Anda di halaman 1dari 5

ARTIKEL EKSPOSISI

Artikel Eksposisi yaiku, artikel sing ngandharake babagan sawijine topik kanthi
tujuan menehi tambahan ngelmu wawasan kanggo pamaca.
Ciri-cirine Artikel Eksposisi :
- Isine pendapat / pikiran terhadap samubarang masalah kang asifat objektif.
- Dijelasne kanthi fakta arupa angka, peta, gambar ,lan liya-liyane.
- Dilakoni analisis dan tesis (pendapat penulis setelah melakukan penelitian).
- Paragraf akhir arupa penegasan dan uduk arupa ajakan utawa njaluk
dukungan.
Struktur :
- Pernyataan pendapat (Tesis)
Isine pendapat / pamikir saka samubarang fakta
- Argumentasi
Alasan kang isine Fakta – fakta kang bisa ndukung pendapat/pamikir.
- Penegasan ulang
Bagian akhir teks eksposisi arupa pamotan pamikir /pendapat kang
uwis ditunjang argumentasi.
Isine paragraf eksposisi yaiku kanggo njlentrehake hal marang sing maca lan ora
maksa sing maca supaya percaya utawa mengikuti isi saka karangan mau. Miturut
jenise paragraf, artikel eksposisi dibagi dadi 6 jenis paragraf, yaiku :
1. Paragraf eksposisi definisi
Contone :
TRANSPORTASI

Transportasi didefinisikake dening para ahli sebagai kabutuhan turunan saka


berbagai kagiyatan ekonomi utawa sosial. Kagiyatan sosial ekonomi kang beda,
bakal nduweni dampak kagiyatan transportasi kang uga beda.
Piranti transportasi yaiku piranti kang bisa mindhahake samubarang uwong
utawa barang saka panggonan siji menyang panggonan liyane. Contohe yaiku
mobil, bis, sepur, pesawat lan liya-liyane. Transportasi iku piranti kang terus nglakoni
perkembangan sapiturute jaman.

2. Paragraf eksposisi Proses


Contone:
CARANE GAWE BUBUR IWAK PITIK SUWIR
Carane gawe bubur yaiku kapisan, godhog beras, kaldu pitik, godhong pandan
dan uyah ing panci. Udheg terus nganti mateng dan kenthel banjur disisihake. Carane
gawe duduhe bubur lebokno lenga goreng ing wajan dipanasake, goreng bumbu alus
(6 siung brambang,2 butir kemiri sangrai,3 siung bawang putih, 1 cm kunyit bakar, 1/2
sendok teh ketumbar,1/4 sendok teh pala bubuk,1/2 sendok teh merica bubuk) nganti
wangi. Lebokno kaldu pitik, jahe banjur udheg nganti ngowah werna.
Tambahna banyu, iwak pitik, kaldu pitik, lan uyah banjur dimasak ing wajan
nganti umup. Angkat iwak pitik, goreng nganti mateng banjur disuwir suwir.
Kemudian bubur disajikake karo duduh, iwak pitik suwir lan brambang goreng
supaya tambah enak.

3. Paragraf eksposisi perbandingan


Contone:
BEDANE UMROH LAN HAJI

Haji lan umrah iku ibadah miturut uwong kang awam ing Indonesia, padha-
padha ; “lunga menyang Mekkah”. Namun, sejatine haji lan umroh iku seje. Haji
dilakoni wayah musim haji/wulan haji yaiku wulan Dzulhijjah. Beda karo umrah,
sawayah-wayah kita pengen ngibadah umrah mula iku bisa kalakon. Artine, Ibadah
umrah bisa dilakoni saben wektu.
Uwong kang ngelakoni ibadah haji, iku bisa ngelakoni ibadah umroh pisan.
Nanging, uwong kang ngelakoni ibadah umroh, ora bisa ngelakoni ibadah haji.
Amarga tata cara ibadah umroh lan haji iku ana pambedane.
4. Paragraf eksposisi laporan
Contone:
LAPORAN PENGURAIAN SAMPAH PLASTIK

Miturut penelitian sawijining mahasiswa ITB, sampah plastik iku angel


banget diurai dening lemah. Amarga plastik iku polimere luwih kandel dibandingake
kerdus utawa kertas. Lan maneh, sampah plastik iku digawe saka bahan-bahan
kimia, dadi wayah penguraian bisa ngrusak ekosisteme lemah.
Kresek kang digawe saka plastik miturut penelitiane mahasiswa ITB
mau, mbuutuhake wektu 10-12 taun. Menawa botol plastik mbutuhake wektu 20 taun
nganti bisa ancur. Malah, sterofoam kang sering digunakake ing Indonesia
mbutuhake wektu 500 taun supaya bisa terurai kanthi sempurna.
5. Paragraf eksposisi klasifikasi
Contone:
KEWAN MITURUT PENGGOLONGANE

Miturut panggone urip, kewan dibedakake dadi rong jenis, yaiku kewan
kang urip ing darat lan kewan kang urip ing banyu. Kewan kang urip ing darat kayata
kucing, jaran, gajah, manuk, lan sapiturute. Menawa kewan kang urip ing banyu
kayata lumba-lumba, baya, iwak teri, lan liya-liyane.
Nanging, miturut sifate, kewan iku dibedakake dadi kewan liar lan
kewan jinak. Kewan liar iku kewan galak kang bisa mbebayani manungsa amarga
bisa nyerang lan nyelakani manungsa. Nanging, menawa kewan jinak iku ora
mbebayani manungsa lan bisa di ingu ing omah. Contone kewan liar : macan, baya,
harimau, ula, hiu, lan sapanunggalane. Contone kewan jinak : kucing, wedhus,
manuk dara, sapi, lan sapanunggalane.
Miturut populasine, kewan dibedakake dadi kewan kang meh punah
lan kewan kang ora punah. Kewan kang meh punah contone yaiku jalak bali, badak
cula siji, orangutan. Kewan kang ora punah contone yaiku kucing, tikus, sapi, kebo.
6. Paragraf eksposisi ilustrasi
Contone :
ULA RAKSASA ING PUCANGLABAN

Dina iki, ana kedadeyan kang gawe heboh warga Desa Pucanglaban.
Amarga jam 7 esuk mau, ana warga yaiku Pak Anton nemu ula kang gedhe banget
ing pekarangan omahe. Pak Anton langsung njaluk bantuan menyang tangga-
tanggane. Butuh 5 uwong kanggo bisa mindhah ula raksasa iku. Ula kang gedhe
banget iku dawane 7 meter, lan gedhene sapadha pipa paralon.
Ula kuwi mau banjur dilakban monconge supaya ora mbebayani warga
lan dilebokake ing kerangkeng. Banjur jam 9 esuk Badan Lingkungan Hidup teka ing
omahe Pak Anton kanggo ngevakuasi ula raksasa kuwi mau. Kedadeyan kuwi
kadadeyan kapisan kang gawe heboh warga.
Contone artikel eksposisi :

Sampah Organik lan Anorganik


Sampah yaiku barang sisa utawa barang sing wis ora kangge. Manurut
definisine sampah iku sawijining bahan sing wes dibuwang saka aktivitas manungsa
utawa alam kang ora duwe _nilai ekonomis_. Prakara ngenani sampah mbutuhake
kawigaten khusus saka masyarakat lan pemerintah.
Gagale anggone ngelola sampah bisa nduweni imbas kang ora becik, kayata
dadi penyakit,ngrusak kaendahane kutha, lan bisa ndadekake bencana. Imbas ora
becik kuwi mau disebabake saka masyarakat kang ora nduweni kesadaran
mbuwang sampah ing panggonane, kayata ing kali, ing ndalan, lan ing got. Sikap
kang kaya ngono mau bakal ndadekake banjir sing ngrepotake masyarakate dhewe.
Amarga pambuwangan sampah sapanggon-panggon bisa ngganggu proses banyu
ngresep ing lemah.
Sakliyane saka dampak kang disebabake saka sampah kuwi mau,
masyarakat lan pemerintah uga kudu nggatekake apa wae jinise sampah. Sampah
miturut asale dibedakake dadi rong jenis,yaiku sampah organik lan anorganik.
Sampah organik yaiku jenise sampah kang kasusun saka tanduran lan kewan utawa
alami. Menawa sampah anorganik iku sampah kang kinasil saka bahan bahan ora
alami.
Bedane sampah organik lan anorganik ana ing penguraiane. Sampah organik
iku gampang banget diurai dening mikroorganisme lemah, amarga sampah organik
kasusun dening bahan-bahan alam. Walikane sampah organik, sampah anorganik
iku angel banget penguraiane. Apa meneh yen ana sampah-sampah plastik kang
ora bisa diurai dening mikroorganisme lemah, bisa ngakibatake numpuke sampah
lan limbah. Yen dipendhem bisa ngrusak humus ing njero lemah, yen dibuwang ing
kali ndadekake banjir, nanging yen diobong bisa ndadekake penyakit sesek lan
kanker.
Proses penguraian sampah mau mbutuhake wektu kang beda-beda. Sampah
organik iku kagolong sampah kang wektu penguraiane mbutuhake wektu kang
cepet. Amarga sampah organik kasusun dening bahan-bahan alam. Sampah
organik kang dipendhem ing njero lemah bakal diuraikake dening mikroorganisme
kang bakal mbusukake sampah organik kuwi mau. Sampah kang wes diuraikake
bakal dadi humus kang gawe subure lemah. Menawa sampah anorganik mbutuhake
wektu kang suwi kanggo penguraiane.
Miturut penelitian sawijining mahasiswa ITB, kresek kang digawe saka plastik
miturut penelitiane mahasiswa ITB mau, mbuutuhake wektu 10-12 taun. Menawa
botol plastik mbutuhake wektu 20 taun nganti bisa ancur. Malah, sterofoam kang
sering digunakake ing Indonesia mbutuhake wektu 500 taun supaya bisa terurai
kanthi sempurna. Nanging, yen sampah organik kayata godhong, kewan kang uwis
mati,lan sapanunggalane mbutuhake wektu kurang saka 5 wulan. Iku mau bedane
sampah anorganik lan sampah organik.

Anda mungkin juga menyukai