Anda di halaman 1dari 4

NAMA : ELLENA NURLAILA

NO : 08
KELAS : XI MIPA 3
KATRESNAN KANG ANGKER

Novel “Katresnan kang Angker” iki critane diwiwiti saka kahanane Meineni ing Sabtu sore kang lagi ngenteni
kancane karep lunga bareng menyang pistane Arek-arek Trenginas, Surabaya. Nanging sore iku Meineni ora sida melu
amarga Abimanyu ora marani. Dheweke gela pisan, nganti ana Pitarta teka lan dijak lunga menyang pasar malem.
Saengga bengi iku Meineni tetep lunga karo klambi biru anyare. Ing pasar malem, nalika ngantri tuku tiket rumah
hantu, Pitarta ketemu lan kandha karo jeng Reti kang lagi ngantri uga karo adhine kang jenenge Ratniah. Banjur
Ratniah ngundang wong lanang kang jenenge Mas Abi. Meineni kobong atine, ngerti yen Mas Abi kuwi Abimanyu,
priya kang mau sore dienteni ora teka-teka, jebul lagi karo kenya 2 ing pasar malem. Meineni budhal ora medulikake
undang-undange Pitarta, malah Pitarta ngira yen Meineni jengkel marang awake. Tekan omah, Meineni mlebu kamar
lan kanthi rasa jengkel, dheweke turu. Esuke, Meineni esih katon nelangsa, merga ngrasa ora duwe kanca priya kang
ngerteni atine.
Dina bacute, Meineni esih perih atine lan wegah metu omah. Banjur dina Rebo Tanti teka lan nyritakake yen pistane
ora apik. Tanti ngajak dolan, nanging ora kelakon. Dina Setu teka, lagi enak-enak maca buku Kartini, ndadak ana sing
ngrebut lan ditutupake ing raine Meineni. Jebul Abimanyu. Sakjane Meineni esih nesu, nanging malah digawe guyon
anggone takon marang Abi, Abi ya mung ngapura. Banjur kanggo ngademake atine Meineni, Abimanyu ngejak metu
menyang Perak nggonceng Ducati. Ing Perak, angine pating semribit, atis, lan Abimanyu rokokan. Sinambi kandha
yen dheweke arep dagang, ora nerusake sekolah. Meineni sengit meruhi Abi kang rokokan. Eh, malah Meineni dikon
nyoba rokoke mau. Meineni manut lan watuk. Abimanyu mung guyu lan ngomong yen wong wadon mesthi manut
karo wong lanang. banjur wong loro mau bali ngomah. Tangane Meineni digenggem Abimanyu. Tekan ngomah jam
sanga, Abimanyu langsung mulih. Wong ngomah kandha yen mau ana Tamardikin lan Pitarta teka. Meineni mung
mesem. Dheweke mlebu kamar lan ngrasa-ngrasa kok bisa ati wadon dioncat-ancitake pangrasa.
Meineni saiki dadi guru taman kanak-kanak ing garasine Bu Ratih, merga tinimbang nganggur. Meineni ngajar karo
Mbak Martinjung kang wis luwih lawas ing kana. Bocah-bocah saiki luwih seneng marang Meineni ketimbang Mbak
Mertanjung, merga luwih ayu, malah nganti padha gondhelan rok nganti suwek. Sawijining dina, Tamardikin teka
menyang omahe Meineni, gawa karcis kang maune meh dinggo karo Tanti. Merga ora sida, karcis mau dituku dening
Meineni lan dinggo nonton karo Pitarta kang kebeneran teka. Tekan ing bioskop Wijaya, ketemu karo kenya kang
jenenge Reti, nanging dijorke wae dening Pitarta, sajak jengkelan. Nanging kabeh mau merga Pitarta wedi yen
Meineni ngambul lan njaluk mulih kaya dene nalika ing pasar malem.
Meineni tansah ngarep-arep tekane Abimanyu, sanajan arang teka, nanging yen teka mesthi ngejak lunga ing metro.
Tanti saiki tambah kaya wong tuwa, omongane ya tuwa. Kabeh mau merga Tanti meh pacangan karo Tamardikin.
Nalika lagi bingung meh karo sapa anggone marang pesta pepacangane Tanti lan Tamar, Abimanyu teka. Langsung
Abimanyu ngejak Meineni menyang toko karep tuku dasi. Sesuke, Abimanyu teka nyang omahe Meineni,
dianggokake dasi anyare dening Meineni. Banjur mangkat menyang pesta pepacangane Tanti lan Tamardikin. Sawise
sesasi pepacangane, Tanti lan Tamardikin sowan omahe Meineni. Wong loro mau mbujuk Meineni supaya ndang
pepacangan karo Abimanyu. Nanging Meineni mung lingsem krungu Tanti ngerti dheweke seneng marang Abimanyu.
Sore iku Meineni ngalamun lan diledek Yuyun, adhine. Banjur dheweke menyang kamar, keturon. Nalika iku, Pitarta
teka, lan kanthi males meh nemoni, nanging dening Ibu dikandhani yen ana dhayoh lan legan, disempetake dandan.
Tanti mulih saka Jogja banjur sowan omahe Meineni. Dheweke katon bungah banget merga tembe wae ketemu
maratuwane. Tamardikin uga melu crita kahanan kang ana ing papan wongtuwane sakarone. Tanti banjur
ngandhakake perlune marang Meineni, yaiku takon bab Abimanyu. Meineni bingung, lan dheweke sowan omahe
Tanti, nggenahake. Jarene, Tamardikin tau mregoki Abimanyu metu mlebu ing sawijining hotel karo wong wadon.
Balik saka omahe Tanti, Meineni lingsem, merga ngalamun nganti digeguyu wong ing ndalan. Meineni nutuh awake
dhewe, jarene kabeh mau gegara Tanti nggawa oleh-oleh saka Jogja, Tanti seneng, Meineni senep.
Abimanyu teka, nanging Meineni ora gelem ngobrol. Bareng rada suwe, Pitarta teka. Abimanyu tepang karo Pitarta,
malah padha kandha dhewe, ngandhakake kenya kang jenenge Reti. Abimanyu pamit, banjur Meineni lan Pitarta
padha kandha babagan Abimanyu lan Reti. Pitarta maras banget mbok menawa Meineni wis kegoda Abimanyu, kang
jago pedhotan lan katresnan tilas. Sorene, Meineni menyang omahe Tanti, perlu njaluk alamat pondhokane
Tamardikin. Ing pondhokan, Meineni ketemu Parta, kanca kamare Tamardikin. Dheweke dikon ngomong marang
Tamardikin supaya sowan menyang omahe Meineni. Jam tengah sepuluh bengi Tamardikin teka. Tamardikin
nyritakake kedadean dheweke menangi Abimanyu, lan Meineni lega, merga krungu saka wong kang meruhi dhewe.
Pirang-pirang Minggu Meineni nandang duka, dheweke galau merga ora olih kepastian saka Abimanyu, ketemu uga
ora tau. Sawijining dina wayah awan, ana pulisi teka ngabari yen ana kang kacilakan, lan njaluk Meineni saiki ing
Rumah Sakit Simpang. Jebul kuwi Tanti, mitrane Meineni. Tanti turon ing kasur lan dleweran getih akeh pisan.
Dheweke ngundang Meineni lan Tamardikin, banjur dikon urip bebarengan. Meineni mung mesem lan Tanti nilar
donya. Meineni nangis, nelangsa kelangan mitra, kanthi ngrangkul Tamardikin kang nandang duka uga.
Sawise satus dinane Tanti, Meineni lan Tamardikin ngestokake welinge kang pungkasan. Wong loro mau kawin.
Sawise kawin, Meineni lan Tamardikin manggon nggone Ibu, ing kamar ngarep. Meineni uga wis ora mulang maneh
merga ora diparingake dening Bu Ratih. Meineni nduweni anak telu, wedhok kabeh. Pas ana anak ke telu, wong loro
mau banjur golek omah dhewe. Olih omah tanggane Pitarta lan cocog. Jebul Pitarta urip mung karo ibune, Bu Brata.
Saungkure Tanti, Tamardikin pikirane tambah ruwet. Mikir kebutuhan urip lan kebutuhan anggone sinau. Meineni
sok muring merga Tamardikin sinau wae. Apa maneh pas menangi ana fotone Tanti Suwandi ing njero dompete
Tamardikin, gawe muntab atine. Merga sipate Tamardikin kang ora seneng lelucon, kerep serius nalika sinau, Meineni
ngedol gelang paringane Bapak marang Bu Mursinggih kanggo blanja panganan enak lan buku kanggo sinau
Tamardikin. Banjur bengi iku Tamardikin ngajak Meineni turu gasik.
Nganti saiki, priya kang kerep teka sowan ya mung Pitarta, ana wae alesane kanggo sowan. Abimanyu embuh ana
ngendi saiki. Pitarta yen dikon mbojo ana wae jawabane kanggo nolak. Sawijining dina wayah sore, Meineni ana
omah dhewe mung karo anak-anake. Abimanyu teka. Crita yen kenya kang jeneng Reti emoh dadi sisihane, marga
dheweke wis mantep nedya ngabdi marang ilmu. Banjur malah kandha yen dheweke nandang tresna marang Meineni.
Meineni trataban atine. Sawise Abimanyu pamit, Pitarta teka, takon marang Meineni ana perlu apa Abimanyu mrene,
nganti Meineni mbukak klambi barang. Pitarta salah sangka, lan langsung balik menyang omah. Meineni ora bias
nyegah Pitarta kanggo ngrunokake critane.
Sawise kedadean kuwi, Meineni ora tau ketemu Pitarta maneh. Nanging sawijining sore, Pitarta teka lan mrentah
Meineni teka menyang omahe. Jebul ana Ratniah lagi nangis. Dheweke lagi ngandheg telung sasi. Wong lanange
kabur ora tanggung jawab. Meineni dikon ngenengake, nanging Meineni malah mrentah Pitarta kon ngenengake
kanthi cara mbojo karo Ratniah. Nyata, Pitarta kawin karo Ratniah.
Limang wulan sawise kuwi, Abimanyu teka maneh. Dheweke crita nalika ana ing Singapur kanthi awak kosong.
Banjur Meineni kandha yen Pitarata wis kawin karo Ratniah, kang jebule biyen seneng banget karo Abimanyu. Sawise
pamit, Pitarta teka. Kaya biyasane, Pitarta nesu-nesu marang Meineni merga Abimanyu teka maneh. Wong ing njaba
omah rebut jare ana wong ngamuk. Tamardikin bali lan langsung nggoleki Meineni dikira kenapa-kenapa. Jebul
Pitarta tembe mateni Abimanyu, bapak saka jabang bayi kang lagi dikandhut dening Ratniah. Pitarta jengkel lan ngira
yen Abimanyu wis ngapa-ngapakake Meineni. Pitarta tresna banget marang Meineni, nganti wani mateni uwong.
Pitarta dirangkul Meineni supaya adem atine. Banjur Pitarta dipenjara, nanging atine lega merga tresnane wis ditampa.
Saiki Tamardikin lan Meineni padha nglalekake ketresnane marang kang ditresnani. Sing ana mung Tamardikin
duweke Meineni lan Meineni duweke Tamardikin. Kabeh diwiwiti saka ngarep maneh.

UNSUR INTRINSIK NOVEL

A. Paraga lan Penokohan :


1. Meineni : ayu,rada pinter,kemayu,rajin,jail
2. Tanti Maekaratri : ayu,kemayu,ora sabaran,eman,
3. Tamardikin : bagus,pinter,rapi,
4. Abimanyu : ngganteng,pinter,
5. Pitarta : seneng nulis crita
6. Reti : pinter,
7. Ratniah : cengeng,nakal
8. Bapak : peduli
9. Ibu : peduli
10. Yuyun : manutan,seneng ngledek
11. Bu Ratih : nduweni prinsip sing mantep
12. Mbak Martinjung : tumuwa
13. Pak Wandi : trengginas
14. Ibu Suwandi
15. Pulisi
16. Jururawat : trengginas
17. Bu Brata : prasaja,rajin
18. Bu Mursinggih : eman

B. Tema : katresnan(roman)
C. Latar
1. Latar tempat : Kamare meinani,ngarep omahe meinani,pasar malem,bioskop Wijaya,ngarepe bakul rokok
2. Latar waktu : Sabtu sore,jam enem,bengi bengi,esuk esuk,malem minggu
3. Latar Suasana : Bungah,berisik,sepi,tegang
D. Alur
Maju (nyritakake kahanan saka Meineni kang teksih masa remaja tekan dheweke nyambut gawe lan madeg bale
somah sarta momong anak.)
E. Gaya bahasa
Novel iki nggunakake basa kang bisa dingerteni dening wong kang maca (komunikatif), lan nggunakake basa
ngoko alus.

F. Amanat
1. Tresna asmara pancen perlu, nanging pengabdian marang masyarakat, luwih dening perlu.
2. Wong tuwa kudu luwih ngawasi putra-putrine supaya ora kegawa pergaulan bebas.
3. Yen nyambut gawe, kudu sing temen.
4. Dadi wong kudu nduweni sipat tanggung jawab karo apa kang wis ditindakake.
5. Wong wadon iku kudu tansah dandan yen nemoni dhayoh. Yen kowe isih legan, dandan iku ngajeni awakmu
dhewe, yen kowe wis omah-omah, dandan iku ngajeni sing ngrengkuh kowe.

G. Sudut Pandang
Novel iki nggunakake sudut pandang wong kaping pisan.

Anda mungkin juga menyukai