Anda di halaman 1dari 1

Wayang Topeng Lakon Panji Laras

Ing Kraton Jenggala, sing dadi raja Panji Asmara Bangun. Kagungan garwa sesilih Dewi
Sekartaji kang lagi ngandhung telung wulan. Kraton Jenggala Ketaman godhaning jawata. Dewi
Sekartaji dhinusta dening Bathara Kala lan dibucal ing alas. Raden Panji Asmara Bangun ora
pirsa. Sebab nalika semana wis ana gandarwa putri sing salin rupa dadi Dewi Sekartaji. Danawa
putri mau arane Wadhal Wedhi. Dewi Sekartaji sing ngalami pacobaning gesang, ing tengah alas
piyambakan. Asmane diganti Timun Mas. Sawise sangang wulan sepuluh dina, kandhutane mijil
kakung, diparingi asma Panji laras. Panji Laras kagungan pitik jago. Karo pitik jagone, Panji
Laras tekaning Jenggala, nganti wekasane bisa bali mulya, bebarengan karo Rama Ibune ya Panji
Asmara Bangun lan Dewi Sekartaji.

SEJARAHE SUMPAH PEMUDA


Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda.
Kadadean kasebut dipengeti saben taun. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo
nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum
penjajah.
Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep dagang.
Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe kepengin
nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig
banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus
seket taun lawase

Anda mungkin juga menyukai