Anda di halaman 1dari 1

Pangkur

Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
(Kapethik saking Serat Wedhatama pupuh Pangkur anggitan Mangkunegara IV)

Gancaranipun:
Mangkunegara IV lagi nyingkiri napsu angkara, amarga lagi seneng atine gole
ndhidhik anak. Dheweke anggone ndhidhik anak, tembung-tembunge dirangke dadi
tembang kang endah. Tembang kang kebak ing piwulang saha basa kang apik. Kabeh mau
dilakokna supaya bisa kasembadan hakekate ilmu kang luhur, yaiku ilmu kasampurnan
utawa ilmu agama. Ilmu kuwe ing tanah jawa dadi cekelan urip manungsa supaya bisa oleh
kabegjan ing dunya lan akherat.
Watak tembang Pangkur :
Sereng, nepsu, trep kanggo pitutur kang radi srengen.
Piwulang:
Menawa kita arep ndhidik anak, kita kudu nyingkiri hawa napsu kang ana ing dhiri
kita. Kejaba sekang kuwe, kita kudu nggunakake tembung-tembung kang apik olehe aweh
pitutur marang anak, supaya apa pituture bisa mlebu ing ati anak.

Anda mungkin juga menyukai