Anda di halaman 1dari 7

Dadi Pemimpin Kang Nggadahi

Asthabrata
Teks Sesorah Basa Jawa

Dening : Laily Lathifah (11/XII IPA 1)

SMA N 1 Pakem
2014

Dadi Pemimpin Kang Nggadahi Asthabrata

Assalamualaikum Wr.Wb

Panjenenganipun pangarsaning pawiyatan SMA N 1 Pakem Bapak Drs.H Agus


Santosa ingkang dahat sinudarsana. Bapak Ibu guru Karyawan SMA N 1 Pakem ingkang
dahat sinuyudan saha para kanca ingkang kula tresnani.

Saestu namung kanthi berkah sarta rahmating pangeran ingkang murbeng jagad
panjenengan dalah kula saged pepanggihan kanthi wilujengan ing kalenggahan punika
wonten ing acara pandhadaran sesorah basa jawa kangge kelas XII surya kaping pisan tahun
2014.

Ing dinten punika keparenga kula Laily Lathifah kelas XII IPA 1 ngaturaken sesorah
inkang tema Nglestantunaken Budaya Jawa kanthi irah-irahan Dadi Pemimpin Kang
Nggadahi Asthabrata. Wiwit mardika dumugi jaman menika Indonesia sampun kaping
kathah sanget gantos presiden, mentri ugi para punggawa ingkang pinter ugi wasis. Ananging
dumugi sakniki saperangan kahanan bangsa taksih ajeg , mligine babagan kesejahteraan
rakyat. Satunggaling sebab inggih menika mrosote kejujuran, keimanan ugi moral sangsaya
damel prihatin nurani bangsa ingkang misuwur minangka bangsa ingkang berbudi bawa
leksana, andhap asor ugi luhur budi pakartinipun. Ing media cetak utawi elektronik kathah
pejabat, penguwasa ingkang tumindak durjana. Kayata korupsi, kasus suap, illegal loging,
isp. Para publik figure ingkang kedahipun dados patuladhan malah kaseret ing sakjeron
prakara kados mekaten.kekuasaan pancen saged damek manungsa tumindak ala mula ana
tetembungan kang ditulis Abraham Lincoln kang unine Hampir semua orang dapat
menanggung kemalangan, tapi jika anda ingin menguji watak manusia, coba beri dia
kekuasaan. Kinten-kinten menapa ingkang ndadosaken para pemimpin Indonesia gagal
nglampahi kewajibanipun? Salah satunggaling sebab inggih menika, para pemimpin dereng
nggadahi Asthabrata. Astha tegese wolu, brata ateges laku. Piwulang menika nggambaraken
kepripun satunggaling pemimpin nggadahi watak wolung perkara.

Kala riyen ingkang dipunsebat pemimpin menika ratu ingkang kagungan panguasa
ugi kawibawan. Ananging sakniki sinten kemawon saged dipun sebat pemimpin. Awit
presiden, ketua partai, tokoh politik, ketua organisasi Isp. Ananging menapa gampil dados
pemimpin? pastinipun mboten! Kayata ingkang sanpun diandaraken wonten ngajeng, supados
dados pemimpin ingkang mboten remen korupsi kedah sangu utawi nggadahi asthabrata.
Piwulang asthabrata menika pituture Ramayana marang Brata nalika jumeneng nata ing

Ayodya ugi Wibisana nalika nata ing Alengka, kayata ing serat Ramayana yasane Walmiki.
Wolung perkara ingkang kedah dipungadahi pemimpin inggih menika :
Pratala/ lemah

: remen aweh/ mboten cethil (ikhlas)

Warih/ banyu

: solah bawa, ngendika tansah damel tentreming ati

Dahana/ geni
: kedah saged aweh pepadhang tumrap sinten kemawon
ingkang nembe pikantuk alangan
Maruta/ angin
: kados watakipun angin alon sumilir. Mboten ketara ngawatawati tumindake andhahane
Surya/ srengenge

: mboten pilih kasih

Sudama/lintang

: alus ing budi pakarti, mboten remen pamer

Mega/ mendung

: adil

Thatit/ bledhug

: nyamber marang sinten kemawon tanpa pilih kasih

Kajaba watak wolu menika, kanjeng Nabi ngendika bilih pemimpin bakal ditagih tanggel
jawabipun kaliyan Allah SWT. Kayata miturut hadist menika :



,


,



:




,




,


,




( : :)
Artinipun :
Saking Ibn Umar ra. Rasulullah SAW ngendika : Kowe kabeh menika pemimpin
ingkang bakal dipuntagih tanggel jawabipun. Penguasa inggih menika pemimpin kang bakal
dipun tagih tanggel jawabipun atas kepemimpinannipun. Suami menika pemimpin kaluarga
ingkang bakal dipuntagih tanggel jawabipun atas kepemimpinanipun. Istri menika pemimpin
wonten ing ngriya suaminipun kang bakal dipun tagih tanggel jawabipun atas
kepemimpinannipun. Pelayan menika pemimpin nalika ngatur utawa mengelola tuannya,
ingkang bakal dipuntagih tanggel jawabipun atas kepemimpinanipun.
Miturut hadist wontwn nginggil saged kita simpulaken bilih dados pemimpin mboten
pareng tumindak sakpenake piyambak ananging kedah njagi amanah ingkang sampun
diamanahake, amargi wonten akhirat samangke bakal dipun tagih tanggel jawabipun.

Pemimpin ingkang mboten pareng tumindak sakpeneke piyambak ugi kasirat wonten ing
satunggaling sekar kinanthi menika
Yen wus tinitah wong agung
Ywa sia gumunggung diri
Aja ngelakken wong ala
Kang ala laku nireki
Nora wurung ngajak ajak
Satemah anenulari
Makna ingkang tersirat wonten ing sekar menika yaiku menawi sampun ditekdiraken
dados pemimpin (wong agung) mboten pareng ndak sehendak sendiri utawi sewenangwenang. Mboten pareng srawung kaliyan tiang ingkang kagungan tumindak ala, amargi tiang
menika badhe ngajak wonten ing tumindak tercela. Naudzubilahimin dzalik!

Ki Hajar Dewantara utawi R.M Suwardi Suryaningrat ugi ngendika bilih pemimpin
menika kedah saged nindaaken tiga perkawis ingkang misuwur pamanggahipun Tri logi
Kepemimpinan inggih menika :
1. Ing ngarsa sung tuladha ingkang ateges pemimpin saged dados patuladhan ingkang
sae tumrap andhahanipun
2. Ing madya mangun karsa, pemimpin saged paring pitedah saha wewarah, panemu
saha wawasan, satemah ingkang kapimpin saged nindaake jejibahan kanthi sae
3. Tutwuri Handayani, ateges pemimpin saged ngawat-awati paring pangestu,
panyengkuyung saha panjurung satemah ingkang kapimpin gumregu (semangat)
nindakake jejibahan

Saking sedaya katrangan wonten nginggil menika, saged dipunsimpulaken bilih dados
pemimpin kedah nggadahi watak-watak sae, awit asthabrata, tanggel jawab, mboten
sakpenake piyambak lan watak pemimpin wonten ing trilogi kepemimpinan, supados dados
pemimpin ingkang saged nindakake jejibahan lan kangungan akhlak mulia. Kanthi niat kang
ikhlas lan usaha ingkang temenan sedaya menika insyaallah saged kalampah.

Dhumateng para muda calon pemimpin bangsa sumangga kita sedaya dadosaken
bangsa Indonesia menika bangsa kang sejahtera, bangsa ingkah berbudi luhur, bangsa kang
nggadahi pemimpin-pemimpin ingkang prasaja liwat kapamimpinan kita samangke,
kapamimpinan kang nggadahi watak-watak wonten nginggil ugi mboten kesupen pemimpin

ingkang nggadahi visi utawi misi nglestantunaken budaya. Mula mangga awit sakniki kedah
sinau ingkang sregep, sregep sinau wonten sekolah utawi wonten organisasi kangge sangu
dados pemimpin samangke. Dados pemimpin kang sugih pengetahuan uga ilmu. Kayata
sesanti Wong enom aja wedi ing angel nanging wedi ing gampang.

Cekap semanten atur kula, mbokbilih anggen kula atur kathah tuna dungkap kepara
mlenceng saking leres, pramila kula namung tansah nyenyadhong tumetesins sih samudra
pangaksami

Akhiru kalam Wasalamualaikum Wr.Wb

Daftar Pustaka

Jatirahayu Warih dkk.2006.Kaloka


Mts.Yogyakarta:Bios Offset

Basa

Kangge

Kelas

Sutiknojawa.blogspot.com/2011/07
Abdanmatin.blogspot.com/2013/02
Pompysyaiful.com/tsqofah/40.hadist
Prastowati ida.2006. Inspirings words.Yogyakarta.Galang Press

Panyaruwe/kritik

IX

SMP

lan

1. Dwi Palupi (Ibu)


Taksih wonten tetembungan ingkang dereng trep, samestine ngginakake b.jawa
krama nanging wonten ingkang taksih dipunserat kanthi b.jawa ngoko. Kayata
tembung menika :
Ingkang dipun serat
kudune
nglakoni
dewe

Ingkang leres
Kedahipun
Nglampahi
piyanbak

ttd

Anda mungkin juga menyukai