Anda di halaman 1dari 2

Teks Crito Pewayangan

Disusun Oleh :

Nama : Narendra Ahmad Al D.


Kelas :X-4
No. Urut : 25

SMAN 15 Surabaya
Jl. Dukuh Menanggal Sel. No.103, Dukuh Menanggal, Kec.
Gayungan, Kota SBY, Jawa Timur 60234
Website : www.sman15-sby.sch.id
Sengkuni

Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu
Kiswara/Suwala/ Suprala. Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi
Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa. Sesebutan liyane kajaba Sengkuni,
Harya Suman, Trigantalpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-
wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah,
Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing
Dwarawati.

Miturut carita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa


pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik,
drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra. Jaman enome
Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme
mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana
padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih
Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (dipitenah) dening Sengkuni.
Gandamana ing jeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur diurugi.
Gandamana ora mati, males lava marang Sengkuni, banjur dijuwing-juwing
kuwandhane.

Nalika Dewi Gendari dadi prameswarine Prabu Dhestarata, Sengkuni


dadi patihe. Kalungguhane patih langgeng nganti jumenenge Prabu Duryudana
(putrane Dhestarata karo Gendari). Kanthi rekadayane Sengkuni, Kurawa tansah
kepengin nyimakake Pandhawa.

Ing Bharatayuda, kabeh senapati wis gugur (Bhisma, Karna, Durna,


Salya), Duryudana bingung, nggetuni lelakone mung amarga kena pambujuke
patihe ya Sengkuni. Sengkuni maju perang, nglepasake panah dadi ula maewu-
ewu. Akeh para prajurit Pandhawa mati kacokot ula. Janaka mateg aji maruta,
angin tumiyup nyingkirake ula-ula mau. Sengkuni pancen sekti, ora empan
kabeh sanjata. Janaka kalah. Wrekudara bingung kabeh kadigdayane, aji-ajine
ora bisa mateni Sengkuni.

Kresna minangka titising Wisnu mangerti apa sebabe. Kabeh awake


Sengkuni tau dilaburi lenga tala mula ora empan senjata. Dena sing ora
kelaburan mung papan buwangane. Sawise mangerti pengapesane, Werkudara
enggal nyandhak Sengkuni, diwalik awake, dalan buwangane disuwek nganggo
kuku Pancanaka. Sengkuni mati sanalika.

Anda mungkin juga menyukai