Anda di halaman 1dari 43

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.

com

Surat Al - Baqarah

Alif Laam Miim


Kitab al-Qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha
tundhuk (wedi) ing Allah


Kang padha percaya marang barang kang ghaib lan padha nglakoni shalat, sarta padha mewehake
barang peparing Ingsun marang wong mau tumanja pangabekti marang Ingsun


Lan kang padha percaya marang samubarang kang wus didhawuhake marang sira Muhammad, lan
samubarang kang wus didhawuhake marang para Nabi sadurungira, sarta padha weruh ing akherat
kelawan nyata


Wong kang mangkono mau, kabeh padha oleh pituduh saka Pangerane lan wong kang mangkono mau
kabeh padha begja


Dene wong kang padha kafir iku sanajan sira kandhani utawa ora sira kandhani padha wae, dheweke
padha ora percaya


Allah wis ngecap atine sikafir kabeh lan pengrungune sikafir kabeh ana tutupe. Kabeh padha kapatrapan
siksa kang gedhe

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com


Sawenehing manungsa ana kang ngucap mangkene: "Kita sami pitados ing Allah lan pitados badhe
wontenipun dinten Qiyamat", nanging satemene wong mau kabeh padha ora percaya


Wong-wong mau padha tindak lamis ing Allah lan tidak lamis marang wong Mukmin kabeh. Ora liwat
lelamisane mau mesthi ambalik marang awake dhewe, nanging padha ora krasa


Ing atine si munafiq ana lelarane, Allah nuli nambahi marang si munafiq lelara (maido Qur'an), wong
munafiq bakal kapatrapan siksa kang nglarani, sebab anggone padha anggorohake Nabi


Nalika wong munafik padha didhawuhi mengkene: "Kowe aja padha gawe rusak ana ing bumi", marga
ora percaya, ature mengkene: "sayektosipun kula punika malah damel sae"


Satemene wong munafiq iku padha gawe rusak, ewa dene padha ora rumangsa



Lan nalikane para munafiq padha dipituturi mengkene: "Sira padha percaya kaya percayane sahabate
Nabi", wong munafiq padha mangsuli mengkene, "Ya gene wong iku padha percaya kaya percayane
wong bodho?". Saktemene wong munafiq iku kang bodo, nanging ora padha weruh ing bodhone

Lan nalikane wong munafiq padha ketemu karo wong mukmin, padha ngucap mengkene: "Kita punika
sami pitados kados pitados panjenengan", bareng wis misah karo wong mukmin ketemu karo para
setane (tegese penggedhene), nuli padha matur mengkene, "Kita punika sami kanca panjenengan
tunggil agami, wicanten kula dhateng tiyang mukmin punika sayektosipun anggegunjeng"

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com


Allah males marang si munafiq kabeh anggone padha anggeguyu, lan nyrantekake si munafiq kabeh
anggone padha andadra kelawan padha mandheg tumoleh


Wong munafiq iku wong kang padha kulak sasar dituku kelawan pituduh (milih sasar nampik pituduh),
dado dagangane si munafiq ora bisa bathi (begja). wong munafiq padha ora oleh pituduh



Sanepane wong munafiq iku kaya upamane wong kang ngurubake geni ana ing pepeteng, bareng
urubing geni mau wis madhangi ing kiwa tengene, Allah nuli mateni geni mau, pepadhang banjur sirna,
Allah ninggal si munafiq ana ing pepeteng kang ndhedhet, ora bisa weruh apa-apa


Wong munafiq iku tuli, tur bisu, sarta wuta, dadi wong munafiq mau padha ora gelem ambalik saka
sasare



Utawa sanepane maneh kaya upamane wong kudanan, sajerone udan mau ana pepeteng lan bledhek
tuwin kilat, wong munafiq padha nyumpelake drijine ana ing kupinge, supaya aja nganti krungu
jumeblesing bledheg. Kuwasane Allah nglimputi wong kafir kabeh



Meh wae kilat mau nyamber pandelenge wong-wong munafiq, saben kilat mau cumleret madhangi
marang si munafiq, banjur padha lumaku ana ing pepadhang. Dene yen pinuju petheng si munafiq
banjur pahd ngadeg jejer. Saupama Allah kersa nyirnakake pangrungu lan pandelenge si munafiq kabeh
mesthi kaleksanan. Satemene Allah iku kuwasa marang samu barang

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com


He para manungsa kabeh, sira padha manembaha marang Pangeranira kang wis nitahake ing sira kabeh
lan nitahake wong sadurungira kebh, mesthi sira padha kalis saka ing sika marga bekti ing Allah



Kang wis nitahake bumi minangka lemek (dadi papan mikolehi ing sira) lan nitahake langit dadi payon,
sarta nurunake banyu udan saka ing langit, dianggo lantaran nukulake woh-wohan warna-warna
minangka rejekinira kabeh, mulane aja padha gawe sesembahan kang sira anggo ngembari Allah. Sira
kabeh iya wis padha weruh



Lan menawa sira padha mamang, durung percaya yen al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake marang
kawulaningsun (Muhammad) iki terang saka Ingsun, mara sira padha gaweya sak surat bae kang
madhani al-Qur'an iki, lan jaluka tulung pangeranira kang saliyane Allah, yen sira padha temen


Menawa sira padha ora bisa gawe sarta selawase iya ora bisa gawe, becik banjur padha percaya wae,
padha wedia geni neraka kang urub-urube manungsa lan watu, iku diancamake marang wong kafir
kabeh




(Muhammad), sira mbebungaha wong kang padha percaya marang Ingsun, tur padha nglakoni kelakuan
becik satemene besuk padha duwe suwarga kang sangisore kekayone mau ana bengawane mili. Wong
kang ana ing suwarga mau saben diladeni padha ngucap mengkene, "Iki panganan tunggalane kang
diladekake mau kae". Awit padha diladeni panganan kang rupane padha, nanging rasane beda-beda.
Wong kang ana ing suwarga mau padha duwe bojo widodari akeh kang padha suci; wong-wong mau
padha langgeng manggon an ing suwarga

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com




Sateme Allah ora lingsem gawe sadhengah sanepa senajan asor, kayata lemut utawa luwih gedhe
maneh. Dene wong kang padha percaya ing Allah mesthi padha weruh yen sanepa mau bener sarta
terang saka Pangerane. Nanging wong kafir padha ngucap, "Apa iya Allah kersa gawe sanepa kang
mengkene iki?" Dhawuhe Allah, "Sanepa iki kanggo nasarake wong akeh, lan kanggo nuduhake wong
akeh. Sanepa mau ora kanggo nasarake sapa-sapa kajaba wong fasiq"



Kang padha mbubrah dhawuh janjine Allah sawise dikukuhake land padha medhot barang kang wis
diperintahake dening Allah supaya digathukake, lan padha gawe rusak ana ing bumi. Wong kang
mengkono mau kabeh padha kapitunan

(He para manungsa) kapriye dene sira iku padha maido ing Allah ? awit sira iku maune padha mati, Allah
nuli nguripake ing sira, sawise urip, Allah banjur mateni ing sira, sawise mati, Allah banjur nguripake ing
sira, sawise urip maneh sira banjur padha digiring marang pangayunaning Allah



Allah iku wis nitahake samu barang isen-isening bumi kabeh mikolehi ing sira. Sawise nitahake bumi nuli
kersa nitahake langti. Allah andadekake langti iku dadi pitu. Allah iku nguningani samubarang kabeh

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



(Muhammad) sira nyritakna nalika Pangeranira ngendika marang Malaikat: "Ingsun nitahake sesulih
(khalifah) ana ing bumi", Para Malaikat nuli padha munjuk, "Kados pundi dene Tuan tega nitahaken
tiyang ingkang damel risak wonten ing bumi saha badhe mutahaken rah? ing mangkan kawula punika
sami nyebut menggahing Kang Maha Suci Tuan sarta ngalembana ing Tuan". (punapa dene nganggep
maha suci Tuan ing bathin), Allah nuli ngendika, "Ingsun nguningani barang kang sira padha ora weruh"

Allah wis paring sumurup marang (Nabi) Adam sawarnaning aran (jeneng) kabeh, nuli ndangokake arane
barang-barang mau marang para Malaikat. Allah ngendika, "Yen nyata hunjukira iku padha temen, mara
Ingsun tuduhna araning barang-barang iki"


Para Malaikat padha munjuk, "Tuan punika Maha Suci, kawula sami mboten gadhah kaweruh punapapunapa kajawi barang ingkang sampun tuan tedahaken dhateng kawula. Saestunipun Tuan punika
nguningani saha Wicaksana"



Allah ngendika, "He Adam! PAra Malaikat iku paringana pirsa araning barang-barang iku". Barang (Nabi)
Adam wis ngendikaake araning barang-barang mau marang para Malaikat, Allah ngendika: "Ingsun apa
ora wis ngendika marang sira kabeh yen Ingsun nguningani wadining langit lan bumi, lan nguningani
samu barang kang padha sira lahirake, lan samubarang kang padha sira umpetake"


(Muhammad) sira nyritakna nalikane Ingsun ngendika marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang
Adam". Para Malaikat mau nuli padha sujud, kajaba mung Iblis iku mbangkang sarta gumedhe, Iblis
banjur dadi ewone wong kafir

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Ingsun ngendika marang Adam, "Adam! sira lan rabinira padha manggona ing suwarga, lan mangana
isinging suwarga sakarepira, lan poma dipoma aja padha cedhak-cedhak wit siji iki. Sira mundhak dadi
ewoning wong kang nganiaya (wong duraka)"



Syetan nuli mlesedake (Nabi) Adam sagarwane saka ing suwarga, wusana setan mau ngetokake (Nabi)
Adam sagarwane saka suwarga kang dienggoni. Ingsun nuli ngendhika, "He Adam! sira padha mudhuna
sawenehing turunira bakal sesatron lan sawenehing turuning syetan. Dene sira ana ing bumi duwe
panggonan tetep, lan pikantuk kabungahan, nganti tumeka mangsaning pati"


(Nabi) Adam nuli nampa tetambungan (Kalimah) saka wisiking pangerane. Allah nuli nampani taubate
(Nabi) Adam. Satemene Allah iku nampeni Taubat lan Maha Asih



Ingsun ngendika, "He Adam sira kabeh padha mudhuna saka ing Suwarga, ing tembe yen sira ketekan
pituduh mau mesthi padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah"


Dene wong kang padha kafir lan padha nggorohake ayat Ingsun, iku kabeh padha nduweni neraka. Wong
mau anggone ana ing neraka padha langgeng


He para turuning Israil (Bani Israil) Sira padha elinga peparing Ingsun nikmat marang sira kabeh, lan
padha nuhanana janji perintah Ingsun. Ingsun uga nuhani janji kasaguhaningsun marang sira kabeh. Lan
padha wediya nyidrani Ingsun

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Lan saira padha percayaa marang al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake, dhumunung mbenerake kitab
cecekelanira lawas, lan sira aja padha dadi kawitane wong kafir ing al-Qur'an, lan sira aja padha tuku
barang kang sithik regane sira bayar kelawan ayatingsung, lan sira bektiya marang Ingsun


Lan sira aja padha nyampur barang-barang kang bener kelawan barang kang ora bener lan aja
ngumpetake barang kang bener, sira kabeh iya wis padha weruh


Lan sira padha nindakna shalat, lan padha mbayar zakat, lan padha ruku'a (shalata) karo wong kang
padha ruku' (wong kang padha shalat) kabeh


Ya gene sira padha prentah marang para manungsa supaya nglakoni kabecikan, awakira dhewe padha
ora nindakake, kang mangka sira padha maca kitab ira. Apa sira padhaora mikir kang mengkono mau iku
ora becik


Lan padha nyuwuna pitulung kalawan shabar lan nglakoni shalat. Dene nglakoni Shalat iku dhasar abot,
kajaba tumrap wong kang padha khusyu' (konjem) ing Allah


Iya iku wong kang padha yakin (nyipta) kelawan terang temen padha bakal disowanake ing Pangerane
sarta temen bakal padha bali marang pangayunaning Pangerane


Para turuning Israil (Bani Israil)! sira padha elinga nikmatingsun kang wis Ingsun paringake marang sira
kabeh, lan elinga yen Ingsun wis ngluwihake (ngutamakake) marang sira ngungkuli wong sajagad

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Lan sira padha wediya dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining awak bisa ngungkup utawa tetulung
sethithik-thithika ing awak liyane, lan ora ana duwe syafa'at kang sinembadan lan ora ana awak kang
ditampani tebusane para awak mau ora ana kang padha tinulung



Lan padha elinga nalikane Ingsun nylametake ing sira kabeh saka dak-siyane balane raja Fir'aun, anggone
ngeres0eresi marang sira, padha nyembelehi anak-anakira kang metu lanang, lan nguripi kang metu
wadon, kang mengkono iku coba gedhe saka Pangeranira


Lan padha elinga nalikane sira padha Ingsun piyakake segara, Ingsun nuli nylametake sira, sata
ngeremake para balane Fir'aun. Sira kabeh iya padha ndeleng


Lan padha elinga nalikane Ingsun nemtokake pisowane (sebane) Nabi Musa 40 bengi lawase, sawise
mangkat, sira nuli padha ngedegake (gawe) Pangeran awujud sapi, sira padha tetep wong kang nganiaya


Sawise mengkono Ingsun nulu ngapura dosanira kabeh supaya sira padha ngaturake panuwun


Lan padha elinga nalika Ingsun maringi kitab Taurat marang Nabi Musa lan pamisah, tegese kang
mbedakake ala lan becik , cupaya sira oleh pituduh

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Lan padha elinga nalika (nabi) Musa parentah marang para kaume, "He para kaumku! Satemene sira iku
padha nganiaya marang awakmu dhewe, amarga anggonmu padha ngedekake (gawe) Pangeran awujud
sapi. Mulane padha tobata marang kang nithahake awakmu, banjur sumaraha awakmu dipateni,
keparening Pangeran kang nitahake awakmu. Pangeran bakal nampani tobatira. Satemene Pangeran iku
gedhe pangapurane tur Maha Asih"


Lan (sira padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuhu (Nabi) Musa! Kula samo mboten pitados ing
panjenengan kajawi manawi kula smai ningali Dzating Allah kalayan kasat mata". Nuli ana bledhek
nyamber mateni sira. Sira iya padha andheleng


Sawise sira padha mati nuli padha Ingsun uripake maneh, supaya sira ngaturake panuwun



Lan maneh Ingsun mayungi marang sira kalawan mega. Apadene Ingsun nurunake Manna (abon kang
legi), lan salwa (manuk gemak), dhawuh Ingsun, "Mara padha mangana peparing Ingsun rejeki kang
enak". Para turuning Israil (Bani Israil) anggone padha duraka ora nganiaya marang Ingsun, nanging
malah padha nganiaya marang awake dhewe



Lan (padha elinga) nalika Ingsan ngendika, "He para turune Israil! Sira padha melebua ing desa iki, banjur
padha mangana isine ing kono sakarepira, lan padha melebua lawange desa mau sarta sujud, lan padha
ngucapa mengkene: KHITHTHAH(mugi Panjenengann bebasaken kula saking dosa). Ingsun mesthi
ngapura marang sira kabeh sakehing kaluputanira. Dene wong kang becik pangabektine bakal Ingsun
tambahi kebecikan"

10

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Dene wong kang padha nganiaya (padha nyalahi tembung khiththa kelawan pangucap ora didhawuhake
dening Allah marang para turuning Israil mau). Mulane Ingsun banjur nurunake siksa saka ing langit
marang wong kang nganiaya mau, marga anggone padha fasiq



Lan (padha elinga) nalika Nabi Musa nyuwunake ngombe para kaume, Ingsun banjur dhawuh, "He Musa,
Tekenmu johohna ing watu, sawise dijojoh sanalika watu mau banjur ngetokake banyu dadi 12
pancuran, siji-sijine wong banjur padha weruh pangombene dhewe-dhewe". Pangandikaningsun, "Sira
padha mangana lan ngombea rejeki peparinging Allah, lan aja padha gawe rusak ana ing bumi"






Lan (padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuh (Nabi) Musa! kita sami mboten narimah nedha
tetedhan namung warni satunggal kemawon, mila kita sami panjenengan suwunaken dhateng Pangeran
panjenengan, supados nedhahaken tetuwuhaning bumi ingkang mikantuki dhateng kita sedaya.
kadosta: Ja janganing bumi, timuning bumi, bawanging bumi, kedhelening bumi, lan brambaning bumi".
(Nabi) Musa nuli ngendika, "Apa patut sira padha nyuwun salin barang kang luwih becik?" Allah nuli
ngendika, "He turuning Israil, sira padha balia marang negara mesir bae, sira mesthi oleh samubarang
kang padha sira suwun iku." Para turuning Israil (Bani Isrial) bakal padha didadekake asor lan sangsara
lan padha tetep oleh bebenduning Allah, kang mengkono mau amarga saka anggone padha maido ayate
Allah lan padha mateni para Nabi kelawan ora bener, Kang mengkono mau saka anggone duraka lan
padha ndadra (ngliwati wates)

11

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Satemene wong kang padha percaya ing para Nabi lan para wong Yahudi lan wong Nashara lang wong
Shabi'in, kabeh bae sing sapa saiki percaya ign Allah lan percaya anane dina Qiyamat, sarta ngelakoni
kelakuan becik, mesth padha tampa ganjarane dhewe-dhewe ana ing ngarsane Pangerane, sarta padha
ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah

Lan (padha elinga) nalikane Ingsun mundhut sesangemanira lang Ingsung nganggo ambedhol gunung,
Ingsun ungkulake (unggahake) ana ing dhuwurira, pangandikaningsun, "Samu barang kang wis Ingsun
dhawuhake marang sira kabeh padha sendikanana, lakonana kelawan temen-temen, lan padha elinga
samubarang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha kareksa saka tumindak ala"


(Sawisa sira padha sanggem) sira nuli padha ambalik saupama ora ana sih nugrahaning Allah kang
rumentah marang sira kabeh, mesthi sira padha klebu eweoning wong kang padha kapitunan


Satemene sira padha weruh kancanira kang padha nerak wewates ana ing dina Sabtu, padha Ingsun
paringi pangandika, "Sira padha dadiya kethek kang digethingi"


Ingsun ndadekake siksa kang wis kasebut mau Ingsun anggo ngelingake wong dhek samana lan wong
sapungkure zaman semana, lan dadiya piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah

12

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Lan (padha elinga) nalika (Nabi) Musa prentah marang para kaume, "Satemene Allah dhawuh marang
sira kabeh padha mragada (ambeleha) sapi". para wong mau banjur padha matur, "Punapa panjenengan
damel gegunjengan dhateng kula". pangandikaning (Nabi) Musa, "Aku muga-muga nyuwun reksa
marang Allah aja nganti klebu ewoning wong kang padha bodho"



Para turuning Israil (Bani Israil) nuli padha matur, "Dhuh (nabi) Musa! Panjenenga kula aturi matur
dhateng PAngeran Panjenengan, supados maringi keterangan dhumateng kula, lembu wau ingkang
kados punapa ?" (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau dudu sapi kang pikun lan
dudu sapi kang isih pedhet, goleka sapi kang sedhengan, tengah-tengah antaraning pikun lan pedhet, lan
banjur tindakna anggonmu padha diprintahi mau"



Para turunign Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panjenengan mugi kerjsa matur malih
dhateng PAngeran panjenengan supados paring ketereangan dhumateng kita, lembu wau ingkang ules
punapa?", (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang ules kuning tur kang
mbungahake wong kang padha ndeleng"


Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panejengan mugi kersa matur malih
dhateng Pangeran panjenengan supados paring ketereangan malih dhateng kita, lembu wau punapa
ingkang dereng dipun alap damelipun, awit lembu mau tumrapipun ing kita taksih peteng. Menawi
kepareng kaliyan kersaning Allah, kita temut sami angsal pitedah"

13

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Nabi Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran sapi mau kang durng nate kangelan, dianggo mluku
bumi, lan kang durung nate dienggo nyirami tetanduran kang lawung, mulus, ora ana blentongblentonge". Para turune Israil nuli padha matur, "Sakpunika panjenengan kersa mratelakeken kelayan
terang". Nuli padha ambeleh (mragat) sapi kang kacehta mau, tur maune meh bae padha ora bisa
nglakoni


Lan (padha elinga) nalikane sira padha mateni sawijinging wong, sira nuli padha selak (ora ngakoni)
perkara raja pati mau, ewadene Allah melehake marang sira mungguhing barang kang padha sira
umpetake


Ingsun nuli ngendika, "He turune Israil (bani Israil) sabetna (gitikna) peranganing sapi iku marang wong
kang mati, ing mbesuk Allah anggone nguripake wong kang wis padha mati iya kaya mengkene, saiki
Allah meruhake ayate marang sira kabeh, supaya sira iku padha mikir"




Sawise kelakon mengkono atinira nuli padha atos, nganti kaya watu utawa luwih atos maneh. Saatosatose watu isih ana kang menga dadi tuk (sumber) kali, lan ana kang pecah ngilekake banyu, lan ana
maneh watu kang mlorot, saka konjeme marang Allah. Allah ora pisan-pisan kesupen samubarang kang
sira lakoni



(Muhammad) Apa sira kudu ngudi supaya wong Yahudi padha percaya marang sira? kang mangka wis
ana wong Yahudi sagolongan kang padha krungu pangandikaning Allah? sawise padha mikir-mikir banjur
ngowahi pangandikaning Allah mau, tur wong Yahudi mau wis padha mangerti

14

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Wong Yahudi kang padha munafiq nalikane padha patemon para wong mukmin, pangucape, "Kita
punika sami pitados ing Nabi Muhammad", dene yen pinuju kekumpulan, para penggedening Yahud
ngucap mengkene, "Sebab dening apa sira padha amblakakake marang wong mukmin bab dhawuhing
Allah marang sira supaya dienggo mbantah marang sira ana ing ngarsaning PAngeranmu. Apa sira padha
ora mikir?"


Wong Yahudi apa ora padha mangerti yen Allah iku ngudhaneni samu barangkang padha disidemake
dening wong Yahud lan samubarang kang dilahirake?


Sawenehing wong Yahudi ana kang bodho, ora weruh kitab Taurat, weruhe mung certita goroh. Dadi
kaweruhe Yahudi mau ora ana maneh kajaba mung kira-kira bae



Siksa kang banget iku tumrap wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe, banjur ngucap iki
kitab terang saka ngersane Allah, karepe supaya payu dadi kanggo nuku barang kang sithik regane.
Mulane siksa kang banget iku tumrap wong kang mengkono mau, minangkan patrapane anggone
tangane padha nulis, lan siksa mau dadi minangka patraning tumindake



Wong Yahudi Kang padha munafiq padha ngucap, "Aku mangsa kacemplunga neraka, kajaba mung
sawatara dina wae." Muhammad, sira dhawuha, "Pangucapmu iku apa oleh janji saka ngarsaning Allah,
apa jaragan ngucapake barang kang ora sira sumerepi, sira kandhakake saka Allah"

15

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com


O, iya sing sapa nglakoni ala, sarta tindake mau nglimputi awake, wong kang mengkono mau mesthi
padha manggon ing neraka, anggone anaing kono padha langgeng


Dene wong kang padha percaya ing Allah sarta padha nglakoni kebecikan wong kang mengkono mau
padha pikantuk suwarga. Anggone ana ing suwarga bakal padha langgeng




Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemane para turuning Israil (bani israil),
pangandikaningsun, "Sira aja padha manembah saliyane Allah, lan padha ambecikana wongtuwanira
loro lan para sedulurira, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan becikana pangucapira mrang
sapapadhanira, lan padha nglakonana shalat lan padha bayara zakat." Sawise sira padha sanggem, sira
banjur padha mbalik kajaba mung kancanira sawatara, sira padha mlengos



Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemanira. Pangandikaningsun, "Sira aja padha
mutahake getihe para kancanira lan aja nundhung para kancanira skaa negaranira (omahira)". Sira
banjur padha sangem lan sira padha nekseni awakira dhewe

16

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com


(He turune Israil kabeh) Sira banjur padha mateni para kancanira, lan nudhung kancanira sagolongan
saka ing omahe (negaranira), sira padha marahi klawan dosa lan jarag nganiaya (memungsuhan). Dene
menawa ana wong boyongan padha teka ing sira, banjur padha sira tebusi, kang mangka sira padha
dialrang nudhung wong mau, yen mengkono apa sira percaya lan ngestokake saperangane kitab sarta
maido (ngafiri) lan mopo marang saperangan liyane, para konconira kang padha ngelakoni mengkono
iku piwalese ora ana maneh kajaba digawe asor ana ing jaman urip ing donya. Dene besuk dina Qiyamat
padha digiring marang siksa kang abot. Allah ora pisan-pisan kesupen samu barang kang padha sira
lakoni


Wong kang padh amengkono iku kang nuku kabungahan ing donya, dituku klawan kabungahan akherat,
mulane bakal padha ora dienthengake siksane, lan padha ora ditulungi




Lan Ingsun temen wis maringi kitab Taurat marang Nabi Musa, sarta sapungkure Nabi Musa Ingsun
tungka pirang-pirang utusan (Rasul) Ingsun, lan Ingsun wis maringi tandha yekti kasekten marang Isa
anake Maryam sarta Ingsun wis ngatosakake Isa klawan roh suci (Jibril) ya gene saben sira padha
katekan utusaningsun dhawuhake barang kang ora condhong karepira, sira banjur padha gumedhe,
mulane utusan mau kang sak golongan padha sira paido lan sak golongan padha sira pateni


Para wong Yahudi kang munafiq padha matur, "Manah kula punika katutupan". Allah mbedoni wong
munafiq mau marga anggone padha kfir. Dadi si Munafiq mau padh asethithik percayane



Bareng wong Yahudi padha katekan kitab al-Qur'an saka ngarsane Allah, kang cocog lan mbenerake
kitab Taurat, cecekelane wong Yahudi, tur sadurunge katekan al-Qur'an wong Yahudi mau padha ngajab,
olehe pitulung ngalahake para wong kafir, bareng Nabi wis diweruhe klawan weca mau jumeneg,
dheweke padha kafir maido ing Nabi (Muhammad) mau, bebendunging Allah tetep marang wong kafir

17

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



Ala temen wong Yahudi anggone padha ngedol awake dilirokake, maido al-Qur'an kang wis
didhawuhake dening Allah, anggone mengkono mau mung saka drengki. Dene Allah teka maringake
kanugrahane marang sawenehing para kawulane, kang dadi kaparenging kersane mulane dhewek mau
padha tetep kena bebendhu kang tinungka ing benendu maneh sarupane wong kafir mesthi oleh siksa
kang ngesorake awake



Nalikane wong Yahudi padha didhawuhi, "Sira padha percaya ngestokna al-Qur'an kang wis
didhawuhake dening Allah", wangsulane, "Kita sami pitados ngestokaken kitab Taurat ingkang sampun
dipun dhawuhaken dhumateng kita." Wong Yahudi mau padha maido kitab kang didhawuhake sawise
taurat, kang mangka kitab kang didhawuhake sawise taurat iku kang bener, cocok kato wecane taurat,
cecekelane si Yahudi. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen temen sira padha percaya, ngestokake kitab
padha nyedani para Nabining Allah?"


Satemene Nabi Musa wis ngrawuhi sira kanthi tanda yekti kasekten pirang-pirang, sapungkure Nabi
Musa sowan ngarsaning Pangeran, sira banjur ngedegake (gawe) pangeran awujud sapi. Sira padha
nganiaya marang awake dhewe




(He wong Yahudi) Sira padha elinga! nalikane Ingsun mudnhut sesanggemanira. Ingsun nganggo
mbedhol gunung Tur, Ingsun unggahake ana ing dhuwurira. Pangandikaningsun, "Samubarang kang wis
Ingsun dhawuhake marang sira padha sanggemana klawan temen-temen lan padha sedikanana". Sira
banjur padha matur, "Kawula sampun mireng, nanging kawula sami mopo". Wong Yahudi anggone
padha kesengsem manembah sapi wis manjing ana ing ati, marga satemene padha kafir. (Muhammad)
sira dhawuha, "Yen nyata sira padha percaya ing Taurat, ala temen percayamu teka akon manembah
sapi marang sira"

18

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com



(Muhammad!) sira dhawuha, "He wong Yahudi!, yen dhasar nyata terang mungguhing Allah yen
kebungahan ing jaman akhirat iku mung sira dhewe kang duwe, mara padha ngarep-arepa ing pati, yen
sira iku padha temen"


Wong yahudi selawase mesthi ora ngarep-arep pati, awit kelingan panggawening tangane kang wis-wis.
Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya awake dhewe



Sira mesthi mangerti yen wong Yahudi iku dhemene marang urip ngungkuli manugnsa kabeh, lan
ngungkuli manungsa kang padha musyrik. Sawenehing wong Yahudi ana kang kepengin urip nganti umur
sewu tahun, senajan umur sewu tahun pisan wong mau ora bisa nyingkiri siksane, Allah iku mriksani
samu barang kang padha dilakoni wong Yahudi



(Muhammad) sira dhawuha, "Sing sapa nyatru Malaikat Jibril, satemene dheweke iku dhawuhake alQur'an marang aturira Muhammad, klawan idzine Allah, mbenerake surasane kitab kang ana ing
tangane wong kang nyatru mau, lan dadi pituduh tur ambebungah marang para wong mukmin"


Sing sapa nyatru Allah lan nyatru malaikate, lan para utusane, apa dene nyatru Malaikat Jibril, Malaikat
Mikail, satemen Allah iku nyatru para wong kafir


(Muhammad) Ingsu wis dhawuhake ayat tandha yekti marang sira, ora ana kang maido ayat mau kajaba
wong kang padha fasiq (duraka)

19

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com


Apa iya wong iku padha maido ayat? Wong mau saben-saben padha sanggem ngestokaken
pranjanjianing Pangeran, kang sagolongan banjur ngudhari sesanggeman mau, dadi wong mau kang
akeh padha ora percaya

20

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

21

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

22

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

23

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

24

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

25

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

26

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

27

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

28

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

29

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

30

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

31

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

32

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

33

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

34

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

35

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

36

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

37

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

38

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

39

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

40

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

41

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

42

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Terjemahan Al-Quran Bahasa Jawa ighfirli.com

43

Ebook Gratis ighfirli.com Dilarang Diperjualbelikan

Anda mungkin juga menyukai