A. Kompetensi Inti
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (toleransi,
gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan
lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin
tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan
kejadian tampak mata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah
dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori
C. Tujuan Pembelajaran
Sikap
Sikap Spiritual
1. Dengan terlibat secara aktif dalam proses pembelajaran (C) , peserta didik (A) dapat
berdoa (B) sebelum dan sesudah kegiatan pembelajaran dengan baik (D).
2. Dengan terlibat secara aktif dalam proses pembelajaran teks cerita cekak “ Topeng ”
peserta didik dapat menggunakan bahasa Jawa sebagai sarana memahami informasi
tulis dengan tepat.
3. Dengan terlibat secara aktif dalam proses pembelajaran teks cerita cekak “ Topeng ” ,
peserta didik dapat menggunakan bahasa Jawa sebagai sarana menyajikan informasi
lisan dan tulis sesuai dengan tata krama/santun.
Sikap Sosial
1. Selama dalam proses pembelajaran struktur teks cerita cekak “Topeng”, peserta
didik dapat membiasakan berperilaku jujur dalam berbicara.
2. Selama dalam proses pembelajaran struktur teks cerita cekak “ Topeng”, peserta didik
dapat berperilaku kreatif dalam berbahasa Jawa
3. Selama dalam proses pembelajaran struktur teks cerita cekak “ Topeng”, peserta didik
dapat berperilaku tanggung jawab dalam berbahasa Jawa.
4. Selama dalam proses pembelajaran struktur teks cerita cekak “ Topeng”, peserta didik
dapat berperilaku santun dalam berbahasa Jawa.
Pengetahuan
1. Melalui kegiatan mendengarkan pembacaan cerita cekak “ Topeng ” peserta didik
dapat menganalisis struktur teks cerita cekak.
2. Melalui kegiatan mendengarkan pembacaan cerita cekak “ Topeng ” peserta didik
dapat menganalisis unsur kebahasaan teks cerita cekak.
3. Melalui kegiatan mendengarkan pembacaan cerita cekak “ Topeng ” peserta didik
dapat menyimpulkan pesan moral teks cerita cekak.
Keterampilan
1. Setelah belajar tentang isi teks, peserta didik dapat membaca cerita cekak ” Topeng ”
dengan lafal dan intonasi yang tepat.
2. Setelah belajar tentang isi teks, peserta didik dapat merangkum isi cerita cekak “
Topeng ” dengan baik.
3. Setelah belajar tentang isi teks cerita cekak “ Topeng ” peserta didik dapat
menceritakan relevansi isi cerita cekak dengan kehidupan sehari-hari.
D. Materi Pelajaran*
Pertemuan I
Pertemuan II
3) Unsur kebahasaan teks cerita cekak.
4) Pesan moral dalam teks cerita cekak.
5) Sinopsis teks cerita cekak.
6) Relevansi isi cerita cekak dengan kehidupan sehari-hari
* Materi terlampir
E. Metode Pembelajaran
1. Pendekatan : Saintifik/ Kontekstual
2. Model : Pembelajaran Berbasis Teks (Genre-based Aproach)
Model pembelajaran kooperatif
3. Metode : Jigsaw, tanya jawab, diskusi
Pengorganisasian
Kegiatan Deskripsi Kegiatan Peserta Alokasi
didik waktu
Guru memberi salam 5 menit
Pendahuluan
Siswa melakukan doa
Guru menyiapkan kondisi dan motivasi
siswa dalam belajar.
Guru melakukan apersepsi melalui
kegiatan bertanya jawab tentang karya
sastra fiksi.
Guru menyampaikan tujuan pembelajaran
meliputi aspek sikap (sikap spirutual dan
sikap sosial), pengetahuan, dan
keterampilan.
Kegiatan inti Peserta didik bersama guru melakukan 40 menit
pembelajaran berbasis saintifik dengan
langkah-langkah sebagai berikut:
Mengamati:
Peserta didik mendengarkan pembacaan
teks cerita cekak “ Topeng ”
Menanya:
Peserta didik bertanya jawab tentang
unsur intrinsik cerita cekak: tema, alur,
penokohan, latar, dan pesan
pengarang(amanat).
Mengumpulkan informasi:
Peserta didik mencari bukti watak baik
tokoh utama dalam teks cerita cekak.
Peserta didik mengidentifikasi peristiwa
yang membentuk plot dalam teks cerita
cekak.
Mengasosiasi:
Peserta didik membandingkan watak
tokoh utama dengan tokoh yang lain
dalam cerita cekak.
Mengomunikasikan:
Peserta didik menyampaikan hasil
diskusi tentang watak tokoh utama,
urutan peristiwa beserta pembuktiannya
dengan bahasa Jawa yang benar dan
santun.
Penutup Guru bersama peserta didik melakukan 5 menit
refleksi hasi pembelajaran
Guru memberi tugas sebagai perbaikan
dan pengayaan
Guru menutup pelajaran
Guru menginformasikan untuk KD
pertemuan berikutnya
Pertemuan 2
Pengorganisasian
Kegiatan Deskripsi Kegiatan Peserta Alokasi
didik waktu
Guru memberi salam 5 menit
Pendahuluan
Siswa melakukan doa
Guru menyiapkan kondisi dan motivasi
siswa dalam belajar.
Guru melakukan apersepsi dengan
mengingatkan kembali materi yang telah
dipelajari pada pertemuan sebelumnya.
Guru menyampaikan tujuan pembelajaran
meliputi aspek sikap (sikap spirutual dan
sikap sosial), pengetahuan, dan
keterampilan.
Peserta didik bersama guru melakukan 40 menit
Kegiatan inti
pembelajaran berbasis saintifik dengan
langkah-langkah sebagai berikut:
Mengamati:
Peserta didik menandai/mencatat hal-hal
penting yang terkait dengan teks cerita
cekak “ Topeng ”
Menanya:
Peserta didik bertanya jawab tentang
penggunaan unggah-ungguh dalam
cerita cekak “ Topeng ”.
Peserta didik bertanya jawab tentang
pesan moral di dalam teks cerita cekak.
Mengumpulkan informasi:
Peserta didik berdiskusi tentang unsur
kebahasaan teks cerita cekak “ Topeng”.
Peserta didik mendiskusikan isi teks
cerita cekak “ Topeng ”
Peserta didik mendiskusikan pesan
moral dalam teks cerita cekak
“ Topeng”.
Peserta didik berdiskusi tentang
relevansi isi teks cerita cekak dengan
kehidupan sehari-hari.
Mengasosiasi:
Peserta didik menyimpulkan isi teks
cerita cekak.
Mengomunikasikan:
Peserta didik membaca teks cerita
cekak dengan lafal dan intonasi yang
tepat.
Peserta didik menceritakan kembali isi
cerita cekak,
H. Sumber Belajar
1. Istuningsih, Sri Ismini. 2014. Antologi Cerita Cekak Pralampita. Tulungagung:
Paramarta
2. Kementrian Pendidikan Nasional. 2011. Pedoman Umum Ejaan bahasa Jawa Huruf
Latin yang Disempurnakan. Yogyakarta: Balai Bahasa
3. Mangunsuwito, S.A. 2002.Kamus Bahasa Jawa, Jawa-Indonesia. Bandung: CV. Rama
Widya.
4. Sry Tjatur Wisnu. 1989. Unggah-ungguh Basa Jawa. Yogyakarta:Elmatera Publishing.
5. Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia:J.B. Wolters.
I. Media Pembelajaran
1. Alat :
LCD/Laptop. CD Interaktif rekaman pembacaan cerita cekak.
2. Bahan :
Antologi Cerita Cekak Pralampita
Kalawarti Jaya Baya, Panjebar Semangat.
A. Penilaian
1. Sikap spiritual dan sosial
a. Teknik Penilaian : Pengamatan/ Observasi, Penilaian Diri, Penilaian Antar
Peserta Didik, dan Jurnal
b. Bentuk Instrumen : Lembar Observasi, Lembar Angket, Catatan Guru
c. Kisi – kisi :
LEMBAR PENGAMATAN DIRI
2. Pengetahuan
a. Tehnik Penilaian : Tes tulis/tes lisan, penugasan (produk)
b. Bentuk Isntrumen : Tes Objektif, Tes Uraian Non Objektif/ Uraian
Objektif
c. Kisi – kisi :
3. Keterampilan
a. Teknik Penilaian : P1= Evaluasi Produk Dan P2= Evaluasi Unjuk Kerja/ Tes
Praktik
b. Bentuk Instrumen : Lembar Penilaian
c. Kisi-kisi :
LEMBAR PENILAIAN KETRAMPILAN
Mengetahui,
Kepala SMPIT As Salam Guru Mata Pelajaran
Susi Wijayanti, S.Psi, S.Pd, M.Pd Ita Ayu Dewi Lestari, S.Pd
LAMPIRAN-LAMPIRAN:
I. LAMPIRAN MATERI :
A. Crita Fiksi lan unsur Intrinsikipun
Wacan ing ngisor iki wacanen kang titi!
TOPENG
Dening : Oemaryanto
Buntelan sing diwadhahi tas kresek ireng iku dicepitake ing boncengan buri.
Lawang omahe digembok banjur nggenjot sepedhah jengkine urut dalan padesan. Ora
suwe wis tekan dalan gedhe jurusan Jombang – Kandhangan, sing isih sepi saka
kumliwere kendharaan. Sauntara ing brang wetan, sunare surya wiwit sumamburat
abang.
Alon-alon Syahri mancal sepedhahe. Saka omahe ing Kandhangan nguon-ngidul
parane. Dina iki sing dituju pasar Pamenang – Pare. Simbah saka putu lanang siji thil iki
suthik dikalahake karo umur. Kisut tuwa lan krenggosane napas dudu pepalang
kanggone Syahri kanggo ngisi dinane kanthi tangi isuk lan tumandang gawe sadurunge
srengenge njedhul.
“Ayo, Dhik Kasun. Aku dhisik...” sapane marang Kasun Parno sing lagi ngenteni
bojone ing ngarep wartel Mawar. Sing disapa mlengos, mbuwang panyawang karo
ethok-ethok ora krungu. Syahri ora kaget. Batine mung mesem. Wis ngira yen sapa
aruhe bakal ora dipaelu. Mulane dadi uwong gak usah neka-neka, batine maido
tanggane iku. Kurang luwih seminggu kepungkur Kasun Parno mampir omahe. Saka
bale desa, sebab panas banjur ngisis ing emper lungguh lincak ngarepan omahe Syahri
sing pancen isis. Kebeneran awan iku Syahri lagi ngresiki topeng-topeng tinggalane
wong tuwane. Topeng-topeng iku wis tuwa. Kayune ireng nggales, kelir lan cete akeh
sing wis burem. Biyen ana sing arep nuku, nanging ditulak. Senajan ajine ora sepira
nanging topeng-topeng iku kabeh dianggep warisane kulawarga. Mung loro sing
gaweyane Syahri dhewe.
Garapane kasar, wangune kaya badhut, pating pendhosol kaya wong lahi
ngenyek lan nyungir. Ing burine ana kain kanggo nutupi sirah. Dadi sapa bae sing
nganggo topeng iku ora bakal diweruhi sapa sing ana walik topeng iku. Iya topeng
badhut rai abang lan ireng iku sing saben dina diajak makarya mbarang turut pasar.
“Topeng kaya badhut iki kok beda karo liyane, Kang?” pitakone Kasun Parno
nyekel topeng badhut praen abang.
“Iya, wong gaweyanku dhewe. Bahane saka kayu waru. Takgarap sabisaku, sing
penting ngrejekeni,”
“Saka kelire isih anyar ya, Kang?”
Syahri banjur nerangake yen nggawene rong taun kepungkur sawise Karmidi
anake rabi lan boyong menyang Bogor kae.
“Wah, bolongane mripat kurang amba, Kang iki,” kandha ngono Kasun Parno
karo njajal topeng badhut sing praen ireng.
“Ora apa-apa, Dhik. Nganggo topeng iku bisa weruh kanyatan tanpa disumurupi
dening liyan,”
“Maksude, Kang?”
“Nalika takenggo nyambut gawe mbarang turut toko, ora nyana aku weruh salah
siji prangkat desa sing lagi boncengan karo wanita liya...” kandhane Syahri isih karo
ngelapi topeng-topenge.
“Sapa? Sampeyan nate weruh sapa, Kang?” Kasun Parno kandha lirih karo
nyedhaki lungguhe Syahri sing mung ana dhingklik ngisor iku.
“Pokoke ya prangkat desa, sing mesthine dadi contone warga. Wanita sing
dibonceng dudu bojone. Kira-kira ya... wong digonceng ki sajak mesra banget. Ndadak
lendhetan barang neng pundhake sing bonceng...”
Durung tutuk olehe crita Kasun Parno ngadeg nyat lan njaluk pamit kesusu
banget.
“Lho, Dhik.. bukune kari.. iki lho...”
Sepisan maneh Syahri mesem. Sepedhah jengkine digenjot alon sajak tanpa
sanggan. Akeh sing wis disumurupi. Akeh wong sing wis dikonangi. Mulane ngamen
topeng badhut iku ditlateni. Ora mung asile nanging pengalaman-pengalaman sing
bareng tuwa iku bisa nguwatake imane, nggedhekake rasa syukur marang Gustine.
Tekan buk pinggir kali ana sawetara pemudha lagi cangkruk. Ana sing nggawa
gitar lan ketipung. Sajake lagi ngenteni liwate bis esuk.
“Ayo, Mas. Menyang pasar ora?”
Nadyan sapa aruhe iku mau cetha dirungu, nanging para mudha iku ora ana sing
wangsulan. Salah sijine sing klambi kothak-kothak malah mentheleng sajak nyimpen
dendam. Syahri ngguyu plengeh. Mulane nyambutgawe ing pasar sing bener, Le, batine.
Telung dina kepungkur Syahri lan topeng badhute ngonangi klambi kothak-kothak
mau nyopet ing pasar Peterongan. Nalika dheweke wiwit ngamen, tetembangan karo
nauh terbang cilik. Sirahe lenggut-lenggut awake obah manut wiramane lagu. Lho kok
dumadakan ana pemudha loro melu suk-sukan ing antarane ibu-ibu sing blanja. Sing
klambi kothak-kothak banjur ngetokake silet. Tas kulit iku suwek kena silet. Isine
diodhos-odhos. Dhompet, hp, dicopet lan kanthi cepet dilungake kancane. Sing nampani
enggal sumingkir ngadoh saka kerameyan.
Ora suwe kedadeyane. Ibu-ibu sing kecopetan bengok-bengok. Pemudha klambi
kothak-kothak iku nyingkir mbalik dalan. Saking kesusune nubruk Syahri sing wis tekan
burine. Pemudha iku mandheg sedhela. Mripate menthelengi Syahri sajak ngincim, ora
sah melu cawe-cawe. Sing dipenthelengi mung mesem. Naning eseme ora ketok sebab
ketutupan topeng badhut ireng.
Dina iki topengku weruh sapa nyopet lan sapa sing dicopet tanpa bisa tumindak
apa-apa. Mulane sing klambi kothak-kothak ing pinggir dalan iku mentheleng tajem
nalika disapa Syahri. Salahmu dhewe, Le, batine Syahri.
Wusana Syahri tekan ing pasar Pamenang sing wis wiwit rame dening umyeke
wong dol tinuku. Sepedhah jengkine dituntun lan dititipake ing warung langganane.
Buntelan ing tas kresek dijupuk nuli jumangkah tumuju toilet. Sepuluh menit sabanjure
Syahri wis njedhul saka toilet. Sandhang penganggone wis salin. Klambine tambal-
tambal nganti sadhengkul dawane. Wetenge mblendhuk, nganggo topeng badhut lan
nyekethem terbang cilik. Banjur terbang ditabuh, lambene wiwit nembang ing sangarepe
bakul. Dhuwit klithik pawewehe bakul lan uwong sing padha welas dilebokake ing
kanthong klambi sing sengaja digawe luwih gedhe.
Uga ana bakul sing ora menehi tur malah grenengan. Syahri ora ngresula.
Saumpama Syahri arep mecucu apa ngece-ece uga ora ana sing ngerti sebab kabeh mau
ketutupan topeng badhut rai ireng iku.
Tekan bakul pracangan sisih pojok kidul jangkahe Syahri kandheg. Anggone
tetembangan saya lirih. Sirahe menga-mengo. Swarane terbang uga wis ora pati ana
wiramane. Saka walike topeng Syahri weruh ana sawenehing wanita lagi blanja karo
nggandheng anake lanang sing isih cilik. Wanita iku ditamatake. Jebul Hardini, mantune
dhewe sing kudune ana ing Bogor kana. Kapan olehe bali? Dhadhane Syahri tratapan.
Sauntara bocah cilik iku wiwit wedi. Bocah iku wedi marang topeng badhut praen ireng
sing dianggo Syahri.
“Ora sah wedi,.. ora apa-apa kok!” kandhane ibune semu kudu ngguyu. Syahri
mundur alus. Dheweke enggal metu saka jero pasar. Nuli lenger-lenger ing trotoar ngisor
wit waru. Topenge isih dienggo, jantunge isih dheg-dhegan. Apa mantuku iki entuk cuti
saka pabrik? Dheweke bali dhewe apa bareng karo Karmidi? Kapan tekane? Apa Hardini
njujug omahe wong tuwane ing kana? Pikirane Syahri saiki umyek, kaya umyeke wong-
wong ing pasar.
Saploke Karmidi, anake lanang rabi entuk Hardini lan nyambutgawe ing Bogor
kana, Syahri pancen arang-arang banget ketemu. Mung setaun sepisan, yen dhong
riyayan. Sauntara Syahri sing lumuh nganggur iku, uga ora tau krasan yen mung meneng
ana omah. Dheweke uga suthik yen mung njagakake kiriman blanja saka Karmidi.
Sedhenge tenaga tuwane wis ora kuwat nyandhak pegaweyan kasar. Mula banjur nekad
ngamen turut dalan, turut pasar.
Pegawayan iku ora dingerteni dening anake lanang uga mantune si Hardini.
Anggone ngamen nganti tekan puluhan kilometer adohe saka desane. Tangga teparone
wae arang sing ngerti yen Syahri iku pengamen. Malah ora sithik sing ngira yen dheweke
iku bakul topeng. Lan dina iki anggone ngamen jebul adhep-adhepan karo mantune
dhewe. Muga-muga bae dheweke ora ngerti.
“Topeng nakal!” aloke bocah cilik saka burine Syahri.
Klothak! Tangane bocah cilik iku nyampe topenge Syahri. Karet sing nyanthol ing
kupinge pedhot, topenge coplok lan ceblok ing pangkone Syahri. Syahri gragapan kaget.
“Lho?...Pak! Njenengan kok... ” aloke Ibune si bocah mau semu ora percaya.
Syahri klincutan. Lambene rinasa abot ora bisa guneman. Dipeksa mesem kanggo nutupi
isin, tetep ora bisa. Sedhenge wanita sing ora liya Hardini iku jumangkah nyedhak, batine
isih ora percaya karo apa sing dinulu.
“Sepurane...Ndhuk...,” guneme Syahri kaya kolu ing gorokane. Topenge saiki
ngglundhung ing lemah.
Topenge sing gumlethak neng lemah dijupuk. Topeng sing dianggep bisa weruh
kasunyatan tanpa disumurupi liyan, topeng sing bisa gawe seneng lan wedine liyan,
topeng sing bisa dijak nyambutgawe. Topeng sing sasuwene iki bisa kanggo ndhelik saka
kanyatan, jebul dina iki wis miyak wadine dhewe.
*****
(Jaya Baya 12, 2005 : 28 - 19)
1. Crita Fiksi
Crita fiksi punika nggadhahi teges khayalan.
Crita fiksi punika ing sastra Jawi kathah sanget, ing sastra tulis umpamini pun crita
cekak (cerkak), roman sacuwil, wacan bocah, alaming lelembut, crita sambung, kalebet
ugi crita rakyat.
Ing pundi saged dipun panggihi crita fiksi sastra Jawi? Ing jaman sapunika gampil
sanget. Ing majalah utawi kalawarti basa Jawi, ugi ing buku-buku terbitan saking karya
sastra jawi kalawau.
Cerkak punika kalebet crita fiksi. Cerkak saking tembung crita cekak, inngih
punika karangan awujud gancaran ingkang ringkes tur padhet, maksudipun nyariyosaken
kedadosan saking wiwitan ngantos wekasan kanthi cara ingkang ringkes utawi cekak.
Cerkak punika keunggulan ipun senaosa ringkes nanging isinipun saged nabet ing manah.
3. Kawruh Basa
- Dasanama; dasa = sepuluh, nama = aran
Tembung dasanama yaiku tembung kang duweni teges pirang-pirang utawa padha
tegese = sinonim.
Tuladha dasanama ing ngisor iki pahamana kanthi tliti!
1. Anak : atmaja, suta, siwi, sunu, yoga, putra
2. Angin : bajra, bayu, maruta, samirana, sindung, riwut, pawana
3. Ati : driya, galih, manah, kalbu, nala, prana, tyas, wardaya.
4. Awak : angga, badan, sarira, salira, raga.
5. Banyu : toya, her, warih, ranu, tirta, we, sindu.
6. Lsp
Ukara Ora Langsung iku mung dicritakake bae apa sing diucapake. Panulise ora
perlu tandha kutip. Ditulis padha kaya basa gancaran ing pada/paragraf.
Tuladha :
1. Aku mbengok banter lan ngandhani wong-wong mau yen aku ora melu.
2. Aku dadi kelingan ngendikane Pak Guru, yen taun iki aku kudu munggah kelas,
ora kena kaya taun wingi.
3. Wong tuwa iku nyedhak karo nyekeli wetenge. Sabanjure dheweke ngomong yen
wetenge lara sebab luwe. Dheweke pengin digolekake panganan apa-apa kanggo
ngiseni wetenge sing keluwen iku.
3. Lembar pengamatan
No. Aspek penilaian Skala Penilaian
5 4 3 2 1
1 a. Kulina ndonga sadurunge miwiti lan
mungkasipasinaon Basa Jawa.
b. Kulina migunakake Basa Jawa kanggo
ngomong karo sapa bae (guru, kanca)
nalika jam pelajaran.
c. Kulina ngetrapake tatakrama nalika ing
pasrawungan.
2 Jujur nalika mangsuli pitakon-pitakon ngenani
wacan crita cekak manut panemune dhewe
3 a. Tanggungjawab marang tugas pribadi
b. Tanggungjawab marang tugas kelompok.
4 a. Ngurmati panemune wong liya nalika
diskusi.
b. Migunakake tembung kang pas (ora kasar
lan kemproh) nalika ngomong lan takon
ing diskusi.
Nama : .............................
Kelas/No absen : ................
B. Pengetahuan
1. Sapa paraga utama ing cerkak iku, lan kepriye watake?
2. Kepriye urutan prastawa ing cerkak “Topeng” iku?
3. Apa temane cerkak “Topeng” iku?
4. Apa piwulang budi pekerti sing bisa kapethik saka crita cekak “Topeng”?
5. Critakna kanthi ringkes, kepriye isine cerkak “Topeng” gegayutan karo kahanan ing
jaman saiki.
Kunci Jawaban
1. Paraga utama : Syahri, watake : tuwa, kisut, simbah saka putu lanang siji thil, sregep,
tansah syukur marang Allah.
2. Urutane prastawa kawiwitan nalika Syahri budhal ngamen menyang pasar Pamenang
Pare, sadawane dalan ngeling-eling prastawa kang wis disumurupi wiwit Kasun Parno
sing selingkuh, pemudha ngamen sing nyambi nyopet, nganti sawijining dina
pegaweyane dikonangi dening mantune dhewe lan putune ana ing pasar Pamenang.
3. Tema cerkak : Pak Syahri tukang mbarang topeng.
4. Piwulang ing cerkak : - urip iku kudu ati-ati, ora kena njaluk menange dhewe.
5. Isine cerkak “Topeng” gegayutan karo kahanan ing jaman saiki, isih ana wong wis tuwa
sing ngrekadaya dhewe kanggo nyukupi butuhe senajan duweni
anak cukup, ora gumantung marang pawewehe anak, tanpa
maelu panemune wong-wong sakupenge, sing penting
pegaweyan mau bener lan khalal.
c. Keterampilan
a. Teknik Penilaian : P1= Evaluasi Produk Dan P2= Evaluasi Unjuk Kerja/ Tes
Praktik
b. Bentuk Instrumen : Lembar Penilaian
c. Kisi-kisi :
2 Banter/lirihne swara
Critane urut, runtut cocok karo isine
3
cerkak
Penilaian :