Anda di halaman 1dari 6

TUGAS PENGAYAAN BASA JAWA

KARNA KEPATEN EPS 251

HAFIZ ARFA FAHRUDDIN


X-9/16
DAFTAR ISI
ATUR PRAWACANA........................................................................................................................1
SINOPSIS VIDEO...............................................................................................................................2
TOKOH LAN PERAN........................................................................................................................3
KONFLIK CARITA LAN PENYELESAIAN..................................................................................3
NILAI MORAL...................................................................................................................................3
PANUTUP............................................................................................................................................3
ATUR PRAWACANA

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha
Agung sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken
matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha
para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun
sae punika saged purna.

Laporan karya tulis kanthi irah-irahan "TUGAS PENGAYAAN BASA JAWA" punika
minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem
njangkepi tugas mata pelajaran basa Jawa.

Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten
manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah
kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.
SINOPSIS VIDEO
1. RANGKUMAN VIDEO

Ing video sing wis disediakake ing google drive, yaiku episode 251 saka
Mahabharata, ana sawetara poin sing biso disompekno.

Ing episode 251, kuwi kacaritan proses adu kesaktene Arjuna kaliyan Adipati
Karna ing Perang Baratayudha sing manggon ana ing Padang Kurusetra. Diceritakake
yen loro – lorone iki lagi ngadu ilmu panahe, amarga Adipati Karna iku mihak
Kurawa, lan Arjuna mihak Pandawa. Adipati Karna ngetokake jurus – jurus andalane,
dibales karo Arjuna sing podo ngetokake kabeh juruse. Adipati Karna nduweni
serangan sing kuat banget, yaiku nyeluk Taksaka, sang raja ular. Arjuna nyoba gawe
mbales serangane, mung ora iso. Basudewa, utawa Krisna selaku kusire, ngidak tanah
supaya keretane geser, lan iso ngehindari serangan kuwi.

Basudewa nglakokno keretane ngadoh saka pertempuran. Adipati Karna izin


marang Duryudana kanggo ngejar, lan diizini. Akhire kusire Adipati Karna yo ngejar
keretane Arjuna. Kaping pirang – pirang Adipati Karna ngejak Arjuna gawe adu
panah. Arjuna sempet pingin langsung ngadu ilmune maneh, nanging ditolak dening
Basudewa, amarga Basudewa wis nduwe rencanae dewe.

Pas lagi ngejar, keretane Adipati Karna kejebak lumpur. Adipati Karna
mrentah kusire gawe ngangkat keretane, nanging kusire nolak, amarga dheweke
ngrasa yen kerjane mung ngendarai kreta, ora ngangkat kreta. Akhire Adipati Karna
mudun saka kretane lan ngejak Arjuna duel ora nggawe kreta. Basudewa ngenasehati
Arjuna, yen pangeran sing mudun saka kretane, kinurmatane ilang. Adipati Karna, wis
yakin yen dheweke bakalan ngalahno Arjuna nganggo Brasmastra. Nanging, pas
dicoba – coba, dheweke mesti gagal. Basudewa mrentah Arjuna gawe mbunuh
Adipati Karna, nanging Arjuna isih ragu, yen pengin mbunuh ksatria sing ora megang
senjata. Basudewa ngeyakinno Arjuna, yen Adipati Karna nglakokno hal sing podo
gawe Abimanyu. Arjuna akhire ngewenehi kesempatan kanggo Adipati Karna
ngetokke kesaktene 15 menit maneh, amarga ing 30 menit, matahari bakal terbenam.

Adipati Karna isih nyoba kanggo ngetokke kesaktene, nanging isih ora iso.
Adipati Karna dadi keinget marang gurune, Begawan Parasurama. Basudewa
ngemandhegno wektu, lan ngelingno Adipati Karna marang omongane gurune iku,
yen suatu saat, Adipati Karna bakal ora eling ilmune pas wektu sing penting. Iki
amarga Adipati Karna ngentukne ilmu ne karo ngejauhi moral, lan iku wis hukum
alam. Basudewa nakokno tujuane Adipati Karna sing usaha gawe entuk ilmu, sing
akhire berujung Adipati Karna sing sadar bahwa selama iki dheweke iku salah. Akhire
dheweke siyap kanggo nerima kasunyatan, yaiku mati ing tangan adike dewe, yaiku
Arjuna. Basudewa njalakno wektune, lan Adipati Karna mrentah Arjuna kanggo
mbunuh dheweke. Arjuna isih ragu, nanging akhire panah saka Arjuna nembus lehere
Adipati Karna, nyebabake Adipati Karna sekarat.
Pas Adipati Karna lagi sekarat, ibuke, Dewi Kunti ngrasa ana sing janggal,
kaya – kaya ngrasa yen sawijining anake bakal mati. Akhire, Dewi Kunti marani
Padang Kurusetra, lan ngerti yen anake, Adipati Karna wis sekarat sawise nglawan
Arjuna. Dewi Kunti nangis, lan nyesel yen mbiyen dheweke ngguwak Adipati Karna.
Kabeh Pandawa podo keheranan, amarga ibuke gelem mangku Adipati saka pihak
musuh. Dewi Kunti njelasno yen Adipati Karna wis sumpah yen dheweke ora bakal
mbunuh Pandawa. Yudhistira isih heran, lan nakokno kebenarane, nanging, Adipati
Karna njaluk yen rahasiane iki dirahasiakno wae. Nanging, Arjuna teko lan nakokno
opo sing dadi rahasia antara Dewi Kunti lan Adipati Karna. Dewi Kunti njelasno yen
Adipati Karna iku anak saka mantra sing diucapke Dewi Kunti, dadi Adipati Karna
iku anake Dewi Kunti. Sakmarine Dewi Kunti njelasno, kabeh Pandawa ora iso nahan
tangise

TOKOH LAN PERAN

1. Arjuna : Ksatria sing gagah, lan terhormat. Anggota Pandawa


2. Adipati Karna : Anake Dewi Kunti, ksatria sing terhormat. Bekti marang ibune
3. Basudewa : Bijak lan tenang. Pinter ngatur siasat. Kusire Arjuna
4. Duryudana : Pemimpin Kurawa. Tegas lan penuh dendam
5. Yudistira : Anak paling tua ing Pandawa. Bijak lan penasaran
6. Dewi Kunti : Ibu saka Pandawa lan Adipati Karna. Sayang marang anake

KONFLIK CARITA LAN PENYELESAIAN

Konflik sing diangkat nang crita iki yaiku Adipati Karna sing perang musuh Arjuna.
Dheweke ngrasa iso menang amarga ana kesaktene Bramastra, nanging akhire dheweke lali,
amarga ilmune ora berkah. Dheweke disadarno Basudewa, lan akhire nerima tekdir. Arjuna
mbunuh Karna.

NILAI MORAL

Nilai moral saka crita iki yaiku awake dhewe kudu nggolek ilmu nganti berkah, supaya ilmu
sing dientukno iku berkah lan ora bakal ilang.

PANUTUP

Cekap atur kula. Mugi manfaat menapa-menapa ingkang kula jabaraken wonten makalah
menika. Matur nuwun kalian pamaos,konco-konco, saha para rencang ingkang tansa
mbiyantu kula ndamel makalah menika. Nuwun anggihpun kula aturaken kaliyan tiang saha
sumber ingak bersangkutan. Nyuwun pangapunten menika kula kathah lepas ing makalah
menika.
https://drive.google.com/drive/folders/1Pt8nnmBb4Xttg2gPsgXKwLOhWl23OmlQ?
usp=drive_link
Link untuk video

Anda mungkin juga menyukai