Anda di halaman 1dari 2

PUNCAK OGAL AGIL SAKA PURWOSARI

Ing sawijing dina, Alifah ngajak kanca kancane kanggo muncak Amarga onok prei dowo.
Alifah ngide bareng – bareng munggah menyang Arjuno, gunung sewu misteri. Dukure
Gunung Arjuna dewe 3.339 saka permukaan laut. Kanggo sampe ing puncak, butuhno
seenggake 3 dino 2 wengi, iku durung termasuk yen pingin mesisan muncak Gunung
Welirang. Onok akeh dalan kanggo sampe menyang puncak ogal agil, tapi Alifah ngajak
muncak saka jalur Purwosari, amarga akeh petilasan saka Kerajaan sing iso di pelajari. Tapi
rungon – rungon yen jalur purwosari iki jalur paling mistis, ga akeh pendaki sing wani
munggah lewat jalur iki. Akhire Alifah, Gempa, Shika, lan Tasya munggah nang Arjuno
bareng.
Alifah : “Rek, Ayo ngurus berkas berkas sek, lek wes mari ndang mangkat.”
Shika : “Iyo wes, selak panas sisan lek kesuen.”
Sampe akhire wes podo rampung berkas dewe dewe, pendakian langsung dimulai.
Gempa : “Dungo sek rek sakdurunge awak dewe budal, ben budal slamet, moleh yo slamet.”
Tasya : “Yowes ayo bunder ae, pimpinen ndang.”
Sak rampung dungo, akhire mulai nanjak menyang pos 1 Onto Boego
Gempa : “Wik, jan ketok pol lek iki peninggalan Kerajaan, aurane yo bedo.”
Shika : “Iki opo yo? Sepurane aku ga ero, aku arek suroboyo ngene iki.”
Alifah : “Iki Goa Onto Boego, konon iki iso nimbus langsung nang Pantai Selatan.”
Tasya : “Sedowo iku? Woo.”
Sampe wes tuwuk, akhire lanjut munggah nang pos Tampuono. Di tengah dalan.
Tasya : “Rek, mandek sek yo engkok lek wes sampe Tampuono, aku pingin mangan mie
Aceh Tampuono.”
Alifah : “Aman ae lek iku, aku yo luwe kok syi.”
Sak sampene ing Tampuono.
Shika : “Panas e jan ra umum pol kok, padahal sek yamene.”
Gempa : “Yo nikmati ae, jenenge munggah gunung, te yokpo maneh?”
Alifah : “Iki baru jenenge gunung, susah seneng e keroso, kesel e bakal kebayar lek wes
ketemu sunset utowo sunrise.”
Tasya : “Emang iki awak dewe te ngejar sunrise tah?”
Alifah : “Didelok ae sek, lek ncen memungkinkan yo ayo ae.”
Sakwise mangan, langsung podo pamitan menyang sing jogo Tampuono kanggo lanjut sampe
menyang pos Mangkutoromo. Langit wes ngetokno semburat oren, wes wayah surup, akhire
teko ing pos sing bakal didadino nggen kanggo istirahat.
Shika : “Giliran wes bengi ngene iki kenopo kok adem yo.”
Tasya : “Jenenge ae Malang, di daerah gunung sisan, pasti adem lah. Iki ae awake kurang
1000 mdpl tok koyoke gae nang puncak ogal-agil.”
Alifah : “Masio, tapi perlu 5 jam ben tutuk sek an.”
Gempa : “Ojok diroso, lak moro moro tutuk ae wes.”
Alifah : “Oiyo rek, lek pas di dalan onok sing ngeroso aneh utowo yokpo ngono ojok
langsung diomongno yo, engkok diomongno lek wes mudun ae yo, ben nyegah onok apa
apane.”
Tasya : “Aman tok ae wes.”
Akhire wes podo istirahat gae engko bengi lanjut munggah nang puncak.
Alifah : Wes podo siap kabeh a iki?”
Shika : “Aman iki, wes kebek amunisi.”
Tasya : “Eleng omongane Alifah yo rek, gausa diomongno sek.”
Gempa : “Yo, wes ayo mangkat.”
Perjalanan wes dimulai, tapi di tengah dalan Shika ga sengojo ngomong.
Shika : “Rek, aku kok gapenak yo, abot rasane.”
Kabeh podo langsung noleh menyang Shika, mikir lek koyoke dee lali karo omongan mau
sak durunge munggah. Akhire tetep lanjut munggah sampe wes cedek alas Lali Jiwo,
srengenge wes muncul, tapi Shika sek sambat abot. Singkat cerito akhire gaono omongan
sampe akhire nyampe puncak.
Gempa : “Akhire tutuk sisan iki puncak Ogal Agil.”
Alifah : “Foto-foto sek ae rek.”
Tasya : “Shik, ayo kene.”
Shika : “Heem.”
Singkate wes mudun sampe nggon kemah wingi, Shika baru cerito lek dee ngeroso abot
gegara kakean ngelamun selama perjalanan. Alifah nanggepi lek gaono salahe ngehormati
adat istiadat sing onok, meski krungune gak masuk akal tapi nyatane yo ono ae.

Anda mungkin juga menyukai