Anda di halaman 1dari 10

“Damai Sejahtera yang Melampaui Segala Akal”

Saudara, tema ibadah kita pada hari ini adalah “Damai Sejahtara
yang Melampaui Segala Akal”. Damai sejahtera, satu kata yang tentu
tidak asing di telinga kita. Namun, apakah jangan-jangan rasa damai
sudah terlalu asing untuk dirasakan dan dialami? Barangkali kita
berpikir, bagaimana aku dapat merasakan damai jika aku berada dalam
banyak pergumulan? Bagaimana aku dapat merasakan ketenangan jika
setiap hari keluargaku bertengkar? Apabila kita berada dalam
pergumulan, sangat mungkin kita berpikir bahwa damai hanyalah
sebuah ilusi atau semacam pelarian spiritual dari realita.
Situasi yang penuh tekanan dan pergumulan juga dialami oleh
jemaat Filipi. Pada saat itu, jemaat Filipi dianiaya oleh Romawi dan
ditekan oleh orang-orang Yahudi yang belum percaya pada Tuhan.
Selain itu, Paulus juga mendapatkan informasi bahwa ada pertengkaran
antara kedua pelayan Tuhan di Filipi, yaitu Euodia dan Sintikhe, di
mana hal ini membahayakan kesatuan pun juga perdamaian umat di
sana.
Belum sampai di situ. Ada juga guru-guru palsu yang berupaya
mengacaukan jemaat Filipi dengan ajaran-ajaran yang tidak benar.
Dengan demikian, surat ini dituliskan Paulus agar umat Filipi tetap
dapat mempertahankan kesatuan dan perdamaian sebagai keluarga
Allah, terlebih lagi mempertahankan iman kepada Allah.
Karena Paulus merindukan agar kesatuan dan perdamaian tetap
terjaga di jemaat Filipi, maka ada beberapa nasihat yang patut
diperhatikan, terlebih lagi dilakukan sebagai gaya hidup orang beriman.
Pertama, umat Filipi diajak untuk berdiri teguh di dalam Tuhan (ayat 1).
Di tengah segala pencobaan yang dialami jemaat Filipi, Rasul Paulus
mengajak mereka untuk berdiri teguh dalam Tuhan, karena Tuhan akan
memberikan kekuatan dan pertolongan bagi orang-orang yang berserah
kepadaNya.
Kedua, umat Filipi diajak untuk membangun dan mengupayakan
relasi yang harmonis (ayat 2-3). Terkait dengan relasi di jemaat Filipi
yang penuh dengan konflik, maka Rasul Paulus mengajak masing-
masing pihak, terutama Euodia dan Sintikhe yang berkonflik untuk
sehati sepikir dalam Tuhan.
Apa yang dimaksud dengan “sehati sepikir”? Nasihat untuk “sehati
sepikir” adalah sebuah ajakan agar seseorang dapat memiliki hati
Kristus, dan berpikir dengan cara pandang Kristus. Seseorang yang
memiliki kasih Kristus dalam hidupnya tentu akan mengedepankan
perdamaian di tengah berbagai keragaman dan perbedaan yang ada agar
tercipta persekutuan yang harmonis dalam tubuh Kristus. Ia akan
membangun kebiasaan baik dalam hidupnya secara pribadi dan juga
bersama-sama dengan keluarga.
Sebagai contoh, bagaimana seseorang belajar untuk
membicarakan pergumulan yang dihadapi secara terbuka dengan
keluarga, sehingga keluarga dapat saling mendukung dan menguatkan,
bukan saling menyalahkan dan mengabaikan. Keterbukaan sangatlah
penting, karena keterbukaan dapat menjadi jalan untuk pemulihan dan
pertobatan.
Ketiga, umat Filipi diajak untuk bersukacita di dalam Tuhan (ayat
4). Satu hal yang perlu dipahami bahwa sukacita tidak bergantung pada
hal-hal material atau keadaan lahiriah manusia. Pada kenyataannya, ada
orang-orang yang hidupnya berkelimpahan tetapi tidak merasakan
sukacita. Dan sebaliknya, ada orang-orang yang berkekurangan,
memiliki banyak pergumulan tetapi tetap dapat bersukacita.
Umat Filipi hidup dalam berbagai tantangan, baik secara internal
dan eksternal. Ada banyak hal yang dapat membuat mereka mengeluh
dan bersungut-sungut. Namun, sukacita sejati dapat dialami ketika
mereka terus berfokus pada Tuhan yang senantiasa hadir bagi kita.
Semakin kita merenungkan kasih Tuhan, semakin kita dapat bersyukur
karena kasih Tuhan jauh melampaui kesulitan yang kita alami.
Nasihat rasul Paulus tak hanya relevan bagi situasi jemaat Filipi
kala itu, tetapi juga bagi kita pada saat ini. Hidup berkeluarga tentulah
memiliki pergumulan masing-masing. Ada yang bergumul dengan sakit-
penyakit, pertengkaran yang tak berujung, finansial yang tergoncang,
dan lain sebagainya. Hal-hal ini seringkali dapat merenggut rasa damai,
sukacita, dan membuat keluarga tak lagi dipandang sebagai “home”,
rumah yang nyaman dan tenang.
Namun, nasihat rasul Paulus mengundang tiap-tiap anggota
keluarga untuk mengalami damai sejahtera dari Allah. Damai sejahtera
Allah bukanlah sebuah ilusi, tetapi dapat dialami ketika setiap orang
mau berdiri teguh dalam Tuhan, sehati sepikir dalam Tuhan sehingga
tercipta relasi yang harmonis, bersukacita dalam Tuhan, tidak
dikendalikan oleh rasa kuatir dan membiasakan berpikir dan bertindak
positif.
Keluarga orang percaya adalah keluarga yang mendapatkan
undangan dalam pesta pernikahan seperti dalam perumpamaan di
Matius 22 : 1- 14. Bagaimanakah kita meresponnya? Apakah kita
menolak undangan agung tersebut? Atau kita menerima, mendatangi
pesta tapi denan pakaian yang tidak layak? Tentu saja yang dikehendaki
Tuhan adalah kita menerima undangan itu dengan datang ke pesta
pernikahan engan mengenakan pakaian pesta yang layak. Ini berarti
ketika kita mau menerima undangan keselamatan Allah dalam Kristus
Yesus, hendaknya kitapun juga harus memiliki sikap hidup yang seturut
kehendak Kristus. Menerima undangan bukan hanya datang ke pesta
dengan penampilan seenak kita sendiri. Demikian pula menerima karya
penyelamatan Allahpun juga harus mengenakan “pakaian pesta” yaitu
sikap hidup yang seturut dengan Firman Tuhan.
Secara lebih konkrit, keluarga diajak untuk membangun
kebiasaan-kebiasaan yang dapat membuat tiap anggotanya mengalami
damai sejahtera dari Tuhan. Kebiasaan tersebut antara lain adalah, rutin
berdoa dan bersaat teduh bersama keluarga sebagai wujud dari
kehidupan iman yang berdiri teguh dalam Tuhan. Memiliki momen
setiap hari untuk saling sharing hal-hal yang dihadapi oleh masing-
masing anggota keluarga, termasuk jika ada kesulitan yang terjadi. Ini
dapat membangun keterbukaan dan keintiman dalam keluarga, sehingga
keluarga dapat lebih sehati sepikir.
Jika keluarga dapat membangun kebiasaan ini, maka niscaya
rumah tidak hanya akan menjadi tempat untuk istirahat dan berteduh,
tetapi menjadi “home”. Rumah menjadi tempat yang dirindukan untuk
selalu pulang karena ada penerimaan, penguatan dan dukungan, pun
juga penyerahan diri pada Allah sehingga damai sejahtera Allah dapat
dirasakan. Karena itu, rindukah kita untuk mengalami damai sejahtera
dari Allah? Datanglah pada Dia, hiduplah dalam kebenaran firman-Nya,
dan bangunlah kebiasaan-kebiasaan dalam keluarga yang sesuai dengan
kehendak Allah. Tuhan memberkati kita. Amin.
“Tentrem Rahayu Ingkang Nglangkungi Sawarnining Nalar”

Para sedhèrèk ingkang kinasih, irah-irahaning khotbah ing dinten


punika inggih punika “Tentrem Rahayu Ingkang Nglangkungi
Sawanining Nalar”. Tembung “tentrem rahayu” mesthinipun sampun
asring kita pireng lan mangertosi. Namung kémawon punapa kita sadaya
sampun èstu-èstu ngraosaken lan ngalami tentrem rahayu punika?
Saged ugi kita sami pitakèn ing salebeting manah: “kepriyé aku bisa
duwé rasa tentrem lan rahayu manawa uripku kebak prakara-
prakaraning urip?”. “Kepriyé aku bisa ngrasa ayem tentrem yèn brayatku
mung tansah padha padudon saben dina?” Menawi kita sadaya nembé
wonten ing salebeting kaprihatosan awit prekawis gesang ingkang
nembé kita sandhang, saged kémawon kita menggalih bilih ingkang
winastan “tentrem rahayu” punika èstunipun namung wujud impèn
kéwala’ utawi dados margi kita sadaya nyélaki kanyataning gesang
punika.

Kawontenan ingkang ugi nuwuhaken bot-répoting gesang ingkang


mboten ènthèng ugi dipun alami déning pasamuwan ing Filipi nalika
semanten. Nalika semanten warga pasamuwan ing Filipi ngraosaken
panganiaya saking pamarintahan Romawi lan ugi saking tiyang-tiyang
Yahudi ingkang mboten pitados dhateng Gusti Yésus. Sasisihipun
punika, raul Paulus ugi nampi katerangan bilih kalih kanca peladosipun
ing Filipi sami mboten rukun, inggih punika Euodia lan Sintikhé ingkang
mesthinipun saged mbebayani tumrap katentreman lan karahayonipun
pasamuwan ing Filipi.
Mboten namung punika kémawon, nanging ugi wonten sawatawis
gugu-guru palsu ingkang mbudidaya ngisruhaken pasamuwan ing Filipi
sarana piwucal-piwucal ingkang mboten leres. Awit saking punika rasul
Paulus nyerat serat punika kanthi ancas lan tujuan supados pasamuwan
ing Filipi saged tansah njagèni gesang tetunggilanipun punapadéné
ngatingalaken gesang rukun minangka brayatipun Allah ingkang tansah
katalesaken ing gesang pitados dhumateng Allah ingkang kekah.
Awit saking punika, wonten sapérangan tanggel jawabing gesang
ingkang dipun kersakaken déning rasul Paulus supados dipun lampahi
déning warganing pasamuwan ing Filipi. Malah mboten namung
katindakaken ing gesang padintenan, nanging punika ugi sageda dados
wataking gesang padintenan para tiyang pitados. Ingkang sepisan,
pasamuwan ing Filipi kaatag supados sami “disantosa ana ing Gusti”
(ayat 1). Ing satengah-tengahing panandhang lan kaprihatosan, dalah
pacobèn ingkang mboten ènthèng, rasul Paulus ngajak warga
pasamuwan ing Filipi supados sami “ngadeg jejeg kanthi santosa ing
patunggilanipun Gusti, sarana pitados bilih Gusti piambak ingkang
badhé maringi kekiyatan dalah pitulungan dhumateng saben tiyang
ingkang sami pitados lan sumarah wonten ing Panjenenganipun.
Kaping kalih, warga pasamuwan ing Filipi kaatag supados sami
mbangun gesang ingkang kebak pirukunan ingkang laras satunggal
kaliyan satunggalipun (ayat 2-3). Sesambetan kaliyan kawontenan
gesang ingkang dipuntandhani wontenipun dredah, rasul Paulus ngajak
saben warga, mliginipun Euodia lan Sintikhé ingkang nembé mboten
sami rukun, supados sadayanipun sami saged mbangun gesang tunggal
manah lan tunggal sedya ing patunggilanipun Gusti.
Lajeng punapa maknanipun tembung “tunggal manah lan sedya”.
Pitutur kanggé “tunggal manah lan sedya mujudaken satunggaling
timbalan supados saben tiyang ndarbèni manahipun Kristus lan ugi
menggalih kanthi caranipun Gusti menggalih. Saben tiyang ingkang
ndarbèni sihipun Kristus mesthi badhé nengenaken katentreman ing
gesangipun nadyan wonten ing tengah-tengahing manékawarnining
kawontenan lan béda-bédaning pamanggih, supados cinipta gesang
tetunggilan ingkang saèstu laras ing patunggilanipun sariranipun
Kristus. Tiyang kalawau mesthi badhé tansah mbangun kasaénaning
gesang ing salebeting gesang padintenan saé sacara pribadi punapadéné
sesarengan kaliyan brayatipun.
Satunggaling conto, kados pundi tiyang sinau mbuka dhiri kanggé
andum ruwet-rentenging gesang kaliyan brayatipun supados sami saged
sinengkuyung ing donga-dinonga ing tengah-tengahing brayat, lan
mboten kosok-wangsulipun sami nglepataken satunggal lan
satunggalipun, utawi mboten sami mredulèkaken. Sikep tinarbuka
punika prelu awit punika saged dados margining pepulih lan patobat.
Kaping tiga, pasamuwan ing Filipi katimbalan sami abebingah ing
patunggilanipun Gusti (ayat. 4). Satunggal prekawis ingkang prelu dipun
ènget inggih punika bilih asukarena punika mboten gumantung namung
wonten ing prekawis-prekawis kadonyan utawi kawontenan lahir
kémawon. Nyatanipun, kathah tiyang ingkang sacara kadonyan
kalubèran, éwasemanten mboten saged ngraosaken kabingahan. Kosok-
wangsulipun, wonten tiyang ingkang sacara kadonyan kekirangan lan
mboten kalis saking ruwet-rentenging gesang, éwasemanten gesangipun
tansah saged asukarena.
Pasamuwan ing Filipi gesang ing salebeting manékawarni
kaprihatosan saé sacara winates ing salabeting warga pasamuwan
punika, punapadéné sacara tan winates ing sanjawining pasamuwan.
Kathah prekawis ingkang saged anjalari warga pasamuwan sami
nggresah lan uring-uringan gesangipun. Nadyan makaten kabingahan
ingkang satuhu saèstu saged dipun alami menawi sami purun
ngeneraken gesangipun dhateng Gusti ingkang kita pitadosi tansah
rawuh ing tengah-tengahing gesang kita sadaya. Sangsaya kita sami
ngraos-ngraosaken katresnanipun Gusti, sangsaya kita saged sami atur
panuwun ingkang ageng wonten ing ngarsanipun, awit katresnanipun
Gusti punika nglangkungi sadaya kangèlan ingkang kita alami.
Pituturipun rasul Paulus punika mboten namung maédahi kanggé
gesangipun pasamuwan ing Filipi nalika samanten, nanging ugi kanggé
kita sadaya ing wekdal samangké. Gesang bebrayatan kita mesthi
kémawon nggadhahi bot-repotipun piyambak-piyambak. Wonten
ingkang prihatos awit saking sesakit, upaminipun, wonten ugi ingkang
prihatos karana tansah cecongkrahan kémawon, ékonomi ingkang
namung pas-pasan,, lan sapiturutipun. Sadaya prekawising gesang
ingkang makaten punika saged kémawon nggerus raos tentrem rahayu
dalah kabingahan kita satemah anjalari raos mboten jenjem wonten ing
griya (mboten ngraos “at home”).
Nadyan makaten, pituturipun rasul Paulus nimbali saben
warganing brayat supados saèstu saged ngalami tentrem rahayu saking
Allah. Tentrem-rahayunipun Allah punika sanès impèn ingkaang
mboten nyata, nanging punika saèstu nyata, menawi saben tiyang sami
purun ngadeg jejeg ing patunggilanipun Gusti, tunggal manah lan sedya
ing patunggilanipun Gusti, satemah cinipta sesambetan ingkang laras
satunggal lan satunggalipun, kebak kabingahan lan mboten
dipunkendhalèni déning raos kuwatir lan ngulinakaken pamikir lan
tumindak ingkang sarwa saé.
Brayatipun tiyang pitados punika kadosdene grayat ingkang nampi
serat ulem kados pasemon ing Mateus 22 : 1 – 14. Kadospundi sikep
anggen kita nampi serat ulem punika? Punapa namung
dipunkendelaken mawon lan mboten tindak njagong? Utawi tindak
jagong nanging ngangge sandhangan ingkang mboten pantes? Ingkang
dipunkersaaken Gusti Allah temtu kita bidhal ing panghargyan manten
kala wau sarana busana ingkang panten. Mboten sasekecanipun
piyambak. Serat sedhahan ulem manten punika gegambaran Kratoning
Allah ingkang kacawisaken dhateng para tamu undhangan mirunggan.
Sok sintena tiyang ingkang kaundhang keparenga purun nampi
pakaryaning Allah lumantar pangurbananing Sang Kristus kalawan
nggadhahi gesang ingkang adedhasar Sabdanipun Gusti.

Kanthi langkung cetha malih, saben brayat dipunajak mbangun


pakulinaning gesang ingkang saged ndamel saben warganing brayat
ngraosaken lan ngalami tentrem rahayu saking Gusti. Pakulinan punika
ing antawisipun kawujud ing bab ndedonga kanthi ajeg lan ngraos-
ngraosken pangandikanipun Gusti sesarengan kaliyan warga brayat
minangka cihnaning ngadeg jejeg ing patunggilanipun Gusti. Sageda
saben dinten ndarbèni wekdal-wekdal kanggé sami andum prekawis-
prekawising gesang ingkang dipun adhepi déning saben warga brayat,
kalebet ugi menawi wonten ruwet-rentenging gesang pribadi. Punika
sadaya saged mbangun wontenipun sikep tinarbuka reketing sesambetan
ing antawisipun satunggal lan satunggalipun ing salebeting brayat,
satemah brayat saèstu saged tunggal manah lan sedya.
Menawi brayat saèstu saged mbangun pakulinaning gesang
ingkang makaten punika, saged dipun pesthèkaken bilih griya punika
mboten namung dados papan kanggé ngaso lan tilem kémawon, nanging
saèstu dados papan ingkang njenjemaken manah (ndadosaken raos at
home). Griya badhé dados papan ingkang tansah dipun angen-angen
karana ing griya punika wonten panampi, wonten kekiyatan ingkang
ngiyataken, wonten panyengkuyung, ugi wonten sikep sumarah lan
sumèndhé ing ngarsanipun Gusti, satemah tentrem rahayunipun Allah
saged dipun alami. Awit saking punika, punapa kita sadaya saèstu
cecengklungen kanggé ngalami lan ngraosaken tentrem rahayunipun
Allah? Sami sowan lan sumuyuda dhumateng Panjenenganipun, mugi
sami gesang ing salebeting kayektèning Sabdanipun Allah, lan sami
mbanguna pakulinan-pakulinaning brayat ingkang jumbuh kaliyan
karsanipun Allah. Gusti mberkahi kita sadaya. Amin.

Anda mungkin juga menyukai