Anda di halaman 1dari 8

GREBEG SURO PONOROGO

GURU PEMBIMBING :
WAHYU WIDIATAMA S.Pd

LADIES
1. ATINA JIAN SETIANINGRUM ( 5 )
2. EKA FIBRI YULIANI ( 12 )
3. HILMY FARID DYAKSA ( 16 )
4. REGITA ANGGUN CAHYANI ( 29 )

SMKN 1 POGALAN
2023/2024
TEMBUNG PENGANTAR
Puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kelancaran sahingga kita
selaku siswa saget ngrampungaken laporan menika kanthi lancar mboten wonten alangan
satunggal punapa
Sholawat ugi salam mboten kasupen kita haturaken dhumateng junjungan kita
Nabi agung Muhammad SAW kang dados penerang kita ing yaumul akhir mbenjeng.
Matur sembah nuwun kita hatur aken dhumateng Pak Wahyu minangka guru pengampu
basa daerah ing kelas XI AKT 2
Cekak tembung, “Mboten Wonten Gadhing Kang Mboten
Retak” sakmenika laporan kegiyatan ingkang kita damel. Menawi wonten kesalahan
tembung nyuwun agunging kalepatan lan Mugi napa ingkang kirang saget dados bahan
evaluasi laporan menika.

PENGARANG KABEH

ii
DAFTAR ISI
DAFTAR ISI

TEMBUNG PENGANTAR...........................................................................................................ii
DAFTAR ISI................................................................................................................................iii
ANCASE PANLITEN...............................................................................................................1
PAEDAHE PANLITEN............................................................................................................1
TEGESE GREBEG SURO........................................................................................................2
UBARAMPE KANGGO GREBEG SURO...............................................................................2
URUTANING UPACARA GREBEG SURO............................................................................2
PANUTUP.....................................................................................................................................5
DUDUTAN................................................................................................................................5
PANYARUWE..........................................................................................................................5

iii
ANCASE PANLITEN
1.1.1 Ngerteni Tegese Grebeg Suro
1.1.2 Ngerteni ubarampe kanggo Grebeg Suro
1.1.3 Ngerteni Urutaning acara Grebeg Suro

PAEDAHE PANLITEN
1.3.1 Tumrap pemulangan.
Panliten iki bisa diajab bisa kanggo sarana parasiswa ngerteni Upacara Grebeg Suro.
1.3.2 Tumrap bebrayan.
Panliten iki bisa di gunakake minangka wacan kanggo nambah pamawas kanggone bebrayan
Jawa
TEGESE GREBEG SURO
Grebeg Suro yaiku upacara tradisional masyarakat ponorogo kang wujudake acara
rakyat. Seni lan tradisi kang di tampilake kaya Festival Reog Nasional, Pawai lintas sejarah,
kirab pusaka, lan larungan risalah doa ing tlaga ngebel. Grebeg sura termasuk acara tahunan
kang di rayakake saben tanggal 1 Muharram (1 suro tahun jawa). Acara iki ya termasuk
kegiatan sing disik kanggo nyongsong tahun kunjungan wisata jawa timur saben tahun. Sebab
di enekake grebeg suro ing ponorogo yaiku amargi kebiasaan masyarakat sing utama
kalangan warok ing malem 1 suro ngenekake tirakatan semalam suntuk. Nilai – nilai kang
terkandung yaiku nilai simbolik, nila tanggung jawab, nilai keindahan, nilai moral, nilai
hiburan, nilai budaya, nilai sosial, nilai ekonomi, nilai apresiasi, lan nilai religius.

UBARAMPE KANGGO GREBEG SURO


Grebeg suro kasusun kanthi pirang – pirang adicara yaiku: kirab pusaka, pawai
lintas sejarah, festival reog nasional, lan larungan risalah doa ing tlaga ngebel.
Saka susunan adicara kasebut kang mbutuhake ubarampe akeh yaiku among kirab
pusaka lan larungan risalah doa ing tlaga ngebel.

Kang dadi ubarampe kirab pusaka yaiku sesaji kanggo pusaka, lan liyo – liyane.
Minangka kang dadi ubarampe larung yaiku tumpeng lan sesajen kang di larung ing tengah
tlaga, sakdurung e di larung ing tengah tlaga tumpeng mau ya di bagi ing masyarakat, sak
wise di bagi tumpeng sing isih di larung menyang tengah tlaga marang juru kunci banjur di
klelep ake.

Adicara liane uga mbutuhake ubarampe utawa sesaji ananging sesaji iku mau mung
kanggo syarat supaya acarane di pun paringi kelancaran marang gusti ingkang Maha Agung.

URUTANING UPACARA GREBEG SURO


Pameran Pusaka digelar ing gedung Aula Bappeda Lantai II. Acara iki dieloni
marang paguyuban Aji Wengker kang mamerna pusaka - pusaka kayata keris luk VI dapur
Singobarong warangka ladrang, Tumbak Kyai Tunggul Wijaya Pamor Singosari. uga
paguyuban Tunggal Naga mameraken pusaka kayata Keris Luk II, dapur sabuk inten, keris
lurus dapur Tilam Sari.
Lan paguyuban - paguyuban liane kanthi nampilake koleksi - koleksi pusakane. Total
pusaka sing dipamerake yaiku 360 pusaka.

Pameran Bonsai uga digelar ing lingkup Gedung Graha Krida Praja
yaiku ing ngarep Paseban Alon - alon Ponorogo tepate ing taman Patung Singa dan Putri
Songgo langit. Ing pameran bonsai iki nggawa cacah 175 saka 24 Kabupaten / Kota se - Jawa
Timur. Ing kelas eksebisi uga ditunjukake koleksi - koleksi duweke 6 pejabat Pemkab
Ponorogo yaitu : Kabag Ekonomi, Kepala Dinas Indakop, Kepala Dinas
Pariwisata, lan koleksi duweke Bupati, Wakil Bupati dan Sekda Ponorogo.

Bupati Ponorogo negesake bilih Pemerintah Ponorogo berusaha mengusung


kebudayaan kanggo keluhuran budaya adiluhung, keluhuran budaya adiluhung iku di
harapake bisa menehi inspirasi, penggarapan, pemahaman, penghayatan seni lan budaya
2
kanggo masyarakat ing usaha mujudake nilai - nilai keluhuran.
Kebudayaan ingkang sampun di pahami minangka bagian dasar saka kehidupan
saben manungsa lan saben kelompok masyarakat, kebudayaan minangka bagian integral hak
asasi manusia amarga iku pembangunan sing diharep ne kanggo pertumbuhan dan martabat
manungsa kedah nduweni dimensi kebudayaan.
Prengetan Grebeg Suro lan Festival Reog Nasional minangka event budaya sing perlu
dilestarekna dan dikembangna. Pembukaan Perayaan Grebeg Suro lan Festival Reog
Nasional iki akeh ditekani perwakilan - perwakilan daerah kabupaten lan propinsi liane
kayata Wakil Bupati Bengkalis Propinsi Riau, Kabupaten Tanjung Jabung Barat Propinsi
Jambi, Kabupaten Gunung Kidul Daerah Istimewa Yogjakarta lan liyo liyane.

Acara sing paling dienteni masyarakat Ponorogo yaiku Pawai Lintas Sejarah lan
Kirab Pusaka. Acara Kirab dimulai jam 14:00 sampek sampe. ketelu pusaka sing
kalebu Angkin (sabuk) Cinde Puspito, Payung Songsong Tunggul Wulung lan Tombak
Tunggul Nogo digawa metu saka kompleks makam. Miturut Romo Dodik (Juru kunci
makamBathara Kathong) ing zaman biyen ketelu pusaka kasebut digunakake kanggo
tameng, penawar kekuatan gaib, lan senjata pencabut nyawa. Bapak Bupati trus nyerahake
pusaka kasebut menyang sepasukan pria kang gae klambi tradisional, kanggo diterne nyang
pendopo Kabupaten. ing mburine pada ana rombongan dayang-dayang lan rombongan
pemerintah setempat sing numpak kereta kuda sing wus dihias, disusul gerombolan manusia
berwajah merah (Warok), rong mahluk aneh sing duwen irung mbengkong, nyolot rana
rene (Bujangganog). Sak mburine neh, harimau bermahkotakan manuk merak (Reog) muter-
muter ing lemah. Kirab iki dimaksud ake kanggo mrengeti perpindahan pusat
kota saka bagian kulon menyang bagian tengah kabupaten.

Bengi ne Ponorogo ora turu, ing Alun- alun Ponorogo dienekake Penutupan Grebeg
Suro marang Bupati Ponorogo. Ing masjid Agung Ponorogo uga dienekake Pengajian Akbar.
Sebagian warga liyane uga isih mlaku mlaku utawa lungguh-
lungguh ing saben pojokan daerah saperlu le'- le'an (bergadang) kanggo nyambut malam 1
Muharram sing diisi dening nglakoni do'a bareng lan nonton Video
Reog utawa campursari kanthi suka- cita.

Esuk e yaiku dina terahir mrengeti Grebeg Suro yaiku Larungan Risalah Doa ing
Telaga Ngebel. Telaga Ngebel yaiku Telaga sing terkenal kerindangan, kesejukan lan
keindahne kang pangon ing sikil Gunung Wilis. Masyarakat sekitar nglakoni ritual adat saben
malam siji suro, kayata doa baren, ngubur kaki kerbau ing panggon - panggon tartamtu, lan
nglarung sesajen. Penduduk Ngebel nduweni juru kunci sing tugase nggawa rakit sesajen
menyang tengah danau. Kebiasaan iki mesti dilakoni pas bengi. pintere, juru kunci
ora gae kapal, dhewek e nyurung rakit dewekaro nglangi.

Larungan sing dilaksanakake isuk iki di konsep kanthi


tujuan wisata. Tumpeng siji dibagekake marang warga, lan tumpeng liane digawa nyang
tengah telaga bareng risalah doa. sawetara wang perenang ditugasne nggawa
sesajen ing duwur rakit bambu lan nglelepake. Karo klelepe tumpeng iki, gelaran Grebeg
Suro wus sampe.

3
4
PANUTUP

DUDUTAN
Upacara adat Grebeg Suro yaiku salah sawijining adicara kabupaten ponorogo kanggo
nyambut tahun anyar 1 Muharram. Adicara iki di prengeti saben tahun ing kutho ponorogo.
Adicara kanggo nyambut tahun anyar suro iki di isi karo beberapa adicara kayata Festival
Reog Nasional, Pawai lintas sejarah, kirab pusaka, lan larungan risalah doa ing Tlaga Ngebel
lan liyo- liyane.

PANYARUWE
Mugi adicara Grebeg Sura iki bisa di laksanakake sak teruse marang warga masyarakat
ponorogo lan sekitare kanthi nambahi adicara liane supaya adicara Grebeg Suro iki ora
monoton di delok lan ora marai waleh lan supoyo pemiate tetep akeh kaya tahun – tahun sak
durunge.

Anda mungkin juga menyukai