Anda di halaman 1dari 5

TULADHA ARTIKEL DESKRIPSI

Candhi Borobudhur

Candhi Borobudhur mujudake candhi Budha kang diwangun


ing abad IX dening Raja Samaratungga sing ngasta kraton
Mataram saka wangsa Syailendra. Candhi iki minangka candhi
Budha kang paling gedhe dhewe sejagad. Prenahe candhi
Borobudhur dumunung ana ing sakidule kutha Muntilan, kabupaten
Magelang, provinsi Jawa Tengah.

Candhi Borobudhur dumadi saka 9 tataran, yaiku nem teras


wujud persegi lan telu wujud bundher, kanthi pucukan wujud
cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672
lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca
Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-
stupa sing bolong-bolong.

Nganti saiki, candhi Borobudhur isih dadi papan tirakat. Wong-


wong Budha padha mahargya pengetan Waisak ing candhi iki
saben tahun. Candi Borobudhur uga kaloka dadi papan wisata kang
gawe gumun turis Indonesia lan mancanegara.
TULADHA ARTIKEL EKSPOSISI

Bengkulu Ngawetake Kembang Rafflesia Arnoldi

Gambar 4: Kembang Rafflesia Arnoldi kang lagi mekar.

Sumber: http://www.republika.co.id

Badan Penelitian dan Pengembangan Provinsi Bengkulu karo


Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia (LIPI) ngawetake loro kembang
langka yaiku kembang Rafflesia Arnoldi kang asale saka Bengkulu. “Ana
loro kembang kang diawetake minangka asil kerja bareng karo LIPI,”
ngendikane Kepala Badan Penelitian dan Pengembangan (Balitbang)
Provinsi Bengkulu, Diah Irianti.

Panjenengane ngendikan siji awetan kembang langka kang asale


saka Alas Lindhung Bukit Daun Kabupaten Kepahiang iku bakal
dipamerake nalika festival kembang ing Korea Selatan, wulan April
2018. Dene, siji kembang liyane bakal didadekake awetan saengga
masyarakat bisa nepungi flora unik kang kalebu salah sawijine flora
langka. “Kembang langka kasebut ora saben wektu mekar ing Alas
Bengkulu. Mula, prelu diawetake supaya kaendahane bisa disawang
kapan wae”, jlentrehe Dian.

“Pihak Balitbang saiki lagi ngatur pemetaan habitat kembang


Rafflesia Arnoldi. Sawetara kabupaten kang nduweni alas habitat
Rafflesia Arnoldi yaiku Kabupaten Bengkulu Tengah, Rejanglebong,
Lebong, Mukomuko, Bengkulu Selatan, Kepahiang, lan Kaur,”
ngendikane Kepala Balitbang kasebut. Pemetaan iki bakal dadi bahan
kanggo upaya nglestarekake flora langka kang dadi ikone Provinsi
Bengkulu. Kalestarene habitat Rafflesia Arnoldi dadi kawigatene donya,
amarga ing taun 2018 Provinsi Bengkulu bakal dadi tuan rumah
Simposium Internasional ngenani flora langka kasebut.

Kembang Rafflesia Arnoldi wiwitane ditemokake dening Sir


Thomas Stamford Raffles karo ahli botani saka Inggris Joseph Arnold
nalika taun 1818 ing Bengkulu. Koordinator Komunitas Peduli Puspa
Langka (KPPL) Bengkulu, Sofian Ramadhan, ngendikan manawa
saliyane nganakake pengawetan, kang luwih wigati ditindakake yaiku
nylametake alas kang dadi omah puspa langka iku. “Kita rutin nindakake
ekspedisi menyang alas kang dadi habitate Rafflesia, nanging kang
nguwatirake yaiku anane alih fungsi alas dadi kebon,” tambahe Sofian.

Durung suwe iki, ing Kabupaten Kaur uga ditemokake habitat


kembang Rafflesia jinis bengkuluensis. Nganti saiki wis ditemokake
patang jinis Rafflesia kang tuwuh ing Alas Bengkulu. Saliyane jinis
arnoldi lan bengkuluensis, uga ditemokake jinis hasselti lan gadutensis.
TULADHA ARTIKEL PERSUASI

Bebayane Rokok Tumrap Kasarasane Awak

Alinea Pambuka

Rokok ngandhut bahan lan zat kimia kang mbebayani tumrap sistem
pernafasan. Tar lan nikotin kalebu zat kimia kang mbebayani kang
kinandhut ing sawatang rokok. Rokok ngandhut luwih saka 4000 bahan
kimia, ing ngendi 200 ing antarane kalebu racun.

Alinea Panjelas

Tansaya akeh isi kandhutan tar lan nikotin sajrone sawatang rokok, uga
tansaya akeh dampak negatif kang ditrima. Dampak negatif tumrap
perokok aktif lan pasif ing antarane yaiku lara jantung, kanker, lan impoten.
Saliyane iku, gangguan kehamilan lan janin minangka dampak negatif
tumrap wong wadon kang dadi perokok aktif.

Alinea Panutup

Amarga dampak negatif saka rokok akeh banget tumrap kasarasan awak,
ayo kita padha ngadohi rokok. Yen kita wis ngadohi rokok, awak bakal
seger waras, nyuda polusi udara, lan ora ngrugekake wong liya.
TULADHA ARTIKEL ARGUMENTASI

Dampak Lingkungan kang Reged

Prekara ngenani uwuh mbutuhake kawigaten kang tumemen amarga uwuh iku wis
dadi prekara nasional. Miturut ahli kesehatan, uwuh bisa nyebabake dampak kang ora
becik kanggo kesehatan, yaiku infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan
sapiturute. Jalaran, laler utawa coro bisa nggawa lelara kuwi mau saka uwuh kang
numpuk.
Mbuwang uwuh ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali. Apa maneh yen
ana uwuh-uwuh plastik kang ora bisa diurai dening mikroorganisme lemah, bisa
ngakibatake numpuke uwuh lan limbah. Yen uwuh dibuwang ing kali, uwuh bisa numpuk
ing dhasar kali lan nyebabake pendangkalan dhasar kali. Mula ing mangsa rendheng, kali
ora bisa nampung banyu, lan bisa nyebabake banjir.
Semono uga dampak saka uwuh kang diobong, bisa nyebabake penyakit saluran
pernapasan, amarga keluk kang diasilake saka ngobong uwuh yen mlebu ing paru-paru
bisa nyebabake sesek, apa maneh yen uwuhe awujud plastik bisa nyebabake kanker paru-
paru.
Kesadaran masyarakat ngenani karesikan lingkungan durung apik, saengga bisa
nyebabake bencana alam, umpamane banjir, lemah longsor, lan sapiturute. Apa maneh
lingkungan kang ora becik bisa nyebabake penyakit ing masyarakat, kayata DBD,
chikungunya, lan sapiturute. Mula, masyarakat prelu sadhar karesikan lingkungan kanggo
njaga kasarasane dhewe.

Anda mungkin juga menyukai