Anda di halaman 1dari 14

PAMILIHANE TEMBUNG

(DIKSI) LAN PURWAKANTHI

Oleh:
Nanda Arif Wijayanti, S.Pd.
TEMBUNG LINGGA

Tembung lingga yaiku tembung


kang isih wutuh kang durung antuk
imbuhan apa-apa.
Tuladha: turu, pangan, lunga
TEMBUNG ANDHAHAN
Tembung andhahan yaiku tembung
kang wis owah saka asale (antuk
imbuhan kayata ater-ater, seselan,
panambang, imbuhan sesarengan).
Tuladha:
kegedhen, tinulis, gebugi,
kamanungsan
TEMBUNG RANGKEP
1. DWILINGGA
a. DWILINGGA WANTAH
b. DWILINGGA SALIN SWARA
2. DWIPURWA
3. DWIWASANA
TEMBUNG GARBA
Tembung garba yaiku tembung loro
utawa luwih sing digandheng dadi
siji sarana nyuda cacahing
wandane.
Tuladha:
Jalu + estri = jalwestri
Ana + ing = aneng
Tumeka + ing = tumekeng
DASANAMA (SINONIM)
Dasanama yaiku tembung kang padha tegese
utawa ameh padha tegese (tembung-embung
kang nunggal teges).
Tuladha:
Angkasa = akasa, awiyat, dirgantara, wihaya
Bumi = bantala, kisma, mandhala, pratiwi
TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja yaiku tembung loro kang
padha tegese utawa ameh padha tegese kang
lumrah dianggo bebarengan.
Tuladha:
ayem tentrem, guyub rukun, welas asih
PURWAKANTHI
1. Purwakanthi Guru Swara
yaiku purwakanthi kang padha
swara ing pungkasaning tembung.
Tuladha:
Becik ketitik, ala ketara
Ora ngedan, ora keduman
Witing tresna, jalaran saka kulina
2. Purwakanthi Guru Sastra
yaiku purwakanthi kang padha
tulisan utawa aksarane ing saben
wiwitan utawa tetembungan.
Tuladha:
Bobot, bibit, bebet
Katula-tula katali
Sing weweh bakal wuwuh
3. Purwakanthi Lumaksita (Basa)
Yaiku purwakanthi kang padha
tetembunge, tembung pungkasan
ukara kang ngarep, dadi tembung
wiwitan utawa candhake.
Tuladha:
Witing tresna, tresnane mung
sawetara
Mangan ati, atine sing kelara lara
KAPUSTAKAN
Nuraini. Pepak Basa Jawa Lengkap. Lingkar
Media
Setyarini, A. Modul Bahasa Jawa. Surakarta: CV
Graha Pustaka
Sofwan. (2011). Kawruh Aruming Basa.
Surakarta: PT Widya Duta Grafika
Sutardjo, I. (2008). Kawruh Basa saha
Kasusasran Jawi. Surakarta: Jurusan Sastra
Daerah-FSSR UNS
GLADHEN
1. Ana awan, ana pangan
2. Tatag, teteg, bakal tutug
3. Makuta, makuti, makuten
4. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
5. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
6. Remuk rempu, rempu dadi awu
7. Ati karep, bandha cupet
8. Sing sapa goroh growah
9. Bareng wis makmur, lali marang sedulur
10. Saking tresna, tresnane mung samudana
11. Janji jujur jajahane mesthi makmur
12. Tatune methunthung mentheng-mentheng
13. Ora cepet, ora ngliwet
14. Tiwas sayah, ora paedah
15. Rujak dhondhong, rujake sisane kalong
16. Wong bungah sok nemu susah
17. Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang
kaling
18. Aja dumeh menang, banjur tumindak
sawenang-wenang
19. Inggah inggih nanging ora kepanggih
20. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik

Anda mungkin juga menyukai