Anda di halaman 1dari 2

MATERI SEMERTER GENAP BAB 5

LAYANG PRIBADI

1. Wangun Teks Layang


Nganti saiki isih akeh masyarakat sesambungan kanthi migunakake layang. Nanging jaman saiki
wis rada suda, amarga akeh kang nggunakake piranti sesambungan (komunikasi) sing luwih
modheren upamane email, BBM, SMS, WhatsApp, Twitter lumantar handphone/ internet.
Miturut isine, layang bisa kaperang dadi:

1. Layang Pribadi (layang iber-iber)

2. Layang Ulem (undhangan)

3. Layang Lelayu (kabar kepaten)

4. Layang Kitir (telegram)

5. Layang Paturan (pemberitahuan/edaran)

6. Layang dhawuh (perintah)

2. Nyemak Layang Pribadi


3. Nyemak Struktur Teks Layang Pribadi
Semaken maneh tuladha layang pribadi ing dhuwur. Sawise koksemak, bakal tinemu struktur
perangan layang pribadi. Perangan sajroning layang pribadi lumrahe diperang dadi 8, yaiku:

a. Papan lan titimangsa : panggonan, tanggal nalika layang ditulis.

b. Adangiyah (adawiyah): nerangake unggah-ungguhe sing kirim layang marang sing dikirimi.

c. Pambuka : isi kabar keslametan sing kirim lan pangarep-arep sing dikirimi iya slamet.

d. Surasa basa /isine layang: nerangake apa bae sing perlu dikabarake.

e. Wasana basa/panutup layang : panjaluk utawa panjurung kang gandheng karo isine layang.

f. Peprenah : nerangake sesambungane wong sing ngirim layang karo sing dikirimi layang.

g. Tapak asma : Tandha tangan sing nulis layang.

h. Asma terang : jeneng cetha sing kirim layang.

Anda mungkin juga menyukai