Anda di halaman 1dari 7

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 139

PUNAPA
GADHAH
TANGGEL JAWAB?



1. Wekdal Ening

2. Rerangkning Atur Panuwun:
Ibu : Kawula ngaturaken panuwun dhumateng
Paduka Gusti, awit brayat peparing
Paduka.
Bapak : Kawula ngaturaken panuwun karana
pangreksa Paduka, ing salebeting bingah
lan sisah.
Anak : Ing salebeting kabegjan lan kakirangan.
Semua : Ing sadaya kawontenan, kawula badh
ngluhuraken asma Paduka.
Ibu : (Ngidungaken Rff. KPK BMGJ 29)
Reff.:
Nyawa kula gya sumyak sung puja
yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji
yekti Allah Maha kwasa.

Putri : (Ngidungaken KPK BMGJ 29: 1,2)
Adhuh Gusti lamun kula nyipati
WULAN BRAYAT
BAHAN 3
Kidung
KPK BMGJ 29: 1,2,3
KPK BMGJ 38: 1,2,3
KPK BMGJ 300:1,2

Waosan
Lukas 12:39-48





LPP Sinode Wulan Brayat 2014 140

lintang abyor ing dalu kang sepi
wah gumlegering gludhug ing akasa
kula ngungun gunging kamulyanta

Sadaya : (Ngidungaken Refrein KPK BMGJ 29)
nyawa kula gya sumyak sung puja
yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji
yekti Allah Maha kwasa.

Kakung : (Ngidung KPK BMGJ 29:2)
Lamun nlasak tengahing wana wasa
sato peksi kekidungan ramya,
wonten ngar dalah ing ardi ugi,
bra gumelar sesawangan adi.

Sadaya : (Ngidungaken Refrein KPK BMGJ 29)
nyawa kula gya sumyak sung puja
yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji
yekti Allah Maha kwasa.

3. Pandonga Pambuka

4. Kidung Pamuji

KPK BMGJ 38: Halluyah, Puji Gusti

Para Lar:
Pinuji Gusti kang nitahken jagad
siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat.


Sadaya:
Halluya sagung puji tansah konjuk Gusti


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 141

Halluya sagung bekti mring ratu swargi.

Bapak:
Pinuji Gusti Sang Juru Basuki
kang ngurbanken sarira nebus manungsa.

Sadaya:
Halluya sagung puji tansah konjuk Gusti
Halluya sagung bekti mring ratu swargi.

Ibu:
Pinuji Gusti yku Sang Roh Suci
kang nuntun ing kraharjan wah kasampurnan.

Sadaya:
Halluya sagung puji tansah konjuk Gusti
Halluya sagung bekti mring ratu swargi.

5. Pamaosing Kitab Suci: Lukas 12:39-48
(Saged kawos gentosan, bapak, ibu lan lar)

6. Renungan (ayat nats: Lukas 12:43)

PUNAPA GADHAH TANGGEL JAWAB?
Titikaning manungsa ingkang ndarbni adhab (alusing
bebudn, tatakrama, kasusilan) inggih punika tanggel
jawab. Gusti Allah nitahaken manungsa minangka titah
ingkang gadhah tanggel jawab (Purwaning Dumadi 1: 28).
Wonten tanggel jawab dhateng dhiri pribadi, tiyang sans,
masyarakat, punapadn tanggel jawab dhumateng Gusti.
Kamus Besar Bahasa Indonesia nerangaken tanggel jawab
minangka kawontenan ingkang wajib nanggel sadaya
prakawis (menawi wonten punapa-punapa saged dipun
prakawisaken, dipun lepataken lsp.) Kanthi nyanggi tanggel
jawab piyambak-piyambak, gesang punika lajeng mlampah
kanthi sa lan tumata. Nanging manipun, boten sadaya


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 142

tiyang nindakaken tanggel jawabipun.
Sakirang-kirangipun wonten sebab kalih, knging punapa
tiyang boten tanggel jawab. Sepisan, karana dipun sengaja.
Punika kelampahan saged karana kesd utawi nganggep
bilih tiyang sans ingkang kedah langkung tanggel jawab.
Saged karana wontenipun adicara ing tlvisi ingkang narik
kawigatosan, lan alesan sansipun. Minangka conto, lar
sekolah boten purun sinau jalaran kesd, utawi drng
wonten ujian, utawi langkung nengenaken anggnipun
dolanan. Sinau drng dipun anggep satunggaling
kuwajiban.
Kaping kalih, karana tiyang lna dhateng satunggaling
prakawis temahan nglirwakaken tanggel jawabipun.
Umpaminipun lna anggnipun ngginakaken telpon tangan
(hp), internt, utawi karemenan (hobi). Satunggaling ibu
lirwa nggatosaken anakipun karana kasengsem dhateng
sintron. Utawi satunggaling bapak karana karemenanipun
lajeng kirang sesambetan kaliyan anakipun.
Nglirwakaken tanggel jawab asring boten namung damel
tunanipun dhiri pribadi nanging inggih tiyang sans,
brayat, malah bangsa lan nagari. Tiyang sepuh utawi anak
ingkang boten tanggel jawab badh ndayani tumrap
brayatipun. Pendhudhuk ingkang kesd utawi wekdalipun
dipun telasaken kangg sesukan, temtu kemawon badh
nukulaken bangsa ingkang gapuk. Kamangka bangsa kita
asring kadhatengan samukawis ingkang pinangkanipun
saking nagari manca (wiwit saking sabun dumugi
handphone, motor lan mobil ingkang dipun ginakaken).
Kita namung dados phak ingkang ngangg. Satata
panenimbang ing babagan konomi lan kajiwan,
sayektinipun kita saweg dipun jajah dning bangsa manca.
Ing wekdal ingkang sinebat globalisasi lan kamajenganing
tknologi kados ing samangk, kita dipun ajak supados


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 143

waspada ing sakathahing bebaya wau.
Lukas 12:40 ngngetaken kita, Mulan kow kabeh padha
tansah rumantia, awit rawuh Putran Manungsa iku ing
wektu kang ora koknyana. Salajengipun ing ayat 43-44
kapangandikakaken, Begja abdi kang ketemu nindakaken
kawajiban nalika bendaran rawuh. Aku pitutur marang
kow: Satemen bendaran mau mesthi bakal ngangkat
dhewek dadi abdi kang tinanggenah rumeksa marang
sabarang kagungan bendaran kabeh.
Gusti ngersakaken supados kita nindakaken tanggel jawab
kanthi setya. Gusti Yesus inggih sampun paring patuladhan
ing bab kasetyan salebeting nindakaken tanggel jawab.
Panjenenganipun rila ngurbanaken sarira, nandhang
sangsara lan sda ing kajeng salib amrih kawilujenganipun
manungsa. Sasampunipun nindakaken sadaya wau,
Panjenenganipun kamulyakaken dning Ramanipun lan
kaparingan asma ngungkuli sakathahing nama (Filipi 2:9).
Lumantar Lukas 12: 43 kita kaajak nindakaken kawajiban
kita piyambak-piyambak kanthi tuntas lan leres. Kita
nindakaken boten karana wonten ingkang ngawasi utawi
ajrih yn sawekdal-wekdal wonten ingkang badh
nyrengeni kita. Kita nindakaken kawajiban jalaran tugas
punika minangka pranganing gesang kita piyambak.
Kawajiban wau dados bab ingkang prelu karaosaken kanthi
prayogi, boten karana kapeksa. Tugas lan tanggel jawab ing
gesang punika minangka sih-rahmat. Satunggaling sih
rahmat ingkang badh ndhatengaken kabegjaning gesang.
Ing wulan brayat punika, kita kaajak supados boten
namung ngraosaken wigatining kawajiban salebetening
gesang, nanging ugi nggulawenthah lar madeg dados
pribadi ingkang tanggel jawab. Sikep ingkang kebak tanggel
jawab boten jumedhul makaten kmawon. Bab punika


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 144

kedah dipun gladhi lan boten sakedhik tuwuhing
panggodha, mirungga ing jaman samangk. Patuladhaning
tiyang sepuh dados kunci sembadaning lar salebeting
mangun dhiri dados jalma manungsa ingkang tanggel
jawab.
Tiyang ingkang tanggel jawab badh saged nindakaken
kasanan sanadyan boten wonten ingkang nyumerepi utawi
ngawat-awati. Piyambakipun ndarbni lan nyepengi kanthi
bakuh paugeman ing bebener, ndarbni kekendelan,
ngemudhni dhiri kangg tumindak ingkang sa. Sanadyan
wonten panggodha kangg nindakaken piawon,
piyambakipun tetep setya. Sayektinipun sinau tanggel
jawab kalebet sinau angurmati lan nresnani sesaminipun,
kangg nelakaken anggnipun kendel salebeting nyepengi
paugeman-paugeman ingkang sa, kangg njembaraken
anggnipun ngemudhni dhiri lan nguwaosi dhiri pribadi.
Nresnani lan ngurmati tiyang sans punika wujuding
tanggel jawab. Boten preduli soksintena tiyang wau,
kadospundi warnining pakulitanipun, wangunaning
mripat, kadospundi kawontenaning pangupajiwanipun,
punapa-dn agaminipun. Wonten tiyang ingkang
nganggep leres anggnipun korupsi ing papan panyambut
damel kanthi pawadan bilih ingkang dipun korupsi punika
bandhaning tiyang sugih (bendaranipun). Punapa
kemawon pawadanipun, tumindak ingkang makaten
punika tumindak ingkang boten tanggel jawab lan boten
kepareng ing ngarsanipun Gusti. Sumangga kita
nindakaken gesang kanthi kebak tanggel jawab, minangka
wujuding atur panuwun kita karana sih rahmat
peparingipun Gusti. Amin.

7. Kidung Tanggapan:



LPP Sinode Wulan Brayat 2014 145

KPK BMGJ 300: 1,2 Karahayoning Tyang Gegriya
Arahayu sagunging tyang gegriya
ingkang tansah rumaket mring Gusti,
mung Gusti, dadya tuking basukinya
klayan bingah prntahnya pinundhi
skakapti anilingken sabdanya,
angabekti Allah klayan klas,
rinten ndalu angluhurken asmanya
myang sumuyud kalayan trus ing tyas.

Arahayu sagunging tyang semahan,
ingkang nunggil tresnanya mring Gusti,
runtang runtung dnira sih sinihan,
klayan sakapraya lan budi,
tansah migatosken sabdaning Allah,
sarta memuji ngluhurken Gusti,
mantep ing pitados kang trusing manah,
saha setya dumugi ing janji.

8. Pandonga Syafaat lan Panutup
Ingkang mimpin pandonga saged dipun dum
antawisipun bapak, ibu lan putra.
Salah satunggaling panyuwunan ing pandonga supados
saben warganing brayat kasagedaken nindakaken
tanggel jawabipun piyambak-piyambak.
Menawi pakempalan pandonga punika katindakaken
dning kelompok alit, prayogi menawi pandonga syafaat
katindakaken kanthi gegandhngan asta, utawi
samidn andongakaken satunggal lan satunggalipun.


[MH/TK]

Anda mungkin juga menyukai