Anda di halaman 1dari 2

ASAL USUL KOTA SEMARANG

NYANYI:

Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir tak ijo royo royo

Tak sengguh panganten anyar

Kancaku kancaku ayo rene rungokno

Rene rene kumpulo, aku duwe crito apik

Cerito… cerito.. sing ono ning semarang

Ayo podo rungokno kango kenal kota Semarang

Assalammualaikum waroh matullahi wabarokatuh

Dewan juri ingkang kinurmatan

Bapak ibu guru ingkang kula hormati

Nami kula Avriela Zahra Sanvita saking SDN Bangetayu Wetan 02

Badhe ngaturake dongeng “Asal Usul Kota Semarang”

Nalika samana, Kasultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran

Made Pandan duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijing dina, Pangeran

Made Pandan lan putrane sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan

sawijining alas kang gung liwang-liwung, Pangeran Made Pandan leren banjur

mbuka alas mau dienggo nenandur lan pomahan.

Emane durung ngrasakake kasile, Pangeran Made Pandan banjur seda. Sadurunge

seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling, "Ngger anakku Pandan Arang, olahen

papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene! amarga

mengkone bakal dadi panggonan kang reja."


Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan

papan mau katon ijo royo-royo, subur, lan makmur. Pangeran pandan Arang

neruske perjuangane bapak,e nyebarake agamo islam ono ing papan mau.

Sawijining dina, ana kang aneh saka papan mau. Lemahe subur nanging ana wit

asem sing thukule arang-arang. Marang para abdine, Pangeran Pandan Arang

ngendika, "Rakyatku, papan iku kalebu aneh. Coba delengen lemahe subur nanging

thukulan aseme arang-arang. Mula kang saka iku, papan iku dakjenengi Se-ma-

rang saka tembung asem kang arang-arang."

Sakmenika asal usul kota Semarang ingkang dados kutha kang rame lan dodos

ibukota provinsi Jawatengah

Wasana cekap sementen carios saking kula, menawi wonten kalepatan, kula

nyuwun pangapunten.

Wassalammualaikum waroh matullahi wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai