Anda di halaman 1dari 1

KESEHATAN GIGI

Sawonge tentu ora gelem ngalami lara untu karo ngalami sing jenenge untu
krowok lan macem-macem masalah untu liyane. Amarga kuwi, awake dhewe
kudu njaga kawarasan waja supaya ora ngalami menyang loro lelaraan
kesebut. Cara iki arep ngetengahake siji artikel sing bokmenawa ngguna
banget kanggo pamaca babagan kawarasan waja. Iki 5 cara gampang njaga
kawarasan untu kanthi becik lan bener :
Kita kedah nebihi dhaharan legi amargi mboten sae kagem kasarasan
waja kita. Dhaharan legi utawi manis kesebat badhe mengendap
wonten lebet sela-sela waja kita ugi ngrupikaken panggen uripeng
bakteri ingkang ingkang badhe ngrisak waja kita. Dhahar dhaharan
ingkang kathah ngandung kalsium kados alpukat, brokoli ugi kacang-
kacangan kagem kasarasan waja kita.
Mbiyasakna kagem nyikat waja kita kaping kalih sadinten utawi
sawising dhahar. Kersanipun tirah-tirah dhaharan mboten ngendap teng
sela-sela waja. Dadosipun waja kita badhe langkung waluya ugi resik
saben dintenipun.
Kita kedhah ngrawat waja kita piyambak kaliyan kasinggihan ugi
menawi wonten masalah kaliyan kasarasan waja kita kados gusi
ingkang ludiran (berdarah), utawi ingkang aboh Enggala menyang
dokter spesialis waja. Kersanipun masalah wonten waja kita kesebat
saged enggal dipun tambani.
Kita kedhah sowan datheng dokter spesialis waja kagem mriksani ugi
ngecek kasarasan waja kita saben 6 (enem) wulan sepisan.
Miwiti sakmenika ugi, saking kebiasaan ngeses utawi ngrokok. Amargi
kandungan nikotin lebet ses yektos mboten sae kagem kasarasan waja
kita.

Anda mungkin juga menyukai