Anda di halaman 1dari 5

Wayah Covid

Tahun 2020 wingi tahun sing paling berkesan lan paling


ora ngepenakke gawe awakku. Pas aku kelas 9 SMP
tepate tahun 2020 awal (maret) ana virus seng melbu
neng Indonesia, jenenge Corona. Asline virus iki wes
ono awit tahun 2019 tapi ora ning Indonesia, anane ning
wuhan China. Pas virus corona melbu Indonesia para
siswa termasuk aku pada seneng lan sedih, Seneng e bisa
prei sekolah 2 minggu lan bisa ngerjakake tugas karo
nyantai. Sedih e prei sekolah 2 minggu bakalan nggarai
ora stress jehule sewalike. Prei 2 minggu kui ora oleh
metu omah blas, dadi kudu neng omah terus saben dino,
gae masker, lan ora oleh metu metu ning mall, ora bisa
ketemu lan guyonan bareng poro konco.
Hari terakhir prei aku seneng banget, amarga bisa cepet
cepet ketemu para kanca kanca. Tapi hal kui fana amarga
sekolah ngekei pengumuman seng isine libur
diperpanjang 2 minggu maneh, perasaanku buyar kabeh,
aku males, aku sedih amarga ora bisa sekolah normal
koyo sak durunge. Kasus corona malah meningkat, akeh
manungsa seng dadi korban virus iki. Aku sempet
kepikiran yan virus iki terus berlanjut bakal dadi piye.
2 sasi belajar saka daring ujug-ujug lulus SMP. Kabeh
momen terindah seng kudune diungkapno pas wisudaan
ora bisa terungkapno. Amarga pas kelulusan sekolahku
ora ngadakno wisudaan.
Pemdaftaram SMA aku ora ketrima ning SMA Negri,
sedih banget rasane, tapiora nyurutno roso semangat
belajarku. Akhire aku daftar lan sekolah ning salah siji
SMA Favorit ninh sidoarjo, yaiku SMA Hang Tuah 2
Sidoarjo. Prasaanku seneng banget, bisa due konco anyar
luwih akeh kabeh perbedaan berkumpul ning sekolahku.
Ana sing teka Surabaya, Sidoarjo, Jakarta, Aceh,
Makassar, Semarang lan liyane. Perbedaan iki gae
pengetahuanku luwih luas manih.
Pada karo pas smp, pas sma aku sekolah via jaringan /
daring tapi ora sepenuhe daring, kadang yo sekolah
offline. Dadi ora mbosenake. Para kanca pada guyon,
pada cerito bebarengan lan sapanunggale. Akeh cerito
seng kocak kocak hahahaha, yo iki seng gawe aku luwih
seneng sekolah offline, sak liyane kui penjelasan guru yo
luwih cepet dingerteni.
Munggah kelas 11 sawijining masa terindah selama
sekolah SMA. Januari 2022 wingi pas aku kelas 11
sekolahku ngadakno out door learning (ODL) marang
ning Yogyakarta, prasaanku seneng banget akhire bisa
liburan. Destinasi wisata odl sekolahku yaiku Pantai
Parangtritits, Desa Krebet, lan Malioboro.
Menurutku Desa Krebet dadi destinasi paling menarik.
Ning Desa Krebet arek arek diajari sejarah, asal muasal,
lan carane gae topeng kayu seng nduweni nilai esteika
dukur. Ning Desa Krebet arek arek yo diajari carane
mbatik gae canting ning media topeng kayu. Iki
pengalaman pertamaku, gae awakku hal iki berharga
banget. Amarga aku oleh wawasan anyar lan amarga sak
banjure iki durung tentu aku iso mbatik maneh.
Malioboro yo dadi destinasi istimewa bagiku. Aku
seneng poto poto, lan malioboro tak anggep surga e spot
foto estetik. Mlaku bareng kanca kanca ning Pasar
Beringharjo gae golek spot foto seng apik yaiku
pengalaman endah seng ora bisa dilalikake. Gedong-
gedong vintage garai aku betah ning malioboro. Poto
poto sampek puas, poto poto sampek memori entek.
Sak liyane kui malioboro terkenal karo kulineran. Aku
sempet mampir ning bakul jajanan pasar. Nek wong
jowo ngarani e klanting. Warnae ijo pink ditambah gulo
abang seng legi garai aku nambah porsi terus. Sak
banjure mangan klanting arek arek ngejak aku ning toko
buku, panggone ning sebelah e Taman Pintar Malioboro.
Arek arek sempet kesasar, muter muter ora jelas podo
ora ngerti dalan hahahaha. Untunge salah sijine kancaku
due kuota gae buka Google Maps, sat set wat wet
alhamdulilah teka ning panggone toko buku.
Arek arek podo sibuk golek buku incerane. Ana sing
ning lantai ngusor ono sing ning lantai dhuwur. Jujur
ancen buku seng didol ning toko buku malioboro bukune
apik apik lan ragane miring banget. Bedo karo toko buku
ning Surabaya. Aku nemu buku judule “Jejak Langkah”
buku iki karangan pengembara terkenal seng jenenge
Fiersa Besari. Aku kaget banget pas oleh buku iki.
Regane murah banget, cuman 25,000, padahal nek ning
Gramedia buku iki didol regane 98.000 meh satus ewu.
Hahahahahha lumayan hokki.
Oiyo aku duwe hal seng menurutku terobosan apik soko
pemerintah. Dadi seminggu sak banjure aku tekan Jogja,
Pemkot Jogja ngadaake kebijakan seng neng endi isine
tentan penertiban PKL Malioboro. Krungu-krungu ku se
PKL Malioboro ditertibno, dipindah, difasilitasi, lan
dilumpukno dadi siji ning sawijing panggonan. Jenenge
Teras Malioboro. Dadi Teras Malioboro iki salah
sawijing program.pemerintah Yogyakarta gawe
nertibake pedagang trotoar sing ana ning Malioboro.
Kabeh mulai pedagang souvernir sampek kuliner
dilumpukno dadi siji ning Teras Malioboro. Program iki
nduweni dampak positif kan negatif, positife kawasan
malioboro dadi resik lan luwih tertib, dampak negatif e
kawasan Malioboro kelangan ciri khas e seng ana mulai
jaman mbengen, Malioboro ora rame koyo jaman
mbengen.
Oiyo wektu perjalanan balik saka Yogya aku sempet
kaget karo kuliner asli Solo, kenopo kaget? “Sate Guk-
Guk” Tongseng Guk-Guk” wahhhhh ketok e se unik
hahahahha tapi sayang raiso nyoba HARAM hmm.
Perjalanan balik gaono seng berkesan, lewat tol lan
perjalanan bengi seng jagade peteng ndedet. Ditinggal
turu ujug-ujug wos tekan Sidoarjo. Hadehhh sesok wes
mbalik ning realita urip, seng kadang pahit koyo kopi
hahaha.
2 sasi mlaku akhire aku kena Omicron, pertama kali
semenjak wayah copit 2020. Sedih lan seneng dadi siji.
Sedih e ora oleh metu omah lan kudu ngombe obat
sabendino, awak podo loro kabeh, lan napsu mangan
ilang. Ehhh tapi yo ono seneng e hehe, kena kopit dadi
surga panganan lan buah buahan nde omah. Meh
sabendino akeh wong-wong sing ngirimi panganan
awujud roti, sayur, iwak san sapanunggale. Sak liyane
kui yo akeh wong sing ngirimi parcel buah seng isine
uwakeh, yo gedhang, apel, pear, pelem anggur lan
liyane. Bayyohhh enak to hehe.

Anda mungkin juga menyukai