Anda di halaman 1dari 4

Materi Unggah-Ungguh Basa

Pertemuan ke 2

Minggu kalawingi sampun disinaoni babagan unggah-ungguh basa yaiku basa Ngoko. Ingkang
dirembag inggih menika basa Ngoko Lugu lan Ngoko Alus.
Menawa dipundhut kesimpulan, bisa diarani menawa basa ngoko Lugu yaiku basa padinan, basa
akrab, basa kang biasane dingo gegojekan karo kancane. Menawa ngoko alus, wis ana wujud
pakurmatan kang digunakake, diwujudake kanti ana tembung kang diowahi menyang tembung
Krama Inggil. Nanging ora kabeh tembung, sing perlu diowahi yaiku tembung kang katujokake
kanggo wong sing diajak guneman, kayata Tembung Sesulih Purusa (Kata Ganti Orang), Tembung
Kriya, Tembung Aran, Tembung Kahanan. Kagem Basa Ngoko Alus saged digambarake kados
mekaten .

Tetep Ngoko (Ora


Sing Guneman
diowahi)

Basa Ngoko Alus

Sing Diajak Diowahi menyang


Guneman Tembung Krama
Inggil

Keterangan :
KGO ; Kata Ganti Orang ( Tembung Sesulih Purusa)
Sing Diowahi yaiku:
KB : Kata Benda (Tembung Aran)
1. KGO
KK : Kata Kerja (Tembung Kriya) 2. KB
KS : Kata Sifat (Tembung Kahanan) 3. KK
4. KS
Sakliyane 4 jenis
tembung iku Tetep
Ngoko
Tuladha :
Ngoko Lugu :
Dina Senin, aku mangkat sekolah numpak sepeda motor, lan kangmasku mangkat sekolah numpak
mobil karo bapak.
Ukara kasebut, menawa diowahi dadi Ngoko Alus, paling dhisik yaiku panjenengan padosi kang
perlu diowahi menyang Tembung Krama Inggil niku jinis tembung napa. Manut kang dijabarake
wau sing perlu diowahi yaiki KGO, KK, KB, lan KS sing ditujokake kanggo sak liyane sing
ngomong. Dadi sakliyane 4 jinis tembung wau kudu utuh ngoko. Sakniki kula tandani tembung
kang kalebu 4 jenis kasebut .
Dina Senin, aku mangkat sekolah numpak sepeda motor, lan kangmasku mangkat sekolah
numpak mobil karo bapak.
 Tembung ingkang digaris bawah, yaiku tembung kang katujokake kanggo sing guneman
(ngomong) dadi tembunge tetep ngoko utawa ora perlu diowahi.
 Tembung ingkang digawe kandel (bold), yaiku kalebu tembung Sesulih Purusa (KGO) kanggo
wong liya, mula mangke diowahi menyang Krama Inggil.
 Tembung ingkang digawe miring (italic) , yaiki tembung kriya (Kata Kerja) kanggo wong liya,
mangke uga diowahi menyang krama Inggil.
 Tembung Aran (kata benda) yaiku mobil, tembung iki ora perlu diowahi.
 Tembung Kahanan, ora ditemokake ing ukara kasebut.
Mula, intine kang perlu diowahi namung tembung kang di Bold lan Italic, saengga ukarane dadi :
Dina Senin, aku mangkat sekolah numpak sepeda motor, lan kangmasku tindak sekolah nitih
mobil karo rama/bapak.
Mugi-mugi penjalasan kula saged ditampa kanthi gambling. Sakniki mangga dilajengaken dhateng
tingkatan tembung liyane.
1. Basa Krama
Basa Krama kaperang dadi 2, yaiku krama Lugu lan Krama Alus.
a. Krama Lugu.
Basa Krama Lugu yaku basa kang migunakake tembung krama madya. Dados sedaya
tembunge diowahi menyang Krama/Krama Madya. Kanggo sing guneman, utawa wong
liya tetep nganggo tembung Krama Madya.
Panganggone basa Krama Lugu yaku :
- Kanggo guneman wong sing sedrajat, nanging durung raket utawa akrab.
Tuladhane menawa para siswa kepanggih kaliyan tiyang kang seumuran, lan nembe
kepanggih kawitan (baru bertemu) utawa dereng akrab. Tuladhane menawa takon alamat :
“Mas, pangapunten, sampeyan mangertos menawi badhe dhateng Alun-Alun Sidoarjo niku
medal pundi nggih?”
Tembung “Sampeyan” kalebu tembung ing tingkatan Krama Madya :
Ngoko Krama/Krama Madya Krama Inggil
Kowe Sampeyan Panjenengan
Aku Kula Kawula/Dalem
Mangan Nedha Dhahar
Omah Griya Dalem
Nunggang/Numpak Numpak Nitih

Tuladha liyane;
“Mas, mangga nedha rumiyen”
“Griya kula wonten Candi mbak, menawi sampeyan griyanipun pundi?”
Dados menawa wonten soal kados ngeten :
Owahana ukara iki miturut unggah-ungguhe sing trep!
“Mas, jenengmu sapa?, omahmu ngendi?, kowe mau mrene numpak apa?”
Wangsulane yaiku bisa diowahi menyang Krama Lugu, amarga ukarane katujokake
kanggo “Mas”, bisa diartekne mewawa guneman karo wong sedrajat, lajeng soal iku
nakokake jeneng, dadi bisa disimpulke menawa wong iku durung akrab. Ukarane owah
dadi ngene :
“Mas, sampeyan namine sinten?, griyanipun pundi?, sampeyan wau mriki numpak
napa?.”
b. Krama Alus.
Basa Krama Alus yaiku basa kang migunakake tembung-tembung krama (Kanggo sing
guneman) kecampuran krama inggil, tumrap sing diajak guneman. Utawa bisa disimpulke
menawa guneman migunakake basa krama Alus, tembung kanggo sing ngomong
migunakake tembung krama Madya, kamangka kanggo wong liya nganggo Krama Inggil
tembunge.
Tuladha :
Ngoko Lugu:
“Dina Senin, aku mangkat sekolah numpak sepeda motor, lan kangmasku mangkat sekolah
numpak mobil karo bapak.”
Krama Alus:
“Dinten Senin, kula budhal sekolah numpak sepeda motor, menawi kangmas kula tindak
sekolah nitih mobil kaliyan bapak.”

Panganggone Basa Krama Alus yaiku :


1. Kanggo guneman wong enom marang wong tuwa
2. Marang wong sing luwih dhuwur drajate
Utawa bisa diarani basa Krama Alus iku basa sing paling sopan menawa kanggo guneman.
Dadi menawa para siswa guneman karo wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu
diajeni, basa sing trep yaiku basa Krama Alus.

Anda mungkin juga menyukai