Anda di halaman 1dari 5

LAPORAN HASIL WAWANREMBUG

DISUSUN OLEH :

1. CLARA ULFIANI
2. METI ANINDITA RAMADANI
3. NASIROH
4. NUR KHUSAINAH
5. SELLI AMELIA
6. IMAM NUR KHAFIDZIN

SMA NEGERI 1 BOBOTSARI


TAHUN AJARAN 2016/2017
I. IDENTITAS NARASUMBER
NAMA : TATI
ALAMAT : DAGAN RT 01 RW 09
UMUR : 36 TAHUN

PRODUKSI : KRIPIK TEMPE


PANGGONAN WAWANREMBUG : DAGAN RT 01 RW O9
WAKTU WAWANREMBUG : MINGGU, 11 SEPTEMBER 2016

II. HASIL WAWANREMBUG BAB KRIPIK TEMPE

Pewawancara : “Sampun pinten taun usaha niki dimulai bu?”


Narasumber : “Enggih kirang lewieh sampun pitung taunan”
Pewawancara : “Sedangune pitung taun niki, wonten mboten bu
masalah?”
Narasumber : “Enggih katah mba, nikii waune usaha nggih coba-coba,
alhamdulillah coba-coba niku nggih dados usaha kecil-
kecilan kangge muter arto, nek kendala niku seniki
malahan mba, katah sanget sing pesen saking katahe
kadang-kadang ngantos mboten kober gole goreng”
Pewawncara : “lho napa ibu mboten wonten sing mbantun teng
ngiriki?”
Narasumber : “Sinten sing saged, damel kripik kudu nduweni bakat,
ngiris tempe sing tipis jarang sing saged mba niku
masalaeh mboten wonten sing saged nomer setunggil,
nomer kalieh wong niki industri alit mba nggih mengkn
nek wonten kariyawane mbok mboten saged ngodenine”
Pewawancara : “Kira-kira niki pendapatan perharinipun pinten bu?”
Narasumber : “nggih mboten menuntu mba kadang malahan kulo sing
kesel anggene kulo nggoreng katah sedinten nggih saged
telas mba, malahan kadang wonten tiang sing badhe
tumbas sampun telas niku sering. Kadang sedinten saged
kaliatus ewu enggih saged tergantung jumlah kripik sing
digoreng”
Pewawancara : “Menapa ibu nerimaaken pesenan?”
Narasumber : “Enggih nerima malahan ngantos mboten kesait mba
kadang katah sanget sing antri tumbas”
Pewawancara : “Niku biasanipun tiang ingkang pesen kangge napa niku,
supados ibu sanjang pesen ingkang kathah?”
Narasumber : “Wonten sing di maem piambak nggih wonten sing ngge
tui niku”
Pewawancara : “Pesenan biasaanipun paling kathah sepinten bu?”
Narasumber : “kulo pernah nampi pesenan kangge oleh-oleh tiang
mbarangdamel sekitar sejuta niku sing paling kathah,
biasane sing pesen kathah niku rata-ratsa nggih satus ewu
nama seket ewu”
Pewawancara : “Menawi angsal niku reginipun setunggale pinten bu?”
Narasumber : “Niki wonten kalih regi, wonten sing gangsal ewu
wonten sing sedoso ewu”
Pewawancara : “Ibu sadean kripik teng dhalem kemawon napa ibu ider
napa kepripun bu?”
Narasumber : “Wonten warung-warung sing nyuwun dianter nggih
purun mba tapi kadang kripike sampun telas kathah tiang
mriki nggih kula layani”
Pewawancara : “Sampun pinten warung bu ingkang nyuwun kripik?”
Narasumber : “Nggih kira-kira wonten 3 warung”
Pewawancara : “Ibu rutin ndukekaken napa kepripun?”
Narasumber : “Mboten mba kula jujug nggih ngantosi warunge
nyuwun mba, wong teng mriki be kurang mba dadose
anggene nyuwun dijujugi nembe kulo jujugi”
Pewawancara : “Niku warung-warunge teng sekitaran pundi bu?”
Narasumber : “teng dagan mawon mba niku si maslaeh piambakan si
kulo dados mboten saged produksi kathah”
Pewawancara : “Napa ibu mboten kepengin ngagengaken usahae ibu
niki?”
Narasumber : “Nggih pengin niku si kendalane mboten wonten tiang
ingkang mbantu mba”
Pewawancara : “Terus ibu mboten badhe ngembangaken usaha
sanesipun sesanese kripik bu?”
Narasumber : “Kula niki mboten kur nerima pesenan kripik kula nggih
saged nerima pesenan kados kue-kue menawa wonten
sing pesen roti ulangtahun, nasi kuning ngantos senek
kangge acara nggih saged teng mriki mba”
Pewawancara : “Ooo dados ibu mboten namung nerima pesenan kripik
kemawon, nanging ibu kalih nerima pesenan makanan
ringan?”
Narasumber : “Enggihlah mba niki saged nggih dilakoni mba lumayan
kangge jajan anake”
Pewawancara : “Kalih ibu usaha kados niki napa mboten repot bu?”
Narasumber : “Nggih asline repot mba, ngurusi kerjaan umah
piambak, wong niki sampun kegiatan sehari-hari nggih
mboten kerasa sampun biasa”
Pewawancara : “Ibu biasane niku mulai nggoreng sekitar jam pinten?”
Narasumber : “Nggih mboten menentu niku si anake kula ingkang
bontot kadang teksih nyuwun dianter dados anggene
kados niku biasane mulaine sekitar jam sewelas, tapi
kadang nek gasik niku jam wolu enggih sampun mapan
goreng, malahan kadang anggene kathah sanget pekerjaan
mulai jam kalih utawa jam setunggil”
Pewawancara : “Ibu nggoreng kripik biasanipun pirang jam”
Narasumber : “Nggih anggene nggoreng kathah ngantos sekawan jam-
man, tapi nek sekedik nggih tigong jam nggih sampun
rampung”
Pewawancara : “Anggene kula angsal ngertos niku untunge kinten-
kinten pinten persen?”
Narasumber : “Alhamdulillah kinten-kinten selangkung persene niku
dipendhet saking hasil penjualane sedoyo sanes perijene
mba, mboten mendhet untung ageng-ageng mba”
Pewaancara : “Ibu angsal sagede ndamel kripik niku asline saking
pundi?”
Narasumber : “Kula mboten sekolah mba enggih niki belajar piambek
ningali kalih pengalaman si mba, wong kulo nggih
namung ijazah smp sederajat”
Pewawancara : “Ibu saged masak kados niku nggih mboten nate kursus
bu?”
Narasumber : “Nggih mboten mb niki namung bakat kalih belajar
piambek mboten sekolah napa malih kursus mba boro-
boro”

III. ULASAN PARAGA


Bu Tati niku pengusaha rumahan ingkang sampun dangu, sampun kirang
lewihipun sampun pitung taun. Produksi ingkang dikhasilaken niku kripik
tempe, mboten namung niku kemawon prudoksi ingkang saget dihasilaken
Bu Tati, wonten pesenan napa kemawon insallah saged, amargi Bu Tati
nggadaih keterampilan, sing luar biasane malih Bu Tati nggadaih
keterampilan kados niku tampa sekolah menapa kurus. Sedoyo kemawon
dilaksanaken Bu Tati kangge muter arto. Penghasilanipun sedintenipun
sampun lumayan amargi bisnis niki nggih rugine setunggal tok, kirangen
hasil amargi mboten wonten sing saged mbantuni Bu Tati damel kripik.
Sedangu niki Bu Tati namung saged jujug teng warung-warung cedhak
mawon amargi produksi kripikepun namung sekedik dados mboten kober
enggane ngisi sedoyo warung teng ngriki. Mulai jam songo ngantos sekitar
tigo ngantos sekawan jam kangge nggoreng kripik. Lan sesampunipun
digoreng sampun saged dibungkus teng plastik, wonten sing regine gangsal
ewu wonten sing sedoso ewu, biasane kathah tiang langsung tumbas teng
dhalem, sampun kados niku mawon kadang wonten mawon tiang ingkang
mboten angsal amargi pesenan utawane tiang niku kirang cepet.
IV. KESIMPULAN
Sedoyo kemawon saged kita laksanaaken, kinten-kintene sedoyo saged
napa mboten mujudakene. Mboten usah sekolah utawa kursus nek kito
sedoyo purun lan niat percaya kito saged insallah niku bakalan kelakon, lan
setunggal kuncine nduweni pikran ingkang positif lan sampun gampang
menyerah. Sebab napa kemawon mesti wonten susah senenge wonten suka
dukane, nanging sampun dadosaken duka niku kangge akhir segalanipun,
diwiwiti saking usaha ingkang alit insaallah percaya, berdoa, niat lan
nduweni motivasi.

Anda mungkin juga menyukai