Anda di halaman 1dari 2

SESORAH

NGURI – URI KABUDAYAN JAWI

Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Alhamdulillahi rabbil alamiin, Nahmaduhu wanastaiinu wanastaghfiruhu, wana udzubillahi


min syururi anfusina wamin saayyiati a’malina, mayahdillahu fala mudhillalaah
wamaayudhlilhu fala haadiya lahu, Allahumma shalli wa sallim a’la sayyidinaa muhammadin
wa a’la alihi wa sahbihi ajma’in amma ba’du.

Mugi karahayon kawilujengan tansah kajiwa kasarira tumanduk dhumateng panjenengan


sedaya dalasan kula.

Ingkang kinurmatan Ibu Guru Kafiyah Amri

Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani

Saderengipun sumangga sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten ing ngarsanipun
Gusti ingkang Maha Kuwaos, inggih awit rahmat saha hidayahnipun panjenengan dalasan
kula saged kempal manunggal wonten ing papan menika tanpa alangan satunggal menapa.

Pangkur

Mingkar mingkur ing angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji

Ibu guru saha kanca-kanca ingkang kula tresnani

Kala wau salah satunggaling sekar macapat. Lumantar sekar macapat menika kita saged
nguri-nguri kabudayan jawi ingkang mboten keraos sampun owah gingsir ngetut elining
kemajengan teknologi. Ing salebetipun sekar macapat menika kajawi kangge lelipur lan saged
ngandhut piweling kautaman. Kathah piweling ingkang sianggi ing sajroning sekar macapat
menika. Pramila mangga kita sedaya mliginipun para kadan kaneman saged budidaya
nglestatunaken kabudayan jawi lumantar sekar macapat.

Ibu guru saha kanca kanca ingkang kula tresnani

Sekar macapat menika salah satunggaling kabudayan Jawi ingkang kawujud sastra. Kula
pitados bilih para kadan kaneman remen sanget menawi dipunrangkul kangge nglestatunaken
kabudayan menika. Inggih kanthi cara ingkang kapisan ngawontenaken kagiyatan
ekstrakulikuler sekar macapatan ing saben - saben pawiyatan, ingkang kaping kalih
pemerintah daerah saged ngrangkul para dwi puja sajawi ngawontenaken sarasehan utawi
aben trampil nyekar macapat kangge para siswanipun. Kanthi mekanten kabudayan jawi
mliginipun sekar macapat mboten ical dening owah-owahaning jaman.

Mangga kita sedaya sami sami nggegandengan nglestatunaken kabudayan jawi.

Ibu guru saha kanca-kanca ingkang kula tresnani

Cekap semanten atur kula. Mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun.
Menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula
tansah nyuwun agunging samodra pangaksami. Matur nuwun

Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai