Anda di halaman 1dari 1

PENGALAMAN NALIKA AKU DAFTAR SMP 2 KARANGANYAR

Wiwit kelas enem aku wes due kekarepan arep mlebu smp loro
karanganyar,amergo kakangmasku karo mamaku alumni smp 2
karanganyar.mama nate ngendiko bilih arep kepingin sekolah smp 2 karanganyar
kui kudu bijine apik.Sak iki jamane wes nganggo zonasi ,aku klebu zonasi telu.
Alhamdulilah biji rapotku klebu becik,pas daftarane dibuka aku dijak
mamaku enggal – enggal nderek menyang smp 2.alhamdulilah papaku yo
pikantuk cuti belayar aku karo papa lan mamaku siap ndaftar .teko smp 2 ijik sepi
aku termasuk teko gasik ,jare mama aku kon daftar jalur zonasi .aku milih smp 2
karanganyar karo smp karangpandan.aku nate krungu bu guru ngendiko yen
bijine rata rata sak duwure 7,5 oleh masuk jalur prestasi ,aku cepet -cepet matur
kalih mama.jare mama prestasi iku kudu due piyagam .rampung daftar tekan
omah aku kaget aku we sora ketompo ono smp 2 karanganyar,jenengku neng smp
negeri 1 karangpandan
Dino keloro aku lan papaku menyang smp karanganyar saperlu arep njabut
berkas pendaftaran,alhamdulilah kok kepanggih bapak guru ngadimin diparingi
pencerahan kapurih pindah jalur prestasi mergo bijiku kalebu apik.aku lan papaku
nganyari syarat pendaftaran tekan MI muhamadiyah .dino kui aku klebu jalur
prestasi rangking 12.
Dino ketelu rangkingku terus muduk tekan 22.mama ono kantor mesti
mantengi online ora uwis -uwis .mama telp aku supoyo enggal – enggal menyang
smp 2 wedine bijiku jeblok kedesel biji siswa soko smp 1
karanganyar.Alhamdulilah aku ijik katut ono urutan 27 .akhire aku klebu smp 2
karanganyar . maturnuwun papa sik mloya- mlayu rono -rene kanggo ngurusi
aku . pokoke tresno banget .

Anda mungkin juga menyukai