Anda di halaman 1dari 2

Uyah-e sing pas baen….!!!

Sing jenenge urip “berumah tangga” tentune bakal menangi lan ngalami problematika senajana
maune pas nembe ngikrarna ijab kobul, nduweni semboyan bareng, bakal terus bahagia, ora ana
masalah, adoh kang perselisihan, ora tukaran, selalu se-iya se-kata, sing ana mung cinta sing ora
bakal layu lan kemesraan sing ora usang dipangan wektu.
Padahal, senyatane urip berumah tangga nang ndunya kuwe, bakal dihempas angin masalah
utawane diterpa badai problema.

Tapi, ora berarti wong urip kudu wedi nglakoni urip barang utawane berumah tangga, kudu yakin
bahwa kabeh lakon/dalan sing dilalui memang ana penghalang lan rintangane. Supayane bisa
slamet nglakonine, tentu kudu bisa ngerti apa kuwe bentuk penghalang lan rintangane.

Ana unen-unen “Masalah sak jeroning rumah tangga kaya dene uyah”, masalah rumah tangga
menawane wis berlalu arep ndadekna kedekatan lan kemesraan cinta semakin kenceng. He..he..
he… persis kaya masakan, sewise disogi uyah dadi lewih enak. Kuwe nek diibaratna kaya dene
uyah, tapi juga aja pernah KAKEHEN ndelahi uyah bisa ora karuan rasane. Semono uga
menawane problem rumah tangga KAKEHEN yang merekna rasa sing ora karuan, malah-malah
bisa ndadekna rasa sebel, benci, lan ndadekna dadi binasa (binasa rumah tanggane utawane binasa
uripe). Waduh…..!

Manungsa sing wis nentukkan karep berumah tangga tentune wong sing nduweni akal sehat, iya
mbokkan…? Nah, karena nduweni akal sing sehat, tentune sebisa mungkin bakal ngadohi hal-hal
sing bisa memicu tukul-e masalah nang sejroning rumah tangga. Sebisa mungkin ngupayakna hal-
hal sing membahagiakan uripe, aja palah nggoleti jalaran sengsara.

Gandeng urip berumah tangga kuwe mesti ana wong wadon (sing disebut istri) lan wong lanang
(sing disebut suami), tentune masing-masing pihak kudu ngerti lan paham apa sejatine sing kudu
dilakoni supaya ora dadi sengsara meng ngarepe.

Nggo istri disit, jalal apa sih tumindak sing bisa nentremna rumah tangga?
Seorang istri kuwe kudu bisa ‘sesuai’ karo suamine, ora menyelisihi suami.
Nek suami duwe karep (karep sing apik tentune loh…) istri kudu gelem nglakoni apa sing
disenengi nang suami, lan ngedohi apa sing ora dikarepna nang suami, aja apa-apa karepe istri
dewek, bolan-balen diingetna suami palah ora nggugu. Istri juga perhiasane suami, dadi istri ya
kudu bisa tampil ayu nang ngarepe suami. Bersolek nggo bojo udu nggo wong liya, nek jaman siki
kebalik-balik, nek rep metu ngumah berhias kaya artis, nek nang njero umah pating srewod mampu
apek kaya pembantu. Lisan istri aja kaya tombak, suami seneng istri palah nangis, suami nangis
istri palah ngguyu kesenengen, ucapane seru kaya bledeg tur ngandung ancaman, seneng mendem
apike suami lan nyebarna elek-e suami, suami balik ngumah istri lunga, suami lunga istri apa
maning tau nang ngumaha.

Siki, giliran suami. Jajal apa baen tumindak suami sing bisa nentremna rumah tangga?
Suami kudu nyenengna istri, uda marahi istri wedi. Istri wedi nglakoni urip bareng karo suami, istri
ora kenal suamine kejabane suara gentakan/teriakan suami.
Suami ora kena menggauli istri kanti liar lan buas supayane istri tenang lan tentrem. Suami ora
kena ndadekna istri mlayu melepaskan diri. Nek suami teka, istri ora ngrasakna gembira, nek
suami lunga, istri karo anak-anake ngarepna suami aja pernah balik maning, rasane ora ana sesal
menawane pisah, kaya dene sirnane rasa seneng menawane ketemu karo deweke (suami).
Sing lewih parah lan ndadekna musibah, suami gelem menghina, memukul, lan nyiksa istrine,
padahal seorang istri solehah kuwe lewih larang daripada permata sing paling larang sekalipun.

Lakoni perbuatan-perbuatan dalam rumah tangga sesuai karo hak lan kewajiban suami istri.
Masalah paling buruk sing bisa menghantam kehidupan berumah tangga yakuwe, sikap kaku, ora
peduli lan masa bodoh. Umpamane kuwe terus berlanjut bisa ndadekna ilange keutuhan rumah
tangga, tercerai berai-ne kebersamaan, lan matine cahaya cinta.

Pasangan sing cerdas, sing bisa ngubah kejenuhan sing muncul nang sejroning urip berumah
tangga dadi bali-ne cinta nang njeron-e rumah tangga mau. Sunguh, canda tawa antarane suami,
istri lan anak-anak sejrone rumah tangga berperan gede banget melipatgandakan kebahagiaan
rumah tangga.

Suami istri ora jijih berbagi minuman lan panganan sejroning gelas utawane piring sing pada,
suami ora ngedohi istri nalika istri agi haid, tetep turu se-dipan/amben. Saling celuk karo ukara
kasih sayang, kayata : “istriku cantik”, “pujaning atiku”, “bidadariku”, aja palah ngundang karo
celukkan sing elek, kayata “nong” (mergane batuk-e nonong), “mblem” (merga pipine tembem,
“isek” (merga irunge pesek).

Nang ngarep wis sepakat bahwa ora ana rumah tangga sing lepas sekang masalah lan problematika
keluarga, namun tentune kudu dingerteni kepriwe carane supayane bisa ngrampungi masalah karo
problem mau dadi kebaikan. Ora bener menawane ana anggepan sebagian wong sing ngomongna
bahwa siji-sijine dalan keluar sekang masalah rumah tangga kuwe kanti medot ikatan perkawinan
liwat cara talak utawane cerai.

Diantara hal-hal sing bisa mbantu ngrampungi masalah lan perselisihan suami istri yakuwe
kelembutan, ora grusa-grusu nentukna keputusan, lan sabar. Kelembutan lan ketenangan kuwe
kunci sekang segala kebaikan lan pemimpin sekang segala keutamaan.
“Ora liya kelembutan ana nang sejroning sesuatu melainkan kelembutan mau bakal menghiasi
sesuatu mau. Lan ora dicabut kelembutan sekang sesuatu kejabane arep ndadekna nambah elek”
(HR. Muslim).
Nek kaya kuwe, kelembutan lan ora grusa-grusu nentukna keputusan kuwe sesuatu sing dituntut
nang sejroning kabeh urusan kehidupan. Kanti kelembutan lan sabar manungsa bisa ngumpulna
pikiran sing agi mosak-masik, nekakna akal, serta ora mlangkah lan tumindak srampangan sing kur
arep ngancurna urip lan penguripan kanti cepet.

Bisaa dadi suami gelem ngomong maring istri-ne :


“Nek kowe weruh aku agi gela, tulung kepriwe carane enyong bisa dadi reda. Nek enyong weruh
kowe gela, enyong ya kepriwe carane supayane kowe dadi ora gela maning. Nek ora bisa kaya
kuwe awake dewek sekloro ora bisa teyeng kekancan!”.
“Maafna enyong, niscaya cintaku maring kowe bakalan kekal!”
“Aja kowe ngomong nyelani omong-e enyong menawane enyong lagi gela!”
“Aja pernah kowe ngeluh, karena keluhan kuwe kur arep ngilangna semangat lan kekuatan, lan ati-
ne enyong bakal menolakmu, padahal ati kuwe memang di bolak-balik!”

Ramane Bintang Alima; Setu, 14 Januari 2017; 11:05.

Anda mungkin juga menyukai