Anda di halaman 1dari 7

TUGAS PORTOFOLIO

CONTOH TEKS LAPORAN KEGIATAN

NAMA : MARINDA SEKAR AYU


KELAS : IX-F
ABSEN : 09
ANGGITA ROSA GALLICA
KELAS 9B/41
SMP NEGERI 8 MALANG
JL ARJUNA NO.19 MALANG

PEMBUKA

LELANDHESANE PAMEDHARAN
Karya wisata niki diadaken SMPN 8 BANDUNG kanggo siswa – siswi
kelas 8. Tujuan wisata dateng Dufan lan Atlantis meniko kanggo nambah
wawasan, hiburan, lan ngeraketaken paseduluran keluarga SMPN 8 BANDUNG.

TUJUAN
Laporan niki didamel kanggo nyukupi nilai tugas Bahasa Jawa serta
nambah wawasan lan pengetahuan. Tujuan wisata dateng Dufan lan Atlantis
meniko kanggo nambah wawasan lan hiburan damel siswa kelas 8 ingkang
sampun ngelaksanakaken UAS/UKK.

Laporan Wisata
SMPN 8 Bandung
Jl. Alun – alun Utara No. 211B Ujung Berung Bandung
Naliko dalem tasih wonten Bandung, dalem nderekaken acara wisata siswa
dateng Ancol ing Jakarta. Wisata meniko dipun anakaken ing tanggal 18 Juni
2013 kangge sedoyo murid-murid kelas 8 SMPN 8 Bandung. Tujuan wisata
dateng Dufan lan Atlantis meniko kangge nambah wawasan lan hiburan damel
siswa kelas 8 inkang sampun ngelaksanakaken UAS.
Selasa isuk jam 05.00 para murid kumpul wonten ing parkiran supermarket
Superindo Ujung Berung. Ing mriku sampun wonten 8 bis ingkan sampun
ngrantos. Dalem lan rencang kelas 8C kabagian bus nomer 3. Murid – murid
dipun absen setunggal-setunggal supadhos mboten wonten ingkang ketinggalan
lajeng mlebet dateng bus. Para murid lenggah wonten bis miturut nomer
absenipun piyambak-piyambak. Sakderengipun tindhak, murid-murid berdo’a
sareng-sareng miturut agama lan keyakinanipun piyambak-piyambak ingkang
dipun pimpin kaliyan Ibu Dian wali kelas 8C. Jam 05.30 rombongan lajeng tindhak
sesarengan saking Bandung dateng Jakarta.
Wonteng ing bus murid-murid diparingi konsumsi. Murid- murid ugi diparingi game
lan music supadhos mboten mabuk. Wonten ing lelampahan dateng Jakarta
meniko ngelewati dalan tol Cipularang. Sedoyo sami binga lan seneng wonten ing
tol Cipularang meniko amarga saget ningali pemandangan alam lan gunung-
gunung ingkang sae sanget. Wonten ing rest area KM 97 bus sami mandhek
saperlu kangge istirahat. Murid-murid sami mandhap saking bus, wonten ingkang
tindhak dateng minimarket lan toilet.
Jam 09.00 rombongan wisata meniko sampun dumugi wonten ing Kompleks
Taman Impian Jaya Ancol Jakarta. Murid-murid sami mandhap saking bus lajeng
baris. Sakderengipun mlebet dateng salah sijinipun wahana ingkang wonteng
Ancol inggih meniko Atlantis para murid dipun diparingi tiket masuk setunggal-
setunggal. Atlantis meniko wahana banyu ingkan wonten ing Ancol. Sak
sampunipun mlebet wonten ing Atlantis murid-murid lajeng gantos ageman
kanggo renang. Kolam renang ing atlantis meniko katha lan sae-sae. Wonten
kolam damel lareh alit, kolam arus parit, kolam ombak, kolam tandhing, kolam
riam jeram, crazy highgest longest slide, kolam apung, kolam apung, kolam mandi
bola lan tasih wonten kolam-kolam lintunipun. Wahana kolam ingkang remen
dateng manah kulo nggih meniko crazy highgest longest slide. Crazy highgest
longest slide meniko prosotan banyu ingkang duwuripun sami kaliyan gedung 7
lantai. Naliko kulo minggah wonten ing prosotan meniko kulo deg-degan lan ajreh
sanget. Nanging sak sampunipun nyobi wahana puniko dalem lajeng kepingin
nyobi maleh. Dalem nyobi wahana meniko ngantos kaping kaleh. Saksampnipun
wedal damel renang sampun telas dalem kaliyan rencang-rencang sami siram lan
gantos ageman lajeng dateng bus saperlu dhahar siang sesarengan.
Jam 11.30 robongan nglajengaken tindhak dateng sslah setunggalipun wahana
lintu ing Ancol inggih meniko Dufan. Dumateng Dufan meniko robongan kedah
mlampah kinten-kinten 1 km saking parkiranipun bus. Sakderengipun mlebet
dateng Dufan para murid dipun paring pengarahan supados mboten nyasar lan
ketinggalan. Saksampunipun dipun paringi pengarahan para murid sami mencar
damel kelompok piyambak-piyambak. Rombongan medhal saking Dufan jam
18.30 lajeng tindhak dateng Rumah Makan Padang saperlu dhahar sesarengan.
Saksampunipun dhahar rombongan tindhak kundhur dateng Bandung. Wonten
ing lelampahan wangsul meniko sedoyo sami seneng sanget. Bus dumugi ing
Bandung ing ngajengipun sekolahan kinten-kinten jam 00.30. Ing mriku sampun
kathah para wali murid ingkang sami ngrantos rawuhipun para murid. Lajeng
sedoyo sami kundhur dateng dalemipun piyambak-piyambak.

PANUTUP

KESIMPULAN
Saka anane karya wisata niki bisa nambah wawasan para murid,
wawasan saget angsal saka ngendi ngendi, contone ing tempat wisata Ancol.
Lintunipun niku, karya wisata niki bisa ngeraketaken paseduluran lan kenang –
kenangan.
SARAN
Mugi-mugi karya wisata ing tahun salajenipun saged migunani lan nambah
pengetahuan kanggo para murid.
LAPORAN KEGIYATAN
KEMAH JAMUS
Posted on 7:16:00 PM by Nuzula Firda

A. Pambuka
Pramuka iku cekakan saka Praja Muda Karana. Gerakan Pramuka minangka
organisasi mudha kang isih disenengi marang bocah-bocah enom jaman saiki.
Gerakan Pramuka uga bisa ndidik panerus bangsa supaya dadi wong kang
tanggung jawab, dislipin lan tulung tinulung. Sakliyane kui Gerakan Pramuka uga
ngajari supaya percaya marang Tuhan Kang Maha Esa. Ora mung iku, meh kabeh
kegiyatan sabendina iku dipelajari ana ing Pramuka. Amarga kui, Gerakan Pramuka
dadi ekstrakulikuler wajib ana ing sekolah.
Salah sawijining kegiyatan Gerakan Pramuka yaiku kemah. Kemah wes
kebukti ampuh kanggo ndidik anggota pramuka. Ing dina dina pas kemah, anggota
pramuka dituntut supaya bisa urip dewe tanpa bapak ibu lan disiplin.
Saben taun Gerakan Pramuka SMPN 1 Magetan ngadakake kemah peng
pindho. Sing pertama yaiku Persami sing diadakake neng sekolah saben awal taun
pelajaran anyar kanggo nampa siswa anyar sing otomatis dadi anggota anyar
Gerakan Pramuka SMPN 1 Magetan yaiku siswa kelas VII. Kemah sing keloro
diadakake saben akhir taun pelajaran. Biasane bareng karo rapotan. Panggonane
ana ing Jamus, Ngawi.

B. Ancas Kegiyatan
1. Nglatih anggota Pramuka SMPN 1 Magetan supaya dadi mandiri, tanggung jawab
lan disiplin.
2. Ngreketake persatuan anggota Pramuka SMPN 1 Magetan.
3. Nglatih mental anggota Pramuka SMPN 1 Magetan.
4. Kanggo refreshing utawa nyegerake pikiran sakwise UAS.
5. Nambah pengetahuan sing ana hubungane karo Pramuka.
6. Nglatih fisik anggota Pramuka SMPN 1 Magetan.
7. Nglatih ngamalake Tri Satya lan Dasa Dharma langsung.
8. Ngenalake Jamus marang anggota Pramuka SMPN 1 Magetan.

C. Gegambarane Kegiyatan

1. Para Pendherek Kegiyatan


Pendherek kegiyatan yaiku kabeh siswa kelas VII, Calon Dewan Pengglang (CDP)
lan Dewan Penggalang (DP)

2. Wekdal lan Panggenan


Dinten : Sabtu – Senen
Tanggal : 13 – 15 Juni 2015
Panggenan : Jamus, Ngawi

3. Lampahing Kegiyatan
Sabtu, 13 Juni 2015

Anggota Pramuka SMPN 1 Magetan kumpul neng lapangan SMPN 1 Magetan


jam 06.30 kanggo didata. Jam 07.30 kabeh anggota pramuka budhal bareng –
bareng nganggo truk cacahe 7. Kira kira jam 08.45 kabeh wes teka Jamus, Ngawi.
Pertama, anggota pramuka kelas VII ngedekake tenda direwangi CDP lan DP. Jam
10.30 diadakake upacara pambuka kang dipimpin Kak Priyo. Sakwise kui di wenehi
wektu kanggo ishoma.
Bubar sholat Ashar, peserta diklumpukake amarga meh dijak menyang kebun
teh Jamus. Jamus iku terkenal karo kebuh teh e. Sisih lor bumi perkemahan iku isine
kebun teh tok. Teh sing wes dicabut langsung diolah ing pabrik sisih kulon e bumi
perkemahan. Kira kira jam 17.00 kabeh wis mbalek menyang tenda lan siap siap
kanggo adus lan sholat Maghrib.
Sakwise sholat Isya’ kabeh peserta kumpul ing lapangan kidule bumi
perkemahan kanggo ngadakake pensi utawa pentas seni. Pembawa acara nyeluk
regu acak lan kudu ana perwakilan sing maju kanggo pentas. Jam 22.30 pensi wes
bar lan kabeh mbalek menyang tenda kanggo ngaso.

Minggu, 14 Juni 2015


Esuke, kabeh wes siap siap kanggo penjelajahan. Jam 07.30 regu kelas VII
diceluki siji siji lan budal siji siji. Rute penjelajahane kurang luweh 3 kilo nanging
dalane munggah medun. Ana 5 pos utama lan akeh pos bayangan. Saben pos
utama ngewenehi tugas kanggo kelas VII. Engko bakalan ana hadiah kanggo sing
ngerjakne tugas paling bener, yel yel paling kompak lan tenda sing paling resik. Kira-
kira jam 13.00 kabeh regu wes teko bumi perkemahan banjur diwenehi wektu
ishoma.
Sakwise Ashar kabeh kumpul maneh. Kabeh diprintah baris sak banjar mlaku
bareng tumuju lapangan sisih lor. Neng lapangan wes disiapne kakak kakak DP lan
CDP dolanan dolanan. Kabeh dolanane butuh kerjasama tim lan kekompakan. Jam
17.00 kabeh bali menyang tenda.
Jam 19.30 kabeh peserta kumpul ing lapangan cedeke bumi perkemahan
amarga arep diadakake upacara api unggun. Pertamane dipilih 10 pramuka kelas
VII. Dheweke bakal baris muteri kayu kayu lan ngunekake Dharma Pramuka siji siji
karo ngangkat obor sing murup. Sakwise Dharma Pramuka ke-sepuluh obor
diwenehake menyang Kak Priyo lan Kak Priyo ngurupne api unggun. Kahanan sing
awale sepi ngehayati upacara dadi rame banget karo nyanyian “Api.. Api.. Apii kita
sudah menyala…” diiringi pianone Kak Toni. Sakliyane iku kembang api uga
nambah rame kahanan. Kurang luweh 4 menit kembang apine murup neng langit.
Enteke kembang api uga dadi bates enteke lagune. Kegiyatan diterusake, yaiku
pensi. Pas pensi diumumake sopo wae juara lomba lombane. Jam 22.30 kabeh
peserta melbu tenda.

Senin, 15 Juni 2015


Pramuka kelas VII, CDP, DP lan Pembina senam bareng neng lapangan ngarep
panggung. Kabeh pada gawe seragam olahraga. Sakwise iku, kabeh mbalek
menyang tenda kanggo tata tata lan mbongkar tenda. Kabeh uga kerja bakti bareng
bareng ngeresiki bumi perkemahan sakurunge muleh. Jam 10.00 kabeh wes siap
lan truk wes teka dadi bisa muleh.
D. Cathethan
Hal sing perlu dievaluasi :
1. Kurang persiapan dadi panggonane kurang dihias luwih apik.
2. Kegiyatan sing dilakokake beda karo rencana awal.

E. Panutup

Cukup semanten kegiyatan Kemah Jamus SMPN 1 Magetan ingkang saget kula
aturi. Saumpama wonten salah utawa nyakiti ati kula nyuwun saagungipun
pangapura.

Anda mungkin juga menyukai