Anda di halaman 1dari 8

KELOMPOK 03

PALAPURAN
ASIL
WAWANSABDA
TEH POCI


PALAPURAN ASIL WAWANSABDA
“ DAGANG OMBENAN TEH POCI ”

NAMA ANGGOTA KELOMPOK :


 EFFI FAISYA ADISSELLA (10)
 FITRIA ZAHRA ALLYA NISSA (12)
 GILBRAN MAHDAVIKYA RAJA (13)
 HELENA RAZYA DIRA (14)


ATUR PANGIRING
Puji syukur dumateng Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos, inggih kanthi
kuwaosipun dene kula saget ngrampungake tugas makalah wawansabda punika,
lan sedaya kanca-kanca sekelompok ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken
hasil tugas makalah wawansabda Basa Jawa. Wonten makalah punika kula
ndamel makalah wawansabda kanthi irah-irahan “ Dagang Ombenan Teh Poci ”

Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh
kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun
paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saget
purna. Mugi-mugi laporan ingkang keserat dening penyerat menika saget paring
mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos makalah
niki.

Ponorogo, 28 November 2019


DAFTAR ISI
ATUR PANGIRING......................................................................................................3

DAFTAR ISI …………………………………………………………………………………………………………. 4

ISI LAPORAN...............................................................................................................5

LAMPIRAN.................................................................................................................6

PANUTUP...................................................................................................................8
ISI LAPORAN
Tema : Perdagangan

Judhul : Usaha Dagang Ombenan Teh Poci

Narasumber : Mbak Yanti

Pitakonan :

 Sapa : “sinten asmanipun panjenengan”


 Kapan :”panjenengan sampun pinten taun nekuni usaha
punika?”
 Kena apa :”punapa sebabipun mas nekuni usaha punika?”
 Ing ngendi : ”ing ngendi wae cabang usah punika?”
 Kepriye :”pripun caranipun ndamel teh poci?”
 Apa :”napa mawon macem-macem rasa saking teh poci?”

Deskripsi Asil Wawansabda :


Ahedhasar pakolehku wawancaraku lan kanca-kancaku sekelompok karo Mbak
Yanti ngenani “ Usaha Dagang Ombenan Teh Poci ” yaiku dheweke ngawali usaha
iki ing taun 2018. Dheweke ngawali usaha iki amergo kanggo nyukupi kebutuhan
sadina-dinane. Rasane ombenan Teh Poci merno-merno, sing paling payu diadol
yaiku Teh Poci rasa original. Mbak Yanti kulakan nduweni cabang ing Ponorogo
mung ana siji.
LAMPIRAN
Teks Wawansabda

Bocah bocah :” Asallamuallaikum wr wb “

Mba Yanti :”Wassallamuallaikum wr wb “

Sella :” Saderengipun kula lan sakanca-kanca nyuwun


pangapunten, Mas Kula sakanca-kanca ngrusuhi
panjenengan. Kula lan sakanca - kanca sowan mriki
amarga wonten tugas wawansabda.”

Mba Yanti :”Iya, dek. Arep takon opo wae?”

Helena :“Sinten asmanipun panjenengan ?”

Mba Yanti :”Jenengku Yanti”

Allya :” Mbak, anggenipun panjenengan ngawiti usaha Teh


Poci punika awit taun pinten?”

Mas Junaidi :”Anggonku miwiti usaha iki taun 2018 bulan Agustus.
Ya kurang luwih wis setaun telung sasi tumekane saiki.”

Mahda :”Punapa sebabipun Mbak nekuni usaha punika?”

Mbak Yanti :” Amarga ing daerah iku durung enek ombenan Teh Poci
.”

Mahda :” Ing ngendi wae cabang usaha punika?”

Mbak Yanti :” aku ngedek ake usaha mung siji ing Jl.Sembodro
bagian ruko-ruko.”

Allya :”Mbak, pripun caranipun ndamel Teh Poci ?”

Mbak Yanti :”Iki tak wenehi cara nggawe Teh Poci original kaping
pisan cepakno cup sakbareng iku cup diisi karo teh, diisi
kira kira setengah cup sakbare iku diwehi es batu lan
ditutup ngawe presan.”
Helena :”Setunggal malih, napa mawon macam-macam rasa
saking Teh Poci?”

Mbak Yanti :”Macem macem rasane yaiku :Teh susu, Teh Markisa,
The Mangga, Teh Lemon Honey.”

Helena :”Nggih, Mbak. Matur nuwun awit saking sedaya


informasinipun. Mugi-mugi usaha panjenengan tansah
pinaringan barokah.”

Mbak Yanti :”Aamiin. Iya dek. Matur Nuwun.”

Mahda :”Nggih Mbak, kulo kinten wawansabda punika sampun


cekap. Matur nuwun saking pamiyantunipun
panjenengan. Kula sekanca keparing nyuwun pamit.”

Mbak Yanti :”O iya dek,padha-padha, seng ngati-ngati padhanan.”

Sella :”Enggeh mbak, nuwun assallamuallikum..”

Mbak Yanti :”Waallaikumsallam”


PANUTUP

Kesimpulan :

Saka wawancara kuwi Mbak Yanti mung pingin nyukupi kebutuhan sadina-dinane.

Saran :

Ombenan Teh Poci iku enak rasane nanging ojo sampek nggawe pengawet utawa
pewarna sing isa ngerusaj awak.

Anda mungkin juga menyukai