Anda di halaman 1dari 16

BAHAN AJAR

BUSANA JAWA

(https://www.selasar.com/pakaian-adat/yogyakarta/)

KANGGE KELAS XI SEMESTER GASAL

Dening:
Yufita Lia Andari, S.Pd

MAHASISWA PPG DALJAB ANGKATAN IV UNY


2021
BAHAN AJAR BUSANA JAWA

GAGRAG YOGYAKARTA

A. Identitas
Kelas : XI/ Gasal
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Materi : Busana Jawa

B. Kompetensi Dasar
3.1 Memahami pemakaian dan penggunaan serta pemaknaan busana Jawa gagrag
Ngayogyakarta.
4.1 Praktik pemakaian dan penggunaan busana Jawa gagrag Ngayogyakarta

C. Indikator
3.1.3 Menyimpulkan makna filosofi ajaran moral pada busana adat Jawa gagrag
Yogyakarta dengan merelevansikan pada kehidupan jaman sekarang (C5)
4.1.2 Mempraktekkan penggunaan busana Jawa gagrag Yogyakarta (P4)

D. Tujuan Pembelajaran
1. Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientifik, model
pembelajaran problem based learning, diskusi, tanya jawab, dan presentasi
peserta didik dapat menyimpulkan makna filosofi ajaran moral pada busana adat
Jawa gagrag Yogyakarta dengan merelevansikan pada kehidupan jaman
sekarang dengan penuh tanggung jawab (C5, HOTS)
2. Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientifik, model
pembelajaran problem based learning, diskusi, tanya jawab, dan presentasi
peserta didik dapat mempraktekkan penggunaan busana Jawa gagrag
Yogyakarta dengan percaya diri (P4, HOTS)

E. Dimensi Pengetahuan
a. Faktual : Gambar atau video contoh pemakaian busana adat Jawa gagrag
Yogyakarta pada acara Kamis Pahingan
b. Konseptual : Pengertian busana Jawa, bagian-bagian busana Jawa putra dan
putri gagrag Yogyakarta dan Surakarta
c. Prosedural : Tata cara pemakaian Busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta
d. Metakognitif : Menyimpulkan makna filosofi ajaran moral pada busana adat Jawa
gagrag Yogyakarta dengan merelevansikan pada kehidupan jaman
sekarang
FASE 1 : IDENTIFIKASI MASALAH

Materi Faktual

Mangga para siswa dipuntiti gambar tiyang ngagem busana Jawa tumraping kakung
gagrag Ngayogyakarta jangkep saha busana Jawa tumraping putri jangkep gagrag
Ngayogyakarta kangge damel pitakenan amrih paham bab busana Jawa Ngayogyakarta.
Tata cara pangageming busana Jawa saged dipuntingali ing video link
https://youtu.be/Uo-6Pa8WhGk

Tuladha pangageming busana Jawa gagrag Yogyakarta ingkang lepat

Kapendhet saking laman: Kependhet saking laman:


https://www.blibli.com/p/surjan-lurik- https://www.lazada.co.id/products/kebaya-
pria- warna-hijau-setelan-jarik- remaja-abg-lurik-kutubaru-kebaya-kartini-
blangkon/pc--MTA-8370773 tradisional-jawa-solo-jogja-i833406700.html

Kapendhet saking laman:


Kapendhet saking laman:
https://id.wikipedia.org/wiki/Surjan#/media/Ber
https://greatnesia.id/baju-adat-orang-
kas:Pakaian_Budaya_Indonesia_Batik_Dan_Sunan
jawa/
_Kali_Jaga.jpg
https://www.idntimes.com/hype/entertainm
ent/nadia-umara-1/idol-kpop-pakai-blangkon https://www.facebook.com/1053851879552
28/posts/prewedding-pakai-jarik-tapi-
tetap-stylish-follow-instagram-ootd

Tuladha pangageming busana Jawa gagrag Yogyakarta ingkang leres

Kependhet saking laman:


Kapendhet saking laman:
https://kumparan.com/kumparannews/saat-
https://www.krjogja.com/berita-
warga-yogyakarta-dilayani-oleh-kesatria-abdi-
lokal/diy/kulonprogo/pemkab-tetapkan-
dalem
kamis-pahing-berbusana-jawa/

FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK

Materi Konseptual

Busana kejawèn punika ngewrat saliring pralambang utawi pralampita, utaminipun


tumrap tiyang Jawa ingkang asring ngginakaken. Busana kejawèn pepak sanget piwulang
ingkang sinandi, pepak piwulang – piwulang luhur. Piwulang salebeting busana kejawen
punika minangka piwulang ingkang wonten gayutipun kaliyan tumindak manungsa ing ngalam
donya, amrih saged laras antawisipun jagad alit lan jagad ageng. Gagayutanipun kaliyan
sambetipun manungsa setunggal lan manungsa sanèsipun, punapadéné antawisipun
manungsa lan Gusti Ingkang Akarya Jagad.
1. Wandaning Busana Jawa Tumraping Kakung

Parabot wujud wandaning busana kakung, ing antawisipun :


a. Blangkon utawi iket, punika minangka sarana panutuping sirah. Cisara (2018: 164)
ngandharaken menawi blangkon menika panutuping sirah ingkang didamel saking batik
lan dipunangge dening wong tiyang kakung kadosdene ngangge topi. Blangkon utawi
iket / udheng mengku piwulang supados manungsa punika sageda ngiket raos gunggung
dhiri / umuk, mila ingkang puniket punika sirah, jer sirah punika papanipun sedaya
pakarti pengangen – angening manungsa.

Gambar1: Blangkon (https://blangkonjogjakarta.blogspot.com/)

b. Rasukan, minangka titahing Gusti Ingkang Akarya Jagad manungsa kedah ngrasuk
utawi ngracut kapitadosan agami.
1) Rasukan Kakung Gagrag Ngayogyakarta.
 Surjan
Tembung surjan menika sejatinipun karakit saking tembung garba suraksa lan
janma. Tembung suraksa gadhah teges “ngreksa/njaga” tembung janma gadhah
teges “manungsa” saengga menawi dipungandheng tembung surjan menika
sejatinnipun gadhah teges ingkang njagi manungsa. Sunan Kalijaga minangka
panyebar agama islam damel busana surjan kanthi teges filosofis ingkang
wonten gandheng cenenge karo agama islam. Busana surjan pundamel kanthi
nggatosaken cacahipun benik lan wujudipun busana. Ing sisih ngajeng busana
surjan katon wonten benik cacahipun kalih. Benik menika nuduhaken kalih
kalimat syahadat wontening agama islam. Benik ing sisih ngajeng ugi wonten
ingkang mapan ing gulu cacahipun tigang pasang (enam wiji) ingkang
nggambaraken rukun iman. Surjan dipunperang dados kalih, inggih menika:
a) Surjan Sembagi, utawi ugi asring winastan surjan kembangan, punika
sejatosipun busana ingkang mligi dipunagem déning Sampéyan dalem
Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Buwana ingkang jumeneng nata, lan
ugi Sri Paduka Kangjeng Gusti Adipati Pakualam ingkang jumeneng nata.
Ananging adatipun ugi kaginakaken ing upacara pawiwahan.
Gambar 2: Surjan sembagi (https://kratonjogja.id/)

b) Surjan Lurik, surjan lurik ingkang limrah kaginakaken kawula


Ngayogyakarta ing padintenanipun.

Gambar 3 : Surjan lurik (https://tjokrosoeharto.com)

 Pranakan biru lurik telu papat, busana punika minangka busana dhines
tumraping abdidalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Pranakan biru
wonten benik ing ngajeng gulu ingkang jumlahipun 6 ingkang nggambaraken 6
rukun iman. Benik ing lengen nggambaraken rukun islam. Pranakan nggadhahi
teges “rahim” utawi”kandungan”. Panganggenipun pranakan ngaadhahi makna
bilih abdi dalem sampun dipunanggep sedherek wonten ing kluarga ageng
Keraton Ngayogyakarta.

Gambar 4: Pranakan (https://www.kratonjogja.id)


 Atéla, wujuding busanakadosdéné jas kanthi werni polosan, adatipun
busanapunika dipunagem déning para abdidalem apangkat bupati sapanginggil
nalika pisowanan salebeting kraton.

Gambar 5: Atela (https://jogjakini.wordpress.com/)

c. Lonthong / stagèn / kendhit, menawi cara Ngayogya prayoginipun menawi dereng


apangkat riya sapanginggil ngagem ingkang polos boten mawi seratan cindé.
Babagan warni nyumanggakaken, lan werninipun lonthong polos kajumbuhaken
kaliyan pelet udheng (kemada).

d. Kamus / Sabuk lan Epek Timang

Gambar 6: Kamus/ sabuk lan epek timang (Wibawa)

e. Keris, Dhuwung, Curiga, parabot panjangkep busana kakung ing gagrag


Ngayogyakarta punika wonten tiga, inggih punika keris ingkang mawi warangka:
1) Warangka wulan tumanggal, wandanipun saèmper wulan ingkang tumanggal
(sabit), warangka punika rumiyin kaagem déning Pangéran Mangkubumi (HB
I).

Gambar 7: Keris wulan tumanggal (Wibawa)


2) Warangka Gayaman,

Gambar 8: Keris gayaman (Wibawa)


3) Warangka Branggah

Gambar 9: Keris branggah (Wibawa)


Caranipun ngangge keris wonten pitu, kados ing gambar ngandhap menika:

Gambar 10: Cara nganggo keris (http://sang-edipeni.blogspot.com/)


Keris menika mau gadhah teges filosofis ingkang luhur. Keris ingkang lurus
gadhah teges menawi manungsaa menika kedah teteg. Wong Jawa boten kenging
mencla-mencle menapa ingkang sampun gadhah karep kedah dipunlampahi kanthi
karep menika mau saged kasembadan.

f. Bebed / jarik/ sinjang/ nyamping, menawi cara Ngayogya bebed menika lataripun
pethak, pojokan batikkan ingkang awarni pethak (sèrèt) wonten njawi. Wiron
kakung kadamel ageng, lan dhawahing sèrèt sinjang wonten ing siring tengen. Wiron
kakung wonten kalih jinis inggih menika:
1) Wiron limrah, wiron limrah inggih punika wiron ingkang kadamel lajeran
seretipun jarit limrah.

Gambar 11: Wiron limrah (Wibawa)

2) Wiron éngkol, wiron ingkang kadamel ngeluk / ngéngkol, adatipun wiron


punika kaginakaken déning para abdidalem manawi pinuju sowan wonten
kraton, utawi wiron padintenan salebeting kraton.

Gambar 12: Wiron engkol ((https://www.kratonjogja.id)

g. Cenéla, ugi winastan selop,

Gambar 13: Cenela/ slop kakung (https://docplayer.com)


1. 2.Wandaning
WandaningBusanaKajawèn Tumraping Putri
Busana Jawa Tumraping Putri

a. Sanggul lan Kerudung (hijab), tumraping busanaputri ingkang tanpa hijab, sanggul
ingkang kaginakaken ing gagrag Ngayogyakarta inggih punika sanggul tekuk,
wondéné tumrap putri ingkang sampun krama saged ngginakaken paes kembang.

Gambar 14: sanggul (Wibawa:)

b. Rasukan kebaya, rasukan kebaya ingkang limrah kaginakaken ing busana gagrag
Ngayogyakarta inggih punika kebaya tangkepan (kartinian), sanès kuthu baru,
sinaosa ingkang ngagem punika mawi hijab. Wondéné kebaya kuthu baru punika
adatipun mawi tambahan sléndhang.
1) Kebaya tangkepan (kartinian)

Gambar 15: Kebaya Kartini (Wibawa:)

2) Kebaya kuthu baru

Gambar 16: Kebaya kuthu baru (Wibawa:)


c. Lonthong / stagèn, lonthong utawi stagèn kaginakaken kangge ngencengi sinjang.
Boten mawi paugeran kadosdéné lonthong utawi stagèn ing busana kakung.

d. Bebed / sinjang, sami kaliyan busana kakung, namung bèntenipun wiron putri
kadamel langkung alit, lan dhawahing sèrèt sinjang wonten ing siring kiwa.

Gambar 17: Jarik putri ((https://www.kratonjogja.id)

e. Cenéla

Gambar 18: Cenela/ slop putri (https://docplayer.com)


FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN

Materi Prosedural

Sasampunipun maos materi ing nginggil, gayut kaliyan ancasipun pasinaon sumangga
para siswa samenika madosi nilai filosofi saking perangan busana Jawa lajeng dipunpadosi
relevansi tuladha ajaran moral menika wonten ing pagesangan jaman samenika.
Salajengipun para siswa praktek ngagem busana Jawa wiwit saking wiru jarik lajeng
dipunangge.

3. Makna Filosofi Busana Jawa


2. Makna Filosofi Busana Jawa
a. Blangkon/Iket
Iket / udheng, iket punika minangka sarana panutuping sirah, iket / udheng mengku
piwucal supados manungsa punika sageda ngiket raos gunggung dhiri / umuk, mila
ingkang puniket punika sirah, jer sirah punika papanipun sedaya pakarti pengangen-
angening manungsa.
b. Rasukan/Busana
 Rasukan, minangka titahing Gusti Ingkang Akarya Jagad manungsa kedah
ngrasuk utawi ngracut kapitadosan agami.
 Rasukan ugi minangka pralambang bilih manungsa punika bènten kaliyan
tumitahing Gusti sanèsipun
c. Benik/Kancing
 Benik salebeting busana Kajawèn mliginipun tumrap kakung ugi nyasmitani
wontenipun Rukun Islam lan Rukun Iman.
 Benik, ingkang wonten kiring lan kanan mengku piwucal bilih salebeting
nindakaken samubarang perkawis, sageda kapenggalih kanthi premati, sampun
dados kapitunanipun tiyang kathah
d. Lonthong/Stagen
 Lonthong / Stagèn, sarana kanggé ngiket saliring hawa raos srakah ing sabarang
karya.
 Ingkang punstagèni tata lahir inggih sinjang lan padharan, tata pralampitanipun,
inggih sinjang punika gegambaraning gebyaring dunya, lan padharan punika papan
dunungipun Supiyah, Aluamah, lan Amarah.
e. Kamus/Sabuk lan timang
 Kamus / Èpèk / Sabuk lan timang, minangka pikukuhing pangiketing Lonthong /
Stagèn.
 Manawi manungsa nindaki sadaya pakartining gesang kedah nengenaken buk,
tegesipun boten nguja hardaning pepènginan jer sedaya punika namung asipat
titipan lan sambutan Gusti Kang Murbèng Dumadi.
f. Bebed/Jarit/Sinjang/Nyamping
Bebed / Sinjang, punika minangka sarana bilih manungsa punika kedah saged ubed
nggènipun mados pangupajiwa
g. Keris/Dhuwung/Curiga
Keris ingkang lurus gadhah teges menawi manungsaa menika kedah teteg. Wong
Jawa boten kenging mencla-mencle menapa ingkang sampun gadhah karep kedah
dipunlampahi kanthi karep menika mau saged kasembadan
h. Cenela/Slop
Cenéla/Selop, minangka lelandhesaning agesang, amrih saged tansah manglung ing
pepadaning Gusti.

3.4. Tata
Tata cara
carapangageming busana
panganggenipun Jawa
busana Jawa
Ngangge jarik menika wonten paugeran ingkang kedah dipunugemi. Saderengipun
dipunangge, jarik menika kedahipun dipunwiru rumiyin. Wiru menika tekukan-tekukan ing
pucukanipun jarik ingkang cacahipun kedah ganjil. Agengipun wiron menika inggih wonten
paugerannipun. Wiron tumraping kakung langkung wiyar tinimbang wiron putri. Wiru
ingkang kangge putri agengipun kalih driji, wiron kakung agengipun tigang driji. Menawi ing
Ngayogyakarta garis putih ing pucuking jarik (sered) kedah dipunketingalaken.

Gambar 19: Panganggone jarit Ngayogyakarta (http://tasyarismiyanto.blogspot.com/)

Motif jarik ingkang dipunagem kakung lan putri menika dipunbedakaken wonten
ing arah. Menawi kakung jarik dipunangge saking tengen muter dhateng kiwa, ananging
menawi putri sawalikipun. Supados kenceng jarik ingkang sampun dipunangge
dipunblebet ngangge stagen wonten ing bangkekan. Sasampunipun dipunstageni,
dipuntutup ngangge lonthong, lajeng pungkasan dipunparingi kamus ingkang wujude
meh kados setut. Supados langkung cetha kados pundi caranipun ngangge busana Jawa,
saged dipunpirsani wonten ing link menika https://youtu.be/Uo-6Pa8WhGk
FASE 4 : MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA

Materi Metakognitif

Makna filosofis wonten ing perangan-perangan busana Jawa menika ngemot ajaran
moral/piwulang kangge lampah gesang manungsa ing alam donya supados saged gayuh
gesang ingkang sae. Jinisipun nilai moral/budi pakarti:
Budi pekerti dhumateng Gusti Allah
Inggih menika gegayutan kaliyan makhluk dhateng gustinipun. Manungsa menika
minangka saderma titah, pramila sampun jejibahanipun kedah iman saha netepi
menapa ingkang dados kodratipun.
Budi pekerti dhateng tiyang sanes
Inggih menika ngengingi sikap utawi norma dhateng tiyang sanes ning
pasrawungan. Tuladhanipun adil, sopan, tepa salira, demokrasi, lan sanes-
sanesipun.
Budi pekerti dhateng dhiri pribadi
Inggih menika sikap utawi norma ingkang gayutanipun kaliyan awakipun piyambak.
Tuladhanipun: jujur, tanggel jawab, optimis, lan sanes sanesipun
No Perangan busana Jawa Makna Filosofis

1 Blangkon/Iket manungsa punika sageda ngiket raos gunggung


dhiri/umuk, mila ingkang puniket punika sirah, jer
sirah punika papanipun sedaya pakarti pengangen-
angening manungsa
2 Rasukan minangka titahing Gusti Ingkang Akarya Jagad
manungsa kedah ngrasuk utawi ngracut kapitadosan
agami.
3 Benik mengku piwucal bilih salebeting nindakaken
samubarang perkawis, sageda kapenggalih kanthi
premati, sampun dados kapitunanipun tiyang kathah
4 Lonthong/Stagèn sarana kanggé ngiket saliring hawa raos srakah ing
sabarang karya
5 Kamus/Sabuk lan timang manawi manungsa nindaki sadaya pakartining gesang
kedah nengenaken buk, tegesipun boten nguja
hardaning pepènginan jer sedaya punika namung
asipat titipan lan sambutan Gusti Kang Murbèng
Dumadi
6 Bebed/Jarik minangka sarana bilih manungsa punika kedah saged
ubed nggènipun mados pangupajiwa
7 Keris/Dhuwung gegambaran gegamaning manungsa gesang kedah
saged njumbuhaken larasing panembah
8 Cenela/Slop minangka lelandhesaning agesang, amrih saged
tansah manglung ing pepadaning Gusti
Tata cara miru lan ngagem jarik gagrag Yogyakarta
1. Jarik gagrag Yogyakarta menawi dipunwiru menika kedah dipunketingalaken
seret/pinggiripun ingkang warni pethak.
2. Cacahipun wiru adatipun ganjil, tumrap piyantun kakung wonten 7-9 tekukan dene
tumrap piyantun putri menika 5-7 tekukan gumantung panjangipun jarik lan agenging
badan ingkang badhe ngagem.
3. Ambanipun wiru, tumtrap kakung watawis 3 nyari, menawi tumraping putri cekap 2
nyari mawon.
4. Papanipun wiru jarik, tumrap piyantun kakung menika ing sisih tengen dene tumrap
piyantun putri menika ing sisih kiwa lajeng dhawah ngajeng puser.

FASE 5 : MENGANALISIS DAN EVALUASI

DUDUTAN :
1. Busana adat Jawa menika salah satunggaling budaya ingkang kedah
dipunlestantunaken, ampun ngantos kawon kaliyan busana modern
2. Busana adat Jawa gagrag Ngayogyakarta jangkep tumraping tiyang kakung inggih
menika wiwit sapangandhap wonten cenela, sinjang, kamus, timang, dhuwung, surjan
lan blangkon, dene beskap menika busana adat Jawa gagrag Surakarta
3. Busana adat Jawa gagrag Ngayogyakarta jangkep tumraping tiyang estri inggih
menika wiwit sapangandhap wonten cenela, sinjang, kamus, kebaya tangkepan,
sanggul tekuk, dene busana kebaya kuthu baru menika kalebu busana adat gagrag
Surakarta
4. Busana Jawa menika ngamot makna filosofis luhur ingkang sae saged dipuntrepaken
saha dados pandom wonten ing pagesangan jaman samenika.
5. Tata cara pangageming busana Jawa menika kedah jumbuh manut gagragipun,
menawi Yogyakarta awit saking jarik saha rasukan (surjan, blangkon) ugi kedah
trep.

RELEVANSI :
1. Kanthi dipunadani ngagem busana adat Jawa gagrag Ngayogyakarta ing sedaya
instansi mliginipun kutha Yogyakarta nalika kamis pahing menika saged ndadosaken
para generasi mudha langkung remen nglestantunaken budaya busana adat Jawa
2. Tiyang gesang menika boten angsal ngalelaken asal usul ipun, kedah mongkog kaliyan
asal usulipun yaiku busana adat Jawa trep kaliyan Ajining Raga Saka Busana.
3. Tiyang gesang menika kedah migunanaken paugeran supados saged empan papan lan
trep kaliyan kasunyatan
4. Kathah piwulang luhur ingkang saged dipunpendhet saking makna filosofis busana
Jawa.
KAPUSTAKAN

Kurwidaria Favorita.2019.Modul 5 Wirausaha Budaya Jawa 2019. Kementrian Pendidikan


dan Kebudayaan.
Setya Amrih Prasaja & Umi Kuntari.2019. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas XI.
Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta.
Suharti, dkk. Yogya Basa Jilid III Kangge Kelas XII SMA/MA/SMK. 2007. Yogyakarta
:Dinas Pendidikan.
Suwarna Pringgawidagda. Acara Penganten Berbagai Gaya. 2003. Yogyakarta : Adicita
Karya Nusa
https://jbbudaya.jogjabelajar.org/artikel/busana-jawa-wanita- yogyakarta
https://jbbudaya.jogjabelajar.org/artikel/busana-jawa-pria- yogyakarta
https://www.academia.edu/37790881/Busana_Jawa_dan_Perlambangnya
https://www.sastra.org/leksikon

Anda mungkin juga menyukai