Anda di halaman 1dari 16

NILAI LAN MITOS SAJRONE

NASKAH TANTU PANGGELARAN

Dening:

Ristika Arlia Herawati (17020114014)

Elma Widya Saputri (17020114020)

2017-A
PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

2020

1
DHAPTAR ISI

HALAMAN SAMPUL.......................................................................................1
DHAPTAR ISI....................................................................................................2
BAB 1 PURWAKA.............................................................................................3
1.1 Lelandhesane Panliten..............................................................................4
1.2 Undherane Panliten...................................................................................4
1.3 Ancase Panliten........................................................................................4
BAB 2 ANDHARAN..........................................................................................5
2.1 Deskripsi Naskah Tantu Panggelaran…………………………………...5
2.2 Isi Naskah Tantu Panggelaran..................................................................5
2.3 Nilai Kinandhut ing Tantu Panggelaran...................................................8
2.4 Mitos Sajrone Tantu Panggelaran...........................................................11
BAB 3 PANUTUP............................................................................................15
3.1 Dudutan...................................................................................................15
KAPUSTAKAN................................................................................................16

2
BAB I

PURWAKA

1.1 Lelandhesane Panliten


Satra Jawa pertengahan minangka salah siji periodesasi tuwuhe sastra Jawa ing
laladan Jawa. Tuwuh lan ngrembakane sastra Jawa diwiwiti saka satra Jawa Kuna
(9-14 M), sastra Jawa Pertengahan (13-16 M), satra Jawa Baru (15-16 M), satra
Jawa Modern (abad 19). Sastra Jawa pertengahan tuwuh wiwit jaman Singasari
nganti runtuhe kerajaan Majapahit kanthi pengaruh Islam ing Jawa. Sastra Jawa
pertengahan yaiku karya sastra sing tuwuh nalika kajayaan jaman Majapahit nganti
mlebune pengaruh Islam sajrone sastra Jawa. Jaman Majapahit, basa Jawa tengahan
uwis digunakne dadi basa saben dina. Awit Singasari, masyarakat gunakne basa
Jawa tengahan kanggo ngomong sastra. Sastra Jawa Pertengahan gunakne basa Jawa
pertengahan utawa madya, saliyane kuwi uga gunakne basa kawi, basa Jawa anyar
lan basa Bali. Faktor ingkang njalari tuwuh lan ngrembakane sastra Jawa
pertengahan yaiku pengen ngangkat budaya pribumi supaya bisa misuwur ing
masyarakat, amarga basa Sansekerta lan Jawa kuna uwis punah, Masyarakat ing
jaman sastra Jawa pertengahan uwis bisa maca lan nulis, uga tuwuhe tembung
utawa kosa kata anyar lan tembung lawas uwis mati.
Ngrembakane sastra Jawa pertengahan ing laladan Jawa iki ngasilake karya-
karya sastra kang awujud kidung lan prosa. Karya sastra ing jaman sastra Jawa
pertengahan iki isine ngandhutngenani crita ruwat, dongeng keagamaan, roman
wayang, kidung wayangsing nduweni gegayutan kalihan ruwat. Dongeng rakyat
Bali, lan karya sastra sing ngandhut sejarah. Karya sastra kang diasilake ing sastra
Jawa pertengahan yaiku ana kidung lan prosa. Kidung ingkang diasilake yaiku ana
kidung Harsawijaya, Ronggolawe, Sorandaka, lsp. Prosa ingkang diasilake yaiku
ana tantu pagelaran, calon arang, tantri kamandaka, lsp. Saka kabeh karya-karya
sastra Jawa pertengehan menika ngandhut nilai-nilai uga mitos-mitos ingkang taksih
dipun percadosi kalihan masyatakat saiki.
Salah sijine karya sastra Jawa pertengahan yaiku naskah Tantu Pagelaran teks
prosa sing nyritakne ngenani kisah titahe manungsa ing pulo Jawa lan kabeh aturan

3
sing kudu dikurmati manungsa, isine ngenani etiologi alam semesta. Naskah kasebut
ditulis nganggo basa Jawa pertengahan ing jaman Majapahit. Tantu Panggelaran
yaiku salah siji karya sastra Jawa pertengahan awujud prosa. Karya itu digawe
dening Dr. Th. G Pigeaud (1924). Naskah Tantu Panggelaran sing dijupuk kanggo
bahan panliten iki yaiku naskah Tantu Panggelaran sing diemot sajrone De Tantu
Panggelaran, Terbitane Theodoor Gautier Thomas Pigeoud, taun 1924, kaca 57-
128. Miturut colofon, teks Tantu Panggelaran sing diterbitke Pigeoud kasebut
pungkasan ditulis ing taun 1557 kanthi sengkalan “resi pandawa buta tunggal”. Teks
ditulis sajrone basa Jawa pertengahan, awujud prosa. Tantu Panggelaran ngandhut
ngenani mitos-mitos sing gegayutane karo penciptaan lan nyebarake mandala-
mandala (pangon-pangon suci) lan Bhimasuci (uga dikenal minangka Dewaruci).
Mitos ngenani penciptaan manungsa sepisan ing pulo Jawa, anane omah, pakaryan,
sandhangan, mas-masan, lan liya-liyane saengga ndadekake kasampurnane uga
kaseimbangan sajrone kauripan manungsa lan alam semesta. Uga mitos ngenani
anane gunung lan jeneng panggonan ing pulo Jawa. Saliyane kuwi uga ngandhut
nilai-nilai sing nganti saiki saperangan isi dipercaya lan dilakoni dening masyarakat.

1.2 Undheran Panliten

1. Kepriye isi naskah Tantu Panggelaran?

2. Kepriye nilai-nilai apa sing kinandhut sajrone naskah Tantu Pagelaran?

3. Kepriye mitos-mitos kang kunandhut sajrone naskah Tantu Pagelaran?

1.3 Ancase Panliten

1. Njlentrehake isi naskah Tantu Panggelaran

2. Njlentrehake nilai-nilai sajrone naskah Tantu Pagelaran

3. Njlentrehake mitos-mitos sajrone naskah Tantu Pagelaran

4
BAB II

ANDHARAN

2.1 Deskripsi Naskah


Tantu Panggelaran adalah sebuah teks prosa yang menceritakan tentang kisah
penciptaan manusia di pulau Jawa dan segala aturan yang harus ditaati manusia. Tantu
Panggelaran ditulis dalam bahasa Jawa Pertengahan pada zaman Majapahit. Yang
kemudian telah diteliti pada tahun 1924 di Leiden oleh Dr. Th. Pigeaud. Berdasarkan
edisi teks Pigeaud, naskah yang dipilih olehnya didasarkan pada kenyataan bahwa
naskah itu merupakan satu-satunya di antara semua naskah yang ada yang memiliki
kolofon dan berangka tahun. Kolofon tersebut, dalam transliterasi Pigeaud berbunyi:
Iti sang hyang Tantu panglaran, kagaduhana de sang mataki-taki, kabuyutan ing
sang Yawadipa, caturpakandan, caturpaksa, kabuyutan ring Nanggaparwwata.
Muwah tanpasasangkala, mulanikang manusa Jawa, duk durung sang hyang
Mahameru tka ring Jawa, sawusira tibeng Jawa: mangkana nimitanya
tanpasasangkala, reh yan ing purwwa. Tlaç [s]inurat sang hyang Tantu panglaran
ring karang kabhujangggan Kutritusan, dina u(manis) bu(dha) madangsya, titi caci
kaca, rah 7, tenggek 5, rsi pandawa buta tunggal: 1557.

Kutipan di atas, memaparkan bahwa penulis/penyalin teks ini tinggal di suatu


karang kabhujanggan, yaitu suatu lokasi khusus tempat tinggal para bhujangga
(penyandang tugas keagamaan), Kutritusan namanya. Dinyatakan pula bahwa kitab ini
hendaknya menjadi milik mereka (para pertapa) yang “menjalani upaya (ritual
keagamaan) dengan penuh perhatian” (mataki-taki) di tempat-tempat suci kuna
(kabuyutan) di Jawa. Jelaslah bahwa dari pembacaan terhadap seluruh teks Tantu
Panggelaran, ternyata teks ini sama sekali tidak mengacu atau menunjukkan pernyataan
keterlibatan apapun dengan kalangan raja dan bangsawan. Maka dapat dikatakan bahwa
teks ini dibuat untuk kalangan keagamaan di luar lingkungan kehidupan kraton.
Sedangkan Angka tahunnya menunjukkan 1557 Çaka adalah 1635 M

2.2 Isi Naskah Tantu Panggelaran


Tantu Panggelaran nyritakake ngenani mula bukane manungsa ing lemah
Jawa dening Batara Guru, piwulangan ngenani tata kauripan manungsa, mindhah

5
Gunung Mahameru saka India menyang Jawa, diwiwiti karo kisah kauiripane
Batara Guru lan permaisurine, yaiku Batari Uma lan para dewa sasuwine manggon
ing Jawa. wiwitane disebutke yen ing jaman mbiyen pulo Jawa isih durung
dipanggoni dening manungsa. Amarga kuwi Batara Guru ngutus Sang Hyang
Brahma lan Wisnu gawe sapasang manungsa minangka bibit umat manungsa ing
lemah Jawa. dheweke langsung ngepel-ngepel lemah kanggo didadekake
manungsa. Batara Brahma gawe manungsa lanang banjur Batara Wisnu gawe
manungsa wadon sing ayu sampurna kaya awujud dewa, sing akhire nurunake umat
manungsa ing Jawa. Panggon Batara Brahma lan Wisnu gawe manungsa kasebut
banjur dijenengi gunung Pawinihan. Manungsa uwis saya akeh nanging carane urip
isik kaya kewan. Dheweke urip uda, durong bisa gawe omah, durong ngerti tata
carane urip kaya manungsa sing wajar. Dheweke urip ing alas kanthi mangan woh-
wohan lan godhong-godhongan. Dheweke uga durong mangerteni sistem basa lan
tata cara urip ing masyarakat.
Deleng kaya mangkana Batara Guru mrentah para dewa mudun ing dunya
kanggo mulangake kawruh lan katrampilan kanggo manungsa ing lemah Jawa.
Batara Brahma diprentah dadi pandhe wesi, Batara Wiswakarma diutus mulangake
cara gawe omah, Batara Iswara diutus mulangake ngenani basa. Batara Wisnu
diutus mimpin kabeh umat manungsa. Batara Mahadewa diutus dadi pandhe mas.
Bagawa Ciptagupta diutus dadi tukang gambar. Batara Brahma dadi pandhe wesi,
manggon ing gunung sing akhire dijenengi Gunung Brahma. Batara Wisnu mudun
dadi raja kanthi gelar Kandyawan, ing kerajaan Medangkamulan. Garwane Batara
Wisnu anama Batari Sri dadi permaisuri raja Kadyawan kanthi nama Kanyawan.
Dheweke manggon ing Medang Gana mulangake cara memintal, nenun, utawa cara
nganggo sandhangan.
Anak-anak Kandyawan anama Mangukuhan, Sandanggarba, Katung Malaras,
Karungkala, lan Wreti Kandayun. Wong lima mateni kendharaane Batari Sri sing
arupa papat manuk, yaiku manuk kutut, manuk puter, manuk derkuku abang lan
merpati ireng. Tembolok manung kutut isine wiji wernane putih, tembolok merpati
ireng isine wiji werna ireng, tembolok manuk derkuku abang isine wiji werna
abang, tembolok manuk puter isine wiji werna kuning sing ambune arum.

6
Nggiyatake nyebar wiji kasebut. Wiji werna putih tuwuh dadi pari putih, wiji werna
ireng tuwuh dadi pari ireng, wiji werna abang tuwuh dadi pari abang, dene wiji
werna kuning entek dipangan kalima anak Kandyawan, lan kari kulite wae. Nalika
ditandhur kulit wiji tuwuh dadi wit kunir. Nyebutake yen ing wektu kuwi pulo Jawa
isih goyang lan guncang amarga ora ana penekanan. Amarga kuwi Batara Guru
mrentah para dewa kanggo muter gunung Mahameru sing manggon ing India.
kanggo dipindhahke ing pulo Jawa. ditugel puncak Gunung Mahameru banjur
diputer diusung meyang Jawa diselehake ing bageyan sisih kulon pulo Jawa, banjur
pulo Jawa njomplang, sisih wetan dadi munggah menyang ndhuwur. Banjur kanthi
prentah Batara Guru diusung gunung kasebut ing sisih wetan. Bageyan-bageyan
sing rampak njeblok ing dalan dadi gunung Katong, gunung Wilis, gunung
Kamput, gunung Kawi, gunung Arjuna, lan gunung Kemukus.
Batara Guru nyiptakake Katyagan (patapan) ing Kabubulon, Kupang,
Huluwanwa, Pacira. Batara Guru uga nyiptakake mandala, sing diwenehi jeneng
miturut panggon utawa pristiwa sing kedadeyan, kayata manguyu, hubon-hubon,
huluguntung, habet-habet lsp. Mandala yaiku papan kanggo golek ilmu kawruh lan
ilmu agama Hindu lan Budha ing jaman sastra Jawa kuno lan pertengahan. Saka
mandala ngasilake para ilmuah lan resi. Mandala uga panggon kanggo para resi
nulis naskah. Nalika nyiptakake mandala Batara Guru pindha-pindhah panggon.
Mandala sing lawas diwenehke murite sing diangkat dadi Dewa Guru, minangka
pimpinane. Mandala kasebut ngenekake saperangan kegiyatan kayata; katyangan,
pangajaran, pangabwan, pamanguywan, pangabetan, gurudesa, hundahagi,
pangaremban, lan wiku. Tuwuhe para wiku miturut itungan Jawa kuno kayata wiku
Wrhaspati, betara Soma, betara Hanggara, betara Bhuda, betara Sukra, betara
Raditya betara Sanaiskara lan betara Hanggara. Betara Guru ngedekake mandala
ing Geresik, ing Sunyagiri, lsp. Para dewa minangka guru dewa mimpin mandala
ciptaane betara Guru, ing kabeh pulo Jawa. Uga ana legendha dadi jeneng panggon
ing sakiwa tengene Gunung Semeru, kayata Purnajiwa, Desa Padhang, Desa
Ganten, lan Pangawan.
Batara Guru ora kasil nyiptakne ranu, amarga diganggu karo nesune Uma
banjur diwenehi jeneng tlaga wurung. Amarga kuwi Batara Guru ngutuk Uma dadi

7
Bethari Durga (wil). Nesune Uma nyilakani manungsa, dheweke nyebut jeneng
Tuhan, rahadyan, lan pangeran. Batara Guru awih pitulungan saengga njenengake
dheweke dhewe Betara Tuhan, sing dipuja dening manungsa, uga disebut
Hanungkurat. Wiwit saka kuwi manungsa gawe sajen kanggo memuja Betara
Tuhan. Batara Guru ngutuk dheweke dhewe dadi raseksa kanggo ngimbangi betari
Durga, jenenge Kalarudraka, mudhun ing dunya menehi piwulangan marang para
dewa lan bidhadhari sing awujud pagelaran wayang. Betara Wisnu dadi pengamen,
Batara Guru lan Betari Uma mbalik ing wujud asline. Batara Guru dadi wiku lan
bujangga anama mpu Palyat, manggon ing partapan Kaliasem (Pulo
Nusakambangan lan manggan mayit). Raja Galuh dadi wedi ngenani bab kuwi,
dheweke ngutus para wiku, Mpu Wyu-Kuning lan Mpu Kalotan kanggo musnahne
Mpu Palyat. Nanging wis bala-bali dilarung ing samudra Mpu Palyat isih slamet.
Kaloro wiku ngakonu kaunggulane Mpu Palyat, banjur langsung nyembah lan melu
berlayar ing Nusa Kambangan ngilawit samudra karo watu sing dawane pitung
depa. Ing kana dheweke oleh wejangan karo 180 uwong murite. Sabaline menyang
istana dheweke diangkat dadi pendheta istana.
Ing kene ana crita, yen Mpu Tapapalet nduweni utang marang Mpu
Tapawangkeng lan janji bakal dibalekne ing wayah awan. Nanging dheweke ora
nduwe dhuwit banjur lakune surya diendhek. Ing wektu iku sang ratu Daha lagi
pasa, lan kudu buka sawise suryane mlebu. Crita dipungkasi karo tuwuhe
saperangan mandala binaan Batara Guru. Sadurunge mbalik ing swargaloka
nyerahake mandala Sukayajnya marang begawan Ternawindhu, minangka
pemimpin mandala, lan begawan Anggira dianugrahi mandala Sarwwasiddha,
minangka dewa guru.

2.2 Nilai Kang Kinandhut


1 Nilai Religius
Nilai religius kang kinandhut sajrone Tantu Panggelaran yaiku ngenani
kapitayan agama Hindu, kapitayan Budha, lan Kapitayan Jawa. Kapitayan
Hindu bisa dimangerteni saka akehe Dewa-Dewi Hindu kang kasebut sajrone

8
kitab iki. Tuladhane yaiku disebutake Bathara Guru1, Bhatara Wisnu, Bhatara
Brahma, Bhatari Uma, Sang Hyang Kamadewa, Bhatari Smari, Bathara Indra.
Uga ana pethikan ngenani puja marang Bhatara Haricandana. Kapitayan
ngenani pangriptane manungsa dening Bhatara Brahma lan Bhatara Wisnu.
Lan Bhatara Prameswara minangka pemimpin para Dewa.
Nilai agama Budha bisa dimangerteni liwat prentah Bathara Guru
marang Hyang Iswara supaya mudhun ing Bumi mulangake Dasasila (yaiku
sepuluh perkara sing ala ing agama Budhha) lan Pancasiksa (yaiku lima
pasinaonan). Dasasila diugemi masyarakat kang nganut agama Budha kanggo
latihan ngedohi laku asusila. Lan ana nilai religius ngenani kapitayan Jawa
kang arupa carita ngenani anane peran Dewi Sri kang menehi tuladha
manungsa supaya bisa olah tetanen.
2 Nilai Pendhidhikan
Nilai pendhidhikan kang ana sajrone kitab Tantu Panggelaran yaiku
carita ngenani asal-usul anane mandala(patapan). Mandala nalika jaman Jawa
Madya digunakake dadi panggon pendhidhikan, kang akeh ngasilake karya
sastra Jawa madya. Diceritakake Bhatara Guru (Bhatara Siwa/Bhatara
Prameswara) mudhun ing donya nyiptakake mandala ing patang panggonan
yaiku ing Kabulon, Kupang, haluwana, lan Pacira.
Bhatara Guru sabanjure mara mangulon ing Macin. Bhatara Guru tapa
karo Bhatari Uma, supaya donya diwenehi slamet, banjur ana manguyu kang
melu tapa. Bhatara Guru lan Bhatari Uma, pindhah-pindhah tapane. Saben
panggonan tapa nyiptakake mandala. Mandala kang diciptakake dening
Bhatara Guru antarane yaiku mandala Sukayajna, Kayutaji, Sarwwasiddha,
Sukawela, Mayama, Habah, Gresik.
Anane mandala kanggo meguru uwong sing kepingin nyampurnakake
urip. Tujuwane manungsa kepingin dadi wiku sing yen sembada, bisa
munggah tingkatan. Manungsa tapa nyembah dewa, dewa munggah dadi
hyang, hyang munggah dadi Siddharsi (Resi swarga kang sampurna),
Siddharsi munggah dadi Bhatara (dewa paling dhuwur). Wiku sing gagal dadi
dewa, bakale dadi panguwasa/ratu ing donya. Bhatara Guru nyiptakake

1) Bhatara Guru sajrone kitab uga diarani Bhatara Prameswara, Bhatara Siwa, utawa Bhatara
Haricandana 9
mandala kanthi tujuwan supaya umat manungsa bisa cerdas, nduwe ilmu, lan
mangerteni Tuhan.
Piwulang kang diwulangake ing mandala uga ana tingkatane. Murid sing
lagi mlebu lan ora nduwe omah, biyasane mlebu tingkatan sing paling penak
dhisik. Tingkatan kang ana kayata pangabetan (golek kayu utawa banyu) lan
pangubwanan (tukang cici, wasi (hakim) iku tingkatan penak, banjur janggan
(carik), nganti ajar (guru) iku tingkatan angel. Murid kang mlebu mandala
oleh lanang lan wadon.
Sajrone kitab, disebutake saperangan murid kang ana ing mandala
Sarwwasiddha yaiku antarane bhagawan Wrshapati, bhagawanSoma,
bhagawan Budda, bhagawan Cukra, bhagawan Raditya, bhagawan Hanggara,
lan bhagawan Caniskara. Uga dicaritakake Guru ing mandala Sukayajna
yaiku bhatara Guru diterusake bhatara Wisnu lan diterusake bhatara Iswara.
Mandala nalika jaman Jawa Madya digunakake dadi panggon
pendhidhikan, kang akeh ngasilake karya sastra Jawa madya. Ing jaman saiki,
mandala uwis ora ana. Amarga ngrembakane jaman, panggonan kanggo
pasinaon ing jaman saiki diarani sekolah.
3 Nilai Moral
Moral yaiku samubarang kang sesambungan karo tingkah laku. Sajrone
kitab Tantu Panggelaran, nilai moral bisa dimangerteni liwat carita
pasamuwane Brahmana saka Jambudipa Sang Hyang Teken Wuwung karo
Sang Hyang Iswara. Sang Hyang Teken Wuwung ngrasa awakke luwih
dhuwur drajate tinimbang kabeh wong sing ana ing Jawadipa amarga
dheweke asale saka Jambudipa. Sang Hyang Teken sing nduweni kasaktenan
isa mibur, nalika kuwi mangan, ngombe, lan ngising ing angkasa nduwure
sumber banyu Sukayajna (mandala kaping siji). Dening Sang Hyang Iswara
uwis diilingake nanging ora digathek. Mula, banyu sing wis reged kuwi
dibuwak mendhuwur kenekan Sang Hyang Teken Wuwung. Nalika kuwi,
dheweke lagi sadhar yen pendheta ing Jawadipa uga nduweni kasakten sing
ora kalah karo dheweke. Mula saka carita iki, bisa dipethi amanat yaiku saben
uwong aja nganggep remeh wong liyane lan tansah ngregani.

10
4 Nilai Sosial
Nilai sosial sajrone Tantu Panggelaran diwujudake kanthi wujud lapisan-
lapisan masyarakat. Diceritakake yen Bhatara Wisnu lan Bhatari Sri mudun
ing donya dadi panguwasa. Bhatara Wisnu dadi Raja Kadiwan, lan Bhatari
Sri dadi garwane Kanyawan, mimpin negara kang diarani Medang Kamulan.
Raja nduwe anak lima yaiku Mangkuhan, Sandang Garba, Katung Malaras,
Karung Kalah, lan Wrti Kandayun. Nalika mangkat, digenteni anake sing
ragil Wrti Kandayun, amarga bisa jupuk ilang sing ana simpule. Patang putra
liyane dadi tani, bakul, ngurusi ombenan, lan sijine ngurusi daging.
Miturut carita ing nduwur, ing sawijine masyarakat kuwi ana lapisane.
Kang paling ketara yaiku lapisan nduwur sing dilambangake dening
raja/panguwasa lan rakyat.
5 Nilai Toleransi
Nilai toleransi yaiku nilai kang nunjukake rasa ngregani marang liyane.
Sajrone kitab Tantu Panggelaran, laku toleransi bisa dimangerteni liwat carita
ngenani Mpu Mahapalyat kang nyigar awakke dadi loro, kanthi diarani Caiwa
Sogata (Siwa Budha), banjur nduweni jeneng Mpu Barang lan Mpu
Wabuhbang. Sabanjure tapa ing Hangginah. Anane panyebutan Caiwa-
Sogata, snuduhake yen kapitayan kang dianut nalika jaman Majapahit yaiku
Hindu lan Budha. Loro kapitayan iku ngrembaka kanthi apik lan nyiptakake
masyarakat kang rukun. Saking rukune malah nuwuhake gabungan antarane
kapitayan Hindu lan Budha arupa kapitayan Siwa-Buddha, kang percaya
marang Dewa Siwa uga percaya marang Rsi Buddha. Ananging senajan beda,
tujuwan kapitayan iku sejatine padha amarga saka sumber sing padha yaiku
Mpu Mahapalyat (jelmaane Bhatara Guru).

2.3 Mitos Sajrone Tantu Panggelaran


1 Dumadine Manungsa ing Jawa
Tantu Panggelaran nyaritakake nalika pulo Jawa ing jaman Asitakala.
Pula Jawa isih kopong, lan durung ana manungsane. Bhatara Guru utawa

11
Bhatara Prameswara (pimpinane para Dewa), nitahi Dewa Brahma lan Dewa
Wisnu supaya nggawe manungsa lanang lan wadon. Loro manungsa
dipethukaken ing Gunung Pawinihan, saling asih lan manak pinak. Uripe ing
alas, panganane gegodhongan lan who-wohan. Mitos ngenani pangriptane
manungsa iki isih dipercayani sebageyan masyarakat Jawa lan Bali, mligine
kang nduweni kapitayan Hindu.
2 Dumadine Pakaryan
Pakaryan kalebu wujud kabudayaan. Sajrone kitab, kauripan ing donya
durung weruh ngenani budhaya (ora klamben, ora santun, ora netep ing
panggonan) amarga ora ana sing mulang. Mula, bhatara Mahakarana ngutus
para dewa mudun ing donya mulang manungsa kanggo menuhi kabutuhane.
Dewa Brahma mulang nggawe piranti omah-omahan saka wesi, mula diarani
mpu Pande Wesi. Hyang Wisakrama mulang nggawe omah, mula diarani
Hundahagi (ilmu gawe omah). Hyang Iswara mulang tata krama lan suba sita,
mula diarani Gurujanma. Hyang Mahadewa mulang nggawe mas-masan.
Bhagawan Ciptagota mulang nggambar lan macak.
3 Dumadine Pari
Sajrone Tantu Panggelaran, dicaritakake Dewi Sri yaiku garwane Dewa
Wisnu sing mudhun ing donya dadi raja ing Medang Kamulan dadi
Kandiawan lan Kanyawan. Dewi Sri nduweni anak lima, lan patang manuk
kang digunakake minangka tumpakan yaiku kitiran, puter, wuru-wuru spang,
lan dara wulung. Saben manuk nggawa wiji. Kitiran nggawa wija putih, puter
nggawa wija ireng, wuru-wuru spang nggawa wija abang, lan dara wulung
nggawa wija ireng. Karo anakke lima dipangan, banjur kulite ditandur. Sing
putih, abang, ireng dadi pari, sing kuning dadi kunyit. Mula yen sega kuning
iku dudu saka pari kuning, nanging saka pari putih dicampur kunyit
Mitos anane pari iki isih akeh sing percaya. Masyarakat Jawa isih
ngugemi kapitanyan ngenani Dewi Sri minangka dewi sing mberkahi sawah,
mula diarani dewi pari. Kapitayan ngenani Dewi Sri isih bisa dimangerteni
nalika masyarakat tani ngenekake ritual-ritual sadurunge nandur utawa nganti

12
panen kayata ritual wiwit, methik, lan methil sing isih ditindakake saperangan
masyarakat ing Jawa.
4 Dumadine Gunung ing Jawa
Tantu Panggelaran nyaritakake nalika pulo Jawa ing jaman Asitakala.
Pula Jawa isih kopong, lemahe gonjang-ganjing. Kanggo nyeimbangne, mula
Hyang Jagadpramana ngutus Gunung Mahameru dipindah saka Jambudipa
(India) ing Jawadipa (Jawa). Gunung Mahameru banjur dipercaya dening
masyarakat Jawa dadi lingganing bawana.
Para Dewa ngupaya mindhah puncak Mahameru iku ing Jawa. Satekane
ing Jawa, gunung Mahameru dideleh ing kulon, nyebabake pulo Jawa ora
imbang merga dhuwur sisih. Banjur dipindhah maneh ing wetan. Tilase
Gunung Mahameru sing ing kulon banjur dadi Gunung Kelaca. Nalika mara
saka kulon mengetan, lemah Gunung Mahameru akeh sing njeblok nyebabake
anane Gunung Katong, Gunung Wilis, Gunung Kampud, Gunung Kawi,
Gunung Arjuna, lan Gunung Kemukus. Amarga lemahe akeh sing njeblok,
Gunung Mahameru dadi bolong-bolong lan condhong ing Lor.
5 Dumadine Kraton
Dumadine kraton ing Jawa sajrone kitab Tantu Panggelaran, dicaritakake
Bhatara Wisnu lan Bhatari Sri mudhun ng donya jenenge dadi Kandiawan lan
Kanyawan. Bhatara Wisnu lan Bhatari Sri banjur dadi panguwasa ing kraton
kang diarani Medang Kamulan. Sabanjure diterusake turunane sing bakal
dadi raja-raja lan tuwuh akeh kraton.
Kapitayan ngenani raja-raja Jawa yaiku turunane Bhatara Wisnu isih
asring dipercaya dening masyarakat, amarga akeh katulis ing paninggalan
sejarah liyane kayata ing candi-candi Jawa.
6 Dumadine Tlaga
Mitos anane tlaga sajrone kitab Tantu Panggelaran yaiku mitos ngenani
tlaga Wurung. Dicaritakake bhatari Uma, suwi manggon ing gunung Wilis.
Bhatari ngundhang garwane bhatara Guru. Amarga ora sabar, bhatari marani
panggon tapane bhatara Guru ing Mahameru. Nalika kuwi, bhatara Guru
semedi nggawe tlaga. Ditekani bhatari Uma, bhatara Guru nesu amarga wis

13
pesen yen bhatari oleh teka nalika wis dundhang. Gak trima ngenani sikape
bhatara Guru, bhatari Uma nesu. Bhatara Guru banjur ora nerusne nggawe
tlaga, mula tlaga sing durung dadi kuwi diarani tlaga Wurung (durung dadi).
Bhatara Guru masuh jenggote ing sawijine genangan banyu, bnjur diarani
tlaga Ranu Kombala, tlagane Hyang Mahameru.
Jaman saiki, tlaga Wurung kang ana ing Magetan, luwih dimangerteni
kanthi jeneng tlaga Wahyu, lan mitos sing dipercaya yaiku yen ana pasangan
mrene bakal pedhot. Sesambungan sajrone kitab Tantu Panggelaran, yen
proses dumadine tlaga iki nyebabake kres antarane bhatara Guru lan bhatari
Uma. Yen ing tlaga Ranu Kumbolo, banyune nganti saiki isih dipercaya
minangka banyu suci sing dienggo ritual-ritual masyarakat, lan ora oleh
dinggo sembarangan dening pendaki gunung.

14
BAB III

PANUTUP

3.1 Dudutan

Tantu Panggelaran nyritakake ngenani mula bukane manungsa ing lemah Jawa
dening Batara Guru, piwulangan ngenani tata kauripan manungsa, mindhah
Gunung Mahameru saka India menyang Jawa. uga nyritakne ngenani kisah titahe
manungsa ing pulo Jawa lan kabeh aturan sing kudu dikurmati manungsa, isine
ngenani etiologi alam semesta. Saliyane kuwi naskah kasebut uga ngandhut nilai-
nilai kayata nilai relidius, nilai pendhidhikan, nilai moral, nilai sosial, lan nilai
toleransi. Naskah Tantu Panggelaran uga ngandhut mitos-mitos kayata dumadine
manungsa ing Jawa, dumadine penggaweyan, dumadine pari, dumadine gunung ing
Jawa, dumadine kraton lan dumadine tlaga.

15
KAPUSTAKAN

Suwarni. 2019. Sastra Jawa Pertengahan. Surabaya: CV BINTANG.

16

Anda mungkin juga menyukai