Anda di halaman 1dari 5

HIDUP SEPERTI YANG DIKEHENDAKI TUHAN

Salam Sejahtera.... Saudara sekalian yang dikasihi Tuhan Yesus. Seorang anak
mau menuruti atau melakukan apa yang diperintahkan orangtuanya ketika anak
itu mendengar, lalu memahami perintahnya juga pernah melihat apa yang
orangtua itu lakukan atau orang lain lakukan. Dalam proses mendengar,
memahami dan melihat tentu si anak tersebut sudah kenal dengan siapa orang
yang memerintahkannya. Kalau belum kenal mungkin tidak akan jadi
perhatiannya bisa jadi dicuekin. Selain itu, si anak juga butuh fokus untuk
mendengar, memahami dan melihat sehingga mampu melakukannya. Jika tidak
fokus maka perintah dari orangtuanya tadi tidak bisa diterima dengan baik.

Supaya kita bisa hidup sesuai dengan perintah atau kehendak Tuhan, kita sama
seperti anak tadi, kenali dulu lalu fokus tinggal lakukan. Langkah pertama
untuk mengenal kehendak Tuhan adalah kenali dulu apa yang tidak Ia
kehendaki. Dalam segala sesuatu yang mau kita lakukan kenali apa yang tidak
dikehendaki oleh Tuhan. Jika ada yang tidak dikehendaki Tuhan, maka jangan
menunggu lama untuk mengatakan tidak! Saya tidak akan melakukannya
karena Tuhan tidak menghendakinya. Nah, jelas sudah bahwa hidup menurut
kehendak Tuhan harus dimulai dengan mengenal apa yang tidak dikehendaki
dan apa yang dikehendaki Tuhan. Dalam proses itu kita menggunakan pikiran
dan topangan doa. Iman memang membutuhkan pikiran (logika) dan, tentu saja,
yang sangat penting adalah doa.

Dari Injil yang juga kita baca hari ini, kita diingatkan bersama bahkan dengan
tegas mengenai sikap hidup atau perilaku yang tidak sesuai dengan kehendak
Tuhan untuk dijauhkan dari hidup kita. Teguran Kristus pada ahli Taurat dan
orang-orang Farisi (yaitu, seluruh Mahkamah Agama (Sanhedrin) sebagai
pengajar hukum. Mereka ini adalah ahli-ahli Taurat dan, yang memegang
tampuk pemerintahan atas jemaat, yang disebut ahli-ahli Taurat, dan sebagian
dari mereka adalah orang-orang Farisi). Mereka menduduki kursi Musa (ay. 2),
sebagai guru-guru masyarakat dan penafsir hukum. Di sini Yesus menggali
lebih khusus lagi tentang perbuatanperbuatan mereka yang tidak boleh kita
teladani. Secara umum, yang dituduhkan kepada mereka adalah kemunafikan,
ketidakjujuran, atau patokan ganda yang mereka terapkan dalam agama.
Perkataan dan perbuatan mereka merupakan dua hal yang berbeda. Perbuatan
mereka sama sekali tidak sepadan dengan khotbah-khotbah atau jabatan
mereka, karena mereka mengajarkan tetapi tidak melakukan. Kemunafikan apa
lagi yang lebih besar daripada menyuruh orang lain percaya dan melakukan,
sedangkan diri sendiri tidak mau percaya dan tidak mematuhinya? Dengan
perbuatan seperti itu, mereka menghancurkan apa yang telah mereka sampaikan
dalam khotbah-khotbah. Mereka sangat keras dalam membebankan kepada
orang lain hal-hal yang mereka sendiri tidak bersedia memikulnya (ay. 4).
Mereka sendiri tidak mau melakukan hal-hal yang mereka bebankan kepada
orang lain. Secara ketat mereka memaksa orang-orang untuk beribadah, tetapi
mereka sendiri tidak mau terikat dengan hal-hal yang mereka paksakan itu.

Semua hanya untuk pamer belaka, tidak ada yang penting untuk hidup
keagamaan (ay. 5), Semua pekerjaan yang mereka lakukan hanya dimaksud
supaya dilihat orang. Semua tujuan mereka adalah untuk dilihat dan dipuji
orang. Selain itu, Tuhan Yesus menunjukkan dua hal yang mereka lakukan
supaya dilihat.

Kristus memperingatkan murid-murid-Nya agar tidak menjadi seperti mereka,


agar tidak meniru perbuatan mereka yang mencari gelar kehormatan dan
kekuasaan bagi diri sendiri serta menyombongkan wewenang dan kekuasaan.
Mengapa? Karena hanya satu Pemimpinmu, yaitu Mesias. Kristus adalah
Pemimpin, Guru, dan Penuntun kita. Kita semua adalah saudara mari kita saling
merendahkan hati dan menundukkan diri satu sama lain. Jadi, bagaimana bapak
ibu dan saudara-saudara sudah sangat jelas bagaimana dan apa saja yang Tuhan
kehendaki untuk kita lakukan yang tidak dilakukan. Selamat untuk terus
mengenal, fokus dan tetap rendah hati dalam melakukan kehendak Tuhan.Amin

GESANG MANUT KARSANIPUN GUSTI ALLAH


Salam rahayu, para sadherek ingkang kinasih wonten ing Gusti Yesus. Anak
punika badhe purun midhangetaken lan nindakaken ingkang dipun
dhawuhaken dening tiyang sepuhipun nalika anak punika purun mirengaken
lan mangertos saha purun ningali punapa ingkang katindakaken dening tiyah
sepuhipun utawi ugi tiyang sanes. Ing salebeting lampah mirengaken,
mangertos lan ningali biasanipun anak punika sampun wanuh dhateng tiyang
ingkang maringi dhawuh. Menawi dereng tepang temtu mboten badhe
dipungatosaken kepara dipunlirwakaken. Kejawi punika, wonten ing lampah
anggenipun purun midhangetaken lan nindakaken, lare punika kedah purun
jinggleng anggenipun mirengaken, mangertosi lan ningali temah saged
nindakakaken. Menawi anggenipun nampi namung kanthi saksekecanipun
piyambak, mesthi ingkang kadhawuhaken dening tiyah sepuhipun mboten
saged tinampi kanthi sae.

Semanten ugi ing salebeting kita nglampahi gesang minangka umat


kagunganipun Gusti, patrap kita kedah kadosdene lare kalawau, tepang rumiyin
lajeng nindakaken. Milanipun supados mangertosi ingkang dipunkersakaken
dening Gusti, perkawis ingkang perlu dados kawigatosan kita inggih punika:
Ingkang sepisan, kita kedah sinau mangertos ingkang mboten dipun kersakaken
dening Gusti. Ing sadengah tumindak ingkang kita lampahi, kita kedah sinau
mangertosi punapa ingkang mboten dipunkersakaken dening Gusti. Supados
kita mboten nindakaken punapa ingkang mboten dados kersanipun Gusti Allah.
Kita mboten badhe nindakaken amargi Gusti Allah mboten ngersakaken.
Sakpunika sampun gamblang/cetho menawi gesang miturut kersane Gusti
kedhah dipunwiwiti kanthi mangertosi rumiyin punapa kemawon ingkang
mboten dipunkersakaken Gusti Allah. Ampun kesupen, kita kedhah
ngginakaken penggalih ugi ing pandonga. Amargi kapitadosan punika ugi
mbetahaken penggalih ugi pandonga.

Punika kados ingkang kawulangaken dening Rasul Paul dhateng pasamuwan,


kanthi mekaten pasamuwan kedah sami gesang miturut karsane Gusti Allah.
Langkung saking punika, saking waosan Injil ugi kaemutaken bab tindak
tandhuk ingkang mboten trep kaliyan kersanipun Gusti supados mboten
ngantos kapanggihaken ing panggesangan kita. Pangandikanipun Sang Kristus
dhateng para ahli Torèt lan tiyang Farisi (inggih punika, kabèh Sanhedrin
minangka ahli Torèt. Punika minangka ahli Torèt lan, ingkang nyekel
panguwasa pamréntahan pasamuwan, kasebat ahli Torèt, lan sawetawis tiyang
Farisi). Para tiyang punika lenggah ing kursining Nabi Musa (ay. 2), minangka
guru lan juru angger-anggering Gusti.

Ing ngriki, Gusti Yesus njlentrehaken kanthi langkung bebles, babagan tumindak
ingkang mboten kepareng dipuntuladhani. Umumipun tiyang-tiyang punika
asring nedahaken gesang ingkang lelamisan, mboten jujur, lan asring
ngginakaken paugeran ingkang mboten jejeg ing bab tumindaking agami.
Pangandikan lan tumindak asring mboten sami. Antiwisipun ingkang
dipunwulangaken kaliyan ingkang dipunlampahi benten, namung pinter
mulang ananging mboten saged ngecakaken ing gesang. Sikap lelamisan punapa
malih ingkang langkung ageng katimbang mbereg tiyang sanes supados pitados
lan nindakaken, ananging piyambakipun mboten purun pitados lan nglampahi?
Kanthi tumindak ingkang mekaten, temtu kemawon badhe mbubrah piyambak
ingkang sampun kawulangaken. Tiyangtiyang punika remen damel momotan
dhateng tiyang sanes, ananging mboten purun mikul momotanipun piyambak
(ay.4). Tiyang-tiyang punika remen meksa tiyang sanes supados ngibadah
ananging piyambakipun mboten purun nindaki ibadahipun kanthi tanggel
jawab.

Sedaya ingkang katindakaken namung supados dipuntingali lan pikantuk


pangalembana saking tiyang sanes (ay.5) Gusti Yesus tanpa tedeng aling-aling
ngandikaken patrapipun tiyangtiyang punika ing bab tataning gesang
agaminipun. Kejawi punika, Gusti Yesus ugi nedahaken kalih “symbol” ingkang
dipuntedahaken supados saged dipun pirsani dening tiyang kathah. Sami
nganggem tali sembahyang ingkang wiyar. Ingkang dipunkajengaken bab tali
sembahyang inggih punika gulungan kertas utawi kulit ingkang ngemot seratan
saking sekawan paragraf ing Toret. Seratan punika dipunjahit ing kulit lan
dipunpasang ing bathuk saha lengen kiwa. Tradhisi punika namung simbol
kemawon kangge nedahaken menawi kita kedhah nyimpen prekawis-prekawis
saking Gusti Allah ing pangangen kita, supados tansah ketingal ing paningal
kita. Sakpunika tiyang Farisi damel tali pandonga langkung amba, supados
ketingal langkung suci, langkung saleh, lan langkung sregep netepi angger-
anggering Toret tinimbang tiyang sanes.

Gusti Yesus lajeng paring piweling dumatheng para muridipun supados mboten
kados para tiyang kalawau, mboten nuladhani tumindhakipun para tiyang
ingkang namung ngudi pakurmatan lan panguwaos, punapadene ngegung-
egungaken kalenggahanipun. Kenging punapa? Amargi kita sampun gadhah
setunggal Pemimpin, inggih punika Sang Mésih. Sang Kristus punika Pemimpin,
Guru, lan panutan kita. Kita sedaya punika sedherek, pramila sumangga sami
tansah andhap asor lan ngajeni dhateng sesami. Sumangga Ibu, Bapak, sampun
cetha sanget kadospundi caranipun lan punapa ingkang dipun kersakaken Gusti
Allah supados kita lampahi. Mugi kita tansah eling lan waspada saha tetep
andhap asor anggen kita nindakaken kersanipun Gusti Allah. Amin

Anda mungkin juga menyukai