Anda di halaman 1dari 1

Upacar kesripahan adat jawa

- Surtanah, Nelung Dina, Mitung Dina, Matang Puluh

Yoiku adat jawa sing dianakake kanggo wong seda, dilakoni menyang keluarga tiyang seda kasebut
sing duweni tujuan kanggo ndongakne wong sing seda supaya diampuni dosa-dosane lan dilapangke
dalan kubure. Upacar adat jawa kasebut diisi kanthi kegiatan kenduri, yoiku kanthi maca ayat-ayat
Al-Quran, dzikir, lan tahlil.

Upacara adat jawa kasebut, sejarahe saka Upacara Hindu-Budha Upacara Pinda Pitre
Yajna : upacara ngajeni roh-roh manungsa wis seda

Ing upacara menika, ana keyakinan nalika tiyang seda, sedurunge mlebu akhirat. Yoiku
menjelma lahir menyang donya dados dewa, manungsa, kewan , watu, wit-witan sesuai kaliyan amal
perbuatane. Saka 1-7 dina roh kasebut isek ana ning lingkungan omah keluargane. Ing dina ke 40,
100, lan 1000 saka sedane. Roh kui balek maneh nyang omah keluargane.

Mula saka kuwi, ing dina-dina kasebut dianakake upacara saji-sajian, mantra-mantra, lan
nyanyian kanggo dewa-dewa supaya roh sing seda dadi manungsa sing apik. Para Wali Sanga
nganakake musyawarah cara mecah adat istiadat kasebut kanggo wong-wong sing mlebu Islam. Ing
musyawarah iki, Sunan Kali Jaga ngusulke supaya adat iku dileboni unsur keislaman.

Mula saka kuwi, masyarakat Islam iso nglasanakake upacara adat jawa kasebut ananging ora
menyalahi aturan ing agama Islam .

Ing ajaran Islam ora diwajibke ngelaksanakake kenduri Surtanah, Nelung dina, Mitung dina,
lan Matang puluh kangge tiyang seda. Ananging kenduri kasebut saget dilaksanakake kanthi maca Al-
Quran, tahlil lan liya-liyane. Amargi kenduri niku sami mawon kaliyan sedekah lan amal. Hadits sing
hubunganipun kaliyan kenduri tiyang seda yoiku :

Saking Aisyah ra, wonten tiyang kakung nekani Nabi SAW lan ngendika : Rasulullah, ibu kula
sampun seda sakderenge ngucap wasiat, menawi saget ngendika kedahipun beliau bade
bersedekah,saged kulo sedekah atas naminipun ibuk kula?, Rasul SAW ngendika : saged (Shahih
Muslim hadits No.1004).

Anda mungkin juga menyukai