Anda di halaman 1dari 6

Ragam Basa Jawi

Makalah
Dipundamel kagem njangkepi tugas mata kuliah Basa Jawi
Dosen Pengampu : Drs. Sukardi, S.Pd., M.Pd.

Dipundamel dening:

Wulan Raman Dhani (1401417134)

Kelompok 3

ROMBEL C
PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2019
BAB I
PAMBUKA

1.1 Wigatosing Rembag

Suku Jawi kagungan bahasa ingkang kawastanan bahasa Jawi. Bahasa Jawi
ngrupikaken bahasa ingkang unik. dipunngendikakaken unikamargi lebet bahasa Jawi
dipuntepang wontenipun tingkatan-tingkatan.
Lebet seratan menika kawastananaken kalih tingkatan kesebat inggih
punika setunggal, ragam Basa Jawi Ngoko lan Krama ingkang
sapriki tetap dipunginakaken kaliyan sae dening masyarakat ugi sekolah-sekolah
kaping kalih inggih punika ing kesugengan Jawi namung
dipuntepang ngoko lan krama. Lebet kesugengan Jawi lumrahipun mboten tepang
kaliyan rinci ngengingi bahasa madya (madya ngoko, madyantara,
madya krama), bahasa kedaton, ngoko andhap, antyabasa, ngoko andhap,bahasa antya
, kados ingkang dipunngendikakaken oleh Bastomi (1995:65).

1.2 Bab-bab Ingkang Wigatos Dipunrembag


Sak sampunipun kita maos saha mreksani wigatosing rembag, inggih punika babagan
Ragam Basa Jawi, kita saged manggih masalah-masalah ingkang saged tuwuh saking
pirembagan babagan Ragam Basa Jawi punika.
1.2.1 Punapa ingkang dipunwastani ragam Basa Jawi?
1.2.2 Kados pripun ragam Basa Jawi punika
1.3 Ancas
1.3.1 Ngaweruhi ingkang dipunwastani ragam Basa Jawi.
1.3.2 Ngaweruhi maneka warna ragam Basa Jawi.
BAB II
PEMBAHASAN

2.1 Pangartosan Ragam Basa Jawi

Miturut Bachman, 1990 ragam Basa jawi inggih punika maneka warna Basa Jawi
kang miturut pengageman, ingkang benten-benten, miturut topik ingkang
dipunngendikaaken, miturut hubungan pangandika saha lawan wicara, priyantun ingkang
dipungendikaaken, uga miturut pamadya pengendika.

2.2 Menaka Warna Basa Jawi

Bastomi (1995:65) ngendikakaken menawi tingkatan-tingkatan Basa Jawi


dipunginakaken kagem nunjukaken tingkatan masyarakat pangadikanipun, yaiku :

(1) ngoko, dipunginakaken masyarakat tingkat ngandap,


(2) madya, dipunginakaken dening masyarakat tingkatmadya, ugi
(3) krama, dipunginakaken dening masyarakat tingkat inggil.

Miturut masyarakat awam tingkatan tingkatan basa Jawi dipuntasikan dados kalih
tingkatan yaiku ngoko basa. Miturut Bastomi (1995:65) basa Jawi wonten pangageman
tingkatan-tingkatan bahasa ingkang cekap rinci.
Panyaturan bahasa Jawi tergantung wonten
benthenan umur, derajat, tingkat kekerabatan antawis ingkang ngendika lan dipunajak
ngendika, ingkang nunjukaken wontenipun ungah-ungguh bahasa Jawi. Mila saking
punika pangginaan bahasa Jawi saged dirinci kados ing ngandap punika:
a. Ngoko Lugu
Ngoko lugu wujude sedaya tetembungane migunakake tembung ngoko.
Ngoko lugu dipunginakaken kagem ngendikan antawisanipun priyantun ingkang sampun
kerencangan akrab ugi priyantun tua dhateng putranipun.
Tuladha:
1) Kowe mengko neng ngomah apa ora?
2) Amir ora mlebu sekolah jalaran lara weteng.
3) Kowe sida melu bapak menyang Sala apa ora ndug?
4) Mengko bengi sinau bareng neng ngomahmu ya?
b. Ngoko Alus
Ngoko alus wujude tembung-tembung ngoko ingkang dicampuri tembung krama kagem
priyantun ingkang dipunajak ngendikan. Ngoko alus lumrahipun dipunginakaken kagem
ngendikan antawisanipun priyantun diwasa ingkang sampun akrab ananging taksih sami,
priyantun yuswa dhateng priyantun timur ingkang dipunaosi, ugi kagem ngandikakaken
priyantun ingkang dipunaosi.
Tuladha:
1) Pak Amin wis rawuh apa durung?
2) Panjenengan arep tindak menyang Semarang dina apa?
3) Mas Anto arep siram saiki apa mengko?
4) Wingi Pak Dhe rawuhe nitih motor mabur.

c. Krama Lugu
Krama lugu wujude sedaya tetembungane ngagem tembung krama ananging
wewahanipun taksih migunakaken wewahan basa ngoko. Krama lugu tuladhane biyasane
dipunginakaken dening bakul ing peken menawi ngendika-ngendikan kaliyan priyantun
ingkang badhe pundhut.
Tuladha:
1) Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?
2) Mangke kula betakake dhateng daleme panjenengan.
3) Kopine sampun diunjuk eyang kakung.
4) Bapak kundure mangke jam kalih.

d. Krama Alus
Krama alus wujud tetembungane krama sedanten. Krama alus dipunginakaken kagem
priyantun timur menawi ngandikan dhateng priyantun yuswa,
karyawan dhateng pimpinan, ugi priyantun ingkang dereng tepang.
Tuladha:
1) Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.
2) Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3) Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.
4) Pak, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku basa Jawi.
BAB III

PANUTUP

3.1 Dudutan
Ragam Basa jawi inggih punika maneka warna Basa Jawi kang miturut pengageman,
ingkang benten-benten, miturut topik ingkang dipunngendikaaken, miturut hubungan
pangandika saha lawan wicara, priyantun ingkang dipungendikaaken, uga miturut
pamadya pengendika.

3.2 Pamrayogi

Kagem sedanten pamaos saged mangertosi ugi ngulinaaken unggah-ungguhipun Basa


Jawi ing kasugengan sadinten-dinten.
DAFTAR PUSTAKA
Wong jowo. 2012. Unggah-ungguh Basa Jawa. Dipunkutip dening: http://corojowo.blogspot.com/2012/11/unggah-
ungguh-basa-jawa.html Dipunakses wonten 7 September 2019 tabuh 15:36

Kak Yon. 2012. Ragam Krama Basa Jawa. Dipunkutip dening: http://abudaud2010.blogspot.com/2011/05/ragam-
krama-basa-jawa.html

Anda mungkin juga menyukai