Anda di halaman 1dari 7

PRANATA MANGSA

OLEH :
AYUDYA MENTARI A
NOOR ARIFAH KUSUMAWARDHANI
M RAIS ARSALAN

Masarakat Indonesia akeh kang urip nang desa lan duweni pagawean dadi tani/petani.
Aktivitas pertanian kayata matun, derep, ngluku, macul, lan sapanunggalane kuwi mau
gumantung karo kahanan ngalam. Sipate petani Indonesia, khususe petani Jawa, nuduhake
menawa manungsa kuwi bisa ngregani ngalam, lan manungsa bisa raket karo ngalam. Petani
Jawa ngerti banget babagan perubahane musim, kondisi tanah utawa lahan, sipat, sarta sarat-
sarating tanduran bisa iku urip. Petani Jawa uga mangerteni sistem penanggalan sing ngatur
tata gawene para petani utawa pengaturan musim sing diarani Pranata Mangsa. (Daljoeni,
1931)
Penanggalan Jawa Pranata Mangsa digawe adhedhasar ngelmu niteni (mengamati) kang
asale saka leluhur. Penanggalan Jawa Pranata Mangsa iki awale saka adate masakarat gawe
hukum mring ngalam, supayane masarakat ngregani ngalam lan dadi akeh rasa sukure mring
Gusti. Ananging tekan saiki, masarakat ngerteni sistem pranata mangsa iki mung dadi jadwal
nandur biasa, tanpa ngerti apa wae filosofine. Amarga modernitas, kang duweni akibat ala lan
apik, ndadekake sistem Penanggalan Jawa Pranata Mangsa iki tansaya suwe saya ilang.
Ananging, Pranata Mangsa tekan dina iki isih bisa ditemoni ing kalender Masehi. Ilange
eksistensi Pranata Mangsa sakliyane amarga perubahan polane nandur tanduran sing asipat
moderen, uga dipengaruhi karo fenomena alam alamiah.

A. SEJARAH
Penanggalan Pranata Mangsa salah sawijining penanggalan surya sing wiwit digunakake
salebare ketetapan sing ditokake dening Sri Susuhunan Paku Buwono VII di Surakarta, yaiku
tanggal 22 Juni 1855. Mula, tahun 2019 iki dadi taun kaping 163 Pranata Mangsa. Anane
ketetapan Pranata Mangsa dening Sri Susuhunan Paku Buwono VII iki dudu gawe ngatur tata
kaum tani, nanging uga ngekeki kapesthen mring rakyat, amarga ing mangsa kuwi isih ana
papat jinise wektu, yaiku Saka, Pranata Mangsa, Sultan Agung lan Gregorian. Saka kapesthen
iki, Sri Susuhunan Paku Buwono VII duweni karep supayane rakyat ora bingung maneh sarta
bisa ngerti awal lan akhire sawijining mangsa.
Pranata Mangsa iku salah sawijining model pengenalan waktu tradisional sing
diwariskake kanthi turun saka leluhur nganggo sarana lesan. Dadi, sumber utamane ya kuwi
wong tua. Wonh tua yaiku pelaku ritual paling ndhisik ing jero uriping. Surakarta dadi cikal
bakaling Pranata Mangsa dikembangake. Taun 60 – an Pranata Mangsa isih diajarke ing
tingkat pendidikan Sekolah Rakyat (saiki sekolah dasar). Nanging saiki Penanggalan Jawa
wis ora dijelasake maneh kanthi khusus ing tingkat Sekolah Dasar. Informasi awujud tulisan
uga sethithik, saengga peran pustaka kang dadi sumberin informasi lan media gawe
mudhunake warisan nenek moyang ya kurang banget. Iki kabeh uga dadi mudhunake
eksistensi Pranata Mangsa.

B. DEFINISI
Pranata Mangsa asale saka loro tembung, yaiku Pranata kang duweni teges aturan lan
Mangsa kang duweni teges musim utawa waktu. Dadi, Pranata Mangsa yaiku aturan wektu
kang digunakake para tani gawe penemtu anggone nglakoni pagawean. Nanging dhasare
penanggalan Jawa Pranata Mangsa bisa didadekna pedoman ing sajerone kegiatan dol-tinuku,
pamrintahan lan militer. Pranata Mangsa kang ana gayutane karo pertanian yaiku
pengetahuan musim utawa sistem penanggalan pertanian Jawa sing ngatur tata kerjane tani
kang niteni peredaran musim saka taun nang taun. Pranata Mangsa yaiku sawijining taun
surya kang adhedhasar sistem penanggalan saka peredaran bumi sing ngubengi srengenge.
Saengga penanggalan iki duweni pitungan adhedhasar revolusi bumi mring srengenge. Ing
jero Pranata Mangsa uga ana taun kabisat lan basithah sing diarani wastu (366 hari) lan
wuntu (365 hari). Pranata Mangsa duweni indikator gawe nemtokake awal lan akhir saben
mangsane. Nalikane nemtokake mau, Pranata Mangsa ora pedhot saka fenomena alam.
Misale : gawe ngerteni musim udan wis cedhak, godhong-godhong tanduran gadhung wis
njalar metu lan njedhule lintang (rasi) waluku (orion). Pranata Mangsa uga nggatekake
lakune kewan tartamtu gawe ngerteni wiwite sawijining mangsa, kayata : walang sangit
njedhul dadi tanda wiwitaning mangsa ka telu/ katiga.

C. KONSEP
Ing jero aktivitase, bumi mesthi nglakoni rotasi, gawe ping sijine rotasi bumi butuhake
wektu 23 jam 56 menit 4 detik. Akibat saka rotasi bumi mangka ana awan lan bengi.
Sakliyane rotasi, bumi uga nglakoni aktivitas kang diarani revolusi, yaiku aktivitase bumi
ngubengi srengenge. Wektune gawe sakedaran kebak kuwi 365,2526 hari. Nanging, posisi
bumi miring mring srengenge kanthi gedhene sudhut 23,5ᵒ. Refleksi saka revolusi bumi
ngubengi srengenge iki ya kuwi anane perubahan kedudukan tahunan srengenge ing langit
sing ndadekake perubahan musim taunan. Pranata Mangsa raket karo loro aktivitas bumi iku.
Sebab, rotasi lan revolusi bumi duweni hubungan karo meteorologi lan klimatologi.
Pindhahing kedudukane srengenge uga ngekeki pengaruh mring kahanan unsur klimatologi
sawijining wilayah, babagan iki uga duweni pengaruh langsung marang mangsa ing Jawa.
Revolusi Bumi ndadekake anane gerak semu tahunan srengenge kang duweni akibat
musim sing gonta-ganti nang bumi. Ing sajroning setaun kuwi ana papat musim, yaiku musim
panas (summer), gugur (autumn), adhem (winter) lan semi (spring). Papat musim mau ana
ing dhaerah sing adoh saka khatulistiwa. Ananging, Indonesia sing diliwati garis khatulistiwa
utawa daerah tropis, mung duwe loro musim wae, yaiku musim kemarau lan rendheng. Loro
musim mau mbagi mangsa sajroning Pranata Mangsa kanthi simetris dadi loro tengah taunan
kang siji lan sijine saka dari enam mangsa, ya kuwi Mangsa kapisan lan Mangsa kapitu.
Pranata Mangsa diwiwiti saka tanggal 22 Juni nganti srengenge ana ing garis balik
Utara Bumi (tropic of cancer). Tanggal 22 Juni iki dipilih dadi wiwitaning penanggalan
Pranata Mangsa amarga ing tanggal iki ngepas karo dinane pergeseran Matahari saka garis
balik Utara. Mangsa kapisan iki kalebu Mangsa Katiga (kaperang saka mangsa kapisan, loro
lan telu) kang negesi wis melbu musim kemarau. Telung mangsa sabanjure ya kuwi mangsa
labuh (kaperang saka mangsa kapat, lima lan enem) kang ateges musim pancaroba, peralihan
musim kemarau nang musim penghujan. Pembagian tengah tahunan Pranata Mangsa sing
kapindho ya kuwi mangsa kapitu kang nganggo acuan ngepas srengenge ana ing garis balik
Selatan Bumi (tropic of Capricorn) ya kuwi tanggal 22 Desember. Ing tanggal 22 Desember
Indonesia ana ing bagian belahan Bumi Selatan ngalami musim/mangsa rendheng/udan.
Mangkono uga ana sajroning Pranata Mangsa, yen mangsa kapitu iki kalebu Mangsa
Rendheng (kaperang saka mangsa kapitu, wolu, lan sanga) kang ateges mangsa udan. Banjur
telung mangsa sabanjure nganti enteking penanggalan iki, kalebu Mangsa Mareng (kaperang
saka mangsa ka sepuluh, sewelas lan rolas) utawa mangsa pancaroba, peralihan musim udan
nang musim kemarau/panas.
Saka jlentrehan dhuwur mau, awak dhewe dadi ngerti yen Pranata Mangsa kuwi kalebu
penanggalan Jawa sing berbasis mring peredarane srengenge. Dadi, Pranata Mangsa iki salah
sawijining jinis saka sistem penanggalan sing adhedhasar peredaran bumi ngubengi
srengenge nganti sikluse padha karo kalender surya liyane. Ing jero kalender Pranata Mangsa
uga ana istilah kabisat dan basithah kang diarani karo wastu (366 hari) lan wuntu (365 hari).
Nanging beda karo kalender liya sing duweni selisih antar wulane mung duweni kisar,
antarane 1 tekan 2 dina wae, ing jero penanggalan iki, saben mangsa duweni beda dina kang
manika werna. Kaya antarane mangsa kapisan mring mangsa karo duweni beda 18 dina,
nanging antarane mangsa kaping 3, 4, 5 lan 6 bedane mung 1 dina thok.
Ing ngisor iki Pranata Mangsa uga indikator saben mangsane :
Panjang Awal dan
Nama Watak Arti Gejala Alam
Mangsa Akhir
Daun – daun
gugur, tanah
1 22 Juni – 1 Setya murca Ratna jatuh dari
41 mengering, mata
(Kasa) Agustus ing embanan tatahan,
air mulai
mengecil
Tanaman palawija
mulai tumbuh,
pohon randu dan
2 2 Agustus – Bantala
23 Tanah retak daun mangga
(Karo) 24 Agustus rengka
mulai bersemi,
tanah banyak
yang retak
25 Agustus Anak menurut Tanaman lung-
3 Suta manut
24 – 17 pada lungan mulai
(Katelu) ing bapa
September bapa/ayahnya. menjalan
Hawa panas,
Air mata
mulai panen
18 diibaratkan air,
palawija, tanaman
September Waspa kalbu adalah
4 bambu, uwi,
25 – 12 kumembeng hati yang
(Kapat) gadung, kunci
Oktober jroning kalbu diibaratkan
dan tanaman lain
sumber mata
sejenisnya mulai
air,
tumbuh.
Hawa mulai
dingin, pohon
Air diibaratkan asam jawa mulai
Pancuran
13 Oktober emas, jadi bersemi dan
5 emas
27 –8 pancuran emas mulai panen
(Kalimo) sumawur ing
November tersebar mangga. Selain
jagat
diseluruh bumi. itu, ular dan lalat
mulai
bermunculan.
9 November Rambutan, durian
6 Rasa mulya
43 – 21 dan manggis
(Kanem) kasucen
Desember mulai masak.
7 43 22 Wisa kentar Bisa larut / Musim banyak
(Kapitu) Desember – ing maruto terbawa oleh hujan dan
2 Februari angin. penyakit. Sungai-
sungai meluap
dan banjir.
Hawa mulai
3 Februari – panas, tanaman
8 Anjrah Tersiar dalam
23 28/29 padi di sawah
(Kawolu) jroning kayun kehendak.
Februari mulai hijau,
banyak ulat.
Jangkrik, gangsir
9 1 Maret – Wedare wana Keluarnya
25 dan gareng mulai
(Kasongo) 25 Maret mulya sabda mulya
berbunyi.
Biasanya banyak
binatang yang
bunting. Burung-
Gedong Gedong
10 26 Maret – burung kecil
24 minep jroning tertutup dalam
(Kasepuluh) 18 April mulai membuat
kalbu kalbu
sarang, lalu
mengeram hingga
menetas.
Burung-burung
mulai menyuapi
11 19 April – Sotya
23 Intan diasah anak-anaknya.
(Dhesta) 11 Mei sinarawedi
Panen umbi-
umbian.
12 12 Mei – 21 Tirta sah Air lenyap dari Hawa mulai
41
(Saddha) Juni saking sasana tempatnya dingin.

Kanggo ngeling-eling umur saben mangsa kanthi gampang, cukup ngeling nem angka
wae saka umur mangsa ing Pranata Mangsa, yaiku : 41, 23, 24, 25, 27 lan 43. Umur mangsa
Kasa sasuwene 41 dina padha karo mangsa Saddha. Dene mangsa Karo sasuwe umure padha
karo mangsa Destha yaiku 23 dina. Cara kanggo mangerteni antarane mangsa lan wulan ing
taun Masehi diandharake kanthi sistematis:
Y = f(x) = x + 6 = kanggo x = wulan kaping 1 – 6
X – 6 = kanggo x = wulan kaping 7 – 12
Katrangan :
Y = Mangsa utawa wulan sing digoleki
X = Mangsa utawa wulan
Kayata :
1. Goleki mangsa saka tanggal 10 Juni. Dadine = Juni (6) + 6 = 12 (melu rumus kaping
1). Dadi wulan Juni kalebu mangsa kaping 12 utawa Destha.
2. Goleki wulan masehi saka mangsa kaping 3. Dadi= Mangsa ka-3 (3) + 6 = 9
Dadi, mangsa kaping telu katepakan karo wulan 9 Masehi, yaiku wulan September.

Saben mangsa nduweni ancer-ancer utawa jadwale dhewe-dhewe, kayata:


1. Mangsa Kasa
Ing mangsa iki, para tani ewuh bakar wit pari sing isih ana neng sawah.ing mangsa iki
uga para tani wiwit nandur palawija.
2. Mangsa Karo
Ing mangsa iki, para warga mligine para tani padha sedih amarga alam sing lagi
garing lan panas. Palemahan padha mlethek, sabab mangsa karo miwiti mangsa
paceklik. Palawija wiwit thukul, wit randhu sarta pelem padha semi.
3. Mangsa Katelu
Puncaking paceklik ing mangsa katelu. Ing mangsa iki tuwuhan sing mrambat wiwit
padha thukul, sumure padha garing lan angin gawa bledug. Ing wayah iki lemah ora
bisa ditanduri amarga panase hawa lan banyu sing angel digoleki. Palawija dipanen
ing mangsa iki, dene tuwuhan kaya pring, gadhung, temu lan kunir padha thukul.
4. Mangsa Kapat
Ing mangsa Kapat yaiku mangsa pungkasaning mangsa paceklik sing panas utawa
kemarau. Masiya ngono, nanging para tani durung bisa ngrasakake seneng tenan
amarga para tani kudu nunggu nganti mangsane ora panas. Ing mangsa iki, sawah-
sawah durung bisa ditanduri pari amarga durung akeh banyu. Biasane para tngakali
kanthi nandur pari gaga. Wit randhu pada awoh lan manuk-manuk cilik padha gawe
susuh lan ngendhog ing mangsa iki.
5. Mangsa Kalima
Mangsa Kalima duweni kondisi meteorologis sing padha karo mangsa Karo.nanging
ing mangsa iki wis wiwit udan. Amarga wis ana udan, para tani padha mongkog atine.
Para tani bisa wiwit nandur pari ing sawah. Saengga ing mangsa Kalima, para tani uga
gawe sistem irigasi kanggo ngileni sawahe. Ing mangsa iki, wit asem padha semi.
Godhong-godhong enom wiwit thukul, kunir lan gadhung akeh godhonge, ula lan uler
padha metu.
6. Mangsa Kanem
Mangsa kanem padha karo mangsa sakdurunge, nanging udan kang mudhun luwih
asring timbang sadurunge. Winih pari sing disebar ing mangsa sadurunge padha
thukul subur, sawah katon ijo lan akeh banyu.
7. Mangsa Kapitu
Ing mangsa iki, akeh manungsa sing ora tentrem. Sabab ing mangsa iki alam kurang
prasaja. Ing mangsa iki uga biyasane kedadeyan banjir lan lelara ing ngendi-endi
papan. Nanging, sejatine ing mangsa iki nyimpen berkah panen.
8. Mangsa Kawolu
Tibaning udan ing mangsa iki wis arang. Ing mangsa iki akeh kucing lan kewan-
kewan padha kawin. Masiya akeh petir utawa kilat, ananging mangsa iki gawe
tentrem para warga amarga sawahe wus ijo royo-royo lan padha dhuwur.
9. Mangsa Kasanga.
Tekane mangsa kasanga ditandani karo tonggeret, jangkrik, lan sangir sing sing padha
wiwit muni. Kewan-kewan kaya walang padha metu. Ing mangsa iki manungsa
gampang kena lelara. Ing mangsa iki uga pari-pari ing sawah padha kembang lan ana
pari sing wis awoh.
10. Mangsa Kasepuluh
Mangsa iki kewan-kewan padha meteng lan manuk-manuk padha ngendhog. Mangsa
iki malih rada ngedheg-ngedhegi amarga yen mangsa iki wis bubar, ganti karo
mangsa kemarau. Pari wis wiwit ganti warna malih kuning. Lan iki wayah sing trep
kanggo panen pari gaga.
11. Mangsa Dhesta
Ing mangsa iki, ndhog manuk padha netes. Ing mangsa iki uga wiwitane nandhur pari.
12. Mangsa Sadha
Tibaning udan ing mangsa iki wiwit rada akeh, lan suwe-suwe udan wis ra tiba
meneh. Wektu iki wiwitaning mangsa kemarau. Pari sing nembe wae dipanen ing
mangsa iki padha dipepe supaya garing lan disimpen ing grobog utawa lumbung.

Anda mungkin juga menyukai