Anda di halaman 1dari 3

K.H Ahmad Dahlan sang pembaharu.

Assalamualaikum Wr Wb
Sugeng rawuh ten kelompok teater kelas 9 Reg, teater niki mundut saking salah sawijine
sketsa ten film sang pencerah ingkang di paring judul. K.H Ahmad Dahlan sang pembaharu.
Dengan peran peranipun:
1) A.Yanuari : sebagai K.H Ahmad Dahlan
2) Jahwarul Qoffanni : sebagai Kyai Mboyo Lali
3) Toha Ardiyansyah : sebagai Murid 1
4) Ihtinas Ahmad : sebagai Murid 2
5) Muis : sebagai Murid 3
6) Riko Wisnu : sebagai Murid 4
Sugeng Mirsani
Ten sakwijine kampung, tepate ten Kauman Yogyakarta, wonten sekolah Muhammadiyah.
Ingkang dipimpin K.H Ahmad Dahlan.
K.H Ahmad Dahlan :” Ayo podo tumbas kayu, paku, lan kapur ten peken! ”
Murid 1 :” Lho, didamel nopo kyai? “
K.H Ahmad Dahlan :” Wes, sing penteng ayo podo berangkat sek, ajak’en konco – koncomu,
gae ngangkat barang – barang sing ape kita tumbas mangke! “
Lan K.H Ahmad Dahlan budal kalih murid – muridte ten peken. Lan balik ten Sekolahan
malih.
K.H Ahmad Dahlan :” Kabeh mesti podo takon kenakopo kulo ngongkon sampeyan kabeh
tumbas barang – barang niki.”
Murid 2 :” Ngeh, damel nopo to kyai? “
Murid 3 :” Kula ngerti kyai, Iki mesti ape di damel ambeng, kagem kito sedoyo. “
Murid 4 :” O…….., gundulmu, mosok kapur bereng ape mbok campur ambeng
terus mbok pangan.”
K.H Ahmad Dahlan :” Wes tenang disik, iki kabeh arep kula damel mejo, lan kursi ben proses
belajar mengajar dados langkung. “
Murid 3 :” Lha terus papane niku badhe didamel nopo kyai? “
Murid 2 :” Papan iku yo digawe nulis mosok digawe mepe segane ibukmu. “
K.H Ahmad Dahlan :” Ngeh sami papan niki ngeh didamel ngajar murid – murid. “
Semua murid :” O…., ngoten to yai. "
K.H Ahmad Dahlan :” Sampun – sampun, saiki kayu – kayu iki ayo podo dipotongi, dipakuni
bareng – bareng digawe mejo karo kursi! “
Murid – murid :” Njeh kyai.”
KONDISI MEMBUAT BANGKU
Ing saat meniko, kyai Mboyo Lali rawuh nyambangi K.H Ahmad Dahlan ingkang ndamel
bangku lan sakpiturute..
Kyai Mboyo Lali :” Assalamualaiku “
Semua :” Wa’alaikumussalam “
Kyai Mboyo Lali :” Dahlan aku krungu kongone masyarakat, kowe ape ngawe ajaran
musyrik? “
K.H Ahmad Dahlan :” Loh, Loh, musyrik pripun to kyai ? “
Kyai Mboyo Lali :” Lho iki kowe ngawe bangku, ngawe kursi, ape mbok gawe opo, ape tiru
sekolah kafir? “
K.H Ahmad Dahlan :” Ngeh mboten to kyai. “
Kyai Mboyo Lali :” Lha terus nek ora ape niru, gae opo kowe ngawe koyo ngunukuwi? “
K.H Ahmad Dahlan :” Sek – sek ngenten lho yai, ibadah nek babangan duniawi urusane
mboten langsung kalih gusti Allah, naming masalah muamalah ngoten niki
mboten saged diarani kafir. Lha kula ndamel bangku lan sakpiturute niki
kangge menakno murid – murid ku nek nompo ilmu pas sekolah. “
Kyai Mboyo Lali :” Ora iso iki ngono ngene wong kafi, awakmu nyonto wong kafir berarti
kowe sak muridmu dadi wong kafir kabeh. “
K.H Ahmad Dahlan :” Nyuwon sewu kyai kula bade tangklet, Kyai dek wau mriki numpak
opo?”
Kyai Mboyo Lali :” Yo numpak sepur, Lha ranjek’e aku bento to piye, rene ape mlaku ngak
yo coplok sikelku.”
K.H Ahmad Dahlan :” Lha terus sepur iku sing damel sinten? ‘
Kyai Mboyo Lali :” ??????????? “
Murid – murid :” ( nguya nguyu ngejek Kyai Mboyo Lali sng mboten saged njawab ) “
Murid 1 :” Sepur niku sing damel yo wong kafir to kyai. “
Murid 2 :” Berarti kyai yo……..”
Murid 3 :” Kafir “
( Semua tertawa )
K.H Ahmad Dahlan :” Husssst, wes, wes, wes ! “
Kyai Mboyo Lali :” O………., bener – bener yo kowe Dahla, wes, wes, wes, aku pe muleh
Assalamualaikum !! “
Semua :” Waalaikumussalam, ( Semua murid tertawa )
Sakbakdane Kyai Mboyo Lali kondur K.H Ahmad Dahlan lan murid – murid nerusaken
Merdamelipun.
K.H Ahmad Dahlan :” Murid – muridku, dek wau saged didamel contoh piye to berjuang ten
muhammadiyah kudu iso mecahno permasalahan – permasalahan sing
sepele utawi sing abot, kedah berjuang sing tenanan kangge menghidup –
hidupi Muhammadiyah. “
Semua :” Ngeh Kyai “
Akhiripun K.H Ahmad Dahlan saged ngelampahi pembaharuan ten bidang pendidikan,
Yoiku ngawontenaken bangku damel proses belajar mengajar sing sak durunge proses belajar
Mengajare tasek nganut system pesantren kuno.

Asalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai