A. Tujuan Pembelajaran :
Setelah mendengarkan sandiwara “Damarwulan”yang ditayangkan dalam VCD di
ruang multimedia , siswa dapat :
1. Menyebutkan tema/topik sandiwara yang didengar
2. Menyebutkan perwatakan masing-masing tokoh dalam sandiwara yang didengar
3. Menyebutkan latar tempat dan waktu terjadinya peristiwa dalam sandiwara
4. Menjawab pertanyaan tentang isi sandiwara yang didengar
5. Menceritakan kembali isi sandiwara dengan bahasa sendiri.
B. Materi Pembelajaran
Rungokna lan gatekna sandiwara Damarwulan sing disetelake guru ! Gawea
cathetan saperlune.
DAMARWULAN
(VCD
Pembelajaran...................................................................................................................
.........................................................................................................................................
C. Metode Pembelajaran
1. Tanya jawab
2. Diskusi
3. Penugasan
D. Langkah-langkah Pembelajaran
Pertemuan 1
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi (35 menit)
1) Siswa secara klasikal mendengarkan sandiwara Damarwulan yang
ditayangkan oleh guru dan mencatat hal-hal penting dalam sandiwara
tersebut.
2) Siswa dibentuk menjadi 6 kelompok :
3) Siswa yang telah berkelompok menerima penjelasan dari guru tentang
tugas yang harus dikerjakan
Konfirmasi (8 menit)
1) Guru memberikan kesempatan bertanya kepada para siswa tentang hal-hal
yang kurang dipahami.
Pertemuan ke-2
2
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi (10 menit)
1) Guru mengatur teknik presentasi hasil diskusi kelompok.
2) Masing-masing siswa menempatkan diri sesuai tugas masing-masing.
3) Siswa yang telah menempatkan diri menerima penjelasan dari guru
tentang tugas yang harus dikerjakan
F. Penilaian
2. Mampu Tes tertulis Daftar Sapa bae paraga sing ana ing
menyebutkan pertanyaan sandiwara Damarwulan lan
parwatakan tokoh terangna watak wantune!
dalam sandiwara
yang didengar
3
3. Mampu menjawab Tes tertulis Daftar Pitutur becik apa sing bisa
pertanyaan tentang pertanyaan dijupuk saka sandiwara
isi sandiwara yang Damarwulan ?
didengar
Sebutna latar panggonan lan
wektu dumadina prastawa
ing sandiwara Damarwulan!
Kunci jawaban :
1. Topik/tema sandiwara Damarwulan yaiku ngenani katresnan lan bela negara
2. Para paraga sing ana ing sandiwara Damarwulan yaiku :
a. Damarwulan, watak : jujur, sekti mandraguna, ditresnani para wanita, lila
labuh negara.
b. Ratu Kencanawungu, watak : gedhe panguwasane,
c. ngugemi sabda pandhita ratu (sing wis dingendikake mesthi bakal
ditindakake), percaya marang abdine, lan tansah ngupaya ngayomi negara lan
kawulane.
4
5. Amarga Dewi Waita lan Puyengan kepengin ucul saka panguwasane Prabu
Minakjinggo
6. Gumantung siswa
5
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
A. Tujuan Pembelajaran :
1. Setelah selesai memperhatikan demonstrasi guru dalam berdialog siswa mampu
menerapkan unggah-ungguh basa secara benar dalam berdialog.
2. Setelah menerima pembagian tugas dari guru tentang tema dialog, siswa mampu
bermain peran sesuai skenario.
3. Setelah bermain peran sesuai skenario, siswa mampu menceritakan kembali isi
dialog yang telah diperankannya menggunakan bahasa sendiri.
B. Materi Pembelajaran
AJAR NEMBANG
Widada didhawuhi gurune nembang Macapat, dheweke tau krungu yen pinuju
bapak lan ibune padha nembang, mula atine ora tidha-tidha nyuwun supaya ibune
paring tuladha tembang Macapat. Widada nyedhaki ibune sing lagi pinarak ing ruang
tengah.
Widada : “Bu, menapa ibu longgar lan boten badhe tindakan ?”
Ibu : “Kadingaren, apa ana sing arep kok suwunake priksa marang ibu ?”
Widada : “Inggih Bu, pancen leres ngendikanipun ibu, kula dipundhawuhi pak guru
gladhen sekar Macapat, kula nyuwun ibu paring tuladha.”
Ibu : “Wah ibu rumangsa bungah dene kowe gelem nyinau kabudayan Jawa sing
adi luhung, awit tembang iku kebak pitutur lan patuladhan becik.”
Widada : “Ngendikanipun bu guru pancen makaten Bu, pramila generasi mudha, kedah
purun nyinau kabudayan Jawi supados boten ical kalindhih kemajenganing
jaman.”
Ibu : “Prayoga banget kuwi, awit kabudayan iku bisa nggambarake kapribaden.
Lan aja lali “desa mawa cara negara mawa tata” sing tegese saben
panggonan duwe pranatan dhewe-dhewe. Kaya dene Jepang kae sanajan
negarane maju, kabudayan uga lestari sebab para mudhane tansah nyinau
lan ngaji-aji kabudayane.
Widada : “Menapa wonten syaratipun tiyang gladhen nyekar menika Bu ?”
Ibu : “Dak kira ora ana, sing mesthi ora isin lan ora wegah gladhen nganti bisa.
Sapa bae yen gelem ngupaya kanthi tumemen, mesthi bakal klakon apa sing
dijaluk. Kaanan mau cocok karo unen-unen “sapa temen bakal tinemu”.
6
Mula ibu arep miwiti nembang saka sing gampang dhisik kayata Pocung,
Gambuh nganti sing rada dawa gatrane kayata Dhandhanggula.”
Widada : “Matur nuwun sanget Bu.”
Ibu : “Ayo saiki enggal diwiwiti.”
Widada ngrungokake ibune nembang kanthi premati lan nulis ing kertas
tetembungan ing tembang iku. Banjur disuwunake priksa uga tetembungan sing ora
ngerti tegese.
Sawise kancamu maju maragakake pacelathon ing dhuwur, gawea skenario pacelathon
karo kancamu (bisa luwih saka 2) nganggo durasi wektu ± 10 menit kanthi milih tema
ing ngisor iki :
1. Ngaturake layang ulem (undangan) marang Pak RT
2. Tekamu ing sekolah telat
3. Ngampil buku marang gurumu
4. Diutus Pak Guru
5. Pamitan arep mangkat sekolah
Yen wis rampung anggone gawe skenario, paragakna pacelathon mau kanthi
nggatekake unggah-ungguh sing trep manut skenario sing wis kokgawe !
C. Metode Pembelajaran
1. Demonstrasi
2. Tanya jawab
3. Diskusi
4. Bermain peran
5. Penugasan
D. Langkah-langkah Pembelajaran
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi (10 menit)
1) Siswa memperhatikan demonstrasi guru dan seorang siswa yang ditunjuk
untuk memerankan tokoh dalam berdialog.
2) Siswa dibentuk menjadi 5 kelompok :
3) Masing-masing kelompok menerima teks dialog untuk bermain peran
4) Setiap kelompok berbagi tugas untuk memerankan tokoh sesuai teks yang
diterimanya.
7
Elaborasi (35 menit)
1) Guru membagi kartu penilaian kepada masing-masing kelompok.
2) Setiap kelompok memainkan peran sesuai naskah yang diterimanya. Setelah
itu perwakilan kelompok menceritakan kembali isi dialog yang telah
diperankan dengan bahasa sendiri. Kelompok lain memberikan penilaian
dalam kartu penilaian yang diterima oleh masing-masing kelompok.
F. Penilaian
8
4. Membuat skenario Penugasan Tugas
dialog dengan rumah Gawea skenario dialog
tema tertentu kanthi tema “Pamitan arep
mangkat sekolah”
9
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
A. Tujuan Pembelajaran :
Setelah selesai membaca dalam hati teks bacaan upacara tingkeban, siswa dapat :
1. Menjawab pertanyaan tentang upacara adat Jawa tingkeban menggunakan bahasa
krama alus.
2. Menceritakan kembali uapacara adat tingkeban yang dibacanya dengan bahasa
sendiri.
B. Materi Pembelajaran
UPACARA TINGKEBAN
Kathah ritual utawi pengetan ingkang dipuntindakaken tiyang Jawi wiwit kuna
makuna. Sedaya menika nggambaraken agenging kapitadosanipun tiyang Jawi dhumateng
Gusti Ingkang Akarya Jagad. Saengga menapa kemawon nugraha ingkang dipuntampi
dipuntengeri mawi upacara ingkang mengku pandonga saha panuwun dhumateng Gusti
Ingkang Maha Mirah.
Acara tingkeban utawi kawastanan mitoni inggih menika satunggaling upacara
ingkang dipuntindakaken tiyang Jawi kangge mengeti jabang bayi umur 7 wulan wonten
kandhutanipun ibu. Miturut para winasis, tembung mitoni asalipun saking tembung pitu,
saged dipuntegesi pitutur, pituduh tumuju kasaenan lan kaluhuran. Wondene sacara medis,
jabang bayi ngancik umur 7 wulan sampun nggadhahi wewujudan minangka manungsa kanthi
wetah, pramila lajeng dipunpengeti kanthi ngawontenaken syukuran.
Lampahipun upacara tingkeban dipunwiwiti kanthi sungkeman. Calon bapak lan
ibunipun si jabang bayi sungkem dhumateng tiyang sepuh kalih-kalihipun ( saking pihak
bapak rumiyin, kalajengaken dhumateng pihak ibu ). Salajengipun acara siraman. Calon
bapak nyebaraken sekar mlathi salebetipun genthong, calon ibu ngagem nyamping lan
kemben lenggah wonten panggenan ingkang sampun cumawis. Kanthi dipunampingi
garwanipun, ibu ingkang ngandheg wau wiwit dipunsirami dening para sesepuh kakung putrid
cacahipun pitung pasang. Ingkang sepisan nyirami tiyang sepuh saking pihak kakung. Ibu
marasepuh nyiramaken toya sekar ing pamidhangan kanan kering lajeng mustakanipun,
makaten ngantos sedaya sesepuh rampung nyirami.
Acara mecah tigan dipuntindakaken calon bapak, kaliyan ngendika : “ Lanang gelem,
wadon gelem, waton slamet !” Tigan dipuntempelaken urut saking panglarapan, mandhap
dumugi kandhutan, lajeng dipunpecah. Ukara ing nginggil nedahaken bilih kita kedah narima
10
ing pandum punapa paringipun Gusti, putra kakung menapa putri sarta nyenyuwun supados
bayi lair kanthi gangsar. Wekdal nggarisaken tigan wau badanipun calon ibu dipuntutup
ngangge kain pethak ingkang nglambangaken suci.
Purna mecah tigan dipunlajengaken upacara patut-patut. Ing acara menika calon ibu
gantos busana kaping pitu. Busana wau mujudaken pilihanipun para sesepuh. Busana ingkang
dipunagem pungkasan limrah dipunpilihaken nyamping “truntun” kaliyan kemben “ bangun
tulak “ ingkang mengku teges lan panyuwunan supados pasangan ingkang badhe nampi
momongan menika tansah rukun turun temurun saha tebih saking rubeda.
Sasampunipun menika kalajengaken acara procotan cengkir ingkang ginambaran
Kamajaya lan Kamaratih . Calon bapak milih salah satunggaling cengkir kanthi cara
mungkur. Menawi ingkang kapendhet cengkir gambar Kamajaya, manut kapitadosan
bayinipun kakung. Suwalikipun bilih ingkang kapendhet Kamaratih ateges bayinipun estri.
Cengkir ingkang kapilih wau lajeng dipunemban ibu marasepuh sarta dipuntembangi
kadosdene ngemban bayi. Salajengipun dipunpapras mawi bendho. Bilih toya ingkang medal
saking cengkir muncrat dipunpitadosi bayinipun kakung, nanging menawi tleser-tleser
bayinipun estri.
Acara salajengipun inggih menika syukuran ngiris tumpeng kalih. Pucukipun tumpeng
ingkang setunggal dipunaturaken tiyang sepuh saking pihak bapak, dene setunggalipun malih
kagem tiyang sepuh saking pihak ibu. Minangka acara pungkasan inggig menika sadeyan
rujak lan dhawet dening calon bapak ibunipun si jabang bayi. Punika nglambangaken supados
bayi ing tembe nampi rejeki ingkang kathah salebeting nglampahi gesangipun.
C. Metode Pembelajaran
1. Demonstrasi
2. Tanya jawab
3. Penugasan
D. Langkah-langkah Pembelajaran
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi (15 menit)
1) Siswa membaca dalam hati teks bacaan upaca tingkeban
2) Siswa bertanya jawab dan menerima penjelasan guru tentang kata-kata sukar
yang belum dipahami siswa.
3) Siswa menerima daftar pertanyaan tentang upacara tingkeban yang harus
dijawab secara lisan dengan bahasa krama alus.
11
Elaborasi (25 menit)
1) Siswa menulis jawaban pertanyaan tentang upaca tingkeban
2) Siswa secara bergiliran menjawab pertanyaan secara lisan sedangkan siswa
yang lain menanggapi secara kritis jawaban temannya.
3) Siswa berlatih menceritakan kembali upacara tingkeban dengan bahasa sendiri
Konfirmasi (20 menit)
1) Siswa secara bergilir memberikan tanggapan terhadap penampilan siswa lain
dalam menceritakan kembali upacara tingkeban dengan bahasa sendiri
2) Guru menanggapi penampilan siswa dalam menjawab pertanyaan dan
menceritakan kembali upacara tingkeban.
2) Guru memberikan kesempatan bertanya kepada para siswa tentang hal-hal
yang kurang dipahami.
F. Penilaian
12
!
2. Mampu Tes lisan Uraian 5) Caritakna maneh sacara
Menceritakan ringkes upacara
kembali upacara tingkeban nganggo
adat tingkeban basamu dhewe !
dengan bahasa
sendiri
Kunci jawaban :
1. Ancas tujuanipun tiyang Jawi ngawontenaken upacara adat inggih menika kangge
nedahaken agenging kapitadosan tiyang Jawi dhumateng Gusti Ingkang Akarya
Jagad ingkang mengku pandonga lan panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha
Mirah.
2. Urut-urutanipun upacara tingkeban inggih menika :
a. Sungkeman calon bapak lan ibunipun jabang bayi dhumateng tiyang sepuh
kekalih.
b. Siraman
c. Mecah tigan
d. Upacara patut-patut
e. Procotan cengkir ginambar Kamajaya Kamaratih
f. Sukuran ngires tumpeng kalih
g. Sadean rujak lan dhawet
3. Ubarampe utawi piranti ing upacara tingkeban inggih menika sekar mlathi, tigan,
kain pethak, genthong, busana pitung warni, cengkir ingkang ginambar
Kamajaya lan Kamaratih, tumpeng cacahipun kalih, rujak lan dhawet.
4. Tuladha upacara adat Jawi inggih menika ngupati, tedhak siten, brokohan,
siraman, midodareni, baritan, lan sapanunggalanipun.
5. Gumantung siswa
13
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
A. Tujuan Pembelajaran :
Setelah selesai melaksanakan kegiatan pembelajaran, siswa dapat :
1. Setelah selesai memperhatikan demonstrasi guru dalam membaca nyaring cerita
“Anoman Duta” siswa mampu membaca nyaring cerita “Anoman Duta” dengan lafal
dan intonasi yang baik dan benar.
2. Menjawab pertanyaan tentang isi bacaan “Anoman Duta”
3. Menceritakan kembali cerita “Anoman Duta” dengan bahasa sendiri
B. Materi Pembelajaran
Wacanen nyaring kanthi lafal, intonasi, lan lagu sing jumbuh karo swasana lan wateke
paragane !
ANOMAN DUTA
Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang
sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den
upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang
endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono
katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora
dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget
ngeres-eresi ati.
Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili,
ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi
ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka,
putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah
karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya
nglelipur penggalihe Sang Dewi.
“ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi
sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran
Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran
Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung
aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana
sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”
Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih,
mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge
gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya
kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing
Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih.
14
“ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah
sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang
sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa
sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha
donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka
abdinira, sayekti pun kakang bakal nyembadani. “
Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana,
ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung
tumekaning pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu
arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra andhustha marang ingsun. Endi
tandhane sira ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih
ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa
adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah!
Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku
bakal dak beset, Rahwana !!!”
Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak,
narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame
Rahwana, pedhes anggone muwus.
“ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta.
Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer
ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang
dhadhaku heh Dasamuka!!!”
Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo
ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem
kagarwa.
Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha
yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau Sang
Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit
pisah karo kang garwa ya Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu
Sugriwa ratuning wanara.
Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang
pisah lan ngupadi garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi.
Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter
ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.
Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut
marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu.
Dewi Sinta andangu aris:
“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung
nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “
“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama
miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka
ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana
nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta
wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”
Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane
Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ?
Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya
tanpa wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba Peksiraja Garudha utawa angin.
Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana supaya apus krama marang ingsun. “
“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu
dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri
Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “
15
Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh
waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon
logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.
“ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring
manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama,
cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan
ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun marang Pangeran Rama. “
Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit
sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman
ninggal piweling.
“ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten
dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara.
Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi
sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “
( Sumber: Panjebar Semangat No. 31 lan 32
Agustus 2009, diowahi sacukupe
C. Metode Pembelajaran
1. Demonstrasi
2. Tanya jawab
3. Penugasan
4. Drill (latihan)
D. Langkah-langkah Pembelajaran
a. Pendahuluan (7 menit)
1) Guru mengucapkan salam dengan ramah kepada siswa ketika memasuki ruang
kelas
2) Berdoa sebelum membuka pelajaran
3) Mengecek kehadiran siswa
4) Mendoakan siswa yang tidak hadir karena sakit atau karena halangan lainnya
5) Mengaitkan pelajaran terdahulu dengan Kompetensi Dasar yang akan
diajarkan.
6) Menjelaskan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai;
dan
7) Menyampaikan cakupan materi dan penjelasan uraian kegiatan sesuai silabus.
f. Kegiatan Inti
Eksplorasi (13 menit)
1) Siswa menerima teks bacaan cerita wayang Anoman Duta
2) Guru menugaskan salah satu siswa untuk membaca nyaring cerita wayang
Anoman Duta.
3) Siswa dan guru menganalisa kesalahan berbahasa yang dilakukan oleh siswa
dalam membaca nyaring kemudian siswa menerima penjelasan dari guru
tentang hal-hal yang harus diperhatikan dalam membaca nyaring.
4) Siswa memperhatikan demonstrasi guru dalam membaca nyaring cerita
wayang Anoman Duta.
16
Elaborasi (40 menit)
1) Siswa secara bergiliran maju untuk membaca nyaring cerita wayang Anoman
Duta.
2) Siswa menjawab pertanyaan guru tentang isi cerita wayang Anoman Duta
F. Penilaian
2. Mampu
menjawab Tes lisan Daftar
pertanyaan ttg isi pertanyaan 2. Sapa sing diutus
cerita wayang Ramawijaya ngupadi
Anoman Duta Dewi Sinta menyang
Alengkadiraja ?
Kunci jawaban :
1. Gumantung siswa
2. Anoman
3. Taman Argasoka
4. Dewi Trijatha
5. Gumantung siswa
18
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
A. Tujuan Pembelajaran :
1. Setelah selesai memperhatikan demonstrasi guru dalam membaca indah titilaras
tembang Dhandhanggula dan berulangkali berlatih membaca titilarasnya, siswa
dapat membaca indah titilaras tembang Dhandhanggula dengan baik dan benar.
2. Setelah selesai memperhatikan demonstrasi guru dalam membaca indah cakepan
tembang Dhandhanggula dan berulangkali berlatih membaca cakepannya, siswa
dapat membaca indah cakepan tembang Dhandhanggula dengan baik dan benar.
3. Setelah berlatih membaca indah tembang Dhandhanggula sesuai titilaras, siswa
dapat membaca indah tembang Dhandhanggula sesuai titilaras.
B. Materi Pembelajaran
Tembang Dhandhanggula iki wacanen jumbuh karo titilarase !
paragane !
• • • • •
3 3 5 6 6 1 2 2 2 2
Won ten ma lih tu la dhan pra yo gi
• • •• • • • •
1 1 21 6 5 6 1 1 1 1
Sa tri ya gung na ga ri Nga leng ka
• • • • • • ••
1 2 2 2 3 1 21 65
Sang Kum ba kar na na ma ne
• • • • ••
1 2 2 3 12 56 6
Tur i ku war na di yu
6 5 65 32 2 3 1 21 6
Su pran de ne ngga yuh u ta mi
1 2 2 2 2 2 2
Duk wi wit prang Nga leng ka
19
1 2 3 1 21 65
••
Den nya dar be a tur
5 6 1 2 1 1 21 6
• • •
Mring ra ka a mrih ra har ja
6 1 21 65 3 5 6 5 3 23 1 2
• ••
Da sa mu ka tan ke guh ing a tur yek ti
5 6 5 3 2 32 1
De mung mung suh wa na ra
C. Metode Pembelajaran
1. Demonstrasi
2. Tanya jawab
3. Penugasan
4. Drill (latihan)
D. Langkah-langkah Pembelajaran
Pertemuan 1
a. Pendahuluan (10 menit)
1) Guru mengucapkan salam dengan ramah kepada siswa ketika memasuki ruang
kelas
2) Berdoa sebelum membuka pelajaran
3) Mengecek kehadiran siswa
4) Mendoakan siswa yang tidak hadir karena sakit atau karena halangan lainnya
5) Mengaitkan pelajaran seebelumnya dengan materi (kd) yang akan diajarkan.
6) Menjelaskan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai;
7) Menyampaikan cakupan materi dan penjelasan uraian kegiatan sesuai silabus.
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi (15 menit)
1) Siswa menerima teks tembang Dhandhanggula secara lengkap (titilaras dan
cakepan) dan memperhatikan penjelasan guru tentang paugeran tembang
Dhandhanggula.
2) Siswa memperhatikan demonstrasi guru dalam menyanyikan tembang
Dhandhanggula.
Elaborasi (40 menit)
1) Siswa secara bersama-sama dibimbing guru menyanyikan titilaras (notasi)
tembang Dhandhangula larik demi larik.
2) Siswa dibimbing guru membaca cakepan (sair) tembang Dhandhanggula.
3) Siswa secara bersama-sama berlatih menyanyikan cakepan tembang
Dhandhanggula sesuai titilaras.
20
Konfirmasi (5 menit)
1) siswa bersama guru melakukan refleksi menyanyikan tembang Dhandhanggula
sesuai titilaras
Pertemuan II
a. Pendahuluan (10 menit)
1) Guru mengucapkan salam dengan ramah kepada siswa ketika memasuki ruang
kelas
2) Berdoa sebelum membuka pelajaran
3) Mengecek kehadiran siswa
4) Mendoakan siswa yang tidak hadir karena sakit atau karena halangan lainnya
5) Memberi apersepsi tentang tembang Dhandhanggula yang telah dipelajari pada
pertemuan sebelumnya.
6) Menjelaskan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai;
7) Menyampaikan cakupan materi dan penjelasan uraian kegiatan sesuai silabus.
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi (15 menit)
1) Guru kembali mendemonstrasikan menyanyikan tembang Dhandhanggula
sesuai titilaras untuk mengingatkan kembali materi pada pertemuan
sebelumnya.
2) Siswa secara bersama-sama menyanyikan tembang Dhandhanggula sesuai
titilaras.
3) Siswa menerima penjelasan guru tentang tugas perorangan menyanyikan
tembang Dhandhanggula dan kriteria penilaiannya.
21
E. Sumber dan Media Pembelajaran
1. Buku Pandhu Basa Kelas IX, MGMP Bahasa Jawa Kab. Pemalang, Kudus: DK.
2010.
2. Serat Tripama
3. Buku lain yang relevan
4. Teks tembang Dhandhanggula
F. Penilaian
22
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
A. Tujuan Pembelajaran :
1. Setelah mencermati angka Jawa yang terdapat dalam kalimat berhuruf Jawa dan
menerima penjelasan guru tentang angka Jawa, siswa dapat membaca kalimat
berhuruf Jawa yang mengandung angka Jawa.
2. Setelah berlatih membaca kalimat berhuruf Jawa yang mengandung angka Jawa,
siswa mampu membaca paragraf berhuruf Jawa yang mengandung angka Jawa .
B. Materi Pembelajaran
Membaca paragraf berhuruf Jawa yang menerapkan angka Jawa.
Wacanen kang premati ukara-ukara kang ngandhut angka ing ngisor iki !
;1; ? I[nDo[nsiyhm/fiktaun\;1945;.
;2; ?t=gpW/skpi=;75;.
;3; ?fink/tinit=gl\;21;Ap]il\,
Wacanen paragraf tulisan Jawa kang ngandhut angka Jawa ing ngisor iki kanthi
premati !
C. Metode Pembelajaran
1. Tanya jawab
23
2. Penugasan
3. Drill (latihan)
4. Ceramah
D. Langkah-langkah Pembelajaran
a. Pendahuluan (8 menit)
1) Guru mengucapkan salam dengan ramah kepada siswa ketika memasuki ruang
kelas
2) Berdoa sebelum membuka pelajaran
3) Mengecek kehadiran siswa
4) Mendoakan siswa yang tidak hadir karena sakit atau karena halangan lainnya
5) Mengaitkan pelajaran sebelumnya dengan kompetensi dasar yang akan
dipelajari
6) Menjelaskan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai;
dan
7) Menyampaikan cakupan materi dan penjelasan uraian kegiatan sesuai silabus.
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi (15 menit)
1) Siswa menerima teks tulisan Jawa dan mencermati kalimat berhuruf Jawa yang
mengandung angka Jawa dalam teks tersebut.
2) Siswa menunjukkan angka Jawa yang terdapat dalam bacaan kepada teman
sebangkunya.
3) Siswa menerima penjelasan dari guru tentang angka Jawa yang terdapat dalam
kalimat dan yang belum ada dalam kalimat
4) Siswa berlatih membaca angka Jawa secara terpisah.
Elaborasi (35 menit)
1) Guru menyiapkan kartu angka Jawa
2) Siswa secara bergiliran maju untuk mengurutkan angka Jawa yang telah
disiapkan guru
3) Siswa berlatih membaca paragraf berhuruf Jawa secara bergiliran, sedangkan
guru dan siswa yang lain menilai hasil pembacaan temannya.
24
E. Sumber dan Media Pembelajaran
1. Buku Pandhu Basa Kelas IX, MGMP Bahasa Jawa Kab. Pemalang, Kudus: DK.
2010.
2. Buku lain yang relevan
3. Kartu angka Jawa
4. Teks bacaan berhuruf Jawa
F. Penilaian
25
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
A. Tujuan Pembelajaran :
Setelah selesai melaksanakan kegiatan pembelajaran, siswa dapat :
1. Setelah selesai membaca dalam hati geguritan dab menerima penjelasan guru,
siswa dapat menyebutkan ciri-ciri geguritan.
2. Menjelaskan aspek yang perlu diperhatikan dalam menulis geguritan
3. Setelah berlatih menyusun gambar sesuai tema menjadi susunan kalimat yang
baik, siswa dapat mengembangkan kerangka topik menjadi teks geguritan
4. Menulis geguritan dengan tema tertentu
5. Mengedit hasil tulisan menjadi tulisan yang baik
C. Metode Pembelajaran
1. Tanya jawab
2. Penugasan
3. Drill (latihan)
4. Ceramah
D. Langkah-langkah Pembelajaran
Pertemuan 1
a. Pendahuluan
1) Guru mengucapkan salam dengan ramah kepada siswa ketika memasuki ruang
kelas
2) Berdoa sebelum membuka pelajaran
3) Mengecek kehadiran siswa
4) Mendoakan siswa yang tidak hadir karena sakit atau karena halangan lainnya
5) Mengajukan pertanyaan-pertanyaan berkaitan dengan karya sastra Jawa dan
mengaitkannya dengan materi sebelumnya
6) Menjelaskan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai;
dan
7) Menyampaikan cakupan materi dan penjelasan uraian kegiatan sesuai silabus.
27
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi
1) Siswa membaca dalam hati contoh geguritan yang disediakan guru
2) Siswa menerima penjelasan dari guru tentang ciri-ciri geguritan dan hal-hal
yang harus diperhatikan dalam menulis geguritan.
3) Siswa menerima gambar-gambar yang disusun secara acak dengan topik
tertentu
Elaborasi
1) Siswa dengan seksama menyusun gambar menjadi urutan logis
2) Siswa berlatih menuliskan geguritan berdasarkan gambar yang telah diurutkan.
3) Siswa mengedit hasil tulisannya dengan seksama
Konfirmasi
1) Siswa mengkonsultasikan hasil tulisannya kepada guru.
2) Guru memberikan pandangan umum tentang geguritan yang telah ditulis siswa.
c. Kegiatan Penutup
5) Guru memberikan refiew tentang tatacara penulisan geguritan.
6) Guru melakukan penilaian menyampaikan rencana kegiatan berikutnya.
7) Berdoa pada akhir pelajaran.
Pertemuan 2
d. Pendahuluan
1) Guru mengucapkan salam dengan ramah kepada siswa ketika memasuki ruang
kelas
2) Berdoa sebelum membuka pelajaran
3) Mengecek kehadiran siswa
4) Mendoakan siswa yang tidak hadir karena sakit atau karena halangan lainnya
5) Mengingatkan kembali materi tata cara penulisan geguritan pada pertemuan
sebelumnya.
6) Menjelaskan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai;
dan
7) Menyampaikan cakupan materi dan penjelasan uraian kegiatan sesuai silabus.
e. Kegiatan Inti
Eksplorasi
1) Siswa menerima tema-tema geguritan dalam bentuk undian.
2) Siswa memilih tema geguritan yang disediakan guru.
Elaborasi
1) Siswa menulis geguritan sesuai tema yang telah dipilihnya dengan kreatifitas
masing-masing
2) Siswa mengedit hasil tulisannya dengan seksama
Konfirmasi
1) Siswa mengkonsultasikan hasil tulisannya kepada guru.
28
2) Guru memberikan pandangan umum tentang geguritan yang telah ditulis siswa.
f. Kegiatan Penutup
1) Guru memberikan refiew tentang tatacara penulisan geguritan.
2) Guru melakukan penilaian menyampaikan rencana kegiatan berikutnya.
3) Berdoa pada akhir pelajaran
F. Penilaian
Kunci jawaban :
1. Titikane geguritan yaiku ora kaiket ing aturan-aturan tertemtu kaya pantun utawa
puisi lama, cacahing pada (bait) bebas, lan cacahing baris (larik) uga bebas.
2. Aspek kang kudu digatekake yen nulis geguritan yaiku :
a. Tema (topik)
b. diksi
c. imajeri
d. purwakanthi
e. tipografi
f. amanat
29
3. Gumantung siswa
4. Gumantung siswa
A. Tujuan Pembelajaran :
Setelah selesai melaksanakan kegiatan pembelajaran, siswa dapat :
1. Menulis angka Jawa secara terpisah.
2. Mengurutkan angka Jawa yang diacak.
3. Menulis kalimat berhuruf Jawa yang mengandung angka Jawa dengan tanda baca
yang benar.
4. Menulis paragraf berhuruf Jawa yang mengandung angka Jawa dengan tanda
baca yang benar.
30
B. Materi Pembelajaran
Menulis paragraf berhuruf Jawa yang menerapkan angka Jawa.
Wacanen kang premati pethikan wacan iki banjur tuduhna endi sing nuduhake angka
Jawa !
?du[gD/rn\,
.........................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
arkHrknFipunWiwitiski=zje=zipunMejifKaumn\peke[n
Joa/,z[nTosF|mugimejifHgu=jwitezh,lje=fipun>[sMk
ke[nFni=wli[kotsemr=.acrnipunR[mszet\kqhbkulHi=k
=s[fynWe/niwe/nik[fosT;1;bkulG`bh,
;2;bkulTetedn\ ;3;bku[lFolnn\
;4;bkulSnDzn\lnSpnu=glnNipun\,
C. Metode Pembelajaran
1. Tanya jawab
2. Penugasan
3. Drill (latihan)
4. Ceramah
D. Langkah-langkah Pembelajaran
a. Pendahuluan
1) Guru mengucapkan salam dengan ramah kepada siswa ketika memasuki ruang
kelas
2) Berdoa sebelum membuka pelajaran
3) Mengecek kehadiran siswa
4) Mendoakan siswa yang tidak hadir karena sakit atau karena halangan lainnya
5) Mengajukan pertanyaan-pertanyaan berkaitan dengan penggunaan unggah-
ungguh basa dalam berdialog
6) Menjelaskan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai;
dan
7) Menyampaikan cakupan materi dan penjelasan uraian kegiatan sesuai silabus.
b. Kegiatan Inti
Eksplorasi
1) Siswa mencermati bacaan berhuruf Jawa yang mengandung angka Jawa
2) Siswa menunjukkan angka Jawa yang terdapat dalam bacaan kepada teman
sebangkunya.
3) Siswa menerima penjelasan dari guru tentang angka Jawa yang terdapat dalam
bacaan dan yang belum ada dalam bacaan
4) Siswa berlatih menulis angka Jawa secara terpisah.
Elaborasi
31
1) Guru menyiapkan kartu angka Jawa
2) Siswa secara bergiliran maju untuk mengurutkan angka Jawa yang telah
disiapkan guru
3) Siswa berlatih menulis kalimat berhuruf Jawa yang mengandung angka Jawa
menggunakan tanda baca secara benar kemudian bergiliran maju untuk
menulis di papan tulis. Siswa yang lain mengkritisi hasil tulisan temannya.
Konfirmasi
1) Siswa bersama guru menyimpulkan penulisan angka Jawa yang benar dengan
tanda baca yang benar.
2) Guru memberikan kesempatan bertanya kepada para siswa tentang hal-hal
yang kurang dipahami.
c. Kegiatan Penutup
1) Bersama-sama dengan peserta didik membuat rangkuman/simpulan pelajaran
2) Melakukan penilaian dan/atau refleksi terhadap kegiatan yang sudah
dilaksanakan.
3) Memberikan tugas rumah untuk menulis paragraf berhuruf Jawa yang
mengandung angka Jawa dan dikumpulkan pada pertemuan berikutnya.
4) Berdoa pada akhir pelajaran.
F. Penilaian
32
baca yang benar
33