Anda di halaman 1dari 10

PIWULANG 3

PAWARTA

Kompetensi inti Kompetensi dasar


1. Menghayati dan mengamalkan ajaran 1.2 menerima, mensyukuri, menghayati, dan
agama yang dianutnya mengamalkan anugrah Tuhan berupa
bahasa Jawa dalam bentuk teks Pawarta
2. Menghayati dan mengamalkan perilaku 2.2 menunjukkan perilaku jujur disiplin,
jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli tanggung jawab, peduli (gotong royong,
(gotong royong, kerjasama, toleran, kerja sama, toleran, damai), santun,
damai), santun, responsive dan proaktif dan
responsive dan proaktif dalam
menunjukkan sikap sebagai bagian dari
solusi atas berbagai permasalahan dalam menggunakan bahasa Jawa dalam bentuk
berinteraksi secara efektif dengan teks Pawarta
lingkungan sosial dan alam serta dalam
menempatkan diri sebagai cerminan
bangsa dalam pergaulan dunia
3. Memahami, menerapkan, menganalisis dan 3.2 menelaah teks Pawarta
mengevaluasi pengetahuan factual,
konseptual, procedural, dan metakognitif
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang
ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya,
dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan,kebangsaan, kenegaraan,
dan, dan peradaban, terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan
pengetahuan procedural pada bidang kajian
yang spesifik sesuai dengan bakat dan
minatnya untuk memecahkan masalah
4. Mengolah, menalar menyaji, dan mencipta 4.2menulis dan menanggapi teks Pawarta
dalam ranah konkret dan ranah abstrak
terkait dengan pengembangan diri yang
dipelajarinya di sekolah secara mandiri
serta bertindak secara efektif dan kreatif,
dan mampu menggunakan metoda sesuai
kaidah keilmuan

Indikator pembelajaran
3.2.1. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks pawarta
3.2.2. Menemukan pokok-pokok ii yang terkandung dalam isi teks pawarta
3.2.3. Memberi tanggapan isi pawarta dengan bahasa sendiri
3.2.4. Menganalisis struktur dan kaidah
1.2.1 Menulis pawarta dengan bahasa sendiri
Ringkesan Materi

A. Mangerteni Pawarta
Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadeyan sing lagi dumadi ana sawijining panggonan
sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, internet, utawa lisan marang wong ketelu
utawa wong akeh.
Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang
bentuk kayata:
a. Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah Djokolodang, majalah Panjebar
Semangat, lan sanesipun.
b. Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo
nyawisake pawarta menika. Contone: Berita Bahasa Jawa TA TV, Berita Bahasa Jawa
JOGJA TV, Berita Bahasa Jawa Radio Persatuan, Berita Bahasa Jawa TV Semarang,
lan sak panunggalane.
c. Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa Jawa utawa pawarta basa Jawa
sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs
sing nyawisake berita basa Jawa: Pawarta Bahasa Jawa, Sesorah Jawa, Kumpulan
CeritaBahasa Jawa, Cerita Wayang Bahasa Jawa, lan sak panunggalane. Pawarta liwat
internet iki ana jaman saiki luwih efektif. Saben wong bisa nulis pawarta upamane liwat
media sosial fb, twitter, WA, Instagram, lsp. saiki malah akeh pawarta dilebokake ing
grup-grup sosial media kaya dene Pigura Warga Batang, Pekalongan Info, lan liya-
liyane.
d. Bentuk Lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake
langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta.
Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.
Wondene manut jinise, pawarta kaperang dadi telu, yakuwi :
a) Pawarta Padinan
Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena
dipesthekake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane.
b) Pawarta Ndinan
Pawarta ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni
sadurunge. Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan Presiden ing Batang, lan
liya-liyane.
c) Pawarta Crita
Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan,
nggambarake objek kang nengsemake/human interest. Pawarta iki diwedharake mung
kanggo hiburan utawa selingan. Tuladha: crita objek wisata, crita bab
kesenengan/hobby, lan liya-liyane.

B. Unsur-unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna
babagan.
a. Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
b. Sapa = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
c. Kapan = Kapan kedadean kasebut dumadi.
d. Kepriye = Kepriye kedadean kuwi bisa dumadi .
e. Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
f. Kenangapa = Merga apa kedadean kasebut dumadi.

Peling!
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur
mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.
Warta kang becik kudu nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual (anyar), faktual utawa nyata,
cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.

C. Tuladhane Pawarta
Sakwise mangerteni apa-apa kang ngenani Pawarta, saiki gatekna tuladhane pawarta ing
ngisor iki!
a. Pawarta Padinan

SISWA NGEBUT KETLINDES TRUK

Nduwe pangangkah nyalip truk gandheng ndamel Margono umur pitulas (17) taun murid SMK N 5
Batang, Jawi Tengah nglintu kacilakan.
Korban ketlindes truk gandhengan ing Jl. Raya Tulis, Batang, dinten Slasa, 29 Mei 2018.
Informasi ingkang dipunkempalaken mastanekaken, kala menika korban ingkang nitih montor mlayu santer
saking arah wetan nuju kilen.
Rikala dumugi wonten TKP penere ing ngajeng Pondok Modern “Selamat”korban ingkang nitih
Honda Mega Pro kanthi plat nomer G 1098 VC warga Wates, Wonotunggal badhe nyalip truk
gandheng.Nanging amargi kondisi radi cupet uga kahanan lalu lintas ingkang padet, korban nyenggol
gandhengan truk.
Pawingkingipun, korban dhawah dhateng arah kiwa mlebet ing kolong gandhengan truk. Badan
korbanb. Pawarta
lajeng Ndinan
ketlindes rodha gandhengan truk ngantos tilar ing panggen.
Kecelakaan menika sempat ndamel kahanan lalulintas wonten jalan raya Tulis macet.
Kahanan lalu lintas enggal lancar saksampune korban uga truk gandheng ingkang kacelakan disingkirake
dening panjejibahan.
Kasus kecelakaan ingkang ngenani pelajar niki taksih dipuntumindakake penyelidikan Unit Laka
Polres Batang. Panjejibahan sampun numindakake olah TKP mawi nggambar kronologi kecelakaan ing
aspal.

Sumber : http://www.sesorah.com/2016/01/contoh-berita-bahasa-jawa-krama.html

GLADHEN !
Gaweya pitakonan kang ngemot 5W+1H adedasar pawarta kasebut! Banjur diijolke
marang kanca jejermu kanggo mangsuli!
b. Pawarta Ndinan

Presiden Jokowi Badhe Tindak Dhateng Pusat Teknologi AS

Presiden Joko Widodo (Jokowi) dipunmestikaken bakal tindak wonten puser teknologi
AS ing Silicon Valley ing surya 16-17 Februari 2016 samangkih.
Kerawuhan kesebat dijadwalke saksampune Presiden bibar saking ajang Konferensi
tingkat inggil ASEAN-AS.Informasi ngenani kunjungan Presiden Jokowi dhateng Silicon
Valley piyambak kasumarepan saking jadwal acara ingkang dipunparakaken dening Ismail
Cawidu, Juru ginem Kementerian Komunikasi uga Informatika.
Menteri Komunikasi uga Informatika Rudiantara ugi ngleresaken prungon ngengingi
kunjungan kesebat."Rencanane mekaten," miturut jaler ingkang akrab ditimbali Chief RA niki.
Lebet jadwal menika Panjenenganipun, Presiden Jokowi dipunginemaken bakal kepanggih
kaliyan diaspora saking Indonesia ing surya kaping 16 wulan Februari 2016.
Lajeng enjingipun, Presiden Jokowi enggal ngunjungi kantor-kantor upadosan teknologi.
Mapinten-pinten ing antawisipun, kantor ageng Facebook, Google, uga Twitter.Kesempatan
niki badhe dipunginakaken konjuk kepanggih kaliyan CEO upadosan-upadosan ing bidang IT.
Lebet kunjungan kesebat, Presiden dijadwalaken ngrembag perkembangan industri e-
commerce, khususe wonten Indonesia.Menawi kelampahan, mila kunjungan datheng Silicon
Valley niki bakal dados ingkang sepindah konjuk Jokowi.Taun lajeng, Presiden Jokowi
saleresipun sampun dijadwalaken konjuk tindak wonten puser teknologi AS kesebat, nanging
sande amargi masalah kabut asap ingkang meliputi mapinten-pinten daerah ing
Indonesia. Presiden Jokowi badhe tindak wonten pusat teknologi AS.

Sumber: http://pawartabahasajawa.blogspot.co.id/2016/02/presiden-jokowi-badhe-tindak-wonten-pusat-
tekonologi.html
1. Sebutna pokok-pokok isi pawarta ing dhuwur!
2. Kepriye panemumu ngenani isi pawarta ing dhuwur?
3. Gaweya limang pitakonan ngenani isi pawarta ing dhuwur!

c. Pawarta Crita
Kanggo pawarta Crita, mangga para siswa njajal gawe pawarta nganggo basane dhewe.
Pawarta crita bisa awujud pawarta ngenani panggonan wisata, kuliner, kesenian, adhat
lan sapanunggalane.

____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________

D. Nulis Pawarta

Peling!
Nalika arep nulis pawarta kudu nggatekake 5W+1H. Saka rumus kasebut mangka dadi
cengkorongan. Nuli saben cengkorongan diolah supaya dadi ukara kang becik lan kepenak
diwaca. Nulis pawarta kudu adhedhasar kasunyatan (fakta), lan kedadeyan anyar (aktual).
1. Goleka prastawa utawa kedadeyan-kedadeyan bab apa wae kang lagi dadi kembang
lambe ana ing sakupenganmu!
2. Tindakna wawancara kang ngemu 5W+1H marang pawongan kang ana sambung
rakete karo kedadeyan mau!
3. Adhedhasar informasi kasebut, gaweya teks pawarta kang becik!
4. Tulisen teks mau ana ing bukumu, uga ketik ana ing facebook-mu banjur di upload lan
tandai fb-ne gurumu!

Kagunan Basa
A. Tembung Garba
Tembung garba uga diarani sandhi, yaiku tembung loro utawi luwih kang digandeng,
nanging nyudha cacahing wanda. Tembung-tembung iki kathah sanget digunakake ing
sesorah utawa panyandra. Ancase migunakake tembung garba yaiku supados basane
ketingal (katon) endah.
Tuladha : ana + ing = aneng
Kadi + kaya = kadya
Kalih + lan = kalyan
Lebda + ing = lebdheng
Prapta + ing = prapteng
Murba + ing = murbeng

B. Bebasan
Bebasan yakuwi unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan, kang dipindhakake kaanan/sipate wong utawabarang.
Tuladha :
 Njagakake endhoge si blorok
Tegese : Ngarep-arep samubarang sing durung mesthi
 Anak polah bapa kepradah
Tegese : Wong tuwa nemu reribed merga polah/tingkahe anake
 Adigang, adigung, adiguna
Tegese : Ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane
 Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot
Tegese : Yen wis tinakdir (jodho), kayangapaa mesthi bakal klakon
 Diwenehi ati, ngrogoh rempela
Tegese : Wis diparingi, ndadak nyuwune sing luwih maneh
 Durung pecus, kaselak pesus
Tegese : Durung sembada wis kepengin sing ora-ora
 Emban cindhe emban siladan
Tegese : Siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil)
 Kakehan gludhug kurang udan
Tegese : akeh ngomong nanging ora ana nyatane
 Keplok ora tombok
Tegese : Melu seneng-seneng, nanging ora gelem cucul wragad
 Nguyahi banyu segara
Tegese : Aweh marang wong kang nduweni luwih
 Nglungguhi klasa gumelar
Tegese : Kari nemu kepenake, ora melu rekasane

A. Wangsulana pitakonan ing ngsor iki kanthi menehi tanda ping (X) ing antarane A, B, C,
D utawa E sing kokanggep paling bener!
Wacan kanggo nomer 1-5
Basa Jawa Ilang, Jatidhiri Mati
Dwija lan Rohaniawan, Romo Benny medhar andharan babagan nolak kurikulum 2013 ing
Kantor Indonesia Corruption Watch (ICW), Jakarta, Rebo (5/12). Owah-owahan Kurikulum
Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP) 2006 dadi Kurikulum 2013 kabiji bakal ngorbanake para siswa
lan guru ing Indonesia.
Warta kang sumebar sawetara dina pungkasan iki mratelakake lamun wulangan Basa Jawa
bakal kajabel saka kurikulum pendhidhikan formal bebarengan kaleksanane Kurikulum 2013.

1. Saka wacan kasebut, sapa asmane tiyang kang paring panyaruwe?


A. Dwija D. Mentri Pendhidhikan
B. Rohaniawan E. Kepala Sekolah
C. Romo Benny
2. Ana ing ngendi kedadeyan ing pawarta kasebut?
A. Kantor ICW, Jakarta D. Kantor Indonesia Lawyers Club
B. Kantor KPK, Jakarta E. Kantor DPR, Senayan
C. Kantor Gubernur Jateng
3. Pawarta ing dhuwur ngrembug babagan perkara apa?
A. Nolak owah-owahan kurikulum 2013 dadi KTSP
B. Nolak owah-owahan kurikulum KTSP dadi Kurikulum 2013
C. Nolak yen kurikulum KTSP ora diowahi
D. Ndukung kaleksanane Kurikulum 2013
E. Ndukung yen Kurikulum KTSP digenti
4. Kapan kedadeyan ing pawarta kasebut?
A. 12 Mei D. 15 September
B. 12 April E. 5 Desember
C. 5 November
5. Apa kang njalari Kurikulum 2013 ditolak?
A. Merga sinaune bakal luwih kepenak
B. Merga basa Jawa bakal dadi luwih becik
C. Merga basa Jawa bakal ditambahi jam pelajarane
D. Merga basa Jawa bakal ilang bebarengan lumakune Kurikulum 2013
E. Merga pelajaran kabeh bakal diilangake
6. Ing ngisor iki kang ora kelebu panutupe pawarta yaiku ....
A. nglangut D. puncak
B. arupa dudutan E. Gamblang
C. arupa ringkesan

Wacan kanggo nomer 7-9


Dina Minggu (11 Mei 2014) masyarakat tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung
dening Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani Upacara Wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati
Bantul, Sumarno. Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin
kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul.
7. Pawarta kasebut ngrembug babagan ....
A. Upacara nyadran D. Upacara wiwitan
B. Upacara tingkeban E. Upacara mantenan
C. Upacara tedhak siten
8. Pokok isine pawarta kasebut yaiku ....
A. Wakil Bupati Bantul ngrawuhi upacara wiwitan dina Minggu, 11 Mei 2014 ing Bulak
Pangkah, Sumberagung, Jetis Bantul.
B. Upacara wiwitan dianakake nalika arep nandur pari ing sawah minangka panyuwun
marang Gusti kang Murbeng Dumadi supaya tandurane ora kena ama lan alangan.
C. Masyarakat tradhisi Bantul disengkuyung mahasiswa ISI Yogyakarta nganakake upacara
wiwitan Minggu, 11 Mei 2014 ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul.
D. Upacara wiwitan diwiwiti kanthi njupuk pari duweke warga Bulak Pangkah, didumake
marang kadang tani, banjur sega wiwit didongani ing lapangan lan didumake marang
warga.
E. Masyarakat Tradisi Bantul disengkuyung mahasiswa ISI Yogyakarta nganakake upacara
merti desa Minggu, 11 Mei 2014 ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul.
9. Tembung “dipunsengkuyung” nduweni teges padha karo ....
A. ditolak D. dilakoni
B. didukung E. diedohi
C. diwenehi
10. Ing ngisor iki kang ora kelebu tuladha pawarta dadakan yaiku ….
A. Pawarta objek wisata D. Kebakaran
B. Kacilakaan motor E. Banjir
C. Banjir

B. Garapen manut prentahe!

1. Kepriye kang diarani pawarta kang becik kuwi?


_______________________________________________________________________
_______________________________________________________________________
_______________________________________________________________________
_______________________________________________________________________
_______________________________________________________________________
2. Apa wae bentuke pawarta lan kepriye bedane?
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
3. Gaweya tuladhane pawarta Padinan sakpargraf wae!
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
4. Gaweya rong ukara kang saben sak ukarane ngemot tembung garba!
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
5. Gaweya paragrap isi crita kang ing sajrone ngemot bebasan!
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________
______________________________________________________________________

Anda mungkin juga menyukai