Anda di halaman 1dari 1

Silsilia Indriyanti//31//IX-E

GEGURITAN

SEKOLAHANKU

Sekolahanku…

Panggonanku ngangsu ilmu

Kuwi sekolahanku…

Kagulawentah kalawan Bapak-ibu Guru

Sekolahanku…

Sinau, amaca buku minangka kitab ilmu

Ing papan iki

Sliraku diwulang amrih marang wong tuwa kudu bakti

Ing papan iki

Kulo diajari kalawan kanca aja nganti srei

Pikantuk PR kanggo gladhen

Kanggo sangu urip satengahing bebrayan

Kulo pitados…

Sanadyan ta abot kudu tetep dilakoni

Kabeh mau kanggo preluning pribadhi

kareben mbesuk manjing wong aji

migunani tumpraping bangsa uga nagari

Sekolahku

Saka esuk ngancik awan

Ngangsu Kawruh golek ilmu

Pra Guru tabah gegulawantah

Mulang para siswa kanthi gemi

Sekolahku

Panggonan kaloro sawise omahku

Sekolahku

Dididik dening guru

Tujune dadi bocah mituhu.

Anda mungkin juga menyukai