Anda di halaman 1dari 18

MAKALAH

UNDHA – USUK BAHASA JAWA


UNGGAH - UNGGUH BASA JAWA
DAN TEMBANG MACAPAT

Disusun untuk memenuhi tugas


Mata Kuliah : Bahasa dan Etika Jawa
Dosen Pengampu : WASISNO, S.Pd. MHum

Disusun oleh :

NAMA : SEKAR DWI FEBRYANTI


NPM : 0820015261
KELAS : B PAGI
PRODI : PBSI

UNIVERSITAS PEKALONGAN
TAHUN 2020
1
ATUR PRAWACANA

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah


Ingkang Maha Agung sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen
kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga
pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga laporan
ingkang kasusun sae punika saged purna.
Laporan karya tulis kanthi irah-irahan Ringkasan Materi Undha Usuk Basa, Unggah
Ungguh Basa, lan Tembang Macapat. Punika minangka salah satunggaling sarana gladhen
nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi mata kuliah Bahasa dan EtikaJawa.
Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten
manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah
kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.

Pemalang, 21 Oktober 2020

Penyerat

1
DAFTAR ISI

Kata pengantar...................................................................................................1
Daftar Isi............................................................................................................2
Bab I Pendahuluan.............................................................................................3
a. Latar Belakang........................................................................................3
b. Rumusan Masalah...................................................................................3
c. Tujuan......................................................................................................4
Bab II Pembahasan............................................................................................5
1. UNDAH USUK BASA...........................................................................5
2. UNGGAH – UNGGUH BASA..............................................................7
3. TEMBANG MACAPAT.........................................................................9
Bab III Penutup Kesimpulan.............................................................................17
Saran..................................................................................................................17

2
BAB I
PENDAHULUAN

A. Latar Belakang Masalah


Bahasa dan sastra jawa seperti sekarang ini adalah hasil sebuah proses panjang
perjalanan masyarakat Jawa. Dalam perjalanannya, perkembangan bahasa Jawa tidak
bisa dipisahkan dari perkembangan sastra, karena itu dari seni-sastra, bahasa Jawa bisa
ditelisik perkembangannya. Lebih jauh lagi, bahasa Jawa dan seni-sastra jawa adalah
hasil proses perjalanan kekuasaan Jawa, dari jaman pra-kolonial, kolonial, hingga pasca-
kolonial.
Bahasa dan sastra Jawa sebagai salah satu sumber pendidikan karakter tidak perlu
diragukan lagi keberadaannya, karena dalam bahasa dan sastra Jawa syarat akan
pendidikan nilai yang merupakan substansi utama dari pendidikan karakter. Sudah
menjadi pengetahuan umum bahwa dalam bahasa dan sastra Jawa terkandung tata nilai
kehidupan Jawa, seperti norma, keyakinan, kebiasaan, konsepsi, dan simbol-simbol yang
hidup dan berkembang dalam masyarakat Jawa, toleransi, kasih sayang, gotong royong,
andhap asor, kemanusiaan, nilai hormat, tahu berterima kasih, dan lainnya. Pendidikan
karakter yang digali dari substansi bahasa dan sastra Jawa dapat menjadi pilar pendidikan
budi pekerti bangsa. Kini, ketika bangsa ini terkoyak oleh nilai-nilai moral, pendidikan
budi pekerti kembali mengemuka dengan nama yang lebih menjanjikan adalah
pendidikan karakter. Makalah ini akan membahas mengenai bahasa dan sastra jawa.

B. Rumusan Masalah
Penulisan makalah ini, dimaksudkan agar pembaca memiliki wawasan tentang bahasa
dan sastra jawa, mengenai:
1. Bagaimana persebaran bahasa jawa?
2. Bagaimana dialek bahasa jawa?
3. Bagaimana undhak-undhuk dalam bahasa jawa?
4. Bagaimana unggah-ungguh basa jawa?
5. Apa yang dimaksud dengan Macapat ?

3
C. Tujuan Penulisan
Adapun tujuan penyusunan makalah ini adalah mahasiswa dapat mengetahui tentang:
1. Persebaran Bahasa Jawa.
2. Dialek Bahasa Jawa.
3. Undhak-Undhuk Dalam Bahasa Jawa.
4. Tulisan Dan Aksara Jawa.
5. Unggah-Ungguh Basa Jawa.
6. Tembang macapat

4
BAB II
PEMBAHASAN

1. UNDHA USUK BASA


Menurut Haryawiyana dan Supriya (2001:17-19) undha-usuk basa dapat dipilah
menjadi dua, yaitu: undha-usuk basadi zaman kejawen dan undha-usuk di zaman modern.
Undha-usuk zaman kejawen yang dimaksud adalah zaman Keraton Surakarta dan
Ngayogyakarta Hadiningrat, sekitar tahun 1900 Masehi. Sedangkan undha-usuk di zaman
modern ditandai setelah proklamasi kemerdekaan embilan tanggal 17 agustus 1945.
Undha-usuk basa Jawa di zaman kejawen mengenal enam tingkat tutur. Sedangkan
undha-usuk di zaman modern mengenal dua tingkat tutr (Haryawijaya dan Supriya, 2001:18).
Tingkat tutur tersebut adalah:
1. Undha-usuk di zaman kejawen
a. Basa ngoko : Ngoko lugu
Ngoko andhap : antya basa
Basa antya
b. Basa madya : Madya ngoko
Madyantara
Madya krama
c. Basa krama desa
d. Basa krama : Mudha krama
Kramantara
Wredha krama
e. Basa krama inggil
f. Basa kedhaton
2. Undha-usuk di zaman modern
a. Bassa ngoko : Ngoko lugu
Ngoko alus
b. Basa krama : Krama lugu
Krama alus

5
Karti basa terbitan Kementrian PP dan K (dalam Sasangka. 2004) menyebutkan undha-usuk
basa terdiri atas tujuh tingkatan.
1. Basa ngoko : Ngoko lugu
Basa antya
Antya basa
2. Basa madya : Madya krama
Madyantara
Madya ngoko
3. Basa krama desa
4. Basa krama : Mudha krama
Kramantara
Wredha krama
5. Basa krama inggil
6. Basa kedhaton
7. Basa kasar
Tingkat tutur basa jawa yang disusun oleh Poedjasoedarma dkk (1979: 13), menyebutkan
bahwa tingkat tutur basa jawa terdiri atas tiga tingkatan yang masih dipilah-pilah menjadi
embilan bentuk.
1. Basa ngoko : Ngoko lugu
Ngoko antya
Antya basa
2. Basa madya : Madya krama
Madyantara
Madya ngoko
3. Basa krama : Mudha krama
Kramantara
wredhakrama

6
2. UNGGAH-UNGGUH BAHASA JAWA

Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining
maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo
nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu
trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa
iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging
sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:
1. Ngoko lugu
2. Ngoko alus
3. Krama lugu
4. Krama alus

A. Basa Ngoko Lugu


"Pengertian bahasa ngoko lugu adalah bahasa yang kalimatnya tidak ada yang diterjemahkan
ke bahasa krama"
Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.
"Pemakaian Bahasa ngoko lugu"
Panganggone:
a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
b. Menyang sing kaprenah enom.
c. Yen lagi ngunandika.
d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
Tuladha:
– Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?
– Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!

B. Basa Ngoko Alus


"Pengertian bahasa ngoko alus adalah bahasa yang kalimatnya ngoko kasar/lugu tetapi hanya
kata kerja saja dan kamu (panjenengan) yang diterjemahkan ke bahasa krama inggil/alus"
Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil.
"Pemakaian Bahasa ngoko alus"

7
Panganggone:
a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.
b. Garwane priyayi marang sing kakung.
c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.
Tuladha:
– Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa
takdherekake?
– Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?
– Yen kersa mengko dakaturi sejinah.

C. Basa Krama Lugu


"Pengertian bahasa krama lugu adalah bahasa yang kalimatnya semua memakai bahasa krama
madya"
Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)
"Pemakaian Bahasa Krama Lugu"
Panganggone:
a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
b. Garwane priyayi marang sing kakung.
c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.
Tuladha:
– Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta
sepedha motor mas?
– Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?

D. Basa Krama Alus


"Pengertian bahasa krama alus adalah bahasa yang kalimatnya semua memakai bahasa krama
alus/inggil"
Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap
wong sing diajak guneman).
"Pemakaian Bahasa Krama Alus"
Panganggone:
a. Wong enom marang wong tuwa.
b. Batur marang bendarane.
c. Murid marang gurune.

8
d. Andhahan marang pimpinane.
e. Kanca karo kanca sing durung kulina.
Tuladha:
– Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng
eyang, kula badhe tumut.
– Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika sanget.

3. TEMBANG MACAPAT

Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake
dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake
yaiku tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa
Jawa anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka
wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru
gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

Macapat kagolong geguritan tradisional Jawa, saben ayat macapat nduweni baris
ukara sing kasebut gatra, lan saben gatra nduweni sakrenane guru wilangan tartamtu, lan
akhir saka suara sing disebut guru lagu. Tembang macapat diartekne dadi maca papat-papat,
yaiku maksude cara maca sing kajalin saben papat suku tembung.

Pangerten Macapat

Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake
dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake
yaiku tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa
Jawa anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka
wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru
gatra, guru wilangan, lan guru lagu.Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang
dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat
digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa
kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora

9
dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan
uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.

Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih
gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang
basa Sanskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.

Aturan-aturan iku ana ing:


a. Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
b. Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c. Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Timbulipun Sekar Macapat

Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung


anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening
Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi.

Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun


meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming
basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa
Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung
Durma, kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.

Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn
rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.
Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang
cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning
panembangan macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat
minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglagokaké nada kapapat".Saliyané
maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.
Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning
para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga

10
istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng
tembang gedhé.

Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing bait (pada) saben pupuh bisa
kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait (pada) ora
mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.
Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar
diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning
Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang cilik
diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.
Gunggungipun tembang macapat
Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:
1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmarandana
5. Dhandhanggula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung
Watak lan Gunane Tembang Macapat
Nama Sekar :Watak Ginanipun
Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah
Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna
Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang
tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok
Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa
Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung

11
Pocung : sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon
Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun
Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong
Wibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan
Jurudemung : kenes (genit) mancing brahi
Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat
1. Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6. Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7. Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing
ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai
bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya
kang ing ngisor iki:
1. Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang
utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges
uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)
Sanadyan wong tuwa (6 a)
Yen duwe watek tan becik (8 i)
Miwah tindak tan prayoga (8 a)
2. Mijil

12
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Lan dimantep mring panggawe becik (10 i)
Lawan wekas ing ngong (6 o)
Aja kurang, iya panrimané (10 é)
Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)
Ing badan puniki (6 i)
Wus pepancen ipun (6 u)
3. Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom
supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

Nulada laku utama (8 a)


Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)
Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a)
Panembahan senapati (8 i)
Kepati amarsudi (7 i)
Sudaning hawa lan nepsu (8 u)
Pinesu tapa brata (7 a)
Tanapi ing siyang ratri (8 i)
Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)
4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku
ngambah panguripan ing alam ndonya.

Dadiya laku nireku (8 u)


Cegah dhahar lawan guling (8 i)
Lawan aja sukan sukan (8 a)
Anganggowa sawatawis (8 i)
Ala wateke wong suko(8 o)
Nyuda prayitna ning batin(8i)

5. Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang
kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.

13
Aja turu soré kaki (8 i)
Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipun (8 u)
wong melek sabar narima (8 a)

6. Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur
digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

Sekar gambuh ping catur (7 u)


Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)
Kadaluwarso katutur (8 u)
Kapatuh pan dadi awon (8 o)

7. Dhandhanggula
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa
kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak
kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu
ndandanggula.

Lamun sira anggeguru kaki (10 i)


Amiliha manungsa kang nyata (10 a)
Ingkang becik martabate (8 é)
Sarta kang wruh ing hukum (7 u)
Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)
Sokur oleh wong tapa (7 a)
Ingkang wus amungkur (6 u)
Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)

14
Iku pantes sira guranana kaki (12 i)
Sartane kawruhana (7 a)

8. Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur
tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan,
mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau
disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a)


Pancasonane dadi (7 i)
Sirna tatu nira (6 a)
Tung tumpulih sedaya (7 a)
Nepak bau kradha angrik (8 i)
Ndedel ngawiyat (5 a)
Ngusir nanendra peksi (7 i)

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang
dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

Sekar Pangkur kang winarna (8 a)


lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana (7 a)
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den kaesthi siyang ratri (8 i)

10. Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné
katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

15
Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)
Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)
Yen loro anggepi reku (8 u)
Teman kether maring ngening (8 i)
Adoh kae let tan adoh (8 o)

11. Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé
dikubur.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)


Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)

16
BAB III
PENUTUP
KESIMPULAN

Masyarakat jawa terdapat berbagai unggah – ungguh Bahasa yang digunakan sesuai
dengan tingkat sosialnya . Unggah – ungguh dalam masyarakat jawa dapat digunakan dengan
meihat lawan bicaranya dan cara pengucapannya

Bahasa Jawa Krama merupakan peninggalan budaya yang adiluhur yang mestinya
dilestarikan karena sifatnya yang dapat membedakan sopan santun terhadap seseorang yang
diajak bicara, namun malah ditinggalkan oleh remaja jaman sekarang.

SARAN

Unggah – ungguh Bahasa perlu untuk ditingkatkan sebab zaman mulai maju , Bahasa jawa
perlu dikenalkan pada anak kita supaya bahasa jawa tetap maju

Bahasa Jawa Krama harus di lestarikan agar tidak punah oleh berkembangnya jaman.
Masyarakat khususnya orang Jawa harusnya memperhatikan unggah ungguh dalam berbicara
kepada siapa agar terciptanya hubungan harmonis antar keduanya.

17

Anda mungkin juga menyukai