Anda di halaman 1dari 4

MATERI UJIAN SEKOLAH

BAHASA JAWA

2020/2021

1. Tembung lingga & andhahan

2. Tembung rangkep

3. Macapat Gambuh

4. Tembung sanepa

5. Rurabasa

6. Crita rakyat (legendha)

7. Dasanama

8. Unggah-ungguh basa

9. Aksara Jawa

TEMBUNG LINGGA & ANDHAHAN

Tembung Lingga (Kata Dasar)

Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh imbuhan apa – apa,
utawa tembung kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli. Tembung lingga isoh digolongake
wujud bebas (bentuk bebas). Tembung lingga ana kang dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa
telung wanda (suku kata).

Tuladha :

Turu
Tangis
Pari

Tembung Andhahan (Kata jadian)

Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka
tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag.
a. Ater - Ater
Ater-ater ing basa Jawa ana werna-werna, antarane : ny-, m-, n-, ng-, di-, ke-, dak-.
Tembung andhahan amarga oleh ater – ater umpamane :
Nyilih : ny- + silih
Mlaku : m- + laku
b. Seselan
Seselan ing basa Jawa antarane : -um-, -in-, lan –er-. Tembung andhahan amarga
seselan umpamane :
Gumuyu : um + guyu
Tinulis : in + tulis
c. Panambang
Panambang ing basa Jawa antarane: -an, -e, -ku, lan –en. Tembung andhahan amarga
oleh panambang umpamane :
Telatan : telat + -an
Awake : awak + -e
d. Wuwuhan Gabung
Tembung andhahan amarga oleh wuwuhan gabung umpamane :
Digawakake : di- + gawa -ake
Njupuki : n- + jupuk -i

TEMBUNG RANGKEP

Wujude tembung rangkep yaiku

1. Dwilingga
Dwilingga tegese sing dirangkep linggane utawa kata dasar.
➥Wujude dwilingga kaperang dadi telu, ana : a. Dwilingga wantah
b. Dwilingga salin swara
c. Dwilingga semu

a. Dwilingga wantah : dwilingga kang wujude sarana karangkep linggane tanpa owah-owahan.
Tuladha : ➤Lemu ➜ lemu-lemu
➤Lunga ➜ lunga- lunga
➤Mangan ➜ mangan-mangan

b. Dwilingga salin swara : dwilingga kang dumadine (saka tembung lingga dadi oleh seselan
- um-) sarana (dengan cara) ngowahi:
➥ Swaraning tembunge kang ngarep
Tuladha : ➤ Mlebu ➜ mleba-mlebu
➤ Mangan ➜ mongan – mangan
➤ Mulih ➜ mulah-mulih
Dadi katon cetha yen sing owah/berubah swaraning tembunge sing ngarep.

➥ Swaraning tembunge kang mburi


Tuladha : ➤ Kembang ➜ kembang-kembeng
➤ Slendhang ➜ slendhang- slendheng
➤ Pindhah ➜ pindhah - pindheh
Dadi katon cetha yen sing owah/berubah swaraning tembunge sing mburi.

➥ Swaraning tembunge loro-lorone, ngarep lan mburi


Tuladha : ➤ Gonjing ➜ gonjang-ganjing
➤ Compreng ➜ comprang-campreng
➤ Madhang ➜ modhang - medheng
Dadi katon cetha yen sing owah/berubah swaraning tembunge sing ngarep lan mburi.
c. Dwilingga semu : wujude kaya dwilingga nanging ora ana linggane utawa kata dasare.
Tuladha : ➤ Ari-ari ➤ Unyeng-unyeng
➤ Ugel-ugel
➤ Kolang-kaling
➤ Odong-odong lsp
2. Dwipurwa
Dwipurwa tegese sing dirangkep wanda utawa suka kata wiwitane (purwane wanda).
Tuladha : ➤ Juluk ➜ jejuluk
➤ Sepuh ➜ sesepuh
➤ Tuku ➜ tetuku

3. Dwiwasana
Dwiwasana tegese sing dirangkep pungkasane/akhire wanda.
Tuladha : ➤Cekik ➜ cekikik
➤Cekak ➜ cekakak
➤ Cenges ➜ cengenges

MACAPAT GAMBUH

Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra

Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra

Guru gatra : cacahing gatra saben sa pada.

Gambuh 5 gatra : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

SANEPA & RURABASA

Sanepa yaiku unen-unen saemper pepindhan, kedadean saka rong tembung.


( tembung kahanan lan tembung aran ) sing ngemu karep mbangetake.

Carane negesi sanepa yaiku digoleki kosok balene tembung kahanane, terus ditambahi tembung
kang ngemu surasa mbangetake,kaya ta banget.

Tuladhane :
1. Ambune arum jamban tegese ambune banger banget.
2. Awake kuru semangka tegese awake lemu banget.
3. Balunge atos debog tegese balunge empuk banget.
4. Polahe anteng kitiran tegese polahe akeh banget.
5. Rasane legi bratawali tegese rasane pait banget.
Rura Basa yaiku basa kang luput, nanging dianggep lumrah ana ing padinan, amarga wis ora bisa
dibenerake maneh. Rura tegese rusak utawa salah. Rura basa tegese basa sing wis rusak utawa
luput, nanging yen dibenerake dadi saya salah. Mula Rura basa uga diarani basa sing salah kaprah.

Tuladha :
1. Adang sega, benere adang beras, supaya dadi sega

2. Kelan lodheh, benere nggodog janganan supaya dadi sayur lodeh.


3. Nggodhok wedang, benere nggodhok banyu nek wis umob/mateng digawe wedang.
4. Mbunteli tempe, benere mbunteli dhele godhog kang wis dirageni supaya dadi tempe.
5. Njahit klambi, benere njahit kain supaya dadi klambi.

Anda mungkin juga menyukai