Anda di halaman 1dari 4

3. Wanita Mandiri sajrone Pandangan Masyarakat.

Miturut panyusun, pandangan masyarakat yaiku apa kang didelok lan


disimpulake dening masyarakat marang samubarang tartamtu. Ing ngisor iki bakal
diandharake wujud pandhangan masyarakat ngenani bab wanita mandiri sajrone
novel sarunge jagung. Pola pikir pangripta kang digambarake sajrone paraga
Ratri yen wanita kudu mandiri kanthi cara jasmani utawa intelektual. Kaya
sajrone pethikan novel ing ngisor iki :

"Diomeli kayok ngono Ratri sakjane ya gak keduga tapi diempet ae sikepe.
daianget-angetna engseme, eling-eling wong tuwane wis seuju kabeh. "Ya ga
ngono seh Rek, lah yaopo wong arane aku iki aktivis kampus, dhuwe peran dhuk
senat mahasiswa, ya gaoleh methel, kudu iso nyontoni kancaku lek mahasiswa
iku kudu siap pakek. selalu tampil di dhepan. gak mlempem! mumpung jek enom
kok, engkok lek wis jompo yo kudu leren Rek..”’

Artine:

Dimarahi seperti itu sebenarnya tidak pernah terpikirkan oleh Ratri


tetapi ditahan saja sikapnya. Dimanis-maniskan senyumnya, mengingat
orang tuanya sudah setuju semua. ”Ya tidak seperti itu sih, Rek. Saya itu kan
aktivis kampus, Punya peran didalam senat mahasiswa, ya tidak boleh
malas, harus dapat memberi contoh terhadap teman saya kalau mahasiswa
itu harus siap guna, selalu tampil di depan, tidak boleh mlempem!
mumpung masih muda kan, kecuali kalau sudah lanjut usia ya harus berhenti,
Rek......”
Sajrone pethikan kasebut bisa dianalisis kaya mangkene, Anane dheweke
sajrone kampus nduweni peran kang wigati, lan dheweke kalebu prawan kang
sregep lan mesthi ana ngarep dhewe ing bab prestasi saka kanca-kanca kampuse.
Ratri pengen ngembangake awake dadi wong kang mandhiri kanthi cara jasmani
lan intelektual amarga dheweke yakin usahane bakal ngangkat kadudukan lan
harkat martabate wanita setingkat karo wong lanang sajrone bebrayan utawa
kulawarga. Sajrone pethikan uga nuwuhake makna tersirat yen Ratri minangka
paraga wadon ndduweni leadership utawa kapimpinan kang bisa ngrangkul kanca-
kancane. iki mbuktekake yen wanita mandhiri uga bisa mimpin golongane kanthi
cara intelek lan jasmanine

Wanita mandiri sabanjure diduduhake kanthi cara Ratri ora mbedakake


antarane lanang lan wadon. sajrone urip manungsa kudu bisa mandiri tanpa
mbedhaake jinise lanang utawa wadon. bab kasebut diduduhake Ratri yen
dheweke ora kalah pikirane karo wong lanang amarga dheweke uga nduweni rasa
sosial kang dhuwur. kaya pethikan ing ngisor iki.

Pas bagus mbayari tukone nang bakule, Ratri duwe karep nggawakna apa
tah apa gawe sing kate didhayohi. ”Arek-arek gak digawakna sate kerang, tah,
Gus?” olehe takon Ratri koyok ngelingna nek rencanane dolin iku pancen kate
andhok terus nang omahe mbakyune Bagus sing omahe nduk etan kantor koramil
Bunduran.(hal: 10)
Artine :

Pada saat Bagus membayar jajanan kepada penjual, Ratri memiliki


keinginan membawakan apa saja kepada teman yang akan didatangi. ”Anak-
anak tidak dibawakan sate kerang ya, Gus?” ketika bertanya Ratri seakan
mengingatkan kalau rencana bermainnya itu memang agak jauh
kemudian kerumah kakaknya Bagus yang rumahnya sebelah timur kantor
koramil Bunduran. Di dalam pikiran Ratri ada usaha membuat orang lain
menjadi ikut senang.
Saka pethikan kasebut, bisa dijlentrhake kaya ngene. Saka jiwa sosial kang
digambarake, wanita mandiri ora mbedakake anatarane golongan-golongan
tartamtu, paraga Ratri nganggep yen arep sowan utawa ndayoh pancen apike
nggawa oleh-oleh kanggo nyenengake sing diendangi. bab iki uga njlentrehake
yen wanita mandiri bisa ndeleh awake ing saben-saben kahanan kang ana. kalebu
ora peduli marang bedane jinis lanang utawa wadon, sarta saka golongan endi
wong kang ditemoni.

Wanita mandiri sabanjure uga digambarake marang Ratri. Paraga Ratri


uga digambarake pangripta minangka wong wadon kang pinter njaga awak
mandiri sajrone nggayuh cita-cita lan ngelak marang pandhidhikan lan kawasisan.
Utamane kanggo nambahi lan nyukupi kabutuhan kuliyahe. Gambaran mandhiri
uga diwujudake marang kepingine dideleng minangka wong sing nduweni jati diri
tanpa ana embel-embel patriaki. kaya pethikan ing ngisor iki :

”Aku gelem nyindhen iku mergane aku isok, Gus, aku kepengin kabeh
ngerti nek aku iki generasi mudha sing piawai, serba bisa, siap tempur, masiya tah
duduk tentara. La sing paling penting aku iku generasi mudha sing bangga
nang budhaya teka tanah klairanku dhewe. Nik aku isin, Gus, Isok nyanyi
lagu barat kok nembang Jawa gak isok, ngerep isok Jula-Juli gak ngerti?!”
(hal: 5)
Artine :

”Saya mau nyindhen itu karena saya bisa, Gus, saya ingin semua
tahu kalau saya ini generasi muda yang piawai, serba bisa, siap tempur,
meskipun bukan tentara. Dan yang paling penting saya itu generasi muda
yang bangga terhadap budaya dari tanah air kelahiran. Kalau saya malu,
Gus, dapat menyanyikan lagu barat tetapi nembang Jawa tidak bisa, ngerap saja
bisa Jula-Juli tidak tahu?!
Saka pethikan ing dhuwur, yen dianalisis, wanita mandiri ana sajrone
tindhak tuture Ratri, kita bakalan ngerti apa kang dipikirna lan apa kang bakal
dilakoake. Saka omongana, bisa menehi katrangan yen dheweke kepengen
mandiri kanthi cara finansial karo carane nyindhen (pakaryan arupa nembang lan
bakale dibayar nalikane ana tanggapan) katrangan liyane dheweke kalebu wanita
kang gambpang kekancan, sregep, lan ora gampang mutul. Bab iki kang mesti
dilakokake Ratri minangka wujud tindhak tujuwan urip kang mesthi
diperjuangake dening feminisme. Kaum Feminisme terus nggolek cara lan usaha
kanggo ngaji, mbiji, lan nggoleki yen wanita iku pantes oleh ganjaran minangka
kaum kang sepadan karo lanangan.

Wanita mandiri sabanjure digambarake bisa oleh ilmu kang dhuwue


saengga ora nggantungake panguripan marang liyan lan ngusahaake nggayuh
kaluhuran kang satingkat karo wong lanang. Kaya pethikan ing ngisor iki.

Ratri ngadeg nggejejer nata atine sing umeb. Mari ambegan digetna
terus ngomong notup rembug, ”Sing penting bapak mboten getun, mboten
usah isin, percados mawon teng kula, Pak. Kula mboten katene dados anak
sing ngisin-ngisini, tapi suwalike, Pak. Kula badhe sumpah ajeng dados
tiyang paling terhormat antarane sak keluwargane awak dhewe kabeh, Mboten
rabi mboten napa-napa, Pak! Wong jaman sakniki niku, wong wedok dados tiyang
hebat ngluwihi tiyang jaler, nggih sak thekruk, kok. Nik kula kok kepingin
dados bojone tiyang hebat, tapi pancen awak kula dhewe sing hebat. Niku lak
nggih tambah kehormatan sing asli, tah?”(hal: 44)

Artine
Ratri berdiri tegak menata hatinya yang sedang panas. Setelah menarik napas
dikagetkan kemudian menutup percakapan. ”Yang penting bapak tidak usah
menyesal, tidak usah malu, percaya saja sama saya, Pak. Saya tidak akan
menjadi anak yang membuat malu, tetapi sebaliknya, Pak. Saya akan
bersumpah akan menjadi orang yang paling terhormat diantara keluarga
kita, Tidak menikah tidak apa-apa, Pak! Orang di jaman sekarang itu,
perempuan menjadi orang hebat melebihi laki-laki, juga banyak, kok. Kalau
saya ingin menjadi istrinya orang hebat, tetapi memang saya sendiri yang
hebat. Itukan semakin terhormat, kan?”

Saka pethikan ing dhuwur dijlentrehake yen Ratri minangka wanita


mandiri uga ora kepengen kalah karo wong lanang. dheweke nduwe karep
ngangkat drajat kulawarga nganthi ora kepikiran rabi. dheweke uga kepengen
supaya dheweke lan kulawargane dikurmati marang liyan amarga usahane sing
dilakoni salah sawijine pengen nggayuh pandhidhikan lan ora gelem rabi dhisik.

Akeh banget bab kang dilakoni Ratri kanggo nuduhake yen dheweke
pancen pantes kanggo dituladhani. Dheweke menang ing maneka kagiyatan lompa
kang dieloki, kabeh minangka wujud usaha Ratri supaya minangka wong wadon
ora disepelekke. saengga bisa ngubah pandhangan masyarakat yen wanita uga bisa
kaya wong lanang malah bisa wae nglewati wong lanang. Kaya pethikan ing
ngisor iki :

Ajeng ngeposna surat niki lo, melok lomba gambar teng yogja, lo, Buk?”
Ratri ales. Padahal kate nang dolure Bagus, sing omahe cidhek kantor pos
besar jalan Demak iku. Ibuke percaya ae, pancen gaene Ratri melok lomba
apa ae, sampek SMAne biyen ae oleh beasiswa merga mesthi menangan nang
lomba apa ae. (hal: 49)

Artine :

Mau mengeposkan surat ini lho, ikut lomba gambar di jogja, lo. Buk?”
Ratri beralasan. Padahal akan ke rumah saudaranya Bagus, yang rumahnya
dekat kantor pos Jalan Raya Demak itu. Ibunya percaya saja, memang
biasanya Ratri ikut lombaapa saja, sampai SMAnya dulu saja mendapat
beasiswa karena pasti menang di lomba apa saja.

Akeh cara lan usahane Ratri kanggo nuduhake yen kadudukane wong wadon
sajrone pandangan masyarakat kudu diowahi. Ratri ora seneng yen adikuasa
mutlak ana ing tangane wong lanang. sing dikepingini marang Ratri yaiku anane
pengakon antarane wong lanang lan wong wadon yen dheweke sajejer.

Anda mungkin juga menyukai