Pemeran :
1. Kakek (Denis)
2. Nenek (Taza)
3. Tante (Yunita)
4. Mama (Khaira)
5. Papa
6. Anak (Dina/Chika)
Tante : Pak, Bu niki telfon saking mbak. Mbak trose badhe dhateng mriki
Nenek : Waalaikumsalam nduk, haah nko tak masakne opor ayam senengane ….
Kakek : Ati ati yo nduk lek rene titip salam kanggo bojomu lek nyopir alon alon ya
Mama : Dek sampean ganti video call …. Bene iso ningali wajah e mbah e
Nenek : Ya Allah kok iso to nduk, mbah e maleh iso ndelok wajahe putune
Nenek : Halo cucu nenek, alhamdulillah nenek sehat. Kamu kapan kesini?
Nenek : Reneo reneo tak duduhi deloen to iso enek gambare koyok ngene ki lo. Wes cuanggih
Mama : Sampun nggeh pak, buk badhe nyiapaken sing di beto ndamel mbenjing
Kakek : zaman saiki penak ya, lek arepe ngabari nggak usah nggae surat maneh
Nenek : ngga koyo zaman e akdewe mbiyen, nggae surat terus nyang kantor pos. Tekone surat iso
semingguan
Tante : Enggeh pak, bu sakniki teknologine sampun modern. Niki nggeh saget ningali gambare tiang
e langsung
Kemudian hari, keluarga dari Mama datang mengunjungi rumah Nenek. Keluarga itu bersama nenek
pergi berlibur.
Nenek : Masyaallah putuku sing ayuu wes teko. Rene rene ndang podo melbu (Seteleh memasuki
rumah) Ayoo ndang podo maem
Nenek : Kok cepet men to nduk tekone, lek numpak opo banter
Mama : Mboten buk, niki wau nitih mobil dados cepet kados punika
Kakek : Woalah apik yo mobilmu nduk, saiki wes iso tuku mobil. Mbiyen lek ora wong sugih tenan yo
ra iso tuku
Papa : Enggeh pak sakniki sampun kathah tiang saget tumbas mobil, amargi mobil sakniki sampun
dadi kebutuhan sing penting
Mama : Enggeh pak, buk sakniki tiang tiang dhateng pundi pundi nggeh sampun ndamel mobil
Kakek : mbiyen yo sek numpak pedah biasane yo mlaku, saiki wes enek mobil, motor maleh iso
cepet.
Anak : Ayo kakek, nenek iku aku. Aku ajak jalan jalan naik mobil
Lokasi : Mobil
Nenek : Penak yo, ndek njero kene isis
Kakek : Tak kiro lek ungkep lo, opo to singg nggarai isis
Mama : Enggeh mbah, niki wonten ac ne dados mboten kepanasen
Nenek : Saiki yo wes akeh bangunan gede gede sing dhuwur, sawahe maleh mundah saitik
Kakek : Omah omah yo akeh, wong wong podo nyang kota kabeh dadi pengusaha
Anak : Di kota sekarang banyak mobil, motor, gedung, banyak mall juga bisa buat main. Papa, nanti
kita ke mall kan, aku mau main sama kakek nenek di mall
Papa : Iyaa nak, nanti jalan jalan sama kakek nenek di mall
Lokasi : mall
Kakek : wah besar banget ya
Lokasi : rumah
Nenek : matur suwun ya nduk, le ibuk karo bapak wes dijak jalan jalan. Wes dijak metu, ibuk karo
bapak seneng banget iso ngerti daera kuto
Kakek : Matur suwun ya nduk, le wes sukses tapi ngga lali karo wong tua
Papa : Enggeh, mugi mugi panggah diparingi rejeki sing lancar dados saget ngajak ibu kaleh bapak
jalan jalan maleh
Nenek : Iyo le mbendino tak dungakne kabeh sak anak putuku rejekine lancar
Kakek : Saiki ya cah jek cuilik cilik wes podo ngerti hp ya, mbah e wes kalah
Mama : Enggeh buk, nanging damel sekolah mawon. Hpne nggeh kulo batesi, amargi hp saniki nggeh
bahaya didamel terus terusan saget ndamel kecanduan.
Papa : Nggih Pak Buk sampun mbenjeng …. Sekolah kulo pamit wangsul rumiyin nggih
Tante : Loh mbak kok gk turu kene to padahal aku ape cerito cerito
Mama : mbenjeng mbenjeng mawon buk, engko telfon ae nek ape cerito
Anak : KakekNenek aku pulang dulu kapan kapan main kesini lagi ya kan ? ma ? pa ?