Anda di halaman 1dari 2

SINAU JARE GURUKU.

Ngendikane guruku nalika gemiyen ”Sinau kudu kanthi laku”

Nyong takon karo swara cempreng “Lakune napa mawon, Pak?”

Guruku mangsuli karo sareh lan mrebawani “Ana enem sarate nggolet ngelmi”

Yakuwi:

Tembang macapat, pocunge ana

Sepisan limpat, kepindho loba

Sinau kudu dhasarane niat supaya mengkone miguna.

Pak Zarnuji guruku jenenge

Tule sabar uji, papat ana sangune,

Sinau kudu segara jembar dhadhane supaya rumesep ngelmune.

Wadhahe dhandhang isine gendhis legi rasane

Ana sing mulang, lan sing suwe mangsane

Sinau kudu karo guru, supaya ora kleru pakartine.

Kaya kuwi mau pitakonane nyong sing diwangsuli Pak Guru

Karo cempreng nyong ngomong “Matur suwun, Pak Guru.”

Banjarnegara,27/4/2020
Viqri Khaikal H, Banjarnegara, 14 Januari 1999. Hobi mung ethok-ethok seneng nulis lan

curhat lumantar tulisan. IG :@viqrikhl14. No WA : 085702260060.

Anda mungkin juga menyukai