sinten?
D. Asmanipun ibu guru sinten?
5. Danis arep takon omahe ibu guru basa Jawa, kepriye anggone matur kang trep?
A. Griyane ibu guru pundi?
B. Griyanipun ibu guru pundi?
C. Daleme ibu guru pundi?
D. Dalemipun ibu guru pundi?
6. Ibu Minati omahe Perumahan Sawit Asri. Ukara iki menawa disalini nganggo
basa krama kang trep… .
A. Ibu Minati omahipun Perumahan Sawit Asri
B. Ibu Minati griyanipun Perumahan Sawit Asri
C. Ibu Minati daleme Perumahan Sawit Asri
D. Ibu Minati dalemipun Perumahan Sawit Asri
7. Nyuwun pangapunten bu, kula badhe ... alamat dalemipun Pak Narta, ingkang
wonten Bandung.
A. tanglet
B. nyuwun pirsa
C. mundhut pirsa
D. matur
10. Saben dina Rebo kelasmu ana wulangan basa Jawa jam kapisan, mula becike para
siswa ngaturake salam kepriye?
A. Sugeng enjing, Bu!
B. Sugeng dalu, Bu!
C. Sugeng siyang, Bu!
D. Sugeng sonten, Bu!
11. Nalika sliramu liwat sakngarepe bapak utawa ibu kang lagi lenggahan, becike
matur ....
A. Klamit Bu
B. Mit Pak
C. Nuwun sewu Pak
D. Nuwun sewu, ndherek langkung Pak
12. Nalika sliramu mlaku arep nglancangi ibu guru ing dalan, becike aruh-aruh kanthi
matur....
A. Mangga Bu
B. Amit Bu
C. Kula riyen nggih Bu
D. Nuwun sewu kepareng kula ngrumiyini Bu
13. Kang ora kalebu tatakramane mlaku ing dalan yaiku ... .
A. mlaku turut pinggir sisih kiwa
B. jejer paling akeh loro
C. waspada lan ngati-ati
D. mlaku karo gojegan
14. Nalika sliramu kepethuk ibu guru ing swalayan, becike anggonmu matur kepriye?
A. Ajeng tumbas menapa Bu?
B. adhe tumbas menapa Bu?
C. Ajeng mundhut napa Bu?
D. Badhe mundhut menapa Bu?
A. Pilihan Ganda
1. D
2. C
3. B
4. D
5. D
6. D
7. B
8. A
9. D
10. A
11. D
12. D
13. D
14. D
15. C
1. Pak/bu, kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah. Kula nyuwun
donga saha pangestunipun bapak lan ibu!
2. Bu, kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal ekstrakulikuler pramuka.
Kula nyuwun donga saha pangestunipun ibu!
3. Pak/bu, kepareng kula nyuwun pamit badhe wangsul griya rumiyin. Kula
nyuwun donga saha pangestunipun simbah.
4. Pakdhe kula badhe nyaosaken layang, makaten pakdhe, kepareng kula
nyuwun pamit badhe wangsul griya rumiyin. Kula nyuwun donga saha
pangestunipun pakdhe.
5. Pakdhe kula badhe nyaosaken layang, makaten pakdhe, kepareng kula
nyuwun pamit badhe wangsul griya rumiyin. Kula nyuwun donga saha
pangestunipun pakdhe.
6. Bulik Astri kula badhe nyuwun pirsa tugas sekolah amargi wonten
ingkang boten saged, makaten bulik kula nyuwun pamit badhe wangsul
griya rumiyin. Kula nyuwun onga saha pangestunipun bulik.
D. Daftar Pustaka